Tepung Sejarah, Ora Waton Sesorah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pangudarasa - Dibaca: 31 kali

Sasi iki, Oktober, ana sawijining dina sing misuwur banget minangka dina “bersejarah”. Yaiku Sumpah Pemuda, ing tanggal 28. Mujudake dina sing ditetepake adhedhasar sejarah Kongres Pemuda puluhan taun kepungkur, sadurunge negara kita madeg mardika.

Umume, saiki, ing sekolahan para murid dielingake kanthi maca isine Sumpah Pemuda. Mbokmenawa durung akeh kegiyatan liyane kanggo nguripake maneh greget sing dadi ruh-e dina sejarah kasebut. Yaiku nalika nom-noman saka maneka suku lan papan, nglumpuk bebarengan kanthi krenteg nyawiji minangka sapepadhane warga Nuswantara.

Yen ngematake maneka kegiyatan sing dumadi ing keri-keri iki, ora kalah sithik klompok-klompok sing isine uga nom-noman. Nanging emane, wis beda greget lan kegiyatane. Ana klompok sing “demo” utawa protes jalaran njaluk gaji mundhak, ana klompok sing ada-ada longmarch jalaran ngundamana sawijining perkara, lsp. 

Malah uga ora sethithik klompok sing wiwitane ancase becik, tundhone malah njalari kapitunan sing ora sethithik. Contone, klompok sing bebarengan nyengkuyung tim bal-balan, nanging pungkasane njalari gendra, ngrusak piranti lan adu jotos klawan klompok liyane, nganti ana sing nemahi pati. Wis dudu pawarta anyar, nanging sing nggumunake, kok ya isih ana sing lirwa lan nindakake.

Kaya-kaya wis ora mikirake akibate, ora perduli yen olehe padha reruntungan njalari dalan macet saengga akeh uwong sing kaganggu padinane, katungka olehe arep ngangsu kawruh utawa makarya, kelangan kalodhangan pangupa jiwa, lsp. 

Nyipati maneka kedadeyan kaya mangkono, mbokmenawa panggulawenthah bab sejarah pancen perlu digatekake kanthi luwih temen. Nepungake sejarah sing bisa nuwuhake rasa tresna marang kamardikane bangsa, dibarengi kawruh budaya, saengga bali maneh andum karaharjan mring sapepadhaning ngaurip ing bumi Indonesia. 

Contone wae, sanja menyang museum. Papan sing umume pancen mamerake maneka piranti ngandhut sejarah iku bisa dadi srana numangkarake rasa bungah urip ing bumi mardika, dadi rasa lembah manah amarga ngrumangsani dudu sing paling onjo lan malah kudu bebarengan njaga kawutuhaning bangsa. Kejaba museum sejarah, saiki uga akeh museum seni, sing isine bisa nuduhake maneka wernaning kabudayan sing nyawiji pinayungan NKRI. Malah uga ana museum kanggo ngelingi dumadine bebendu, kaya museum tsunami lan letusan Merapi. Kanthi tetepungan utawa ngelingi kadadeyan nggrantesake kasebut, mesisan bisa dijlentrehake, kepriye olehe warga padha gumregah miwiti jangkah lan ngundhakake panguripan. Amarga ya wis mesthi, ana surasa memitran saka antarsuku antarbudaya, gotong-royong, lan welas asih sing tanpa pamrih.

Pancen, nuwuhake rasa tresna ora bisa mung pisan pindho banjur sanalika kasil. Ya kudu ana maneka upaya kanggo terus ngrembakake. Ibarate wiji, sawise thukul, ya kudu tansah disiram lan dirabuk. 

Rasa tresna marang negara sing mawujud dadi ngurmati lan ngajeni marang uwong liya, uga bisa ngrembaka kanthi kegiyatan tukar kawruh budaya. Yen saben dinane urip ing Jawa, contone, rak ya wanuh lan kulina marang adat Jawa. Mula, prayogane nyinau bab adat liyane, utawa yen perlu malah njajal urip ing satengahing kabudayan seje. Menyang Gayo, menyang Rote, utawa menyang Merauke. Kanthi mangerteni solah bawa, pradatan, uga kahanan alam sing beda saka pakulinane, salumrahe bakal luwih jembar wawasane, tansaya padhang pikirane. Tundhone, ora gampang nuding nyalahake liyan, kepara ngruket ngajak urip maju bebarengan.

Saengga, surasa Sumpah Pemuda bisa terus ngumandhang: 

Kami putra dan putri Indonesia mengaku bertumpah darah yang satu, tanah air Indonesia

Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa yang satu, bangsa Indonesia

Kami putra dan putri Indonesia menjunjung bahasa persatuan, bahasa Indonesia.

(lie)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)