Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (10)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 24 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Nyimak makna kang kinandhut ing ayat ndhuwur, bisa dipahami lan dimangerteni,  manawa takdir kang pantog (final) iku, ma­nawa sawijining pawongan wus tumapak ing pati. Lha yen mangkono sak suwene urip iku ateges mung pikoleh takdir saun­tara, sewaktu-wektu takdir mau bisa owah. (priksanana Q.S. Ar-Ra’d (13):11). Allah iku Dzat kang Wicaksana, Maha Mu­rah. Manawa sawijining pawongan nin­dak­ake maksiyat, Allah ora langsung ma­trap­ake adzab (siksa). Allah kepareng paring tangguh (menunggunya), supaya pawongan mau gelem nindakake tobat (to­bat nasuha). Nuli Allah kepareng ngowahi takdir ala mau dadi takdir kang luwih becik. Suwalike, yen dheweke iku ora gelem mer­tobat, wusana nuli ketungka ajale, Allah banjur netepake takdir ala mu, mujudake katepan kang pantog (final).  Ing donya bakal pikioleh piwales trep karo pakartine. Dene ing Akhirat bakal pikoleh adzab. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Sanyata Allah bakal (kepareng) paring pangapura ing dosanira, sarta (karsa) nyarentekake ing sira kabeh (Allah kepa­reng paring inah panjang usia), dadia ke­longgaran  gelem eling marang mertobat, tumekan ana ing wektu kang katemtokake. Satemene wewenanging Allah iku mana­wa wus teka, ora kena diundurake maneh, manawa sira padha mangerti.” (Q.S. Nuh (74):4).

Lumrahe kita nganggep takdir kang du­madi tumraping pawongan iku asipat pan­tog (final), selawe urip, ditemtokake de­ning Allah sadurunge kita lair ing alam do­nya. Lan dumadi sateruse, ora bisa dio­wah­ake. Kamangka iku mung mujudake tak­dir awal (takdir dhasar) sing ora owah. Lha apa sebabe? Iki krana wus dumadi lan gawan bayi (terbawa sejak kelahiran kita).

Dene takdir liyane, ing dalem panguri­pan kita, tansah lumaku lan owah terus sasuwene urip (sepanjang usia). Takdir te­rus lumaku (bergerak) sak suwene  owahe wektu lan usia. Takdir dina iki owah, dadi takdir esuke. Takdir esuke bakal dadi takdir suk emben. Mangkono takdir  duma­di, sasuwene manungsa urip binarung karo kemurahane Allah marang kawulaNe.

 

(12). SINIMPEN ING LAUHUL MAHFUDZ

Ana sawatara ayat Al-Qur’an sing ne­rangake, manawa takdir iku wus cinathet ana ing Kitab (Lauhl Mahfudz) sadurunge cinipta. Ing ngisor iki bakal diaturake kete­rangane.

(a). Sebagean pawongan ana sing ngu­gemi, manawa Allah wus kepareng ne­tep­ake (nemtokake) takdir kita, sadu­rung kita lair ing donya. Mula saka iku kita ora bisa ngowahi takdir.

(b). Ana sebagean pawongan sing ora sarujuk marang kapitayan kasebut ing ndhuwur., nerangake, manawa takdir iku pancen ora ditetepake sadurunge kita lair, nanging ditemtokake binarung (seiring) karo proses sing lumaku. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan ana ing ngarsane Allah Pribadi kun­ci-kunci barang ghaib iku, ora ana sing mangerteni, kajaba mung Allah. Lan Pan­jenengaNe Ngawuningani marang sekabe­hing titah kang ana ing dharatan lan lautan lan ora ana godhong siji bae kang grogrog, kajaba PanjenengaNe mesthi  Ngawuni­nga­ni. Lan ora ana wiji kang runtuh ana ing bumi kang peteng, utawa ora ana wiji kang teles lan kang garing, kajaba kabeh mau wus tinulis ana ing Kitab, Lauhul Mahfudz).” (Q.S. Al-An’am (6):59).

Makna kang kinandhut ana ing ayat kang katur ing ndhuwur nerangake, mana­wa sekabehing kasunyatan ing Jagad Raya iki ngemot wiwit godhong sing runtuh (ron­tog), wiji ing dalem wetenge bumi, samu­barang sing teles lang sing garing, ing daratan lan lautan (segara) sarta sekabe­haning samubarang kang ghaib, kabeh mau wus cinathet ana ing Kitab (Lauhul Mah­fudz). Kajaba saka iku ana sawatara sedulur sing ndarbeni panemu, yen ayat kasebut khusus nggambarake samuba­rang (benda-benda) sarta sekabehing jinis  lan papane. Ora nerangake (nggambar­ake) fenomena (peristiwa) sing ana gan­dheng cenenge karo manungsa.  Mula saka iku ayat kasebut kurang trep minangka pa­wadan (argumentasi)  kanggo nggambar­ake takdire manungsa.  Manawa nasib kita wus tinulis awit sadurunge lair. Lha takdir tumraping manungsa beda karo makhluk liyane. Ayat kasebut ora nyebut (ora nye­butake) babagan wektu.

(c). Pemahaman kang katur ing ndhu­wur iku, rinasa kurang trep, sebabe ora mung samubarang sarta papan bae, kang wus cinathet ana ing Kitab (Lauhul Mah­fudz), nanging uga sekabehing tumindake (aktifitas) manungsa. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Lan sira Muhammad ! Ora ana ing sa­wi­jining perkara, lan ora ana pisan-pisan macakake (membacakan) sak ayat Al-Qur’an, lan sira uga ora pisan-pisan nin­dak­ake amal. Kajaba Ingsun kang nekseni  sira nalika  nindakake amal-amal iku. Lan ora ana kang samar tumrap Pangeranira sa­najan mung sasemut ireng gedhene kang dumunung ana ing bumi lan kang ana ing langit. Ana dene kang luwih cilik lan kang luwih gedhe tinimbang iku kabeh, kajaba kabeh mau wus katulis ana ng Kitab kang nyata, Lauhul Mahfudz.” (Q.S. Yunus (10):61),

Ayat kang katur ing ndhuwur kanthi gamblang nerangake, ora mung barang-barang lan papan sarta kahanan (peristi­wa) kang   gegandhengan karo manungsa,  Allah wus kepareng nerangake, manawa tumindak utawa kegiatan (aktifitas)  ma­nungsa uga kepareng kacathet ana ing Kitab (Lauhul Mahfudz). Ewa semono, ayat iki durung nerangake sing ana gandheng cenenge karo wektu (urutan wektu).

(d). Pemahaman liyane nyebutake, ma­nawa kewan sarta papan panggonane uga cinathet ana ing Kitab (Lauhul Mah­fudz), Allah kepareng paring lan nanggung rejekine kewan mau. Nanging sepisan ma­neh diaturake, manawa ayat kang ka­sebut ing ndhuwur ora nyebutake urutan wektu. Trep karo dhawuhe Allah, mangke­ne mak­sude:

“Lan ora ana sawijining gegremet kang urip ana ing (lumahing) bumi, kajaba reje­kine ditanggung dening Allah. Lan Panje­nengaNe Ngawuningani panggonan tetepe kanggo urip sarta tumitipe sawuse mati. Kabeh mau wus katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauhul Mahfudz).” (Q.S. Hud (11):6).

Kajaba saka iku Allah uga wus paring keterangan kang bawera, manawa seka­behing makhluk kang ana ing Jagad Raya (Alam Semesta) iki pancen wus cinathet ana ing Kitab Lauhul Mahfudz, becik samu­barang sing mati (benda-benda mati), makh­luk urip utawa sekabehing kedadeyan (peristiwa) sing dumadi ana ing Jagad Raya iki. Dhawuhe Allah mangkene mak­sude:

(a). Apa sira durung sumurup, manawa satemene Allah iku Maha Ngawuningani kabeh kang ana ing langit lan kang ana ing bumi. Satemene kabeh iku sinebut ana ing Kitab (Lauhul Mahfudz). Sanyata kang mangkono mau gampang banget mung­gu­h­ing Allah.” (Q.S. Al-Hajj (22):70).

(b).”Ora ana sawijia bae barang ghaib kang kalimput ana ing langit lan bumi, ka­jaba mesthi katulis ana ing Kitab kang ce­tha, yaiku ana ing Lauhul Mahfudz)”. (Q.S. An-Naml {27):75). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)