Sesajen Kayu Kanggo Karaharjane Museum Kayu Wanagama
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 30 kali

Tumraping sedulur Jawa wujuding sajen iku lumrahe ana sambung rapete karo perkara adat istiadat lan upacara. Kayata anane sesajen ing upacara mitoni, bayi lair, siraman pusaka lan sapanung­galane. Sajen umume dumadi saka me­nyan, kembang manca warna, jenang werna pitu, sega golong, tumpeng pung­kur, lan sapiturute. Sajen umume kapacak minangka simbol amrih upacara kang dumadi bisa lumaku becik, slamet, ora ana alangan sawiji apa, lan pinaringan berka­hing Pangeran.

Nanging ing Museum Kayu Wanagama Gunungkidul Yogyakarta tetela ana paku­linan gawe sesaji sing kogolong langka lan nyebal saka pakulinan. Sesaji kasebut ora ana gandheng cenenge karo perkara upa­cara adat utawa yen wong arep ziarah ing makam leluhur. Wujude sesajen uga dudu kembang menyan utawa sega tumpeng, nanging kayu-kayu glondhongan sing diumpuk-umpuk utawa disebar ing sakiwa-tengene pekarangan musium lha kepriye genahe?

Miturut critane Suranto dosen Fakultas Kehutanan Universitas Gajah Mada Yogya­karta, museum kayu sing dikelola Fakultas Kehutanan UGM iku nyimpen sakehing ba­rang kang dumadi lan digawe saka kayu, kayata jinis-jinis fosil kayu langka, omah panggung, omah gebyog, meja kursi, ma­neka patung, maneka topeng, piranti bale omah, alat tenun, lan liya-liyane. Kamang­ka museum iku dumunung ing te­ngah alas kang dadi sumbering maneka warna jinis ama kayu, dadi yen barang-barang kase­but ora dirumat kanthi becik mesthi gampang rusak.

“Sebab kayu mono klebu jinis or­ganik sing gampang rusak lan ajur ja­laran dipangan ama, kayata bubuk, rayap utawa re­nget, luwih-luwih yen kurang tume­men anggone ngu­pakara,” ujare Su­ranto. Mula Suranto kang uga kajibah ngreksa lan ngupa­kara museum kasebut banjur mikir-mikir mungguh kepriye carane kanggo ngawe­kani perkara mau. Pungkasane Suranto nemu solusi kanggo ngrumat barang-barang museum kasebut, yaiku kanthi nyepaki sesajen sing katujokake kanggo kewan gegremet sajinising ama kayu.

Dene tatacarane, Suranto nyawisake kayu-kayu glondhongan sing kegolong jinis kayu empuk lan murah, kayata sengon, jabon, akasia, flamboyan, lan liya-liyane. Kayu-kayu kasebut nuli kaseleh mratah ing sanjabane museum lan dipapanake ma­rang dununge keblat wolu, kayata ing ngarep, mburi, ngiringi lan pojokan-pojokan omah saka bangunan Museum Kayu Wanagama kasebut.

Tetela asile katon maremake. Wiwit kayu-kayu glondhongan iku disebar ing taun 2012, sabanjure kayu-kayu katon wis padha dipa­ngan ama, kayata nga­lami gapuk lan metu bubuke. Dene barang-barang koleksi lan kayu-kayu liyane kang ana ing Museum Kayu ora nu­duh­ake tandha-tandha yen ngalami kerusakan, tegese, ama-ama kayu kasebut wis padha alihan lan mangani ma­rang kayu-kayu sajen kasebut.

“Dadi anane sajen kayu iku pranyata kasil nylametake lan bisa minangka karaharjane kayu-kayu lawas tinggalan jaman kuna kang akeh ngandhut nilai-nilai historis lan kabudayan kang disimpen ing Museum iki”, jlentrehe Su­ratno marang para pengelola museum kang ginabung ing organisasi Badan Ma­syarakat Musea (Barahmus) DIY kang na­lika iku nyambangi museum kasebut sa­watara wektu kepungkur.

 

Riwayate Museum Kayu Wanagama

 

Suranto uga njlentrehake, Museum Kayu Wanagama iku mapan ing kukuban alas Bunder Gunung Kidul sing katelah Hutan Pendidikan Wanagama. Penere ing Jalan Yogya-Wonosari Km 30, alas Bunder, Banaran, Playen, Gunung Kidul, Yogyakarta. Museum kayu Wanagama madeg ing taun 1995 awit gagasane Prof. Dr. Ir. Hj. Oemi Haniin Soeseno lan Ir. Etty Suliantoro Sulaiman (kekarone dosen senior ing Universitas Gajah Mada) kang kala samana mertinjo menyang Hutan Wanagama bareng karo pehak Perum Perhutani.

Gagasan kasebut muncul sawise ibu dosen sakloron iku nonton Pameran Mu­seum Antropologi ing Perancis lan nges­treni mengadege Jati Centre ing Cepu. Sabanjure Museum Kayu Wanagama kasil diresmekake ing tanggal 8 Agustus 1998 dening Gubernur Daerah Istimewa Yog­yakarta Sri Sultan Hamengku Buwono X lan Menteri Kehutanan RI Ir.Muslimin Nasution.

Bentuke sing kegolong unik saka ba­ngunan Museum Wanagama yaiku marang wujude omah panggung sing digawe saka tilas omah kayu lawas gawean taun 1880. Omah kayu lawas iku sumbangan saka Perum Perhutani kang awale mujudake tilas Kantor Arjun Semarang Timur kang digawe ing Kedungjati, Blora. Ing taun 1994 omah lawas kasebut diusung menyang Hutan Wanagama Gunung Kidul, banjur digawe omah panggung lan minangka bangunan ruwangan utama mungguhing Museum Kayu Wanagama.

Museum Kayu Wanagama nyimpen maneka warna koleksi kayu, becik kang wujud fosil-fosil kayu apa dene jinis kayu urip. Nalika jumangkah mlebu museum katon wujude fosil kayu ulin saka Riau lan fosil kayu jati asal Imogiri kang umure wis yutan taun. Dene barang-barang koleksi liyane kayata fosil watu karang bobote nyandhak atusan kilogram sarta fosil tugelan kayu kenanga, medhang, kenari, ketapang, lan liyane katon temata rapi ing emper museum.

Kajaba iku, maneka warna tatahan kayu uga dadi koleksine Museum Kayu Wa­nagama. Ing antarane patung reca Gupala ginawe saka kayu sengon kang umure kurang luwih 50 taun minangka simbol mengadege museum Wanagama. Uga patung Roro Blonyo lan Jaka Blonyo sing digawe saka kayu sawo asal Gunung Kidul lan Boyolali, patung Toraja saka kayu uru asal Sulawesi Selatan, enthong bentuk uwong saka Bojonegoro, lan maneka warna topeng kayu kanthi motif lan tatahan kang endah uga bisa dipethuki ing museum iki.

Museum Wanagama uga nyimpen maneka koleksi kang wujud prabot-prabot kayu, kayata meja lurah saka Jepara, meja lan kursi tilas diagem mantan Menteri Kehutanan RI Ir. Sudjarwo, sarta maneka piranti saka kayu kang racake umure wis banget tuwa, kayata lesung jati, lengeh (kursi malas) saka tunggak kayu jati, gebyog kayu jati ukiran khas Jepara, dhipan cakrik Madura, lan maneka warna modhel meja lan kursi lawasan.

(Ismadi K)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane