Shalat Iku Mujudake Mikraj Tumraping Wong Mukmin
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 277 kali

5. Hijrah. Pangerten hijrah secara fisik, yaiku pindhah saka sawijining papan menyang papan liya, pindha emigrasi saiki. Nalika semana Njeng Nabi hijrah saka Mekah menyang Madinah, kanggo ngrem­ba­kak­ake (nyiarake) agama (Islam) sarta panguripan kang bener lan pener. Jaman wus owah, mula kita kudu mangerteni ma­rang peroba­han. Sacara simbolis, manungsa

Utawa saben pawongan Mikraj wusa­na banjur hijrah. Pangerten kang kinan­dhut ing kene, yaiku manungsa kudu hijrah ninggalake pepenginan (jeratan) donya, terus tumuju marang kampung akhirat. Ning­galake panguripan donya iku ora ate­ges dadi mlarat (orang seneng barang do­nya), nanging ndarbeni pangerten kudu uwal saka panggodhaning (jeratan) donya. Tlatah Mekah  mujudake papan panguri­pan, sing kebak kejahilan, tumuju me­nyang Madinah, kutha kang rinengga dening bu­daya kang luwih maju. Nalika semana ka­ha­nan masyarakat (suku) siji lan sijine padha memungsuhan. Wusana banjur tu­wuh rasa guyub rukun, gotong-royong an­ta­ra pendhudhuk asli (Ansor) lan para sedulur kang neka (Muhajirin), samad-sina­madan.

Pangerten makna hijrah secara sim­bolis, yaiku pawongan kang bisa ngerem (meper) napsu bredondi anggone nggayuh kadonyan sarta bisa nrima wawasaning liyan, sajeroning sesrawungan ing tengah­ing masyarakat. Tegese, pawongan kang hijrah iku bisa urip ana ing tengahing ma­syarakat kang majemuk kasebut. Pawo­ngan kang hijrah iku bisa srawung ana ing masyarakat kang nggilut werna-werna agama lan keyakinan. Ora egois, ora ndar­beni pikiran,  manawa agama sing dianut iku agama kang paling bener. Dene agama liyane salah. Filosofi Bineka Tungal Eka, uga ngandhut maksud, sanajan bebener iku beda-beda, nanging hakekate siji. Hiya piwulang leluhur kita iku sing kudu kita anut.

Supaya luwih cetha, diaturake maneh, manawa hijrah mono, mujudake laku tin­dak ninggalake sawijining tlatah tumuju me­nyang tlatah liyane. Saka masyarakat jahiliyyah tumuju marang masyarakat kang mikul dhuwur akhlakul karimah (akh­lak kang mulya). Lha saiki, pangerten hi­jrah iku ora asipat pisik. Pawongan Indonesia ora pelu hijrah menyang Negara liya. Nanging tetep urip ana ing Tanah Air Indo­nesia sarta ndarbeni tekad mbangun Indo­nesia secara pisik lan mental. Akhlake  saya mulya, ora ana dhendham kesumat. Ora drengki- srei, ora iri ati lan liya-liyane.

 Wawasane saya bawera. Laku tin­dake saya mumpangati marang masyarakat sakiwa  tengene. Atine ora srakah, rakus, ta­mak, ora sombong, riya’, ora sapa sira sapa ingsun sarta adigang, adigung lan adiguna. Dhawuhe Allah mangkene mak­sude:

“Sanyata para Malaikat kang pa­dha ana ing ngarsaning Allah iku, ka­beh padha ora gumedhe anggone padha manembah marang Allah, PanjenenganE, nanging padha  Maha nucekake marang Allah, panjene­nganE, padha sujud”.  (Q.S. Al-A’raf (7): 206). Uga dhawuhe Allah, mangkene maksude: “PanjenenganE kagungan Kaluhuran (wa lahul kibriyaa-u ) ana ing Langit lan Bumi. Lan Allah, Pan­jenenganE iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana.” (Q.S. Al-Jaatsiyah (45):37).

Lha tumraping pawongan kang wus binuka atina, yen nebangi alas kudu disi­yap­ake penggantine (reboisasi). Ora kaya sing dumadi saiki iki. Nebangi alas tanpa tanggung jawab (krana darbe hak pene­bangan Alas/hutan,HPH). Banjir lan tanah longsor, hiya krana patrape para wong kang rdarbeni HPH, nanging ora kinanthen laku/upaya reboisasi. Rebutan panguwasa kanthi nerak hak azazi. Mangkono sapitu­rute. Binukane nurani (pencerahan hati) iku mujudake hidayahe Allah marang ka­wulanE kang wus nindakake tadzkiyyatun nafsi (mbeningake atine) utawa nyuceni jiwane. Trep karo dhawuhe Gusti Allah kang mangkene maksude:

Lan wong kang padha wedi Kalu­hurane Allah PangeranE, bakal gina­jar Suwarga loro.” (Q.S. Ar-Rahman (55):46).

Kajaba saka iku kamulyaning  lahiriyah iku ora bisa diukur karo mubra-mubrune bandha donya. Njeng Nabi Muhammad manawa sare, milih ana ing ndhuwur tikar (klasa) damen utawa klasa pandhan. Ka­mangka panjenengane mapan ana ing ma­qam panguwasa ing babagan duniawiyah. Dhahar kaping loro utawa telu pindha ma­nungsa biyasa liyane. Hiya iki sing dimak­sud hijrah. Pembangunan pisik, ateges pembangunan lingkungan sing aman lan nyaman, tentrem lan ayem. Pembangu­nan mental ateges pembangunan jiwa kang linambaran budi pekerti kang luhur (akhlakul karimah). Kita kudu bisa uwal saka mental miskin, mental  korup, mental kong kalikong lan mental bejat liyane. Swasana hijrah spiritual mung bisa wujud, manawa kita bisa ngrumangsani dhiri kita iku minangka manungsa kang pakir (mlarat).

Manungsa sing ora ndarbeni apa-apa, kalebu ora bisa nylametake awake dhewe. Lha sing ndarbeni apa-apa ku hiya Allah, mung Allah Kang Maha Agung. Sing bisa nylametake awake iku hiya Allah. Manung­sa iku sipate pakir lan dlaif (ina). Manungsa sing taslim, sumarah, yaiku pasrah lahir lan batine, iku sing bisa  sowan marang ngarsane Allah mbesuk ing dina Qiyamat. Trep karo dhawuhe Allah mangkene mak­sude, Hiya manungsa sing darbe (ndar­beni) tataran derajat kang luhur (qalbun salim) sing dadi khalifah ing bumi:

“Inggih punika dinten Qiyamat,  ing kalanipun bandha tuwin anak mboten piguna. Kajawi tiyang ingkang sowan wonten ngarsaning Allah kalayan  manah ingkang resik (suci), Illa man atallaaha biqalbin saliim.” (Q.S. Asy’Syu’ara (26): 88-89).

 

6. Binuka ati nuranine. Tumraping wong kang wus nindakake isra’ lan mikraj, wus binuka nuranine, ora binujuk (terpe­daya) dening gebyaring bandha donya (ke­nikmatan lahiriyah). Mungguhing pawong­an kang wus binuka ati nuranine (pence­ra­h­an sesudah mikraj), budi pekertine saya luhur. Umar Ibnu Khaththab manggon ing gubug minangka omahe. Kamangka dheweke iku  nglenggahi palenggahan agung, khalifah. Kabeh mau krana peng­galihe wus binuka ngalami pencerahan), saengga ndulu donya iku dudu apa-apa. Samubarang  kang ditindakake iku mung ikhlas krana nyadhong ridlaning Allah.

Sawuse kita nyimak keterangan-kete­rangan kang katur ing ndhuwur, sing ndha­kik-ndhaki, sok rinasa kurang sreg, krana pangukuh masalah-masalah ing ndhuwur lelandhesan  karo dalil dalil Al-Qur’an sarta Hadits sing kerep di pindhoni, bisa kita mangerteni manawa shalat iku mujudake mikraj-e wong-wong Mukmin, manut lan miturut pangerten simbolis, kang kinandut  ing suwalike laku (peristiwa) isra’ mikraj ka­sebut. Isra’ mikraj Nabi Muhammad di­wi­witi saka ngresiki (nuceni) atine (qalbu­ne), banjur isra’ saka Masjidil Haram me­nyang Masjidil Aqsha.

Diterusake laku mikraj ngliwati Langit sap pitu nganti tumapak ing Sidratul Mun­taha. Nampa prentah nindakake shalat limang wektu. Lha iki, secara simbolis sarta filosofis kang kinandhut ing suwalike  laku utawa peristiwa Isra’ Mikraj, iku ibadah sha­lat mujudake mikraj-e wong-wong mukmin, nggayuh binukaning ati nurani (bi­nukane cahya pencerahan). Mantepe, shalat iku maknane donga, eling marang Allah, kapan bae, ana papan ngendi bae, ing papan sepi utawa ing papan rame, becik nalika kita ing kahanan ngadeg, ing kahanan lungguh utawa ana ing  kahanan turon. Hiya ing kahanan iki, begja  kema­yangan tumraping kita kang bisa nuladhani makna ing suwalike Isra’ Mikraj secara simbolis filosofis, kanggo  nggayuh marang kamulyaning urip krana nyadhong  palilah sarta ridlaning  Allah, Dzat Kang Hamur­beng Dumadi Jagat Raya dalah sak isine iki. Subhanallah…… Maha Suci Paduka. Ora rinasa tirta wening metu saka netra krana rasa ngagungake Allah sesembahan kita.

Cathetan: Maos seratan iki kudu ne­ngen­ake rasa pangrasa, nggayuh panger­ten simbolis, filosofis kang kinandhut ana ing suwalike kahanan Isra’mikraj.

Mangkono sing bisa dak aturake, mu­ga-muga ana guna lan manfaate.

Nuwun!

(Maneka werna sumber lan rujukan)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)