(Tanggapan LSW PS Nomer 33/2017)
Keparenga aku nanggapi pamundhut keterangan
saka Bapak Muhammad Saleh pidalem ing Palangka Raya (PS Nomer 33/2017) sing wosing pitakonan
ngenani paraga Raden Samba kang isih menangi lelakon saparipurnane perang
Bharatayuda Jayabinangun. Ing kamangka ana lakon Gojalisuta utawa Samba Juwing
dicritakake lamun putra Dwarawati iku wis tumekeng pralaya sadurunge
Bharatayuda. Awit ing lakon Samba Juwing kuwi Raden Sampa kaprajaya dening
kadange prenah tuwa, yakuwi Prabu Boma Narakasura jalaran kadenangan anggone
laku sedheng klawan Dewi Hagnyanawati, ratu prameswari Praja Trajutrisna.
Anggone Raden Samba slingkuh lan Hagnyanawati iku
satemene ora karepe dhewe awit kekarone lagya kepanjingan sukmane Bathara Wulan
Derma lan Bathari Wulan Dermi. Dewa lolorone iki nampa paukuman disotake dadi
reca jalaran wus nerak pranatan kahyangan andon tresna nadyan isih tunggal
yayah rena. Reca mau dadi pepethan ing
gapura pasareyan Gadamadana. Bareng mantrane diwaca Raden Samba, reca mau
pulih, banjur manjing ing anggane Raden Samba lan Dewi Hagnyanawati.
Sadurunge atur wangsulan marang Bapak Muhammad Saleh,
keparenga aku aweh wawasan ngenani pakem. Sing jeneng pakem mesthine baku,
tunggal, lan ora ana versi sing beda-beda. Kayadene ukuran dawa sameter iku ana
ngendi wae padha. Ing Malaysia, Jepang, Timor Leste lan Indonesia sing jeneng
sameter ya mesthi 100 cm. Ukuran dawa sameter ora bisa diulur utawa diungkret,
mula sinebut pakem.
Ewasemono donyaning sastra (alam fiksi) beda karo alam
ilmiah. Alam fiksi iku kebak
pangentha-entha kang bisa ditapsirake lan dibumboni pinemu kang werna-werna.
Asil imajinasine para nimpuna, pujangga,
winasis lan uga sastrawan kang wujud crita fiksi sengara dipeksa wujud crita tunggal. Crita sejarah
uga mangkono. Sejarah katulis manut versine panguwasa kanggo alat propagandha
amrih ora ngucemake jenenge.
Lakon Patine Wayang sing Beda-Beda
Ing lakon wayang akeh tinemu paraga siji nanging crita
bab patine beda-beda. Ing antarane Dewi Amba, Resi Bisma, Adipati Dhestrarastra
lan Raden Samba. Mbok menawa isih ana maneh paraga liyane sing patine duwe
versi ora padha. Ing pagelaran wayang
utawa wacan pedhalangan bakal tinemu beda-bedane pakem lakon wayang sing
nyritakake para paraga itu.
Dewi Amba dicritakake minangka salah sijine putri kang
dadi bebana sayembara ing Negara Kashi. Putri ayu kang kudune dipasrahake
marang Raden Dewabrata ( Resi Bisma) iki jebul ngadhepi kanyatan pait. Nalika
bakal diboyong kondur ing Ngastina, Dewi Amba ngaku wis dadi pacangane Prabu
Salwa saka Negara Sabbha. Raden Dewabrata kang wicaksana pilih ngalah banjur
ngekhlasake wanodya kuwi. Nanging nalika Dewi Amba mara marang Prabu Salwa,
tresnane Dewi Amba ditampik jalaran wis kebacut dadi putri boyongan. Dewi Amba
bali maneh nemoni Raden Dewabrata, ngrerepa supaya dipundhut garwa. Parandene
Raden Dewabrata puguh ora gelem nampa.
Rasa cuwa iku
njalari tiwase Dewi Amba kanthi versi rena loro. Versi sepisan nyebutake
lamun Raden Dewabrata ngagar-agari Dewi Amba kanthi menthang langkap gandhewa.
Anggone menthang langkap satemene mung kanggo meden-medeni amrih Dewi Amba
ngedoh saka papan kono awit Raden Dewabrata ora kersa nampa panyuwune Dewi
Amba. Apes, warastra ing astane Raden Dewabrata iku lepas lan namani anggane
Dewi Amba engga dadi lan tiwase. Suksmane Dewi Amba banjur tumitis
maranganggane Wara Srikandhi kanggo males pati.
Versi liyane nyebutake lamun sawise ditundhung lunga
saka pangarepane Raden Dewabrata, Dewi Amba ngulandara ngupadi wong-wong kang
bisa ngalahake Resi Bisma. Ewadene ora ana siji-sijiya paraga kang wani lumawan
Resi Bisma. Dewi Amba banjur semedi nganti ketiban kembang padma kang nglumpuk
ing pangkone. Kembang mau direronce lan digawa mlaku saadoh-adohe. Pungkasane,
kembang mau diseleh ing gapura Praja Pancala. Reroncen kembang iku jebul ditemu
dening Dewi Srikandhi.Mbesuk ing perang Bharatayuda, Dewi Wara Srikandhi iki
kang ngasorake jurite Resi Bisma lan malesake lara atine Dewi Amba.
Patine Resi Bisma uga nduweni versi kang beda. Nadyan
versi sing umum nyebutake lamun patine
Resi Bisma ketaman warastra, nanging ana
kang nyebutake lamun Resi Bisma iku prapteng lampus ing wiwitaning prang
Bharatayuda lumawan Srikandhi. Versi liyane nyebutake lamun Resi Bisma kang
ketaman warastra nora bisa tumekeng pralaya nganti paripurnane perang
Bharatayuda.
Sedane Adipati Dhestrarastra uga duwe versi crita
werna loro, ana sing nyritakake lamun Adipati Destrarastra iku wus tumekeng
tiwas nalika lakon Kresna Duta. Nalika Sri Bathara Kresna bakal dikrubut Kurawa banjur tiwikrama wujud dadi brahala.
Nalika brahala iku ngamuk, para Kurawa padha mlayu salang tunjang rebut slamet.
Anggone para Kurawa lumaris uyuk-uyukan njebol kori kadipaten Gajah Oya.
Adipati Dhestrarastra kebrukan kori kadipaten lan kepidak-pidak anak-anake
dhewe nganti tumekeng tiwas.
Ing crita liya disebutake Adipati Dhestrarastra isih
sugeng nganti paripurnane Bharatayuda. Anggone kebranang penggalihe awit
diobong dening Dewi Gendari mahanani dukaning tyas arsa malesake patine
Duryudana sakadang kanthi merjaya Werkudara. Nanging rekadaya iku gagal awit
nalika ditamani jimate Adipati Dhestrarastra, Werkudara bisa endha satemah kena
gupala. Ana uga sing nyritakake nalika Adipati Dhestrarastra arep nggrayang
bahune Werkudara, Sang Bimasena muja gada Rujakpolo dadi gupala. Ketaman jimat piyandele Dhestrarastra gada iku remuk dadi
sawalang-walang. Adipati Dhestrarastra katundhung lunga saka Ngastina nganti
kedharang-dharang ngungsi ing tengahing alas. Nalika alase kobong Adipati
Dhestrarastra katut dadi kurban.
Bab Patine Samba
Ana crita werna loro uga kang mbeber bab patine Raden
Samba. Crita sing luwih akeh disumurupi bebrayan Raden Samba tiwas ing lakon
Gojali Suta utawa Samba Juwing. Raden
Samba sinempal-sempal badane sakojur dening Prabu Boma. Sabanjure dicritakake
lamun Prabu Kresna duka yayah sinipi marang tiwase Samba, nuli ganti mrajaya
Prabu Boma.
Crita versi loro, adhedhasar serat padhalangan kang
tinulis mawa basa Jawa kuna sing nate takwaca,
Raden Samba kumawani neter
kewasisane Begawan Prabhasa kanthi rewa-rewa anggarabini. Bareng kena
supatane Begawan Prabhasa, Raden Samba nggarbini temenan lan nglairake gada
wesi kuning. Gada wesi kuning iku kang ing tembe bakal nyirnakake trah Yadawa
(Prabu Kresna saturunane, klebu nayaka Praja Dwarawati) saka lumahing bumi. Yen
manut crita versi kaloro iki Raden Samba isih menangi jaman saparipurnane
Bharatayuda, klebu melu nyekseni sirnane trah Yadawa.
Banjur endi sing bener? Ora ana sing bisa menehi wangsulan gumathok
sebab crita wayang dudu sejarah. Sedhenge sejarah wae uga ana maneka versi.
Tuladhane kaya papan laire WR Supratman, ana sing kandha ing Jakarta,
Purbalingga lan Surabaya. Pandhemenwayang kulit bisa nampa rong versi patine
Raden Samba mau. Awit lakon wayang mono prodhuk imajinasi.
Beda-bedane lakon asring disebabake dening punggawa kang gawe pakem kuwi.
Kanggo dalan tengah ngenani patine Raden Samba ana
sawijining ensiklopedi wayang sing nyebutake lamun sawise Raden Samba tumekeng
pati jalaran dijuwing-juwing dening Prabu Boma, jasade satriya Paranggarudha
kuwi diuripake maneh nganggo cangkok Kembang Wijaya Kusuma kagungane Sri
Bathara Kresna.
Daya khasiate cangkok Kembang Wijaya Kusuma bisa nguripake pawongan kang tumekeng pati
durung titi mangsane. Mbokmenawa iku bisa dalan tengah kanggo rong versi patine
Raden Samba sadurunge Bharatayuda apa sawise. Wusana sumangga. (*)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokÂmenawa