(Ananging
mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun
kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing
bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).
9.
QADAR, QADLA LAN TAKDIR:
Ing ndhuwur wus
diaturake sawatara pemahaman ing babagan takdir, wiwit pemahaman salah kaprah
(klasik), pemahaman masyarakat maju (modern), sarta akibat ketemune upaya
(usaha), asil usaha manungsa nganti tumekeng keputusan Allah netepake marang
asil upaya utawa takdir. Lha supaya pemahaman kita ing babagan takdir dadi
gamblang, cetha, ing ngisor iki diaturake pemahaman Qadar, Qadla lan Takdir.
Mangkene jlentrehe:
“Keputusan katetepane
Allah sing kita mangerteni minangka takdir, bisa digambarake (diterangake)
dening Qadar lan Qadla. Qadar mono ndarbeni makna katetepan kang wus
ditemtokake (mutlak) dening Allah. Dene Qadla, iku mujudake katetepane Allah
sing ditetepake lelandhesan upaya utawa usaha. Mangkene contone: Bayi lanang
sing wus lair kanthi kahanan awak (pisik) sing sampurna (bagus) sarta ndarbeni
kecerdhasan genius. Hiya ngene sing karan qadar. Keputusan Allah kang mangkene
iki ora bisa dipilih dening pawongan mau. Kabeh mau gumantung marang karsane
(kehendak) Allah. Keputusan Allah iku dumadi ing urutan waktu sadurunge.
Dadine Qadla iku mujudake takdire Allah, usahane dudu saka kita. Kita kari nampa
utawa narima. Binarung karo lumakune wektu, yaiku ketemune antara takdir awal
(Qadar) sarta usaha (Qadla), hiya iku sing bakal ngasilake takdir.
Kajaba marang manungsa,
Qadar Allah uga lumaku (tumama) marang sekabehing makhluk Allah, wiwit
samubarang (benda) kang mati, tetuwuhan, kewan sarta jin lan Malaikat.
Diaturake maneh supaya cetha, genahe mono, Qadar iku mujudake katemtuan kang
wus ditetepake nalika Allah nyipta sekabehing isi Jagat Raya iki, kalebu ruang, wektu lan sapanunggalane. Trep
karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:
(a).”Maha Suci Allah
kang wus kepareng nitahake kabeh barang jejodhowan, yaiku saka thethukulan ing
bumi, lan saka awake wong iku kabeh, lan maneh saka barang kang ora padha
disumurupi.” (Q.S. Yaa Siin (36):36).
(b).”Lan dadi tandha
yekti Maha Kuwasaning Allah marang wong iku, yaiku wayah bengi Ingsun
nyilakake (tanggalkan) rahina saka wengi iku, ing kono dheweke banjur
kapetengan.” (Q.S.
Yaa Siin (36) : 37).
(c).”Lan maneh
srengenge iku lumaku ing ubenging lakune, kang mangkono iku katetepaning
Pangeran Kang Maha Gagah Prakosa tur Maha Suwignya.” (Q.S. Yaa Siin (36):38).
(d).”Lan maneh
rembulan iku wus Ingsun tetepake ubenging lakune, ing panggonan-pangonane,
nganti bali menyang panggonan kang akhir, kaya dene manggare woh kurma kang
cilik, yaiku ratih tanggal pratama. (QS. Yaa Siin (36):39).
(e).”Lan kang
mesthi, nakdir ala becik, sarta nuli nuduhake tumrap sekabehing makhluk.” (Q.S. Al-A’la(87):3).
Nyimak makna kang
kinandhut ana ing ayat-ayat kasebut ndhuwur, bisa dipahami lan dimangerteni,
manawa Allah wus kepareng nemtokake lan netepake katetepan marang mekanisme
Alam, antaraliya ubeng lan lakune bumi, srengenge, rembulan, miline banyu saka
sumber lan liya-liyane. Iku kabeh ditetepake krana Sunnatullah. Gemblenge,
Allah kepareng netepake Qadar marang sekabehing makhluk. Tumraping makhluk
Allah sing ora ndarbeni kekarepan (kehendak), kaya ta planet, bumi, langit,
lintang, rembulan, iku ora bisa ngowahi Qadar dadi Takdir. Sing beda, apa sebabe?
Hiya krana makhluk mau ora ndarbeni kekarepan (kehendak). Dene manungsa
pinaringan kebebasa kanggo ngowahi (merobah) takdir. Banjur kepriye carane
ngowahi Qadar dadi Takdir. Hiya iku liwat Qadla aliyas upaya (usaha). Dadine,
genahe mono, Qadar iku mujudake katetepan awal (kawitan) arupa kapasitas. Dene
Qadla iku mujudake upaya (usaha). Lha takdir iku mujudake asile. Utawa bisa
diaturake, manawa takdir iku mujudake ketemune antara Qadar lan Qadla. Mangkono
jlentrehe.
(10).
DUMADINE TAKDIR (KAPAN).
Katur ing ndhuwur, wus
diaturake conto-conto sing gegandhengan karo takdir. Bisa dimangerteni, manawa
manungsa kepriye bae, usaha (ngupaya) apa bae, nanging wusanane Allah kang
nemtokake asile, wektu utawa jinis (bentuknya). PanjenengaNe iku Dzat kang
Maha Kuwasa,, Wicaksana serta Maha Murah. Kita ora bisa nemtokake asile. Ngupaya (usaha) wus kita tindakake (kerja
keras), binarung karo ndonga. Sepisan
maneh asile durung mesthi sak ukur karo kekarepan kita (kehendak kita). Kita
ora perlu sumelang, ora perlu kuwatir sanajan Allah kang nemtokake asil usaha
kita. PanjenengaNe iku Dzat kang Maha Murah. PanjenengaNe kepareng paring
pacoban (ujian) sikep kita sarta kepareng ngawuningani kesabaran kita. Lha
manawa kita lulus, PanjenengaNe bakal kepareng paring takdir kang luwih becik,
ngluwihi apa kang kita karepake. Dene kasunyatan kang dumadi ana ing tengahing
masyarakat, akeh tinone (akeh contone), tumraping wong sing sregep nambut kardi
(sing nyambut gawe), kenceng ibadah (khusyu’), istiqamah, jujur ora nindakake
samubarang kang dilarang dening syar’i, sabar nalika kataman musubah, sarta
akeh syukure manawa pinaringan kanugrahan (rejeki) halal. Mataun-taun uripe,
sanajan omah bae isih ngontrak. Allah Dzat kang Maha Kuwasa, Wicaksana sarta
Maha Ngawunungani, manawa kawulaNe mau wus lulus diuji. Mula Allah banjur
kepareng paring kanugrahan kang tanpa kinira (bi ghairi hisab) sadurunge.
Sawijining wektu
pawongan mau (embuh ngimpi apa) pinaringan waqaf omah, saka Ustadz sing sugih
blegedhu ing kampung kono sarta anake lanang sing lagi bae tamat saka pondhok
dipundhut dadi anak mantune. Pinaringan jejibahan minangka dadi lurah
pondhok. Luwih saka iku, pawongan mau uga diparingi sawah sebahu (0,7 Ha),
supaya digarap, asile bisa kanggo nguripi keluwargane.
Binarung lumakune
wektu, sawah mau ora mung kadhawuhan nggarap, nanging dihibahake marang wong
mau, kanggo cagaking urip. Kanthi mangkono, pawongan mau bisa kecukupan
uripe dalah sak keluwargane.
Tentrem ayem, ora
manggon ana omah kontrakan sarta ndarbeni sawah kanggo cagak uripe. Swasana
(kahanan) kang kaya mangkono mau, trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude :
(a) Apa sira padha
ndarbeni pangira, manawa sira bakal mlebu Suwarga!
Kamangka Allah
durung Ngawuningani wong kang padha jihad saka sira. Lan PanjenengaNe durung
Ngawuningani wong kang padha sabar (tetep imane ).” (Q.S. Ali-Imran (3):142).
Nyimak ayat kang katur
ing ndhuwur, bisa dimangerteni lan dipahami, manawa Allah mung kepareng
mbuktekake sepira gedhene kesabarane manawa nampa pacoban (ujian) saka
ngarsaning Allah sarta tansah nyenyuwun marang Allah (ndonga) ora
kendhat-kendhat. Tumemen nyambut gawe, ora lumuh (kesed) lan nglokro. Insya
Allah, Allah bakal kepareng paring asil kang luwih becik marang dheweke.
(b).”Lan manawa
kawulanIngsun padha pitakon marang sira Muhammad! saka SariranIngsun, mangka
aweha wangsulan (jawaben) Ingsun iku cerak (cedhak) banget. Ingsun minangkani
(ngabulake) panyuwune wong kang padha nenuwun marang Ingsun. Mangka padha
nyandikakna netepi dhawuh Ingsun lan padha imana marang Ingsun. Muga muga
dheweke padha tetep ana ing kebeneran.” (Q.S. Al-Baqarah (2):186).
(Ana
Candhake)
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa