Uyah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 490 kali

Iki ganjaran apa lelakon. Wong sakomah kena lelara wae kok ya ndadak nganggo antri. Siji mari ban­jur disusul liyane. Nanging pi­ye maneh, wong nyatane ka­ya ngono. Karomaneh sing je­nenge lelara tekane pancen ora bisa dinyana-nyana, uga ora ndadak nganggo milih-mi­lih sapa wonge lan kapan wek­tune. Ngerti-ngerti teka tanpa taha-taha.

Kaya sing daktemahi, em­buh apa jalarane mulih saka nyambut gawe dumadakan awak­ku rasane gemreges lan sirah nggliyeng. Kaya arep sam­bat-sambata. Untunge wae ora perlu ndadak ngombe obat apamaneh menyang dhok­ter. Cukup dikeroki, awak rasane dadi kepenak lan en­theng maneh. Esuke wis bisa mangkat nyambut gawe kaya biasane.

Ora gantalan wektu bojoku genti sing sambat. Jarene sikile rasane lara banget lan malah rada abuh. Gelem ora gelem kudu dakgawa menyang dhokter. Jebul asam urate lumayan dhuwur. Durung nganti obat saka dhokter entek lan sikile isih krasa rada senut-senut, saiki malah genti anakku mbarep sambat wetenge lara. Sawise dakpriksakake menyang dokter jarene maag-e kumat.

Nyawang kahanan ngene iki aku mung ngudarasa dhewe, jebul awak wa­ras kuwi larang regane. Mula kaya ngapa senenging ati yen ing saben dina­ne tansah pinaringan seger waras. Kuwi mujudake kanugrahan sing tanpa umpa­ma lan kudu disyukuri. Nyatane angger awak rada sulaya sithik wae rasane wis ora karuwan. Arep nandangi apa-apa rasane mung aras-arasen. Yen wis ngo­no palinga mung kanggo leren utawa tu­ron, kuwi wae rasane tetep sarwa ora kepenak.

Nedheng-nedhenge nggagas kaha­na­ne omahku sing pancene lagi oleh gan­jaran lelara, dumadakan aku krungu swa­rane sepedha motor sing kaya-kaya mandheg ing ngarep omah. Kepeksa aku mlaku tumuju lawang ngarep, sapa be­ngi-bengi ngene arep mertamu. Sawi­se mbukak lawang, jebul Widodo wis nga­deg ana teras.

“Dakkira sapa, Wid,” tembungku ma­rang dheweke, banjur dakajak mlebu omah.

“Arep menehi kabar apa utawa ana perlu?” tembungku maneh sawise dhe­weke lungguh.

“Mung dolan wae karo mertakake jare kowe karo anak bojomu lagi oleh gan­jaran,” wangsulane dikantheni pola­tan sing sajak serius.

“Iya, bener. Mbokmenawa wae iki lagi jatahe kulawargaku. Gusti Allah isih kepareng ngemutake perlune njaga awak murih ajeg waras.”

Widodo ora nyambungi, nanging ma­lah meneng. Kaya-kaya lagi ana sing dipi­kir. Nanging ora suwe, banjur keprungu kandhane, “Aja-aja lelara sing mboksan­dhang sakulawargamu krana ana bab-bab sing ora beres. Iki yen dideleng saka ka­camata spiritual lho.”

“Haiyah, pikiranmu kok neka-neka te­kan kono barang. Mbokmenawa wae iki mung merga kekeselen lan ora tertib ang­gone mangan wae,” tembungku en­theng wae, adhedhasar pikiran sing ilmiah.

“Kena wae kowe omong kaya ngono. Nanging sapa ngerti kabeh mau krana bab-bab sing ora ketemu nalar.”

Aku mung………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure