Kerajinan Diorama Pring Apus
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pojok UKM - Dibaca: 28 kali

Kerajinan saka pring kang nye­ritakake kedadeyan urip wektu iki durung akeh sing nindakake, kaya dene pa­karyan kang ditekuni Ibnu. Miturut kan­dhane, pakaryan apa wae yen di­lakoni kanthi temen temtu bisa ngasilake dhuwit, senadyan panggawean mau tuwuh saka kreatifitas kang ora dinuga. Pring apus kang uwis ora digunakake ing proyek bangunan, dening Gringsing Ibnu Handoko  didhaur-ulang bisa ngasilake seni kerajinan tangan kang nduweni reregan dhuwit cukup lumayan.

Nalika ditemoni ana ing sanggar  ‘Lugoed Bamboe Art‘ Ibnu nyeritakake wiwit sepisan anggone ndhemeni pakaryan seni kerajinan Lugoed Bamboe.

Dheweke kandha, sadurunge dadi pengrajin Lugoed Bamboo, Ibnu nate nyambut gawe ana ing salah sijine pabrik mebel ing kutho Solo. Panggautan dadi tukang finishing mebel kanggone Ibnu mung nyukupi kanggo urip awake dhewe. Mangan udud ing wektu seming­gu ora tutug, apa maneh kanggo nyukupi kebutuhan urip saben ndina.

“Mangan, menehi sangu anak sekolah lan kebutuhan liya ora cukup,” kandhane nandhesake rekasane uripe nalika mbahu ana ing pabrik mebel.

Kreativitas Ibnu pancen uwis ndu­weni, amarga lair saka rah seni wong tuwane. Mula ora nggumun yen saka tangane lair seni kerajinan Lugoed Bamboe kang nduweni reregan ekonomi kang mura­kabi. Mung wae nalika semana, seni kreatifitas Lugoed Bamboo  durung di­asah lan didhemeni kanthi tekun. Dice­ritakake, nalika nyambut gawe ana ing pabrik mebel, Ibnu asring dijaluki tulung sanggar senitari lan teater minangka nggawe maneka werna kebutuhan pentas. Wiwit saka dhekorasi panggung nganti tumeka penganggon, Ibnu bisa nggawekake.

Kreativitas miturut Ibnu ora bisa ilang, saben dibutuhake kreatifitas bisa neneka semangsa mangsa, gumantung ide kang cumondhok ana ing pikirane. Ide kera­jinan Lugoed Bamboo pring apus kan­dhane Ibnu, sing sepisan kawiwitan nalika Ibnu kepingin nggawekake do­lanan kanggo anake. Rikala mancing ana ing pinggir kali, dhewekke weruh pring apus gumlethak ora adoh saka papan pancingan. Pring apus kang ora digu­nakake banjur di sigar lan disiseti tipis tipis kanggo nggawe dolanan bocah awujud kapal pinisi.

Sawise disiseti, wilahan pring apus dipotong cendhak cendhak lan di sambung mawa sarana lem, saengga bisa diwangun mawujud kapal pinishi. Dening anakke, kapal pinisi asil kerajinan wong tuwane dinggo dolanan karo kancane. Lair saka ide nggawekake dolanan kanggo anake, sithik saka sithik Ibnu banjur ndhemeni kerajinan Lugoed Bamboo. Nalika durung dadi panggautan baku, asile kerajinan cukup kanggo sesawangan ana ing omah. Yen ana kanca sing dhemen mung diwenehake.

“Saben dina aku terus  nggawe kerajinan pring apus,“ ujare.

“Sithik saka sithik asile kerajinan sansaya akeh,” Imbuh Ibnu.

Asile kerajinan nalika semana maneka werna, ana kapal pinisi, perahu layar, pesawat terbang, montor roda papat lan sakliyane. Taun 2007 Ibnu keta­mon kancane ana ngomahe kang mratelakake asile kerajinan apik lan diwenehi ide didol menyang pasar cinderamata. Ide dodolan kerajinan banjur dileksanakake menyang night market Ngarsopura, lan asile cukup lumayan.

“Saben kerajinan kapal pinisi siji payu 35 ewu rupiyah,” ujare nyritakake.

Cukup modhal lem telung ewu rupiah imbuh Ibnu ngandhakake, kerajinan Lugoed Bamboo pring apus uwis bisa diasilake. Night market Ngarsopura dadi pasar kanggo ngrembakaake kerajinan pring apus. Senadyan bukak ana ing wayah dina malem minggu, nanging mi­turut Ibnu, asile dodolan cukup lumayan. Bisa kanggo nyukupi kebutuhan urip saben ndina. Sithik saka setithik asile duwit kerajinan sansaya akeh. Seni kerajinan sing di asilake uga maneka werna. Akeh jinis model kerajinan dilair­ake, ana ing kreativitase Ibnu nglairake seni kerajinan deorama kang nyeritak­ake penguripan sosial warga masyarakat saben dinane.

Kerajinan Lugoed Bamboo diorama ing antarane ngocapake bakul angkri­ngan, bakul soto, bakul dhawet lan para pawongan sing padha tetukonan ana ing gerobak bakulan. Kerajinan deorama nggunakake bahan baku recycle daur ulang. Kaya tatali bekas karung goni, kertas sak semen, kawat lan pring apus sing uwis ora digunakake ana ing proyek bangunan. Katerangane Ibnu, kajaba pring apus luwih garing, manfaatake limbah sampah pinangka kanggo cara reresik regetan.

“Jinis miniature kapal pinisi, montor mabur, montor roda papat, bis lan miniature kendaraan liyane, hamung didhemeni para komunitas. Saengga pawongan sing padha tetukon mligi para kelompok komunitas,” ujare Ibnu ngandhakake.

Kanggo nyandhak pasar kerajinan sing luwih amba, jinis deorama dadi salah sijine modhel kang diutamakake dening Ibnu.

Diceritakake anggone nggarap proses kera­jinan, pring apus kang uwis garing disiseti awujud wilahan lan disigar sigar miturut keper­luane. Wi­lahan gerobak ang­kringan, nggu­nakake sisetan dawa kurang luwih antara limang senti. Sisetan sisetan wilahan mau banjur di tata ana rangka pring gerobak lan di templek­ake nganggo  lem.

“Kabeh si­setan kang uwis ditata awujud gerobak kaya dene miniature gerobak angkri­ngan,” kandhane nerangake.

 Kanggo ngetokake cerita ana ing kerajinan, Ibnu nambahi pawongan kang padha tetukon ana ing angkringan mawa bahan baku benang karung goni. Liyane benang karung goni, Ibnu nggunakake kawat, lem lan kertas sak semen pi­nangka kanggo nggawe klambi pawo­ngan. Sing sepisanana ing penggawea­ne, kawat luwih dhisik di tekuk pinangka kanggo nggawe rangka pawongan. Rangka sing uwis wujud, banjur diblebet benang karung goni lan di wenehi klambi bahan  kertas sak semen.

“Pawongan sing uwis maujud bisa diwangun mawerna solahe. Ana pa­wongan lungguh ngisor, lungguh lincak lan ngadek dodol angkringan,” ujare Ibnu ngenani cerita kerajinan deorama

Ditambahake dening Ibnu, kejaba bakul angkringan, ana uga kera-           jinan Lugud Bamboo diorama sing nyeritake pawongan padha kerja bakti, bakul bakso, bakul dhawet, jaga wengi ana ing pos ronda lan cerita diorama liyane.

Anggone nggunakake pring apus ujare Ibnu, amarga pring apus luwih elastis lan gampang diwewangun mo­dhel apa wae. Pring petung, ori lan pring liyane uwis nate dicoba kanggo bahan baku kerajinan Lugoed Bamboo, nanging asile ora bisa apik. Saben Minggu Ibnu bisa ngasilake kerajinan deorama cacah rong puluh nganti tumeka selawe. Manekawerna ukuran ana sing cilik lan gedhe. Ukuran cilik diameter 14 x 11cm persegi di wenehi reregan pitung puluh lima ewu rupiah.

“Ukuran gedhe 15cm x 27cm diwenehi  reregan 250 ewu rupiah. Rega iki durung bisa dadi pathokan, kabeh gumantung saka angel lan gampange nalika nggarap,” kandhane.

Ukuran centimeter minangka pa­thokan reregan deorama digunakake kanggo nggawe alas kerajinan. Alas kerajinan nggunakake bahan baku triplek sing dipotong miturut ambane ukuran. Alas kerajinan kang uwis mawujud persegi, banjur diwenehi direrangken cerita kerajinan deorama ana ing  siseh ndhuwure. Kanggo ngetokake kerajinan tansaya apik, gerobak angkringan diwenehi lampu led. Sumber daya energy lampu led, Ibnu ngecakake bateray ukuran tegangan siji setengah volt cacah loro ana sisih ngisor alas kerajinan.

“Manekawerna sorot lampu led nambah kaindahane kerajinan,” ujare.

Produk kerajinan deorama Lugoed Bamboo art ora mung nate dipamerake ing pameran industry kreatif kutha Solo, nanging nate melu ngramekake pameran nasional ana ing Jakarta Convention Centre 2017 kanthi tema INAKRAF. Ora gampang melu andil ana ing pameran nasional, nalika daftarake menyang Pemerintah Daerah, asile kerajinan luwih dhisik diuji dening kurasi kanggo nemtokake layak lan orane melu andil ana ing pameran INAKRAF.

Atusan jinis dio­rama sing dielonake ana ing pameran laris kepayon akeh. Asile untung miturut Ibnu cukup lumayan. Du­rung maneh pesenan kang ditampa sang­gar Lugoed Bamboo uga lumayan cukup akeh.  Mung wae kabeh perlu panyeng­kuyung ngenani babagan modhal lan pemasaran. Babagan sakaloron mau dikarepake Ibnu, bisa tuwuh saka peran pemerintah. Amarga tanpa campur tangan Pemerintah, pengrajin ora bakal bisa ngrembakake kerajinan.

Dinas koperasi pinangka salah sijine lembaga kang ngampu industry kreatif ana ing kutha Solo, diajap bisa menehi modhal kerja. Ibnu lan para pengrajin kreatif liyane kepingin, asile kerajinan ora mung bisa dadi panggautan kang nyukupi keluwargane, nanging bisa uga nguripi masyarakat liyane.

(Judiantoro)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)