Ainun lan Tresnaku
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Roman Remaja - Dibaca: 84 kali

Isa ngendhang ra isa nyuling,

Isa nyawang ra isa nyandhing

 

Mulih ing dina kang becik mapag riyaya jan kaya nemu emas sakgunung.  Luwar saka penggaweyan saben dina. Numpak bis umum ae isa keslimur disetelna lagu-lagu jawa. Ealah, tiba uka­ra ing ndhuwur, jebret… atiku meng­keret sajak ndhelik kisinan!

We hla engko nek tutuk omah rak mesthi kepethuk anake tangga omah sing tak taksir kit cilikane. Ainun. Wah, nek nganti kawit manyuk, njur kepethuk… sidane!

 

Taun 2012

“Baruna, soal sepuluh kok salah lima ngene iki piye? Bodho kok dipek dhewe” cluluke Ainun nalika ngedum lembar ja­waban ulangan matematikaku. Lambene ditarik mendhuwur sajak ngece.

“Pintermu mbok transfer nang sapa?” bacute karo ngalih nang kanca liyane. Ah, wangine minyak wangi kemlebet nga­repe irungku. Luwih saka cukup kang­goku!

“Biyasane bijimu rak apik-apik se, Bar?” bisike Ali, kanca sakbangkuku nyeng­gol pundhakku.

“Ngerti gak, Ainun wingi ngomong ngene…aku emoh kalah pinter karo sapa ae sing nyenengi aku. Ngerti se nek bi­jine Ainun gak tau punjul ka enem?” …hahaha guyune Ali mbrebegi kupingku. Ali, siji-sijine kanca sing ngerteni!

Ainun iki ketua kelasku. Ladak, can­thas, kesit, lan mrantasi. Senajan IQ-ne biyasa-biyasa ae, ning EQ-ne jian main tenan. Ora tau kalah set nek mek nga­dhepi arek lanang piye ae modhele. Hla-hla rungokna…

“Pengumuman, sesuk urunan limang ewu kanggo tuku kadho, Bu Hesti nikah­an”… sakkal mbengung koyok tawon sa­jrone kelasku nampani omonge.

“Sing gak setuju, ngacung?”. Durung sampek onok sing ngacung, Ainun nu­tugna omonge.

“Awake dhewe ki wis diwulang Bu Hesti telung taun. Telung taun iku suwe, Cak Mbak. Nek mek ngadho kipas angin rega satus seket ewu ae gak isa ngi­lang­na sumuke nalika ngopeni awakwe dhewe! Piye?”. Hla, ngerti ta geneya aku kok naksir berat ketua kelasku iki?

Jam ngaso, Ainun nyedhek bangkuku sakdurunge metu. “Bar, engko aku gon­ceng mulih, ya? Sepedahku taksekolah­na. Gembos.”

Hla iki, kesempatan. Onok paedahe omah nyandhing, isa nggonceng pas dheweke butuh.

Nyenengi Ainun kanggoku gak kudu takomongna. Suk ae nek aku wis dadi uwong. Saiki mesthine Ainun ya jik du­rung mikir sakmono dohe, mesthine, nek ndelok kencenge dadi sosok teladan neng kelas uga sekolahan. Nganti Ainun crita nalika takgonceng.

“Bar, eling gak pas omahku kobongan taun kepungkur? aku rak ditulungi mas­mu, Surya. Mbuh ya aku saiki malih piye ngono,…aku seneng nang masmu”

sepedah montorku takrem ndadak krungu omonge. Dadine?

 

Dina iki

Ana apa kok omahku rasane ancang? Anyep gak ana nyawane? Batinku ngu­darasa nalika manyuk mlebu omah. Sepi.

Sakjeg kerja setaun kepungkur, lagi iki balik mulih. Adoh, rek. Pegawe anyar­an pisan, bayaran ya ijik 80 persen.

Telung wulan kepungkur aku diun­dang Ainun kon mulih wektu tunangan, aku mek mbales njaluk sepura gak isa teka. Surya masku ya ngabari. Nanging aku eguh gak mulih.

Ah, aku njujug kamar sing taktres­nani. Kamar sing kenceng ngisore ka­mare Ainun. Mbiyen, nek takon pe-er cu­kup mbengok neng cendhela, menehi jajan kari nguncalna. Hehehe..

Kamare apa jik padha, ya? Slambuku takbukak. Saka cendhela kamare kepru­ngu swara ting jlerit ganti gumanti.

Saiki

“Bar, saiki kari manggon awakmu. Ainun wis ngomong nang Surya…” ngen­dikane bapak mlebu metu kupingku nyri­tani.

Ainun lara. Dudu lara sabaene. Ainun sing wis dianggep sehat, hla kok mulih ka rehabilitasi, kumat maneh nalika mlebu omahe!

Dheweke kaya lali nang awake. Ru­mangsane diuber-uber geni, lan nyeluki jenenge pawongan sing wektu iku mang­gul metu saka kamare, sing lagi telung sasi iki dingerteni nek pawongan iku…aku!

 

Wektu iku

...Kobongan, kobongan, kobong-an... geni ngulad-ulad ka kamare Ainun. Aku mlayu metu, menek pager lan nulungi Ainun sing wis semaput. Ainun takpang­gul ngliwati cendhela, lan jlebb takgawa mudhun, banjur ditampani Surya. 

Cuthel (Eni S.N.)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…