Upacara Adat Nyadar Kanggo Leluhure Wong Sumenep Kang Gawe Uyah
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 191 kali

Upacara adat Nyadar yaiku upa­cara kanthi ancas tujuan kanggo mulyak­ake wong Sumenep kang wis marisake carane gawe uyah. Upacara iki dileksa­nakake dening masyarakat Pinggirpapas ing kompleks makam Pangeran Angga­suta kang dununge ing Desa Kebunda­dap, Kecamatan Saronggi, Kabupaten Sumenep. Upacara Nyadar utawa Nadar dileksanakake adhedhasar kapercayaan bab kisah sugenge sawijining mubaligh Islam kang asmane Syekh Anggasuta, kang dening masyarakat luwih dikenal kanthi sebutan Embah Anggasuta kang teka ing Sumenep. Dheweke teka saka Cirebon, ning asale saka negara Arab/Parsi. Tujuan sakawit menyang Sumenep kanggo nyebarake agama Islam, ing per­ja­lanan tumuju arah magetan, dheweke ngliwati treteg rante, banjur mangidul nganti tekan ing sawijining pesisir ing Desa Pinggirpapas. Nalika banyu arat, dheweke weruh tipak sikil sing gedhe banget. Sawise sawetara dina ing tipak sikil kasebut ana prongkolan uyah, saka prastawa iki Syekh Anggasuta banjur nyoba marahi carane gawe uyah marang masyarakat Desa Pinggirpapas. Pungka­sane pakulinane gawe uyah dileksanak­ake nganti saiki, sabanjure Kabupaten Sumenep banjur dadi kondhang minang­ka pabrike uyah.

Kejaba Pangeran Anggasuta, tokoh-tokoh liya sing tansah dimulyakake de­ning masyarakat Pinggirpapas yaiku Syeh Kuasa, Embah Dukun, lan Embah Bang­sa. Syeh Kuasa yaiku adhine Anggasuta kang diwenehi kekuasaan kanggo ngatur warga Pinggirpapas. Adhine Anggasuta kang diwenehi kekuasaan kanggo ngatur warga Pinggirpapas. Adhine Anggasuta kang asmane Indusari dijodhokake karo Embah Bangsa kang asale saka Sula­wesi. Wondene Embah Dukun sing asale saka Banten minangka pembantune Anggasuta.

Ing perkembangan sabanjure, saben wulan Mulud sadurunge panen uyah, warga Desa Pinggirpapas nganakake upacara Nadar ora mung kanggo ngeling-eling, lan ngurmati arwahe leluhur, ning uga kanggo ningkatake syiar agama Islam. Bab kasebut katon saka anggone memaca naskah-naskah kuna kang isine ajaran Islam kang bisa dida­dek­ake tuntunan urip ing saben ndinane.

Ing wektu upacara Nyadar dileksa­nak­ake, maneka barang pusaka antara liya arupa tombak lan keris diwetokake minangka perlengkapan upacara. Barang-barang pusaka kasebut diwetokake setaun sepisan, sadurunge digunakake, barang-barang pusaka kasebut diresiki lan digawekake sajen. Malah, sawetara sesepuh nindakake pasa amrih upacara bisa lumaku lancar. Sawetara dina sadu­runge pelaksanaan upacara, disiapake piring keramik gedhe kang sinebut pan­jang kang digunakake minangka papan panganan. Seminggu sadurunge tanggal  sing ditemtokake dianakake korabhan “ngecet kompleks makam”. Pemimpin upacara adat diatur adhe­dhasar keturun­an kapapat tokoh, mung keturunan Syeh Kuasa kang diolehi nu­thukake palu kanggo ngesahake kapu­tusan. Kapapat pemimpin dibantu dening pengulu kang uga adhedhasar ketu­runan, kejaba iku uga dibantu dening juru donga.

Upacara adat Nyadar nduweni sawe­tara persyaratan kang kudu diugemi dening kabeh warga, yaiku: ora oleh sa­durunge 12 Mulud, nilai keslametan ora oleh ngluwihi nilai pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW, biaya pelaksanaan kudu halal, dudu saka olehe utang kudu rukun lair batin, wanita kang lagi ngga­rapsari ora oleh melu lan peserta Nyadar kudu melu ngestreni prayakan Maulud Nabi luwih dhisik. Yen persyaratan iki dilanggar,biasane segane sing didang kanggo upacara ora bakal mateng.

Upacara Nyadar dileksanakake se­taun nganti kaping telu, upacara Nadar sing sepisanan ditindakake sakitere wu­lan Juni. Ing wektu iku wis wektune ngu­sul­ake banyu tuwa, yaiku banyu sing ka­dar uyahe dhuwur minangka bahan uta­ma kanggo gawe uyah. Ing wulan Juni peta­ni uyah wis wiwit manen uyahe, sa­wise panen uyah ditindakake kaping loro nganti kaping telu ing wulan Juli, upa­cara Nadar kaloro wiwit dileksanak­ake kang tumiba ing wulan Agustus. Ing wu­lan iki panen uyah isih lumaku, nalika pa­nen uyah wis wiwit mungkur (bar). Yaiku ing wulan September, upacara katelu wiwit dileksanakake. Ing wulan kasebut mang­sa ketiga wis wiwit bar saengga masya­rakat Pinggirpapas wiwit mapag mangsa rendheg lan siap-siap kanggo nganti lahan uyah dadi lahan tambak iwak.

Perlengkapan upacara sing sepisa­nan lan kaloro padha, yaiku kembang lan wedhak sarta menyan ditambah sega lan lelawuhan arupa pitik, endhog sarta bandeng. Ing Nadar katelu, barang-barang lan alat-alat upacara kang diwe­tokake luwih akeh maneh. Ana sing

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure