Surabaya Jaman kepungkur (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Sejarah - Dibaca: 44 kali

Tintingan marang “De tolk van Java” (Alfred Birney, de Geus, 2016, 540 kaca)

Roman nganggo subtitle: In Memoriam mijn ouders, ooit de kaalkop en het kamer olifantje; lan cathetane sing dawa. Penulis Alfred Birney menangake hadiah Libris Litera­tuur Prijs, 2017, nyusun romanne kanthi basa sing rapi, nganggo imbuhan akeh, dialek Surabaya, kosa kata khas ja­manne (1945-1940).      

Saka subtitel iku cetha yen roman sing ditulis Alfred Birney (Birney sepuh sabenere petani sugih saka wilayah Jem­ber) iki adhedhasar cathetane Bapake (Aren Nolan), sawijining Indo (Landa – Cina), sing lair ing Surabaya 28 Septem­ber 1925. Jeneng asline Nolan (bapak “angkat”). Bapak angkat marga ora nga­koni anak Cina Sie Swan Nio, ibune (asal Blitar lan digedhekake ing Surabaya). Sing narik kawigaten, crita Indo (Cina- Landa) iku nalika tembene nemoni Nonik totok saka Helmond, Brabant (Belanda), sing pengin layang-layangan karo wong Indo. Si Nonik totok iki, anak tukang se­patu ing Helmond, nyurati militer Landa ing Indonesia, ngandhakake pengin se­sambungan karo Indo – sing kulite luwih ireng tinimbang sinyo totok. Mbok me­nawa dikira luwih “hot”. Sapatemon dra­matis antarane si Indo Nolan karo Nonik iki dramatis banget. Saupamane, sabu­bare diajak mangan awan si Nolan pe­ngin menyang WC nanging “tukang se­patu” saka Helmond iku, sawijining desa cilik ing Brabaant, omahe isih khas Landa taun 1950-an (Nolan mrana sawise di “repatriasi” lan dadi kawula kerajaan Be­landa) ora duwe fasilitas toilet sing apik, apamaneh kamar mandi, durung kepikir.

Sabenere Nolan ngerteni Surabaya tanpa pengakuan saka “bapake”, ketu­runan pemilik perkebunan gedhe ing Jawa Timur (dhaerah Jember). Tembene dheweke ngganti jenenge dadi Arend Nolan (dudu Noland. Pilihan Noland, nganggo d, simbolik ateges ora duwe lemah). Kahanane sing kleyang kabur kanginan ing masyarakat Landa, Arab, Cina, sabanjure Indonesia ing Surabaya, kaya godhong kabur ora karuwan para­ne kejaba ngendelake kepinterane pen­cak silat awit dilatih dening pamane, Oom Soen. Jeneng Arend, saka baptisan ibune sing dipengaruhi selera Jerman (ya embuh apa sebabe). Jroning pasra­wungane ing masyarakat nalika isih ing Surabaya Nolan oleh paraban Arto (se­butan kanca-kancane ing kampung), lan lagi ing taun 1950-an, sarampunge tugas minangka mariner, dheweke oleh jeneng asline maneh dadi Arend (kanthi jeneng kulawarga Noland, dudu Nolan) ing ne­gara Landa.

 

Khianat

Pengalamane akeh. Wis wiwt umur 15-an, nalika isih melu ibune, uripe kebak petualangan lan “pelecehan” saka sedu­lure dhewe lan saka sebagiyan anggota masyarakat. Ing sekolah Belanda (Euro­pees Lagere School) ing Surabaya wae dheweke kudu nandhang merga “gun­dhul”, minangka tandha bocah tanpa ba­pa (aku ora ngerti yen ana pakulinan uta­wa norma diskriminatif mengkono iku). Pancen memelas. Jaman remajane (ing jaman Jepang) si Arto wis wani merjaya Jepang mung nganggo cundrik. Malah dheweke tegel, si nonoman iku, ing ja­man Jepang, ngiyanati mbakyune kuwa­lon. Pacare (malah wis tunangan) mbak­yune iki, pilot Jepang kasusra ing Sura­baya lan ing kalangane angkatan Udara Jepang, oleh tugas suci nyerang satuan sekutu sing arep ngliwati wilayah Indonesia, jroning lakune arep nyerang Fili­pina. Bengi sadurunge tugas, sang pilot ngajak pacare (mbakyu kuwalone No­lan), wong Cina tulen (anake Ibune lan bapake, sing Cina) lan Nolan menyang restoran Cina ing Surabaya (sing babi ke­cape kawentar paling enak sa kutha iku). Marga kakehan ngombe sake, pilot iku mendem, kelangan akal sehat, ndle­ming, ketrucut mbukak wewadi perintah penyerangan armada sekutu dina esuke. Nolan ujug-ujug pamit sedhela, api-api arep menyang toilet, nanging sabenere ninggal restoran lan mlayu ngabari ma­ta-mata (agen) sekutu wong pribumi sing dikenal, bab ocehane sang pilot.

Kontan wae wewadi rancangan Je­pang iku dadi publik, terbuka, ing pa­ngerten dikonangi dening wong-wong sing anti Jepang. Esuke, nalika Jepang arep nyerbu armada sekutu, pihak seku­tu wis siyaga nerjang pasukan Jepang mau, akibate, sang pilot lan pesawate rontog ketembak. Sang pilot mati. Saiba sedhihe kulawarga ibu lan mabkyune, mesthi diwaca kanthi trenyuh ing buku mau, nanging si Nolan babar pisan ora gela malah bisa uga tindakane dianggep heroik). Akeh kedadeyan sing ngedheg-dhegi (utawa diayahi) dening Nolan mu­dha mau. Pasrawungane jembar, utama­ne ing kampung (dheweke melu aktif rondha malem karo nggawa “takeyari”, bambu runcing), lan karo tilas kanca-kancane saka KES (Koningin Emma School) – STM jempolan jaman Landa. Meh kabeh kancane saka KES tembene dadi pejuang RI taun 1945, senajan ora sithik uga sing ngendhem rasa anti Je­pang. Jroning mangsa interregmun iku (merga mangkel omahe dibom Angkatan Udara Jepang nailka nyerang Surabaya taun 1942), katon jiwane sing anti Je­pang banget (lan ketemon wiwit katon ana tandha, manut panemuku, thukul winih split personality).

 

Terrorist tunggal

Unsur sejarah sabenere ana jroning pasase iki, kepriye Jepang nguwasani Surabaya ing taun Showa 2602, utawa 1942 M). Propaganda ngajak perang kanggo Asia Timur Raya, senajan 1943 karakter propaganda Jepang wis wiwit owah yen jroning 10 wulan wiwitan sa­wise wayahe pendudukane sejarah Je­pang arep ditonjolake, nalika 10 No­pember 1943 owah arep nglebokake un­sur nasionalisme Indonesia, (sing wis diduweni dening para pemimpin). Na­nging Nolan kanthi sangu rasa dhendham malah tetep nuduhake kesanggupane dadi  “terrorist” tunggal (istilah NKRI taun 2017) kanggone Jepang. Dheweke nu­duhake kemahirane kanthi ulah sabo­tasene, nalika tumindak gawe sepedha kanggo Jepang ben enggal rusak velg lan gotrine. Ayahan sabot canggih iki njalari Kenpetai (Pulisi rahasia Jepang) kudu mbudi daya nandangi, tanpa asil.

Sawise PD II (Agustus 1945), dhe­weke Pulisi Landa ing Surabaya (nanging tansah ngrasa ora seneng yen makarya bebarengan karo Pulisi bangsa Indonesia). Kebeneran ing wektu gonjang-ganjing iku ana tawaran dadi interrogator (penyidik, istilah KPK taun 2016-an) ing satuan VDMB (Veilighed  Dienst voor Marine Brigade). Nalika iku Brigade Marine wis ndharat lan tumindak nguwasani Surabaya (pase ing sakiwa tengene Wonokromo lan kutha). Sejarah Marine Landa ing Surabaya iki narik kawigaten ing jurnal revolusi Indonesia, utamane brutalitas-e. Keparenga aku ngulas sa­we­tara, merga ana gegandengane karo kekejemane aneng agresi I, 21 Juli 1947.

Ing taun 1944 kanthi ancas kanggo mbebasake “Hindia Belanda” sing isih dianggep dadi duweke saka cengkere­mane bala tentara Jepang, Pemerintah Landa ing pengasingan, London, njaluk USA ndhidhik Marine tangguh kanggo ngrebut bali Hindia Belanda. Wiwitane pancen mung wong 400 sing dilatih ing  Camp Le Jeune, Carolina Utara. Nanging kira-kira medio 1944 Belanda kidul wis dibebasake saka cengkeremane Jerman. Mula akeh sinyo totok sing nganggur (lan rada kleinzielg apamaneh sing kecipra­tan lelara warmongers) tanpa pangga­weyan pengin bertualang dadi tentara, supaya oleh melu berjuang ngusir Je­pang saka “tanah milik”-e, Hindia Be­landa. Sinyo-sinyo sing pengangguran (lan ora duwe pengasilan) dadi seneng merga bakal menyang njaban negara tan­pa mangerteni ing ngendi Hindia Belanda iku, kanthi kontrak jangka pen­dek. Amarga akehe sinyo sing pengin dadi serdadu (kanthi kontrak jangka pendek) saka Maastricht lan sakiwa tengene lair OVW (Oorlog vrijwilligers, tentara suka rela). Ora watara suwe Landa kasil mbangun 1 brigade mariner tangguh (wong 7.000- kanthi piranti pe­rang modern taun PD II), pimpinan Kol. M.R. de Bruyne, sing medio 1945 dikirim menyang tlatah Hindia Belanda. Nalika iku Hindia Belanda asuhan Jepang wis panas merga angete jiwanasionalisme. Mula situasi wektu wong-wong mau tekan Malaka, Indonesia wis lair, owah-owahan iku merga anane proklamasi 17-8-2605 (1945 M).

Kahanan owah. Semangat pemudha Indonesia sing wis kaprabawan pil Je­pang anti Barat uga ora gelem ditekani Landa (aku eling getihku melu umob yen krungu slogan, kreet dening Bung Karno : Inggris kita Linggis, Amerika kita Seetrika. Buku wacanku , bocah klas 4 SD weton Sendebu, Barisan Propaganda Tentara Kemaharajaan Jepang, “Mem­bela Tanah Air dengan Darah Daging sendiri” melu ngobong semangat anti Barat). Lord Louis Mountbatten (pangli­ma Inggris ing Malaka) nglarang Landa menyang Indonesia, merga dheweke “de Engelsen, zijn bang voor verhooging van de spanning). Iki njalari sinyo-sinyo mariner Landa sing wis terlatih kanggo ngusir Jepang ora marem, dadi jengkel lan kelangan orientasi social lan politik sehat. Ora sadhar yen tegangan tinggi adrenalin Pemudha lan wong Indonesia sing siyaga urip mardika bakal ngejur dheweke yen wani ndharat.

Admiral Halfrich (wong kelairan ku­thaku, Semarang), panguwasa tertinggi Angkatan Laut Landa ing Hindia Belanda, sing taun 1942 keplayu menyang Ceylon merga gempuran Angkatan Laut Jepang, rundhingan karo pihak Inggris adhe­dhasar “alles-of-niets-principe” kasil nggawa 1 brigade Mariner iku menyang Jawa. Brigade mau sabanjure dikendha­leni Divis A. KNIL, sing dikomandoni May. Jen de Baay ing Surabaya. Mariner iki ngejegi Surabaya wiwit akhir 1945, lan sateruse nganti meh aksi militer Landa II, Desember 1948. ananging merga sing akeh anggotane Landa totok sing lagi sepisanan ing dhaerah tropika (ana sing tansah meriang, kena malaria tropika, ndhase ngelu, mules, lan liya liyane), nyambut gawene kurang efektif, kejaba sok tumindak kejem tanpa pengawasan satuan KNIL sing ana (utawa sing ora wani nglawan). Apamaneh brigade mau ora ngaweruhi solah tingkah, bahasa tubuh lan jiwa Pemudha sing wis gum­regah.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)