Wiwit Jaman Penjajah, Narkoba wis Sumebar ing Pulo Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 53 kali

Ngrembug perkara narkoba sajak ora ana enteke, saben dina ana wae pengedar pemakai lan bandar sing kasil dirangket dening petugas penegak hukum. Penyelundupan narkoba uga wis kerep di gagalake dening petugas, sawe­tara pelakune ditembak mati. Nanging barang haram sing siji iki tetep wae bisa dipikoleh dening para pecandune, wiwit saka kuli kasar, pelajar, mahasiswa, oknum pejabat pemerintahan, oknum ang­gota dewan, artis, oknum TNI lan Polri, PNS mlebu bui jalaran kesandhung narkoba. Mamula ora nggumunake yen Indonesia dinyatakake darurat narkoba, sauntara aparat dhewe nyataake perang nglawan narkoba. Malah, sing nggreget­ake, penyelundupan lan sumebare nar­koba ana sing dikendhaleni saka njero penjara. Lho, kok bisa?

Satemene yen nlesih sejarahe narkoba, wiwit taun 2000 Sadurunge Masehi (SM) bangsa Sumeria wis ngenal anane bubuk sarine kembang Opion (Opium) utawa candu, sing uga disebut “Hull Gill”, sing tegese obat sing bisa gawe seneng. Opium iki akeh tinemu ing daerah pegunungan lan dataran tinggi, wektu kuwi opium wis dikenal minangka obat tidur utawa obat sing bisa ngilangi rasa lara. Bubuk kembange opium iki uga digunakake kadidene racun kanggo mbebedhag sato kewan. Iya opium iki bahan dhasar kanggo nggawe narkotika, opium mentah bisa diproses dadi candu sing siap dikonsumsi. Cairan kenthel putih kasebut diolah maneh bisa dadi morfin, lan diolah maneh bisa ngasilake heroin. Miturut PBB, lahan opium akeh tinemu ing Afghanistan, “segitiga emas” tapel wates Myanmar, Thailand, lan Laos. Ing Indonesia, kembang poppy sing ora ngasilake narkotik ditandur ing Cipanas, Bandungan, Batu, lan Ijen.

Para ahli jaman biyen, Hippocrates, Plinius, Theo phratus, lan Dioscrorides nggu­nakake opium kanggo kabutuhan medis, utamane kanggo nindakake operasi utawa pembedhahan. Taun 1905 morfin dikenalake kadidene gantine opium sing rupa candu mentah. Yen candu digunakake ngliwati wates bakal ngakibatake ketagihan lan sesek napas, suwene 100 taun bangsa Eropa Barat nyataake yen candu iki barang haram. Nanging candu mentah utawa opium iki mung digunakake kanggo pengobatan, engga wusanane Ratu Elizabeth I nyadhari kaluwihane opium, nuli nggawa menyang Inggris lan dikenalake ana kana. Ing India lan Persia, candu dikenalake dening Alexander The Great ing taun 350 SM. Candu kasebut digunaake kanggo bumbu masak murih enak tur sedhep, lan ora gampang mambu.

Kembang opium (Papaver somnife­rum) sadurunge pancen ora ditandur ing Jawa, nanging wong-wong Jawa dinuga wis kenal opium adoh sadurunge tekane Walanda. Sawise Walanda ndharat ing tanah Jawa ing pungkasan abad ka 17, njur padha ber­saing karo Inggris kanggo ngrebut pasar opium ing Jawa. Taun 1677 Kompeni Hindia Timur Belanda utawa sing katelah VOC kasil menangake persaingan. Kompeni uga kasil meksa Raja Mataram Amangkurat II napak­astani sawenehne perjanjian, sing isine sang raja aweh hak monopoli marang Kompeni kanggo masarake opium ing wilayahe.

Setaun bacute kerajaan Cirebon uga nyepakati perjanjian kaya sing ditapak­astani raja Mataram. Iya prastawa kasebut sing nandhani monopoli opium Walanda ing tanah Jawa. Mung kanthi wektu rong taun lalu lintas perdagangan opium ningkat nganti tikel tekuk, saben taun rata-rata 56 ton opium mlebu menyang Jawa kanthi resmi! Nanging opium peteng sing diselundupake bisa luwih akeh tinimbang impor resmi kasebut. Ing waling taun 180 wae opium wis sumebar ing pesisir lor Jawa, saka Batavia nganti tekan Tuban, Gresik, Surabaya, lan sawetara daerah liyane ing Jatim lan uga tekan Madura. Kajaba saka kuwi opium uga sumebar ing desa-desa ing wilayah Kraton Surakarta lan Jogjakarta. Ing Jogjakarta wae wektu semana wis ana 372 papan sing resmi adol opium.

Ing kalangan bangsawan opium dianggep kadidene barang “mewah” lan “kinurmatan” lan klebu sarana kanggo nuduhake keblateran. Ing pesta-pesta kalangan atas, jamak lumrah yen tamu priya disuguhi opium. Tengahan abad ka 19 perkampungan Cina ing pesisir lor nyebar tekan pelosok-pelosok pedala­man, semana uga karo sumebare opium. Dene pasar opium sing paling rame ana ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Bandar opium Surakarta dalah wilayah Karesi­denan Kediri lan Madiun bisa ngasilake pajek opium sing paling dhuwur tinimbang Bandar saka wilayah liyane.

Wektu semana ngisep opium utawa madat kaya-kaya wis dadi ciri umum panguripan ing desa lan kutha. Pesta panen, mantu, lan pesta liyane ana sing nyuguhake opium marang para tamune. Kamangka regane opium kalebu larang yen katandhingake karo pengasilane wong Jawa kadidene petani, pedangan, buruh, lan kuli perkebunan. Pengasilan buruh taun 1885 rata-rata 20 sen ing saben dinane, lan sing 5 sen ditukokake opium. Nanging ana uga sing pengasil­ane entek mung kanggo tuku opium!

Kawitane wong-wong Sunda ora mempan karo godha rayune opium. Sasuwene abad ka 19 kawasan kasebut dinyataake bebas opium, pemerintah kolonial Belanda nglarang murih bandar opium Cina ora masarake opium ing Karesidenan Banten lan Priangan. Sawise pamerintah kolonial njabel hak monopoli peredaran opium sing dikuwa­sai para bandar Cina, ing abad ka 20 opium sacara resmi lagi bisa mlebu wilayah Banten lan Priangan. Sing dipikolehi dagang opium ing wilayah iki ora liya agen resmi duweke pamerintah kolonial Belanda dhewe.

Nyadhari bebayane madat, Pak Buwono II njur kagungan tekad nglarang sakehing katurunan kraton murih ora melu-melu ngrasakake opium. Saban­jure Paku Buwono IV (1788-1820) nyerat lan nerbitake buku Walang Reh, sing isine ngenani ajaran periluku. Ing buku kasebut uga tinulis pepenget murih aja pisan-pisan nyedhaki ngrasaake opium utawa candu. Wiwit taun 1830 Walanda ngedekake bandar-bandar resmi ing pedalaman Jawa. Opium mentah dite­kak­ake saka Calcuta, India, lan Singa­pura. Opium mentah kasebut pengolah­ane dipasrahake marang pedagang kang uga dadi distributor, pemerintah kolonial aweh tugas marang wong-wong Cina murih melu ngawasi peredaran opium ing wilayah-wilayah tinamtu.

Sauntara sumebare opium peteng sing diselundupake menyang Jawa tan­saya gawe puyenge para bandar. Kanggo mbrasta sumebar opium ilegal kasebut bandar Cina nyebar telik sandi kang kerjasama karo pihak Walanda. Penyelundup opium sing kecekel lang­sung dilebokake pakunjaran dening Walanda. Kamangka sing dadi rahasia umum, yen sumebare opium peteng ku­wi ora liya trekahe para bandar dhewe kanggo ngalahake para pesainge. Tio Siong Mo badnar saka Solo upamane, sambat merga wilayahe dibanjiri opium ilegal sing tekane saka Semarang, sing diproduksi dening Be Biauw tjoan. Wusanane Tio bangkrut lan kontrake ing taun 1854 klakon dijabel. Dheweke njaluk marang Gubernur Jenderal Belanda murih pajeke dikurangi, nanging pisam­bate Tio ora direwes.

Bandar opium sing pungkasan lan sing paling gedhe yakuwi Oei Tiong Ham. Bapake, Oei Tjie Sien teka ing Semarang taun 1858. Limang taun sabanjure Oei Tjie Sien ngedekake kongsi dagang gula karo Kian Gwan. Sauntara kulawargane Oei melu bisnis candu wiwit 1880 nalika sabageyan gedhe bandar opium bangkrut, Oei nguwasai bandar opium ing wilayah Semarang, Solo, Jogjakarta, Rembang, lan Surabaya. Nganti wusa­nane taun 1902 kebandaran opium sing dicekel dening wong-wong Cina dibubar­ake dening pamerintah kolonial.

Sauntara uga wiwit taun 1880 ing pihak Walanda njedhul gerakan etis sing tujuwane kanggo kamakmurane warga, klebu wong-wong pribumi. Pieter Brooshooft upamane, ngetokake memori sing isine ngenani pajeke wong-wong pribumi dikurangi lan ningkatake proyek sing bisa gawe majune pertanian rakyat. Taun 1889 C Th Deventer mbujuk peme­rintah Walanda supaya mbayar utang kehormatan minangka ganti rugi sebab sasuwene kuwi ora migatekake pendhu­dhuk ing wilayah jajahan. Lagi taun 1901 sacara resmi Ratu Wilhelmina nyataake rasa getune marang ilange kasejahte­rane pendhudhuk Jawa. Taun-taun etis kasebut peredaran candu dipusatake ing ibukota, pabrik-pabrik candu sing sadu­runge sumebar ing daerah-daerah uga dipusatake ing Batavia. Birokrasi kanggo nggawe lan ngedarake candu uga dicak­ake, tujuwane kanggo ngantisipasi murih ora disalah gunaake. (Oemaryanto)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)