Lombok Eksotik (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 42 kali

Legenda Putri Mandalika Ing Pantai Seger

Kang klebu eksotik lan narik kawi­gaten ing Pulo Lombok yaiku Pantai Se­ger kang dununge ing kawasan Lombok Tengah, mung 15 menit saka Pantai Kuta Lombok. Suwasana ing gisik iki pancen sepi, tenang, kanthi pemandhangan segara lan watu-watu kang endah nam­bahi sengsem kang nyawang. Ombake cilik lan banyune asat mula para pelan­cong bisa mlaku-mlaku nganti papan kang adoh saka gisik. Pemandhangan eksotik bisa dijupuk saka papan kene iki, pantai seger pancen isih alami.

Apa kang njalari Pantai Seger kon­dhang? Kang mahanani pantai dadi misuwur ora mung kaendahane alam, ing papan kene iki dipercaya dadi papan dumadine cerita rakyat utawa legenda Putri Mandalika (Putri Nyale). Malah ana saweneh pojoking gisik kena ana monu­men kang dibangun mligi kanggo nggam­barake dumadine legenda Putri Manda­lika utawa Legenda Putri Bau Nyale. Ce­rita iki urip aneng tengah-tengahe be­brayan Lombok, Festival Bau Nyale di­adani saben taun ing tanggal rong puluh sasi sepuluh kalender sasak (Februari utawa Maret). Legenda Putri Mandalika iki nandhes ing alam pikirane wong Lom­bok, nalika rombongane Penulis tekan Pantai Tanjung Aan wae, bocah cilik-cilik kang adol jasa mbiyantu wisatawan nju­puk foto ngerti lan percaya anane legen­dha Putri Mandalika kuwi. Racake padha yakin yen legendha iku nyata-nyata du­madi ing jaman biyen. Banjur piye crita lelakone Putri Mandalika iku? Panjene­ngan nerusake maos.

 

Legenda Putri Mandalika

Cinarita duk ing uni ing pulo Lombok ana sawenehe krajan kang sinebut Krajan Tonjang Beru, jeneng rajane ora dise­but. Sang Prameswari kang Dewi Seran­ting kagungan putri kang ayu  ba­nget rupane aran Putri Mandalika, ngan­cik dewasa saya wimbuh kasulis­tyane Putri Mandalika. Nora mokal lamun Putri Man­dalika, iku agawe sengseme para pa­ngeran saindenging jagad. Ngancik teka­ne wektu teka ing Praja Ton­­jang Baru panglamare pangeran cacah loro yaiku Pangeran Datu Teruna saka kraja Johor lan Pangeran Malia­wang saka Krajan Lipur. Kekarone nyata wus gandrung-gandrung kapiluyu mring Putri Mandalika.

Anggone para pangeran edan tresna iku nora bisa diusadani kajaba yen wus bisa sumandhing Putri Mandalika, ing kamangka Pangeran loro iki kabeh ngga­wa pendherek lan prajurit segelar sepa­pan. Datu Teruna ngutus Arya Bawal lan Arya Tebuik supaya nglamar Putri  Man­dalika kanthi pangancam lamun ditampik krajan Tonjang Beru kelakon diobrak abrik sungsang bawana balik. Pangeran Maliawang dhawuh marang utusane kang aran Arya Bumbang lan Arya Tuna kanthi pangancam kang padha, Putri Mandalika ngadhepi kahanan kang ribet. Yen nampa salah sijine panglamar mes­thi wae sijine bakal kuciwa banjur gawe rusak praja lan kawula sanegara Ton­jang Beru. Kanyatan iku agawe kodheng penggalihan Sang Ayu.

Mikirake masalah iku Sang Putri ngan­ti nandhang roga, kekarone duwe kasekten kang ngedab-edabi kanggo menehi pengaruh aneng pikirane Putri Mandalika. Kanggo ngadhepi lelakon kang abot iki, Putri Mandalika terus se­medi njaluk pitulungane Gusti Kang Akarya Bawana. Entuk pituduhe Pange­ran, Putri Mandalika kudu nampik lama­ran kekarone dene dheweke malah kudu masrahake jiwa ragane kanggo kabeh kawula sanegara Tonjang Beru. Putri Mandalika banjur dhawuh utusan supaya kandha marang para penglamar loro sapendhereke supaya mlumpuk aneng Pantai Kuta ngepasi tanggal rong puluh sasi sedasa ing penanggalan Sasak wan­cine sadurunge sabubare shubuh. Ya ing dina iku Putri Mandalika janji bakal me­nehi wangsulan panglamare pange­ran loro kang adreng kepengin mundhut garwa dheweke.

Nuruti panjaluke Putri Mandalika, pang­lamar loro kabeh (Datu Teruna lan Pangeran Maliawang) ngerigake kabeh pandherek, agul-agul, jineman lan kawu­lane irit lampit gedhe cilik kabeh tumuju Pantai Kuta ngepasi dina kang piniji. Para pendherek mau kabeh duwe pangarep-arep yen pangeran sesembahane sing bakal ditampa dadi garwane Putri Man­dalika. Para pendherek uga sangu gega­man kanggo jaga-jaga lamun dumadi regejegan. Kabeh wis siyaga ing perang.

Nalika wanci kang piniji wus tumeka, Datu Teruna sapendhereke wis adhep-adhepan karo Pangeran Maliawang uga sapendhereke sagelar sepapan. Putri Man­dalika diusung tandhu metu saka papan sesingidan, metu saka tandhu, Putri Ayu iku enggal mlayu lan jumang­kah munggah ing sawenehe watu lan paring dhawuh, “Marang rama ibu lan kabeh kawula Tonjang Beru sing banget dak tresnani. Marang para panglamar kang banget nganti-anti mring wangsu­lanku, mula padha piyarsakna lamun dina iki aku bakal wangsulan marang panglamar loro-lorone, entuk pituduhe Gusti Kang Maha Kuwasa aku kudu mu­tus­ake yen uripku bakal dak pasrahake marang kabeh kawula ing Tonjang Beru, mula panglamar loro-lorone ora ndak tampa. Wus cukup samene kabeh kawulaku aku bakal njegur ing segara, padha waspadakna apa kang ana ing segara. Iku mono kawujudanku sawise pasrah jiwa raga marang sira kabeh!” kandhane Putri Mandalika karo mencolot ambyur menyang segara.

Bareng karo mencolote Putri Man­da­lika iku, sakala keprungu suwarane guntur nadyan wancine shubuh. Nalika iku Putri Mandalika wus ambles kelem ing segara. Datu Teruna lan Pangeran Maliawang mlayu tumuju papane anjlog Putri Mandalika kepengin tetulung wano­dya pepujaning nala nanging wus telat, lakune pangeran loro iku kadherekake para kawulane njegur segara saya tengah. Kocapa nalika kabeh wus njegur segara katon ing papan kono kewan cilik-cilik wujude kaya cacing segara, cacing mau disebut nyale utawa bau nyale. Wong-wong padha percaya yen cacing segara iku sayektine panjalmane Putri Mandalika. Nyatane cacing iki padha panganan kang enak tumrap pedunung ing Lombok.

 

Sambel Nyale & Festival Bau Nyale

Banjur nyale iku satemene apa? Ma­nut Biologi, nyale iku jinise anelida kang disebut cacing palolo (Eunice Fucata). Cacing iki bisa dipangan lan halal mi­nangka sumber protein, analisis medhis nyebutake yen cacing nyale iku kandhu­ngan proteine luwih saka 43,84% mula cacing nyale becik banget minangka sum­ber bahan pangan kanggo manung­sa. Nyale bisa dipangan mentah minang­ka obat kuwat utawa diolah dadi masa­kan kayata emping nyale, lawuh, lan umu­me kanggo gawe sambel nyale. Sam­bel nyale nyata khas amarga mung bisa diprangguli setaun sepisan.

Sing nggumunake metune nyale iki mung setaun sepisan yaiku tanggal rong puluh wulan sedasa ing kalender Sasak (udakara wulan Februari-Maret). Nyale kang urip ing bolongan-bolongan watu karang ing segara kidul tlatah Lombok iki mesthi metu dina kapapat utawa kalima sawise wanci purnama sidi (tang­ga 20). Metune kewan kanthi gerom­bolan iki mesthi ing wanci tengah wengi nganti gagat rahina. Sadurunge jume­dhul kewan iki adate mesthi ana udan deres kanthi thathit kang nyamber-nyamber kasaru bledheg magenturan lan angin gedhe tumiyup banter ing gisik. Wengi sadurunge nyale padha metu kahanan owah dadi rep sidhem prema­nem, udan mandhek mung kari grimis riwis-riwis. Ing suwasana kang tenang iku nyale jumedhul gerombolan bareng karo ombak kang gulung gumulung tu­muju dharatan. Nalika gagat rahina (fajar) cacing nyale iku wus ilang saka pandulu.

Kanggo mahargya panen cacing nyale iki, para warga Lombok ngadani upacara utawa Festival Bau Nyale. Para warga padha mlumpuk ing gisik lan ngedegake tendha-tendha kanggo kemah, acara-acara kesenian tradhisional uga dipen­tasake ing wengi iki. Ing antarane acara kang asring diadani yaiku Paresean (adu penthung-penthungan penjalin), Betan­dak (gawe pantun (parikan) saut-sautan), Bejambik (menehi kenang-kenangan kanggo pacar utawa kekasih), Belancaran (pesiar kanthi numpak pe­rahu). Drama kolosal Putri Mandalika ing Pantai Seger minangka suguhan puncak festival Bau Nyale kanggo memule lan ngeling-eling dumadine legenda Putri Mandalika.

Acara ing festival bau Nyale asring digunakake kanggo para mudha ngupadi utawa ketemu calon jodho mula festival iki mesthi regeng banget. Mudha mudhi saka pirang-pirang panggonan padah mlumpuk saperlu ngregengake festival bau nyale. Kabeh padha sengsem, apa­maneh ing acara iki ana tradhisi Bejam­bik (menehi cindera mata kanggo pepu­janing nala) mula padha semangat. Mataun-taun festival iki tansah entuk panyengkuyunge kabeh warga ing tanah Lombok lan dadi event wisata sing narik kawigatene wisatawan domestik utawa manca negara. Festival iki becik diterus­ake lan diuri-uri kanggo narik wisa­tawan.

Bebarengan karo Festival Bau Nyale iki uga diadani atraksi budaya Pasola. Apa iku Pasola? Pasola mujudake atraksi budaya perang-perangan kang diadani kelompok pemuda rong bregada kabeh nitih kuda mula katon gagah pideksa. Saben kelompok (bregada) isi pemuda cacah satus kanthi gegaman tombak saka kayu kang garis tengahe kurang luwih 1,5 cm. pucuke tumbak digawe bujel, budaya Pasola uga narik kawigatene para wisatawan. (Nuwun)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane