Among Rasa-Among Mangsa-Among Subasita
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 40 kali

Saben manungsa/wong, kuwi nduweni rasa pangrasa. Nanging ora saben wong padha pangrasane, antarane siji lan sijine rasa pangrasane beda-beda. Ana kang rasa pangrasane alus, menawa krungu tembung rada kasar sethithik bae, pangrasane wis ora kepenak. Apamaneh yen tembung kasar mau ditujokake marang diri pribadine, tansaya gawe wong mau kaya katunjek pangrasane.

Nanging ana uga kang alus pang­rasane, nanging malah kayadene ora gampang kena pengaruh marang tem­bung kang kepriye bae kasare lsp. Malah akeh kang cuek, ora ngreken, bah kono, wis ora dirungokake. Malah ana kang ke­bacut ndableg, wis ora masah ora mempan tembung sing kepriye bae ka­sare, menter bae, mle-bu kuping te­ngen, metu kuping kiwa.

Ana uga kang ora alus pangrasane, nanging gampang kesenggol pangra­sane. Menawa ditembungi kasar, utawa ana tembung kang sekirane dheweke kesenggol pangrasane, langsung mun­tab, muring-muring, wusana malah dadi gegeran, sok gelutan barang.

 

Among Rasa

Mula, kudu bisa among rasa, tem­bung sak tembung, ucap sak ucap, dingati-ati aja nganti gawe wong kang diajak micara mau nganti kasenggol pang­rasane. Gandhenge among rasa ora ana maneh, yaiku tepa slira, tepa tepak, slira awak. Dadi jelase, nepakna awake dhewe. Saupama, awake dhewe ditembungi kasar, ora kepenak kepriye. Jarene ora ana unen-unen, mesisan digebugi karuwan olehe ngrasakna. Timbang ditembungi kasar, jan laaaraaa nyang ati, nyang pangrasa. Nesu ya nesu, muring ya muring marang kang dianggep salah, nanging tepa-tepa, aja kliwat taker, ngetokna tembung kang kasar.

 

Among Mongsa

Ngetokna tembung, ngomong mau ana ngendi papane, kang diadhepi sapa, ora sakepenake ngetokna tem-bung, ngucap, ndeleng-ndeleng ana ngendi, karo sapa, kudu bisa nyilah-nyilihake. Akeh bae, nyambangi wong lara malah larane rada serius. Mesthi-ne kang lara disugesti, didongakake enggal waras, digedhekake atine.

“Inggih ingkang sabar, mangke me-nawi Gusti Allah paring mukjijat, harak pikantuk jampi ingkang enggal walu-yajati, mugi enggal dhangan inggih??”

Tembung mangkono mau harak ya luwih prayoga, amrih kang lara gedhe atine, ora gampang nglokro. Malah bisaa aweh pituduh, ana obat utawa tamba kang sekirane marasake larane kang disambangi.

Ana maneh, lagi layat wong tilar do­nya malah guyon ger-geran. Ora nge­tokna yen melu bela sungkawa, kuwi se­najan ora salah ya meksa ora pas. Ana uga, embuh nagih utang apa arep utang utawa arep ana perlu kang wigati ba­nget. Ora ndeleng kuwi wayah apa, mo­sok bengi wis wayahe wong mapan turu, meksa nothok lawang mung arep ngreridhu. Utawa nagih utang, utawa ana keperluan liyane. La ngono kuwi ya ora salah, ning kurang pas. Kejaba yen ana kang kelaran, utawa kena musibah utawa kepaten kang temen-temen mbutuh-ake pitulungane liyan. Bab kang mang-kene iki kudu temen-temen dijaga. Malah jamane simbah buyut biyen, wis dadi ila-ila menawa ngetokna dhuwit wayahe wong wis turu (wis bengi) dadi larangan tenan, jare ora ilok. Nanging yen diothak-athik ya mathuk, la ya wis bengi wayahe wong turu kok diridhu, diutangi dhuwit utawa ditagih utange. Kok ya ora angon wayah, kebageten men ngono kae.

 

Among Subasita

Wong Jawa mono nduweni budaya unggah-ungguh, tatakrama, udanegara. Menawa arep ngucap tumindak kudu ngerti sapa kang diadhepi, diajak ngo­mong lsp. Ngadhepi pinisepuh, pangarsa wong kinurmat, genah ora padha yen ngadhepi sapadha-padha. Ya kudu ana silah-silahe, bab ucap lan solah ting-kahe ana pangetarapane dhewe-dhewe.

“Nuwun sewu inggih, nyuwun duka saderengipun, kepareng kawula matur. Kawula kepareng nyuwun dipun pari-ngi palilah, kepareng nyuwun idin sedinten kemawon awit wonten kula-warga ing­kang sakit sanget. Kawula kedah saged nuweni sapunika ugi, makaten inggih Pak/Bu???”

“Kawula/kula ngaturaken gunging panuwun, sampun dipun paringi pitu­lungan semanten agengipun. Mugi Gusti Paring berkah dhumateng penjenengan.”

Kuwi mau conto sawetara, kepriye mungguh patrape wong kang ngadhepi pinisepuh, pangarsa, utawa paraga kang kinurmat. Kuwi bisa ngerti (angon) sapa kang diajak ngomong, kepriye mungguh trapsilane kadidene wong kang nduweni sikep andhap asor.

Ing sajrone Tembang Wirangrong, cakepane ngandhut pitutur becik amrih wong urip mono, tansah mbudidaya marang pribadi kang becik, bisa among rasa, among mongsa, among subasita.

 

Tembang Wirangrong

Den samya marsudeng budi

Wiweka dipun waspaos

Aja dumeh-dumeh bisa muwus

Yen ta pantes ugi

Senajan mung sakecap

Yen tan pantes pernahira

 

Jarwane:

Tanah mbudidaya dadi wong nduweni budi luhur/becik

Diwaspada marang paeka, utawa bab kang tumuju marang kang ora bener

Aja dumeh bisa ngucap

Yen ora pants, utawa senajan mung sakecap

Yen ora pantes, ora empan papan

Mula sepisan maneh, kita pancen kudu tansah ngati-ati sabarang ucap lan tumindak, kudu ngerti ana ngendi papa­ne, kapan wayahe, sapa kang diadhepi. Nyumanggakake. Nuwun. (*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)