Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (11)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 20 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Kanthi mangkono, kabeh mau nggam­barake, manawa Lauhul Mahfudz iku  nge­mot sarta ngrekam kedadeyan (peristiwa) kang dumadi ana ing Jagad Raya iki.  Mang­kono didhawuhake dening Allah ana ing ayat liya. Malah sekabehing tindak-tanduke manungsa sarta labet-labete (be­kas-bekasnya) manungsa ditangekake sa­ka kubure mbesuk,  nalika dhadha handha­dha (tanggung jawabe)  sekabehing tumin­dake (amale), Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

(c). “Sanyata Ingsun bakal nguripake wong kang wus padha mati. Ingsun tulis ka­beh amale kang wus padha ditindakake sarta lelabetane, lan kabeh barang iku Ing­sun cathet ana ing Kitab kang pratela (Lau­hul Mahfudz).” (QS. Yaa Siin (36);12).

Kanthi nyimak ayat-ayat  kang wus katur ing ndhuwur, bisa dipahami, yen Kitab Lau­hul Mahfudz sing ngamot sekabehing  ke­dadeyan (peristiwa) sing dumadi ana ing jagad raya iki, gedhe utawa cilik, ghaib uta­wa nyata, nanging bab wektu apa uga wus kaemot? Mesthine uga mangkono. Lu­wih cetha maneh, mangkene maksud dha­wuhe Allah:

Allah kang wus nitahake sira kabeh saka lemah (debu), tumuli saka banyu ka­ma (nutfah), PanjenengaNe tumuli nda­mel sira kabeh padha jejodhowan. Ora ana wong wadon kang ngandheg utawa nglairake kajaba wus kawuningan ing PangeraNe. Lan maneh ora ana wong ka­pa­ringan dawa utawa cendhak umure, kajaba mesthi katulis ana ing Kitab Lauhul Mahfudz. Sanyata mangkono mau gam­pang  mungguhing Allah.” (Q.S. Fathir (35):11).

Genahe, ayat ing ndhuwur iku ngrem­bug utawa amot umure manungsa. Mana­wa wus kepareng nyipta manungsa saka lemah nuli dadi sperma lan ovum, ngrem­baka ana ing sajerone rahim, nuli dilairake,  sateruse nganti tumekeng pati. Allah uga dhawuh ana wong sing didawakake umure lan ana uga sing cendhak umure. Kabeh mau ana ing gegeman astanE (kekuwasa­ane) Allah, sarta cinathet ana ing Kitab Lau­hul Mahfudz. Lha kanthi mangkono ba­bagan wektu uga wus cinathet ana ing Kitab Lauhul Mahfudz. Ewa semono ayat mau ora nyebutake keterangan, manawa dawa lan cendhake umure manungsa iku  wus ditetepake sadurunge.

Sateruse ayat kang bakal diaturake ing ngisor iki, babagan kematian sarta adzab ma­rang manungsa (bangsa-bangsa). Mang­kene keterangane: Allah wus karsa ngludhesake (membinasakan) marang sa­wi­ji­ning kaum, krana kaum iku duraka marang Allah sadurunge Qiyamat. Kabeh kang mangkono iku wus katetepake lan kacathet ana ing Lauhul Mahfudz. Yen kita simak ayat mau nyebutake carane nglu­dhesake,  ora nerangake wektu ngludhesa­ke kaum mau. Kapan adzab mau dumadi? Kajaba krana sebab-akibat kedzaliman lan durakane kaum mau mring Allah. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan sawijining negara kang pendhu­dhuke duraka (dzalim), ora ana kang ku­wasa ngrusak ahli-ahline sadurunge Qiya­mat, kajaba Ingsun Pribadi  utawa Ingsun turunake  siksa (adzab) kang banget abote. Kahanan kang mangkono iku, bab ngrusak lan nyiksa mau, wus tinulis ana ing Kitab Lauhul Mahfudz.” (Q.S. Al-Isra (17):58).

Supaya gamblang, sepisan maneh dia­turake, manawa sing cinathet ana ing Kitab Lauhul Mahfudz iku carane (modusnya), dudu wektune. Dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan PanjenengaNe ingkang Maha Nga­pura tur kagungan Welas. Saupamane PanjenengaNe karsa nyiksa, jalaran krana dosa kang wus padha dilakoni, temen Pan­jenengaNe mesthi ngenggalake  siksa mau tumrap dheweke, nanging wus ana ka­tem­tuan kanggo dheweke, anggone dipa­trapi siksa (adzab), kang dheweke ora pa­dha bisa pikoleh pangungsen saliyanne sa­ka PanjenengaNe. Lan isining negara iku Ingsun rusak ing nalika dheweke pinuju pa­dha nganiaya, lan Ingsun wus ndamel katamtuan kanggo pangrusake wong-wong mau.” (Q.S. Al-Kahfi (18):58-59).

Kekarone ayat kang katur ing ndhuwur wus nerangake kanthi gamblang marang kita, manawa Allah iku Dzat kang Maha Pa­ngapura tur Paring Rahmat. Panjene­gaNe ora karsa nyiksa marang para kawu­laNe, sing dzalim (aniaya), kanthi lang­sung. Allah kepareng nunggu supaya dhe­weke mertobat (tobat nasuha) sarta mbe­ciki tumindake, kelakuwane (kesalahane). Allah iku Maha Ngawuningani, manawa manungsa sipate utawa lageyane ke­mrung­sung (tergesa-gesa), sarta kerep lali, ing lumahing bumi. Kabeh bakal kapa­trapan adzab, saka hukum sebab akibat kang lumaku. Trep dhawuhe Allah mang­kene maksude:

Saupama Allah, PanjenengaNe karsa nurunake siksa marang manungsa, jalaran saka kedzalimane, mesthi PanjenenaNe ora ninggal gegremet siji bae kang dumu­nung ana ing lumahing bumi, amarga Pan­jenengaNe karsa maringi tempo (wektu) marang wong-wong mau, nganti tumeka mangsa kang wus katemtokake. Dene, manawa wus tumeka ing mangsane, ora bisa diundurake sanajan ta mung sak jam bae, lan ora ngajokake.” (Q.S. An-Nahl (16):61).

Ayat ing ndhuwur paring pituduh ma­rang kita, manawa sipat Allah Dzat kang Maha Rahman lan Rahim, Maha Welas lan Maha Asih, temen-temen nemtokake marang takdir. Allah karsa paring tangguh adzab tumraping pawongan kang dzalim. Nanging keparenge paring tangguh iku  sabenere malah njalari mlumpuke akibat, saengga nalika adzab iku tumama (tuma­pak), dadi adzab kang abot banget (nge­dab-edabi). Utawa bisa diaturake, mlum­puke dosa iku bisa nuwuhake adzab sing saya abot. Lha saya suwe kita ora enggal mertobat, malah nambahi dosa, saya abot akibat sing bakal kita alami. Tumpuk-ma­tumpuking dosa iku binarung karo lumakune wektu. Sanepane pindha utang ana ing bank, ora enggal-enggal disaur (di­ci­cil), saya suwe anakane (bunganya) saya tikel matikel.

Gembelenge, kanthi mangkono, mana­wa wektune wus tumapak, akibat seka­behing tumindak iku ora bisa ditahan. Sok sapa wong sing tumindak dzalim, bakal nam­pa pinwales  sak ukur karo abot lan enthenge tumindake. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maaksude:

“Jalaran saka iku, sira Muhammad, aja nyuwun enggal-enggal dheweke diparingi siksa. Jalaran Ingsun ngetung dinaning nyik­sa mring wong mau, kalawan etungan kang teliti.” (Q.S. Maryam (18):84).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)