Sumur Sangan, Papan Tapane PB IX Nggayuh Kemakmuran
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 82 kali

Sumur Sangan mono minangka petilasan tapane Paku Buwono (PB) IX, raja Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Awit  saka asiling tapa mau, mawujudake trah (keturunan) raja sing paling makmur ing antarane raja-raja Trah Dinasti Mataram Islam. Sapa kuwi? PB X. Mula saka kuwi nganti saiki sumur kasebut isih diuri-uri lan disuyuti, awit  dipercaya isih nduweni tuah sing mumpuni kanggo kamakmurane kawula.

 

Buktine, nganti saiki Sumur Sangan disuyuti minangka salah sijine panggo­nan sakral (suci) lan keramat ing njero kraton Surakarta Hadiningrat. Ora mung para abdi dalem, kerabat lan para kula­warga kraton wae sing padha mara mro­no saperlu ngalap sawab, nanging uga wong saka njaban kraton uga akeh sing padha mrono mung kanggo nglakoni prosesi ritual kanthi carane dhewe-dhe­we. Ana sing semedi, njupuk banyune kanggo sarana ngusadani lelara sing lagi disandhang dening keluwargane utawa awake dhewe. Mula ing sumur kasebut ora nate sepi saka wong sing lagi lelaku.

Nadyan pangajape wong sing mara ora padha, nanging akeh-akehe padha nduweni pangarep-arep amrih keturu­nan-ne bisa sukses, dhuwur drajate, ka­si­nungan kawicaksanan lan sugih bandha bandhu, awit bab iki manut keyakinan-ne bakal nunggak semi kaya dene PB IX. Sakora – orane, patilasan mau diang­gep nduweni aura positif, kanggo sema­di. Kajaba saka kuwi Sumur Sangan iki, ora tau asat, nadyan mangsa ketiga nge­rak. “Nadyan mangsane ketiga lumaku suwe, nanging sumur iki ora tau asat banyune” ujare KPA Winarno Kusumo, wakil pengageng Sasana Wilopo Kraton Surakarta.

Manut sejarahe, wiwit jaman ma­dege kraton iki ngati saiki panguwasa Kraton Surakarta dikuwasani PB XIII, kasunyatane raja sing paling sugih ora liya PB X. Kabeh mau lumaku amarga saka laku prihatine PB IX sing nglakoni tapa, kanthi cara ragane mlumah, ka­lambaran kayu balok sing ditumpangake ing antarane lambe Sumur Sangan iki. “Dadi, ujare Kanjeng Win (sesebutan akra­be KPA Winarno Kusumo), yen ngan­ti sinuwun (panyebute raja) PBIX nganti lena, kelangan kawaspadan lan kon­sentrasi, mesthi wae bakal kecegur sumur iki,” critane Kanjeng Win marang PS sing nemoni minggu kapungkur.

Nanging kasunyatane, saben-saben PB IX semadi ing wayah lingsir wengi, ora tau kalepyan anggone manekung ngenerake pikir nyenyuwun ing ngarsa­ne Gusti Kang Maha Wikan. Banjur ana sisih ngendi panggonanne Sumur Sa­ngan iku? Penere ana ngarep emper mu­seum Kraton Surakarta Hadiningrat, sing  pinayungan wit gedhe 3, yaiku wit klengkeng, gayam lan ringin. Jerone su­mur iki ora kurang saka 12 meter. Nadyan PB IX minangka raja, nanging sinuwun tetep ora kendhat anggone lelaku priha­tin, kayata pasa mutih, pasa Senin - Kemis lan bengine semadi ing Sumur Sangan iki.

Luwih adoh Kanjeng Win miterang, jeneng Sumur Sangan iki asale saka uka­ra sangan (sing maknane angka sanga) nunggak semi saka pertapaanne Paku Buwono sing kaping  IX (sanga). Banjur kenapa kok PB IX keraya-raya nglakoni lelaku tapa? awit nalika semana, bangsa lan nagara iki durung merdika, awit isih dijajah lan dikuwasani bangsa liya. Sing ndadekake kahanan bangsa iki kebak kasengsaran lan nalangsa, adoh saka kamulyan. Rakyate padha dikon nyambut gawe tanpa dibayar, kajaba mung ma­ngan sega mawur kanthi lawuh sakana­ne. “Bab iki ndadeke Sinuwun, prihatin penggalihe,” panambahe.

Salah sijine asil saka anggone tapa ing ndhuwur sumur iki, PB IX nemu mus­tika wujud inten (berlian) sing gedhene mung sakpucuke jenthik. Nah, nalika per­maisurine PB IX nglairke sang jabang bayi, lanang, sing manut angger-angger sing lumaku ing kraton, anak lanang mba­rep mono minangka calon raja utawa putra mahkota, mula sanalika inten mau banjur didulangake ing lathine bayi la­nang iku nganti dileg. Ora mung tekan semono wae, nalika bayi mau isih umur 3 taun wis disengkakake ngaluhur lan pina­ringan kekancingan secara resmi mi­nangka putra mahkota utawa calon raja, sadurunge ngancik diwasa.

Kanthi mangkono madege putra mah­kota, jumbuh karo panetepe aturan­ne penjajah Walanda, putra mahkota mau oleh gaji ing saben wulanne. Bab iki dumadi pancen wis dadi strategi (ca­ra) kanggo ‘ngeruk’ bandhane penjajah. Mula dhuwit gaji mau banjur dicelengi de­ning PB IX minangka mondhal yen mengkone putra mahkota iki bener-be­ner wis kaluhurake minangka raja. Mi­nangka putra mahkota, mula wiwit cilik wis digembleng ilmu kanuragan, disi­naoni bab spiritual, sarta  lelaku prihatin, amrih mengkone bisaa dadi raja sing mumpuni, wicaksana lan berbudi bawa laksana.

Malah putra mahkota iki disengkake ngaluhur minangka raja Kraton Surakar­ta Hadiningrat, minangka Paku Buwono X nalika isih umur 17 taun, isih kapetung enom kanggone sawijine raja. Bab iki, kanggone Sinuwun PB IX  mengku karep amrih bisa suwe anggone madeg raja, mumpuni. Saenggabisa ngayomi kawula­ne kanthi becik, uga trengginas mrantasi gawe. Kanthi umure sing isih enom diajap bisaa nduweni pikiran sing lantip, akeh akale kanggo ngakali penjajah Walanda. “Kanthi mengkono, kawulane bisa urip mardika lan uwal saka panguwasane Walanda ing bumi pertiwi iki.”

 

Gemah Ripah.

Pangarep-arepe PB IX nyatane dadi kasunyatan, PB X kanthi yuswane sing isih mudha taruna , lageyane trengginas, pinter srawung, ahli politik, rajin nyele­ngi, gemi setiti ngati-ati. Saengga mba­rengi karo lakune zaman, nalika pangu­wasa Kraton Surakarta Hadiningrat di­pasrahke marang PB X, lakune ekonomi kerajaan maju banget, malah tlatah panguwasane uga tambah jembar. Ora mung tekan semono wae, sakwenehe panggonan bisa kabangun, kayata iri­gasi, pasar, alon-alon, panerangan tena­ga listrik, dalan, kretek lan infrastruktur liyane, saengga bisa nambahi asil pa­metu kawula ing njaban kraton barang.

Kanthi mengkono kawulane sing manggon ing jero lan njaban kraton bisa tansah urip gemah ripah loh jinawi. Mula pantes lan sakmesthine, yen Sinuwun PB X sinebut Pahlawan Revolusi, amarga ora mung jiwa lan ragane wae sing melu berjuang, nanging uga asok glondhong pangareng-areng marang bangsa lan nagara iki sing ora sithik kanggo kabu­tuan kamardikane bangsa lan nagara iki. Pangarep-arepe PB IX sing seneng laku prihatin kelakon, bangsa lan nagara iki bisa dadi tata titi tentrem, kerta raharja, gemah ripah loh jinawi. “Mula yen saiki bangsa iki banjur dadi awut-awutan, ha­rak eman-eman,” welinge.

Kamangka wiwit nagara iki isih ana ing pa­nguwasane panjajah nganti bisa mardika ora sithik labuh labete PB X ma­rang nusa lan bangsa iki. Malah, ujare Kan­jeng Win, puluhan kereta ken­cana sing saiki ana njero museum kraton iku, sejatine sing ngrancang Sinuwun PB IX, nanging merga wektu semana kaha­nane bangsa lagi gawat, wusanane lagi ing za­mane PB X bisa kelakon diwujudke. Ngeli­ngi saka kahanan kasebut, mula nganti saiki Sumur Sangan akeh dite­kani. Sing padha mrono uga nduweni karep sing ora padha, ana sing mung nimba kanggo njupuk banyune kanthi pamrih tinamtu.

Upamane, kanggo siraman ngan­ten supaya praene penganten lanang lan wadon bisa mangklingi, saengga gawe cingake para tamu sing ngestreni pesta resepsi nikahan kasebut. Malah Kanjeng Win dhewe uga nduweni pengalaman bab kasiyate banyu Sumur Sangan iki. Ing sawijine ndina, nalika piyambake dadi nara sumber ing sawijine seminar seni tradisi lan kebudayaan, kanggo mite­rang bab sarana sing punjering saka  kraton. Nalika wancine coffe break, Kanjeng Win ditemoni wong lanang, ngaku saka Jogya sing crita, yen anak wedoke sing isih re­maja, kerep kesurupan lan ndleming (omo­ngan dhewe).

Kanthi ora wayahan, saengga nggang­­gu sinau lan aktifitas-e bocah mau. Nadyan wis wola-wali digawa me­nyang ‘wong pinter’ lan paranormal, na­nging asile nol. Krungu critane wong mau, Kanjeng Win menehi pamawas supaya teka ing kraton, kanggo njupuk banyu saka Sumur Sangan, nadyan mung sabotol banyu mineral ukuran 1 liter. Banyu kuwi supaya diombeke ma­rang putrine, nalika pas kesurupan. Be­ner, udakara rong minggu sakbanjure, wong mau teka maneh ing kraton, ne­moni Kanjeng Win lan crita kabeh sarana saka Kanjeng Win wis ditindakake jum­buh karo welinge.

Asile, bocah wadon sing maune kerep kesurupan mau saiki wis waras wiris lan ora tau kumat maneh anggone dleming. Pancen, kerep ana wong teka mrene mung kanthi karep njupuk banyu saka Sumur Sangan iki, minangka sarana ka­sarasan fisik lan non fisik. Kanjeng Win dhewe, meh saben ndina ngunjuk banyu sing asale saka Sumur Sangan iki, kanthi cara tanpa digodhok luwih dhisik, dadi diunjuk saka ember sing kanggo nimba ngono wae. Kasunyatane, ujare Kanjeng Win, ora ndadekake lara weteng, malah suwalike bisa gawe sumringah ing pasur­yan lan tambah semangate.

Kajaba kuwi, sewulan sepisan Kan­jeng Win uga njupuk banyu saka sumur iku saperlu kanggo ngganti lan ngisi radiator mobile. Asile, tabung radiator iku ora neyeng (karaten) kaya liyane sing malah gawe intiping teyeng ing pinggi­ring radiator mobil. “Tumindaku iki uga ditiru kanjeng-kanjeng liyane ing kene,” tuture, karo nambahi, yen teka ing Su­mur Sangan iki ora ana syarat mligi lan cara tinamtu, sing wigati sapa wae sing mrono kudu santun lan ngormati adat kraton, ora banjur tumindak sakkarepe dhewe lan jag-jagan. Nanging kabeh lelaku mau mung sarana, sing nemtoke te­tep Gusti Kang Maha kuwasa,” pa­mung­­kase. (Kang Hong)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure