Lombok Eksotik (2) Urip Prasaja Ing Kampung Sasak
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 39 kali

Kang uga nduweni daya sengsem tumrap para wisatawan kang tumeka ing Lombok yaiku Kampung Suku Sasak. Sasak mujudake suku asli ing pulo Lom­bok, dina iki Pulo Lombok dumadi saka patang kabupaten (Lombok Barat, Lom­bok Utara, Lombok Timur, lan Lombok Tengah) ditambah Kota Mataram. Pedu­nung Pulo Lombok udakara gunggung telung yuta (80% dumadi saka Suku Sasak). Suku Sasak pancen duwe ciri kang mirunggan kang bisa dibedakake karo suku-suku liya nadyan satemene akeh mempere karo suku Bali lan Suku Jawa.

Banjur apa tegese tembung ‘sasak’ iku satemene? I Nengah Edi, pemandhu wisata ing ngancani rombongane Penu­lis, ngandharake yen tembung ‘sasak’ iku asal Basa Kawi sing tegese siji, lempeng, utama. Ing Serat Negarakertagama kang tinulis dening Mpu Prapanca abad XIV ana sesanti kang nyebutake ‘lombok sasak mirah adi’ sing tegese kejujuran iku sesotya kang utama. Kanthi nenim­bang sesanti kuwi suku Sasak duwe pangarep-arep bisa nggayuh utama utawa nomer siji.

Saliyane iku, ana maneh pinemu kang nyebutake yen tembung ‘sasak’ iku asal tembung ‘shah’ tegese lunga utawa ‘shaka’ sing ditegesi leluhur. Sasak ateges lunga utawa bali mring leluhur. Kanthi nggunakake tetimbangan iki bisa diduduti simpulan yen suku Sasak iku asale leluhur saka Tanah Jawa. Pinemu iki ora ngayawara ing Basa Sasak akeh tinemu tetembungan kang memper basa Jawa kayata gelar-gelar kebangsawanan lan tetembungan liya kayata dedara (bocah wadon), enggih (inggih), lsp. Su­ku Lombok uga duwe aksara kang sine­but Jejawan lan memper karo aksara Jawa Ha Na Ca Ra Ka. Jeneng-jeneng papan ing tlatah Lombok uga memper kang jeneng kutha ing tanah Jawata kayata Kediri, Kuripan, Mataram, lsp.

Lan isih ana maneh pinemu siji kang nyebutake yen tembung ‘sasak’ iku asal saka tembung ‘sak-sak’ sing ditegesi perahu (sampan). Yen nggunakake pinemu iki, jeneng suku Sasak satemene kanggo pepeling asal usule leluhur wong Sasak saka arah kulon mangetan anggone padha lelayaran nempuh om­baking samodra kang gedhe nganti tu­mekeng pulo Lom­bok banjur padha mapan lan bebrayan ing ta­nah Lombok Ko­no. saterus ketu­runan mau di­ara­ni Suku Sasak kang mujudake suku sing domi­nan ing Pulo Lombok.

 

Omah Adat Sa­sak Ende

 

Kang klebu khas ing Lombok yaiku perkam­pungan omah adat Sasak Ende. Ing perkampungan tradhisional iki tinemu wewangunan asli kang wujud bale. Perkampungan Omah Adat Ende iku kahanane sarwa prasaja. Kampung iki sajake pancen didadekake cagar budaya amrih katon asli mula ora diowah-owahi. Omah-omahe cendhek kanthi tutup omah saka anyaman godhong alang-alang lan sejenise. Lawang digawe cendhek supaya wong sing teka kudu ndhungkluk, ora ana kamar-kamar sajrone omah dene pawon manggon ing perangan buri. Tumrap pawongan kang pawakane gedhe dhuwur, yen arep mlebu omah wae kudu mbrangkang lan nganti-ati. Yen ora ngati-ati sida keben­tus blandar emperan, kenangapa digawe mangkono? Manut Kadir, pemandhu wisata ing kompleks omah adat Sasak Ende, wewangunan sing digawe cendhek iku mengku pamrih amrih wong kang teka ing papane liyan gelem menehi pakur­matan. Laku kurmat iku ditindakake kant­hi cara ndhingkluk. Yen ora gelem kur­mat wis mesthi bakal kebentus blan­dar, piwulang iku nyata jero maknane.

Sateruse Kadir uga ngandharake yen omah iku mung kanggo ngaso ing wanci bengi, wong-wong Sasak Ende tansah makarya ing papan pategalan lan sawah dadi among tani mula yen awan arang ana ngomah. Ing njero omah iki ora senthong-senthong utawa amben nanging para warga Sasak iki padha turu ing jogan kanthi dilambari gelaran. Ibu lan anak wadon manggon ana jero omah dene bapak lan anak lanang manggone ana njaban omah. Yen ngono ketemune bapak lan ibu tumrap warga Sasak Ende mung saperlune wae.

Sing agawe nggumun tumrap para wisatawan ora liya jogan omah warga Sasak Ende. Jalaran apa? Jogan iki diga­we saka lethong sapi. Lethong sapi digu­nakake minangka semen kanggo ngelus jogan, manut keterangane Kadir, lethong sapi sing paling apik yaiku sing isih anyar. Apa bener keterangan sing kaya kuwi? Penulis mbuktekake pancen bener. Jogan omah-omah ing perkampungan Sasak Ende iki digawe plesteran alus, ora sak adhonan semen nanging saka adhonan kotoran sapi. Ana ngarep omah ana kan­dhang sapi, kotoran sapi wis dadi pera­ngan urip padinan. Apa ora mambu? Ma­nut pangrasane para wisatawan, kotoran sapi iku iya tetep wae mambu nanging ora nganti ngganggu pedununge. Lum­rah mambu nanging ora nganti ndulek irung, laler uga ana ing papan kono nanging ora nganti byung-byungan kaya kang tinemu ing papan pembuangan sampah. Kandhang sapi kang dipapan­ake ana ngarep omah iki satemene memper karo kahanan ing desa-desa Jawa Tengah taun 1970-an. Wektu iku wong sing duwe kandhang kebo utawa sapi ana ngarep omah malah rumangsa mongkok. Nyatane wong-wong jaman semono uga urip se­hat ora kena lelara abot.

Sapi mujudake ke­wan kang dadi kanca panguripan wong Su­ku Sasak. Ing sada­wane tegalan lan ala­sa ing tlatah Lombok akeh tinemu sapi, uja­re kandha beburu sapi ing alas iku isih bisa di­tindakake dening para juru bebedhak kewan alas. Sapi uga dadi kanca para among tani nggarap sawah, tegal, lan kebon. Lethong sapi bisa digunakake minangka rabuk kang nyuburake lemah satemah menehi asil tetanen kang nyengsemake. Ora mokal lamun sapi wis dadi kewan kang menehi inspirasi lan semangat makarya kang tumemen kanggo uripe warga Sukuk Sasak Ende. Saweneh warga Sasak Ende sing diwawancarai Penulis ngaku jeneng Inak Linip duwe anak papat lan putu cacah sepuluh. Dheweke wis ditinggal mati sing lanang rong taun kepungkur. Kabeh kulawargane manggon ing Kampung Sasak Ende kono, bareng ditakoni nyambute gawe apa? Ngaku pancen ora nyambut gawe. Pakaryane utama mung ngingu sapi, sapine mau diedol ana pasar Praya kanggo nyukupi kebutuhan padinan. Pangan utama beras kanthi lawuh gereh (ikan asin). Kadir nambah­ake keterangan yen warga desa kono makarya dadi among tani, ngingu sapi, lan gawe anyam-anyaman lan nenun.

Ngenani nenun pan­cen klebu ketram­pilan pokok tumrap wong wadon ing ta­nah lombok. Akeh ti­nemu kampung-kampung kang nga­silake tenun tradhi­sional Suku Sasak, ana tatanan adat kang nyebutake yen wong wadon ing ta­nah Lombok ora entuk omah-omah sadu­runge bisa nenun, mula ketrampilan tenun pancen kudu disinau kanthi tekun lan tumemen. Mung wae tumrap suku Sasak Ende, gawe kain tenun mung minangka pakaryan samben nalikane nunggu wektu tetandurane ing sawah tumeka panen.

Ing saweneh pojok perkampungan Sasak Ende iki ana lumbung kanggo nyim­pen pari lan asil panen liyane. We­wangunan lumbung uga khas malah dadi ciri mirunggan tlatah Lombok kono. Lum­bung iku kanggo nyimpen pari minangka pasedhiyan kanggo ngawekani anane paceklik utawa ketiga dawa kang asring teka ing laladan kono. Perlu kawuningan yen laladan kono mung ana tetanen tadhah udan, mula ngenani panenan ora bisa dipesthekake. Sing narik kawigaten anane omah lumbung iki, puncak cagak utawa puncak saka sadurunge tekan papan panyimpenan pari digawe tegak lurus (90 derajat). Apa rahasiane wewangunan iki? Jebul iku cara gam­pang kanggo ngawekani tikus, angger digawe modhel kaya kuwi tikus ora bisa munggah ing lumbung panyimpenan gabah mula bisa aman setaunan luwih.

Ing tengahe Kampung Sasak Ende iki uga tinemu bale kang tanpa ditutupi sisih kiwa lan tengene. Omah sing rada gedhe iki bisa dipadhakake karo pen­dhapa joglo. Manut keterangan warga, wewangunan kang diwenehi gambar pepaesan wayang khas Lombok iki minangka papan kang kasedhiyake kanggo umum. Tegese kabeh warga ing desa kono bisa migunakake kanggo upacara utawa pahargyan tertemtu, nalika nganggur papan iku uga digu­nakake kanggo nenun saweneh pa­wongan.

Kendhang Beleg & Peresean

Kesenian tradhisional sing dipamer­ake ana plataran perkampungan Suku Sasak Ende yaiku Tari Kendhang Beleg lan Peresean. Tarian loro iki mujudake seni tradhisi kang isih urip ing kalangane warga Suku Sasak.

Tari Kendhang Beleg wis turun temurun dipersudi lan diuri-uri dening warga Suku Sasak, disebut tari Ken­dhang Beleg amarga sing njoged ngu­nakake kendhang gedhe sing diarani beleg. Tari kendhang beleg jaman krajan Selaparang mujudake tarian perang, tarian iki diadani kanggo mbudhalake prajurit kang bakal mangsah yuda ing peperangan. Diwenehi tarian iki kanthi pamrih supaya para prajurit nduweni semangat kang makantar-kantar kanggo nyerang lan ngalahake mungsuh. Lamun wis kasil ngrabasa ing peperangan lan bali mring praja, para prajurit iki uga disambut kanthi tari kendhang beleg. Dina iki Tari Kendhang Beleg diadani kanggo nglumpukake warga kang bakal nampa wewarah agama.

Beda karo Tari Kendhang Beleg, Paresean (kadhang tinulis Periseian utawa presean) satemene mujudake ritual kanggo njaluk tumurune udan. Jaman biyen Paresean diadani dening para prajurit keraton kanggo olah bela dhiri migunakake penjalin (rotan) lan tameng. Suwening suwe adu ketram­pilan olah bela dhiri iki ditontonake kanggo para warga kabeh.

Ing acara Parasean sing temenan, sing diedu (disebut pepadu) padha sangu penjalin (rotan) sing dilapisi pecahana kaca. Pepadu uga nggawa tameng kang digawe saka kayu dilapisi walulang kebo utawa sapi sing wis garing. Tameng iki ing Basa Sasak diarani Ende, ing acara adu olah bela dhiri iki uga ana wasite. Wasite ngatur lakune adu gebug nggunakake rotan aja nganti ana sing tumindak culika, festival Paresean ajeg diadani ing Kabupaten Lombok Timur kanggo para pepadu saindenging pulo Lombok. Kanggo nglestarekake tradhisi Parasean iki, bocah cilik-cilik uga wis ditepungake karo olah bela dhiri nggu­nakake penjalin lan tameng iki.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane