Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (6)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 24 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

8. QADLA LAN QADAR:

Sasuwene iki, pemahaman marang tak­dir kang dumadi ana ing tengahing  masya­rakat, yaiku takdir mono dianggep samu­-ba­rang kang mandhiri, tanpa ana sebab sing ndhisiki. Malah wus ditetepake sadu­runge fenomena (peristiwa) iku dumadi.  Wus dumadi sadurunge dumadi. Hiya iki sing njalari ora bener lan ora pener ang­gon kita mahami marang takdir. Lha su­paya luwih cetha, bakal diaturake babagan hukum sebab-akibat sing ana gandheng cenenge karo takdir.

Ana beda panemu, sing beda antara bangsa kulonan (Barat) sarta bangsa we­tan (Asia, umat Islam). Mangkene genahe:

(a). Hukum sebab akibat miturut paham utawa modhel  bangsa kulonan (Ba­rat), iku kabeh gumantung marang feno­me­na (pe­ristiwa) lan upaya (usaha) ma­nungsa.

Golongan iki ndarbeni paham, manawa sekabehing asil kang digayuh dening ma­nungsa, iku mujudake akibat lan upaya (usaha) sing ditindakake utawa krana (di­se­babake) upaya (usaha) bebarengan (kolektif). Contone mangkene: Mahasiswa sing wus lulus ujian, iku amarga (disebab­ake) dheweke sregep sinau utawa sawiji­ning pawongan kang wus kasil dadi wong sing sugih mblegedhu, iku amarga (dise­bab­ake) dheweke sregep nyambut gawe srempeng. Paribasane ora etung sikil kang­go sirah, lan sirah kanggo sikil. Utawa pa­wongan kang kasil dadi angota Dewan Per­wakilan Rakyat, iku amarga dheweke ndar­beni kawigaten marang (nasibe) rak­yat. Gemblenge, hukum sebab akibat iku mujud­ake mekanisme murni usahane dhe­we.

Lha yen dheweke wus nyambut gawe molak malik watu (bekerja keras), nanging ora kasil, biasane banjur sumendhe ma­rang nasib. Biasane dheweke ora gelem mi­kir, apa lan sapa ta sing njalari ora kasil (gagal)? Kamangka upaya (usaha) lan persiapan liyane wus ditindakake kanthi teliti. Hiya swasana utawa kahanan kang kaya mangkono mau sing ora bisa ditun­tas­ake dening hukum sabab-akibat modhel kulonan (Barat). Hiya swasana utawa fenomena (kahanan) kang kaya mangkono mau sing bisa dirampungake dening hukum takdir miturut sya’i. Utawa bisa diaturake, manawa takdir iku mujudake pola (kon­sep) sebab-akibat sing kinanthen (melibat­kan) faktor x, yaiku binarung karo Qodrat lan Iradat Dzat kang Maha Kuwasa. Lha su­paya luwih gamblang kita mahami hu­kum sebab-akibat, bisa digambarake lu­maku ana telung tataran: Yaiku tataran kang kapisan, tataran sing sisih ngarep. Tataran kapindho sisih buri. Dene tataran kang kaping telu sisih ndhuwur.. Jlentrehe mangkene : 

(a). Sisih mburi, yaiku swasana sikil uta­wa usaha. (b) Sisih ndhuwur (tegak) yaiku  Qodrat lan Iradat (Kekuwasaan lan Ke­hendak). (c). Dene sisih ngarep, yaiku asile utawa takdir. Mangkene keterangane: Upaya utawa usaha lan fenomena (peristiwa) kang lagi lumaku ora mesthi nuwuhake asil kaya dene sing dikarepake. Nanging Kodrat (kekuasaan) lan Iradat (ke­hendak) Allah, Dzat kang Maha Wicaksana sarta Maha murah, kang nemtokake asil kang digayuh.

Eloke maneh, Allah iku ora kok saker­-sa­­Ne nemtokake asil usaha. Nanging Pan­jenengaNe Mriksani sarta Midhanget ma­rang apa kang kita tindakake. Sawuse iku PanjenengaNe lagi kepareng nemtok­ake asile. Hiya iku sing karan takdir. Hiya mang­kono iku keputusan lan katetepane Allah sing kepareng kaparingake marang kita. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude:

PanjenengaNe kagungan kumpulane Malaikat-Malaikat kang gilir-gumanti njaga manungsa saka ngarep lan saka buri, kala­wan dhawuhing Allah, sanyata Allah ora ker­sa ngowahi kahanane kaum-kaum (bang­sa-bangsa), kajaba wong-wong mau ngowahi kahanane dhewe. Lan manawa Allah karsa nyiksa sawiujining bangsa, mangka ora ana  wong siji-sijia kang bisa nulak siksaNe, sarta wong-wong mau ora duwe Bandara saliyane PanjenenanE.” (QS.Ar-Ra’d (13):11).

Nyimak makna ayat ing ndhuwur, cetha banget dhawuhe Allah:

Allah ora kersa ngowahi kahanane kaum (bangsa-bangsa) mau, kajaba wong-wong mau ngowahe kahanane dhewe”. Ing babagan iki ana rong golongan ing dalem nyikepi masalah iki. Sebagean ana sing sarujuk marang keputusan lan katetepane Allah lan sebagean liyane ana sing ora sarujuk marang upaya (usaha) ma­nungsa. Supaya luwih cetha, mangke­ne keterangane:

(a). Golongan kang kapisan lelandhesan karo dhawuhe Allah “Allah ora (karsa) Ngo­wahi”, iki maknane sing ngowahi utawa ora ngowahi iku, yaiku Allah. Manungsa kari ma­nut bae apa kang ditetepake dening Allah.

(b). Golongan kang kapindho, ndarbeni panemu, manawa sing darbe wewenang (peran) yaiku upaya (usaha) manungsa. Iki uga lelandhesan karo dhawuhe Allah, sing nerangake” Kajaba wong-wong mau ngowahi awake dhewe”.

Dhawuhe Allah iku nuduhake, manawa Allah iku mung ngesahake (legimitasi) bae marang upaya (usaha) sing ditindakake de­ning wong-wong mau.Tegese, kasil (ke­­-ber­hasilan) iku mujudake upaya (usaha) wong-wong iku dhewe. Allah wus kepa­reng netepake aturan (norma) sing karan Sunnatullah.

Miturut hukum Sunnatullah tumraping pawongan kang nyambut gawe mempeng (bekerja keras) pikoleh asil kaya kang dikarepake, kaya kang katur ing ndhuwur. Dak kira ora persis mangkono, kasunyatan kang dumadi ana ing panguripan padinan. Kadhang-kadhang kita sok bisa nggayuh apa sing kita karepake. Nanging kerep uga kita gagal ora bisa nggayuh apa kang kita karepake. Hiya krana kekarone, antara upaya (usaha) lan keputusan katetepaning Allah. Mangkono genahe kasunyatan kang dumadi ing tengahing masyarakat.

Gemblenge, sebab-akibat sing gegayu­dan karo takdir,  mangkene keterangane: Manungsa ngupadi (usaha), Allah kang kepareng nenimbang. Nuli (wusanane) Allah kang nemtokake asile. Fenomena (kahanan) iku lumku terus-terusan ing dalem urip lan panguripan padinan.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)