Ruwatan ing Gunung Lanang Amrih Luwih Siap Nglakoni Urip
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 38 kali

Ing jaman milenial, gelar gulung tra­dhisi ruwatan ora mung mi­nang­ka sa­rana reresik diri pribadi, amrih luwih siyap ngadhepi ombak ambyuke jaman. Dening pamarentah dhaerah uga didu­nungke minangka sarana majoke pari­wisata. Kepara ana sing wis kacathet da­di bageyan even budaya ngenggon.

Kadidene tradhisi ruwatan sing luma­ku ing Panepen Gunung Lanang Congot Sindutan, Kecamatan Temon, Kabupaten Kulonprogo. Uga karan Panepen Astana Jingga. Dianakake dening Paguyuban Ladang Gunung Lanang mbarengi tuma­pake malem siji Sura. Kapangarsa Ki Su­wa­sana sarta kabiyantu sawatara sese­puh ing laku.

Ki Suwasana yaiku saweneh pandhe­men laku budaya spiritual Jawa. Jaman mbangun Panepen Gunung Lanang taun 1989, isih ngasta ana ing Kantor Kejak­saan Jakarta. Anggone wiwit mbangun, ora suwe sakwise nampa sasmita nge­na­ni saweneh papan patilasan sing ana ing sapinggire segara kidul.

Sawise kahanane panepen jangkep, dikepyakake taun 2000 kanthi acara mi­rung­gan. Ngaturi rawuh para paraga lin­tas iman saka sawatara agama sarta ali­ran kapracayan. Tradhisi ruwatan sing sakawit isih bolong-bolong, tata rakit sarta piranti pangruwat banjur digawe ran­cag sarta tumata. Lestari nganti dina­ne iki.

“Tujuwanipun ruwatan kangge mber­­sihi diri pribadi, supados langkung siyap nglampahi gesang sarta tebih sa­king rubeda,” mangkono pratelane Ki Su­wasana.

Rerangkening acara ruwatan, kawi­wi­tan reresik wewengkon panepen. Ku­rang luwih rong minggu sakdurunge tata gelaring acara. Sing katindakake yaiku nga­nyarake cet tembok. Niti priksa we­weng­kon sumur tirta kencana sing bakal digu­nakake kanggo ruwatan. Ing kono didu­nungake pengaron gedhe cacah loro.

Jenenge pengaron ana gegayutane kalawan lelakone Dewi Nawangwulan sarta Dewi Nawangsih. Miturut Ki Suwa­sana, jaman semana, nalika sumur Tirta Kencana isih wujud belik, kocap dadi pasi­ramane Dewi Nawangwulan sarta Dewi Nawangsih. Mula minangka pepe­nget, pengaron sisih Kidul winastan Na­wang­wulan, sing sisih lor winastan Na­wangsih.

Liya iku nitipriksa sawernane lampu. Utamane lampu sing ana ing Purna Grha Kencana, papan kanggo persiapan ruwa­tan sarta kanggo ndunungke sawernane ubarampe ruwatan sarta sarana laku sa­jrone mapag taun warsa Jawa anyar. Ban­jur nganyarake cet tembok sarta ga­wangan.

Temboke dicet werna putih. Dene ga­wangan dicet ijo sarupa werna ijo sing kalumrah digunake ana ing kraton. Na­nging mbuh apa sing dadi jalarane, du­rung bisa nemu werna cet sing cocog. Sanajan mangkono ora ngurangi rasa ka­endahan wewangunan sing yektine lambang wewangunan sing ana ing alam sepi.

Sedina sadurunge, wiwit nyiapake papan panggelare wayang kulit ana ing plataran sisih ngarep Sumur Tirta Kenca­na. Tendha didegake mujur ngalor ngi­dul. Panggung katata ana ing siring kidul. Semono uga kelir katata ngadhepake ma­syarakat sing nonton ing sisih Kidul. Dina esuke wiwit nyiapake sawernane ubarampe ruwatan.

Kendhi cacah sanga didunungke ing ndhuwur padasan sarta jagrag. Katata lelarikan ana ing ngarep sumur Tirta Ken­cana kanthi formasi 3, 2, 1, 1, 2. Ing dhu­wur kendhi sarta lambe padasan ri­nengga reroncen sekar mlati apepucuk se­kar kanthil. Semono uga ing ngarep lawang Grha Purna Kencana, ngiwa ne­ngen katata kendhi cacah enem.

Pengaron sakembaran cedhak sumur kaisenan banyu sarta sawernane uba­rampe. Ing njeron banyu diwenehi en­dhog pitik sarta endhog banyak. Saben ruwatan, gunggunge endhog sing dile­boke ora mesthi padha. Ing ndhuwur ka­sawuran kembang mawar abang putih, kenanga sarta kanthil.

Sabageyan ubarampe upacara katata ana ing sisih njero sarta ngarep Purna Grha Kencana. Upamane kaca pengilon wangun gunungan cacah pitu, gunu­ngan, pecut sarta wayang kulit. Sirah kebo didunungke ana ing ngisor uwit mundhu, kapernah ngarep sumur Tirta Kencana.

Sabageyan liyane katata ing ngarep kelir. Upamane gunungan palawija, bang­sane pala kependhem mentah sarta sing wis kagodhog, sawernane wowohan, pari, tumpeng mawerna, ingkung, kem­bang telon, klapa, sirah kebo, kewan iber-iberan, pecut, jajan pasar.

Katerusake nata panggung kanggo gelaraning wayang kulit. Dhalange saben ruwatan ora mesthi padha. Nate nang­gap dhalang ruwat Ki Timbul Hadi Prayit­no, Ki Hadi Sugito. Beya nanggap uga ora padha, gumantung asile rerembugan pihak panitia kalawan dhalang.

Wanci sore nata puser gunung lanang minangka pepunjer laku budaya spiritual Jawa, mapag taun anyar kanthi si­kep rasa pasrah narima. Ubarampe se­saji saben malem siji sura ora mesthi padha. Semono uga tata rakite laku. nanging sing mesthi nganggo ngubengi puser kaping pitu wiwit saka ngisor.

Ngancik titi wancine ruwatan, para pasarta padha nyiapake diri pribadine dhewe-dhewe. amrih siyap, dening Ki Swasana, pasarta ruwatan sing ngrasuk agama kangjeng Nabi Muhammad ka­dha­wuhan maca sawatara ayat suci ing musholla. Dene sing ngrasuk agama Ka­tolik kadhawuhan dedonga Rosario.

Tumanduke ruwatan kabagi dadi sa­watara rambahan. Saben rambahan ra­cak dumadi saka  wong 21.  Pangageme werna loro, nganggo kain bathik sarta kain mori putih. Kekalung roncen kem­bang mlathi apepucuk kembang kanthil. Anggone miwiti ruwatan kurang luwih jam wolu.

Sawise pasarta ruwatan lungguh ana ing kursi ngarepake kendhi, Ki Suwasana miwiti acara kanthi nindake ritual ana ing ngarep sumur. Tangan tengen kaa­cungke ana ing akasa minangka tandha manunggaling rasa sepi kalawan kaha­nan nyata sing dumadi sajrone ruwatan. Swasana karasa jenjem premanem.

Para pasarta banjur reresik migu­nake banyu sing asale saka Sumur Tirta Kencana. Sakawit reresik migunake ba­nyu sing mancur saka padasan. Sawise entek banjur migunake banyu sing ana ing kendhi. Dicurake ana ing ndhuwur sirah nganti entek. Kabeh katindake dhewe-dhewe.

Ki Suwasana banjur ngrukti kahana­ne sing melu ruwatan mbaka siji. Panin­dake siji lan sijine ora mesthi padha. Ana sing sirahe kausar-usar nganggo rambut. Raine diresiki wola wali munggah mu­dhun. Gegere semune kaelus munggah mudhun. Ana uga sing sirahe mung di­tumpangi telapak tangane Ki Suwasana.

Miturut piterange Ki Suwasana, du­madine prabeda panindake ruwatan ora merga mbedakake siji lan sijine, nanging merga kahanan sing diruwat siji lan sijine ora mesthi padha. Sing mesthi padha kateruske kanthi nigas rambut. Tugelan rambut banjur didadeke siji ana ing pi­ring. Ing mengkone bakal kalabuh beba­rengan ubarampe liyane.

Para pasarta banjur kadhawuhan gan­ti panganggo sarta atur pandonga syukur miturut kapitayane dhewe-dhe­we. Mbarengi lan wiwitane ruwatan, ki dhalang uga wiwit dhalang. Ing kono katon rawuh bupati Kulonprogo bebare­ngan anggota forpimda. Saperlu tetinjo lumampahe tradisi ruwatan.

Dina esuke para pasarta ruwatan nindake labuhan ana ing pesisir  Congot. Ing kono kadhangkala ana ing kadha­wuhan raup utawa disirami nganggo banyu segara. Sakabehe ubarampe ruwatan klebu sirah kebo kalabuh mbaka siji.

Rerangkening tradhisi ruwatan ka­pungkasi kanthi ndhahar jenang sungsum bebarengan kanthi ati bungah. Awit ru­mangsa luwih siyap nglakoni urip ing dina candhake. Kanthi pangajab amrih lancar sakabehe. Ingedohke saka saliring sambikala. Nuwun

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kita kesel lan gela, mula satemene nalika kuwi kita lagi sinau bab “kesabaran...”.

Klik

JAGO MOGE IBU WAWALI

Martha Catur Wurihandini, sisihane Wakil Wali Kota Depok Pradi Supriatna iki pranyata nduweni hobi kang cukup ekstrem. Yakuwi nin¬dakake freestyle nganggo motor gede Harley-Davidson. Aksi kang ngundang gawok ibu pejabat siji iki katon ing perayaan HUT Polwan ka 69, ing lapangan Polda Metro Jaya, mentas iki. Ya, saliyane minangka sisihane Wakil Wali Kota Depok, Martha pranyata sawijining perwira Polri kanthi pangkat Inspektur Satu. (d/ist)***

Pethilan

Rencana-rencana anggaran ASEAN Games kaco

Atlete ditarget oleh emas akeh!

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Kabukten warung Padhang ana ing ngendi-endi …

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Mangka ing Singgapur ora ana partai Islam