Larung Sesaji Puger
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 51 kali

Upacara adat Larung Sesaji Puger minangka upacara syukuran lan tulak balak kang dileksanakake dening masya­rakat nelayan ing Desa Puger Kulon, Ke­camatan Puger, Kabupaten Jember. Liwat upacara iki para nelayan nduweni keya­kinan bakal didohake saka bebaya lan pinaringan keslametan dening Allah SWT, utamane nalika golek rejeki ing segara.

Upacara sakral iki ditindakake dening masyarakat nelayan Puger wiwit taun 1894, dipandhegani dening Lurah Puger ing wektu iku asmane Singa Taruna. Ing wektu iku para nelayan asring ngalami malapetaka ing tengahing segara. Singa Truna minangka Lurah Puger banjur mren­tahake para nelayan supaya nglek­sanakake labuh sesajen, yaiku nggelar sawijining upacara kanthi cara gawe uba­rampe sesaji ing prau cilik sing di­kenterake utawa dilarungake menyang Segara Kidul utawa Pesisir Kidul (Pla­wangan) sinambi nindakake ujub-ujub, yaiku nyuwun donga keslametan dening sesepuh utawa dukun, papane ing Desa Puger Kulon. Ing wektu iku masyarakat nelayan percaya yen Segara Kidul dijaga dening sing mbaureksa utawa dhanyang (tokoh-tokoh gaib kang njaga Segara Kidul).

Tokoh-tokoh gaib sing njaga Segara Kidul dumadi saka : Nyi Tlenges, Nyi Ratu Hemas Rara Kidul, Mbah Sindhu Wang­sa, Mbah Sri Tanjung, Buyut Jirin, Nyi Jirin, lan Mbah Surgi. Nyi Tlenges dikenal minangka pungga­wa Nyi Rara Kidul kang njaga Plawa­ngan ing Pancer (papan tempuke Kali Bedadung lan Kali Besini). Plawa­ngan iki dening de­ning masyarakat ne­layan dianggep angker krana ing pa­pan iki akeh nyawa nelayan dadi tumbal Nyai Ratu Hemas Rara Kidul sing dikenal minangka Panguwasa Segara Kidul. Wangsa dikenal minangka sosok gaib makame ana ing Pulo Nusa Barong kang dipanggoni dening maneka jinis kewan kayata kidang, ula, celeng, ke­thek, manuk, lan papan penyu ngedhog, sarta susuh manuk walet.

Mbah Sri Tanjung minangka sosok gaib sing makame dumunung ing pere­nging Gunung Watangan lan asring di­tekani masyarakat sing nduweni nadar. Buyut Jirin lan Nyi Jirin yaiku pasutri, ujare kandha ing wektu isih uripe dikenal minangka sosok gaib sing asring ngganggu wong kang duwe ga­we krana ora menehi weruh dheweke. Ma­kam pasutri kasebut dumunung ing Pulo Kalong.

Mbah Surgi dikenal minangka salah siji punggawa Kerajaan Mataram kang dima­kamkan ing samburine Kantor Desa Puger Ku­lon. Makam iki kon­dhang, kramat lan angker, ujare kandha yen ana manuk iber ing ndhuwur makam bakal ceblok, mang­kono uga yen ana maling utawa tukang copet sing liwat dalan sacedhake makam kasebut.

Ubarampe sesaji (sajen sing dideleh) ing prau mini dumadi saka: (1) jangan padhamara, dimaksudake minangka pa­nyuwun amrih masyrakat tansah nya­wiji, (2) sega adhem karo sega lawar, arupa sega adhem karo endhog tanpa uyah kanthi maksud nyenyuwun katen­treman, (3) tumpeng robyong, pralam­bang panyuwun didohake saka mala­petaka, (4) wedhus kendhit, yaiku we­dhus sing ing dhadhane ana wulu putih mubeng tepung gelang, kanthi maksud amrih masyarakat gelem prihatin lan ora gawe murka, (5) dhamar kembang, yai­ku lampu sing sumbune benang, kemam­pul lan nggunakake minyak klapa kanthi maksud panyuwun amrih atine resik lan prilakune becik, (6) lawe wenang, mak­sude minangka perjanjen luhur sawi­jining tali kang apik antarane pamarintah lan rakyat (7) lenga wangi dimaksudake amrih jenenge tansaya arum lan apik, (8) pala pendhem, yaiku asil olah tetanen, kanthi maksud panyuwun amrih tanem tuwuhe katut dislametake saka gang­guan ama, (9) endhas wedhus, minang­ka pelengkap ubarampe sesaji, (10) getih wedhus, (11) kemanten, yaiku sa­jinis dolanan kaya golekan sing digawe saka tepung. Endhas wedhus, getih we­dhus lan golekan tepung kasebut dimak­sudake minangka panebus amrih ma­syarakat urip ing kahanan slamet (12) pitik putih, yaiku pitik sing lare putih, sing maknane lambang kesucian, (13) jenang sengkala, yaiku arupa bubur sega sing diwenehi rupa ireng, ijo, abang, putih, lan kuning kanthi maksud didohake saka malapetaka, lan (14) dhuit, yaiku dhuit klithik sing dibungkus godhong minangka panebus yen ana ubarampe sesaji sing kurang lengkap.

Sadurunge upacara festival diwiwiti, piranti pethik laut digawe dening dukun desa, sabanjure digawa menyang kantor desa. Ing bengine kantor desa kasebut dianakake tasyakuran sewengi natas kanggo njaga amrih supaya mengkone ora ana gangguan. Esuke, ubarame se­saji pethik laut diarak ngubengi desa minangka bukti yen masyarakat wis nglek­­sanakake tradhisi tinggalane leluhure.

Perlengkapan ubarampe sesaji ban­jur diarak tumuju omahe panguwasa kanggo nyuwun donga pangestu. Mi­nangka bukti dukungane, si panguwasa menehi dhuit klithik dibuntel godhong garing (klaras) sing didelehake ing njero bokor sing diapit dening sepasang golekan lanang lan wadon. Dhuit klithik iku dibungkus klaras, maksude minangka alat kanggo nebus kekurangan uba­rampe sesaji sing mungkin kelalen.

Upacara adat Pethik Laut Puger kaperang dumadi rong kelompok, yaiku kelompok Puger Wetan lan kelompok Puger Kulon. Padha-padha kelompok nyiapake dhewe ing pelaksanaan larung sesaji.

Wondene wujud pelaksanaane tu­mata mangkene: (1) sawetara wong la­nang kang kapatah minangka pengawal kanthi nggawa umbul-umbul (2) remaja putri cacah telu dhapuk minangka dhanyang (3) wanita lansia loro dhapuk minangka sesepuh, (4) sawijining rema­ja dhapuk Senopati Puger, (5) ubarampe sesaji ing kapal cilik tanpa saka pe­nyangga kang dipikul wong papat, (6) gadang loro wujude omah adat cilik isine panganan, padha dipikul wong papat, lan (7) gamelan kanggo ngiringi lumakune upacara.

Panguwasa ing upacara iki dhapuk minangka Pangeran Puger kang pikantuk laporan saka Demang kang duperanake dening anak buahe yen pethik laut wis siap dileksanakake. Sabanjure Pangeran Puger ngrestoni budhale rombongan kang nggawa ubarampe sesaji pethik laut saperlu dilarung menyang Segara Kidul lan proses pelaksanaane dipun­jerake ing TPI (Tempat Pelelangan Ikan) Puger.

Kaloro prau cilik kang isine ubarampe sesaji lan jodhang kang isine panganan siap dilarung ing tengah segara. Pange­ran Puger ndelehake dhuit klithik sing dibungkus klaras ing saben jodhang bilik ing cedhake golekan minangka syarat kanggo ngganti sesaji sing ora ganep.

Pangeran Puger lan para pendhereke mung nguntabake nganti tekan pesisir elor pante Puger. Para warga sing wis ka­patah ngguwang sesaji menyang segara kang jarake wetan 1 km njegurke ubarame sesaji menyang njero segara. Prastawa iki minangka puncak saka sakabehing rerangken upacara adat La­rung Sesaji Puger. Kabeh padha percaya yen ubarampe sesaji sing nyawiji karo banyu bakal pikantuk dampak positif marang asile golek iwak lan kesejah­te­raan uripe. Miturut rencana, taun iki (2017) dileksanakake dina Jum’at Legi wulan Sura. (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)