Jeneng Papan Manut Crita Rakyat (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 20 kali

Sawijining ahli basa (linguist) saka manca sing jenenge Brumfit duwe teori yen tetembungan kang digu­nakake ing sawenehe basa iku asifat se­wenang-wenang (arbitary). Sing dika­rep­ake ‘sewenang-wenang’ yaiku ora ana sesambungan (tetimbangan) nalar nalika nggunakake tembung kanggo nye­but barang tinamtu. Dheweke menehi conto tembung ‘horse’ (ing bahasa Ing­gris). Kanthi wujud sing padha, kewan sikil papat sing asring dienggo tung­ga­ngan utawa nggeret dhokar iku duwe sesebutan beda. Kacihna ing basa Jawa ‘horse’ diarani jaran, turangga, kuda, ka­pal, lsp. Ing Basa Indonesia, ‘horse’ disebut kuda. Ing basa Arab, Jepang, China lan liya-liyane mesthi ana tembung liya kanggo nyebut jenenge kewan sikil papat sing diarani jaran kuwi. Yen ngono teori Brumfit iki bisa kasumurupan ing kasunyatan.

Mung wae, teori kaya kuwi ora sawu­tuhe bener. Yen kersa nyinau basa, ana fenomena sing diarani onomatopoeia yaiku dumadine tembung jalaran niru anane swara ing alam. Ing basa Inggris ana tetembungan hiss (suwara ngeses), buzz (suwara nggereng), utawa malah tembung cricket (jangkrik). Disebut ‘cric­ket’ jalaran suwarane kewan iki nalika ngerik yaiku ‘Krik!krik!krik!’ fenomena sing padha tinemu ing basa Jawa utawa basa Indonesia. Ing basa Jawa ana te­tembungan ‘kecemplung’ (saka swarane barang sing mak plung yaiku barang sing tiba ing banyu). Ana maneh tembung ‘je­dhor’ (saka swara lawang utawa jen­dhela nutup kanthi banter).

Kang uga narik kawigaten yaiku te­tembungan sing dienggo menehi jeneng papan kayata desa, kutha, gunung, te­laga, sapiturute. Yen diteliti kanthi per­mati anggone wong Jawa menehi je­neng papan-papan geografi iki ora mung asal-asalan utawa sewenang-wenang (ar­bitrary). Kabukten yen ana lelandhe­san nalar nalika wong menehi jeneng papan, ing crita rakyat, dumadine lelakon adate dibarengi karo menehi tetenger sawenehe papan. Upamane, ing crita Ra­den Banterang kang mbuktekake suci lan orane garwa kinasihe. Sang Garwa sum­pah lamun suci nora tumindak luput, kali kang kanggo njegur iku bakal mambu wa­ngi. Suwalike, yen kali mengko am­bune bacin, tegese wanita iku wis tu­mindak salah. Sawise kabukten, Raden Banterang banjur kandha, “Besuk yen ana rejane jaman, papan kene iki we­nehana jeneng kutha ‘Banyuwangi’!”. Nganti jaman saiki kutha papan kang kanggo mbuktekake suci lan tulus tres­nane wanita iku marang Raden Bante­rang diarani kutha ‘Banyuwangi’.

Crita rakyat sekawit mujudake karya sastra lisan, jaman semana crita-crita rakyat iku diwarisake saka wong tuwa menyang anak putu kanthi tutur tinular. Nalika jaman durung akeh sarana hibu­ran kaya saiki, cerita tutur tinular iku di­wenehake wong tuwa marang anak pu­tune kanggo ngisi wektu nalikane wanci ngaso ing wayah sore sadurunge turu. Nalika kesenian kethoprak ngalami ja­man kencana rukmine, crita-crita rakyat iki dipentasake ana panggung lan dadi panglipure kulawarga-kulawarga Jawa. Taun 1980-an ana group kethoprak Sapta Mandala Kodam VII Diponegoro, Among Mitra Brebah-Yogyakarta. Ana maneh group kethoprak Wahyu Budaya saka Tulungagung lan Pati sing kondhang jaman semana.

Manut crita rakyat, papan panggonan kang wujud desa, kutha, kampung, lan sabangsane diwenehi jeneng kanthi ma­neka warna tetimbangan antara liya: kanggo pepeling utawa pangeling-eling dumadine lelakon wigati, nuduhake ka­hanan papan iku nalika jaman awal, kanggo pepeling lan uga nggambarake kahanan papan, lan nuduhake papan cu­mondhoke paraga utawa punggawa tinamtu.

Sing sepisanan, desa utawa papan-papan tinamtu ing tanah Jawa diwenehi jeneng kanggo pepeling dumadine le­lakon tinamtu. Ing crita ‘Saridin Tapa Ngrame’ dicritakake nalika Saridin dio­yak-oyak dening prajurit Pathi Pesantren sing dipandhegani Patih Penjaringan. Kanggo pepeling lelakon iki disebutake jeneng-jeneng desa ing tlatah Pathi sing diliwati Saridin. Ana desa Sumampir kang­go pengeling-eling yen prajurit-pra­jurit Pathi sing ngoyak-oyak Saridin se­mampir ana sawenehe wit. Ana uga de­sa Ngeluk Pedhut kang nuduhake papan kang kebak pedhut kanggo ngilangake lacak nalika Saridin meh wae kecekel prajurit Pathi. Ki Patih Penjaringan uga menehi tetenger jeneng-jeneng desa liyane sing diliwati Saridin kayata desa Bendhan (amarga ana wit bendha utawa wit kluwih), Brobosan (anane growongan wit bendha sing dienggo mbrobos Sa­ridin), lan uga desa Kosekan (kanggo pepeling anane wong wadon kang padha ngosek kowek (kowek iku jinise keyong) ing sawenehe kali kang dienggo sesi­ngidan Saridin.

Ing crita Nyai Ageng Bakaran uga disebutake jeneng-jeneng desa sing ge­gayutan karo lelakone Nyai Ageng Ba­karan. Ni Murni Sabirah, keturunan Ma­japahit kang lunga ninggalake kuthagara Majapahit bebarengan karo warga liyane nalika ketundhung tekane laskar Demak, menehi tetenger desa-desa kayata Peku­won (kanggo pepeling papan makuwu utawa mesanggrah sawetara wektu sadurunge nerusake laku). Bareng tekan papan kang isine kebak wit druju, papan iku mbesuk yen ana rejane jaman supaya diwenehi jeneng desa Juana asal tem­bung wit druju sing ana amarga ing pa­pan kono mung ana wit druju. Nganti dina iki kutha iku disebut kutha Juwana (tlatah Pati sing kondhang ngasilake ban­deng). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)