Sakondure saka Mekah Apa Siap Maca Donga lan Dadi Imam Shalat?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 56 kali

Prosesi haji 1348 H wis rampung, 510 kloter jemaah haji Indonesia wiwit padha kondur liwat embarkasine dhewe-dhewe. Sakondure saka Mekah kanthi slamet, diajab kabeh bisoa dadi haji mabrur. Iku dudu perkara gampang. Pitakonan sing ngglethek wae, kira-kira wis siap apa durung menawa didhaulat tangga teparone: maca donga wong kenduren utawa dadi imam shalat Maghrib, Isya lan Subuhan?

MANGSA haji tahun 2001 (1421 H). Pesawat Garuda sing momot calhaj ONH Plus liwat biro perjalanan Alkautsar ndharat kanthi slamet ing bandara King Abdul Azis ngarepake subuh. Rampung pepriksan imigrasi, jebul akeh sing pa­dha kusung-kusung menyang toilet. Ora mung saperlu turas, akeh uga sing padha mules-mules nganti –nuwun sewu– mencret-mencret. Bisa uga merga menu sop macaroni sing didhahar sawatara jam sadurunge, ana sajroning pesawat.

Ana sawijining embah-embah sing nganti metu saka toilet isih ngganda “amrik minging” merga kurang permati ang­gone reresik awak, mangka wis dila­wani putrane barang. Tumrape wong Jawa, mencret-mencret kuwi tembunge liya: mabyur. Mula karo mlebu kamar hotel, ana sing nggrundel, “Ealah, du­rung entuk haji mabrur, malah wis dadi haji mabyur sik…..!” Sabar, sabar. Go­dhane wong ngibadah haji pancen akeh banget, lan kudu disikepi kanthi sabarrrr.

 

Haji kok ora salat

Haji mabrur mono pancen pangajabe wong sing lagi mulih saka ngibadah haji ing Mekah-Madinah. Iku donga sing tan­sah dadi pangajabe para tangga teparo rikala ratiban ana daleme calhaj rikala arep budhal menyang embarkasi. Iku dudu perkara gampang. Kejaba tandha-tandhane haji mabrur mono ora kasat mata, wong sing mulih saka munggah haji ana “sanggan” tambahan, tindak tanduk lan muna muni kudu luwih jinaga, aja nganti ana ukara, “Wong haji kok kaya ngono!”

Ing mangsa haji 1438 H iki, gungguhe jemaah haji Indonesia bali normal dadi 221.000 maneh. Lumantar 510 kloter (klompok terbang) kang sumebar ing 13 embarkasi, wiwit Rebo tanggal 6 Sep­tember wingi padha kondur liwat em­barkasi dhaerahe dhewe-dhewe. Sing bisa bali slamet tekan bumi wutah getihe padha muji syukur, isih bisa ketemu karo kulawargane. Dene sing mung mulih aran amarga seda ing Mekah-Madinah, bisane yang mung didongakake, muga ketampa kabeh amale lan jembara kubure.

Ing jaman era gombalisasi dinane iki, munggah haji kuwi ora mung cukup pa­witan bandha, tenaga lan ilmu. Senajan tenaga, ilmune lan reyal (dhuwit) ana, yen ora tiba jadwal, ya ora bakal budhal. Maklum, saiki munggah kaji mono waiting list (daftar tunggu)-e jan ora umum. Yen mung nunggu nganti 5 taun wae isih lumrah. Nanging ana dhaerah sing antri hajine nganti 30-35 taun, kaya dene ing Sulawesi Selatan.

Ing Sulsel kana, yen ndaftare taun 2015 upamane, nembe bisa budhal taun 2050. Yan saiki wis ngumur seket taun, mangkate mbesuk wis dadi haji manula. Ya yen umure nyandhak. Lha yen ora? Mula ana sing nglanyokake, antri haji nganti 35 taun kuwi pilihane kari loro: sida budhal menyang Mekah alma­karomah senajan wis embah-embah, utawa dibudhalake menyang TPU (Tempat Pemakamam Umum).

Taun 2016 wingi gunggunge waiting list haji Indonesia nganti 3 juta. Senajan wis kalong 221.000 taun 2017 iki, merga pendaftar anyar terus mbanyu mili, waiting list-e ora akeh sudane. Kemenag wis nyoba nyuda gunggunge pendaftar kanthi nglarangi wong sing wis nate munggah haji, ora kena budhal maneh. Mangka jan-jane, akeh uga wong sing jan-jane ora butuh munggah haji, na­nging merga isin karo maratuwa lan tangga, tetep budhal. Apa sing kaya ngene iki pemerintah bisa menggak? Genah ora bisa.

Wong sing munggah haji modhel ngene iki, mung nambah-nambahi jatah thok. Akeh lho, sing wis munggah haji tetep ora shalat. Malah ana lho, kerep haji lan umrah, omahe nggelar pengajian kanthi ustadz TV, ning wong kasebut sedinane ora shalat. Paling tragis, rikala bojone mati karangan bunga kabeh saka panti pijat!

 

Diwelehake ing Mekah 

Wong sing kaya ngono mau percuma wae munggah haji. Mangka sing liyane, impen-impenen kapan bisa nindakake rukun Islam ka-5, nanging dhuwite ora nate cukup. Mula nate ana ing Jakarta, rikala dening kantore didadekake haji abidin (atas biaya dinas), langsung pesen kartu nama H. Anu.....; mangka budhale nembe taun ngarep. Suwalike ana uga, senajan wis munggah haji, tetep ora nggunakake “titel” H ing ngarep jenenge. Menganggo uga tetep lumrah, ora gelem nganggo peci putih utawa sorbanan, apa maneh nganggo jubah kaya Habib Rijiek, trima prei.

Suwalike ana uga wong sing wedi munggah haji merga “trauma” karo crita utawa pengalamane wong sing wis nate tindak Mekah. Jarene, apa amale ing Indonesia bakal diwelehake. Ana sing riyake ditadhahi lan diombe maneh kaya cincau, amarga ongkose budhal haji kanthi ngedol lemah sing wis dihibahake marang anak. Ana sing yen mbukak Qur’an ing Masjidil Haram (Mekah), Nabawi (Madinah) lan hotel, pijer kete­mu surat Anissa ayat 3 (entuk poligami yen sembada – Red); jalaran rikala arep budhal haji dijak nikah siri karo randha CLBK (cinta lama bersemi kembali)-ne ning emoh.

Nyandhang titel haji pancen ora entheng tanggungjawabe. Tindak-tanduk, muna-muni kudu dadi luwih Islami. Yen wis menyang Mekah-Medi­nah kok kelakuwane isih menyunyang nunjangpalang kaya sadurunge budhal, mesthi akeh sing mbatin kaya dene sing katur ngarep, “Wong haji kok kaya ngono.” Kuwi jenenge haji.....glok alias sorban palid (keli) yen manut basane wong Sunda.

Paling abot, wong yen wis munggah haji dianggep putus lan bontos salwiring ngelmu keislaman. Mangka akeh wae haji sing ana Mekah kana akeh nggu­nakake donga “Sapu Jagad” betheke durung nguwasani dongane wong nin­dakake haji. Wekasane, bareng mulih haji langsung didhaulat ndongani wong kenduren, malah adhem panas. Apa ora kojur jenenge yen bisane mung “allohuma-allohuma....” thok.

Paling kerep, didhaulat dikon dadi imam rikala salat jamaah. Yen salat Dhu­hur, lan Asar ora ketok, wong suwara pamacane ayat-ayat Qur’an mung lirih wae. Lha yen shalat Magrib, Isya nganti Subuhan apa ora cilekek, yen surat-surat Jus’ama wae ora apal. Saking grogine, maca surat Alkafirun dadi muter-muter ora ana rampunge. Jemaah sing mak­mum nganti eli-elik, “Lakum dinukum waliyadine, endi?”

 

Nggayuh haji mabrur

Manut gothek sing salah bin kaprah, jare wong sing nembe mulih haji nganti 40 dina lawase bakal dikawal malaikat. Kabeh dongane jare bakal mustajab alias dikabulake. Krana mengkono akeh wong sing nembe mulih haji padha dijaluki pandonga para tamune, kareben bisa ketularan munggah haji. Ora ketang isih gerok lan watuk, tinimbang gawe gelane liyan, didongani sakbisane. Racake wong mulih haji pancen bakal ketaman watuk, senajan ta wis ngombe obat anti ika-iki rikala budhal. Jarene mung onta sing ora watuk ana Mekah.

Tantangan sing paling abot tumrape wong sing nembe mulih haji, bisa apa ora ngancik tataran haji mabrur? Sing akeh malah haji mabur, alias muspra nga­male haji. Awit jaman saiki kerep dumadi, munggah haji saka dhuwit so­gok. Bareng konangan KPK, dadi urusan. Dhek taun 2001 nate kedadeyan. Jemaah haji saka Lampung, lagi tekan ngomah wis ditangkep Kejaksaan, amarga pejabat Dinas Kehutanan mau kesangkut kasus korupsi.

Dhek mangsa haji taun 2013, Ka­satpol PP dan WH)  Aceh, Khalidin Lhoong, mulih saka haji uga langsung ditahan polisi, amarga nyathut gaji 1.000 Satpol PP kontrak. Banjur dhek per­tengahan Oktober 2015 kepungkur, eks Bupati Kendal (Jateng) Siti Nurmakesi uga ditangkep Kejaksaan Negeri Jakarta, samulihe munggah haji. Dheweke ditahan amarga kesangkut kasus korupsi Bansos taun 2010.

Banjur kepriye carane bisa dadi haji mabrur? Tobat sawise munggah haji, ngamale dadi luwih becik, atine dadi resik, ilmu lan ngamale dadi luwih man­tep lan bener; kuwi mujudake tetenger utawa tandhane haji mabrur. Wong sing hajine mabrur, ndadekake ngibadah ha­jine minangka pancadan mbukak lem­baran anyar kanggo nggayuh ridlaning Pangeran. Dheweke bakal sangsaya akrab karo urusan ngakerat mbesuk, tinimbang urusan donya.

Ngulama Al-Hasan al-Bashri mra­telakake, “Haji mabrur yaiku bali marang kahanan zuhud marang kadonyan lan nresnani ngakerat. Uga dingendikakake, “Tengere yaiku: nyingkiri pakarti ala kang kulina ditindakake sadurunge munggah kaji. Ngulama Ibnu Hajar al-Haitami uga mratelakake, “Tandha-tandha yen hajine ketampa yaiku:  ninggalake maksiat kang biyen ditindakake, nindakake pakarti kang becik lan ninggalake pakarti dur sing sar­wa ngawur pating mblasur. (Gunarso TS)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure