Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (5)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 38 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

6. PEMAHAMAN TAKDIR :

Pemahaman marang takdir nalika ja­man semana, jaman (awal) ngrembakane Islam karo jaman modern. Supaya luwih gamblang kita aturake pirang-pirang pane­mu (paham) sing ana gandheng cenenge karo pemahaman bab takdir. Ana telung madhab (golongan) :

(a). Golongan Jabariyah:

Madhab iki mahami lan mengerteni ba­bagan takdir, iku wewenang muthlak Sang Khaliq (Allah). Golongan iki ndarbeni ka­pi­­ta­yan, manawa manungsa iku ora ndar­beni wenang apa-apa (sethithik bae) ing babagan takdir. Ketetepan Allah babagan takdir iku wus  ditetepake dening Allah wi­wit manungsa durung lair. Mula saka iku, pa­ribasane manungsa iku pindha wayang kulit sing dimainake dening sang dhalang. Ewa semono, sanajan babagan iki dipan­-dhe­gani dening wong-wong Yahudi, sing darbe maksud ngrusak aqidah Islam, uga ora sethithik umat Islam sing kena penga­ruh. Malah nganti jaman modern saiki.

(b). Madhab Mu’tazilan lan Qadariyah:

Golongan utawa kelompok iki ora nga­koni kebebasan kekarepan (kehendak) makh­luk. Golongan utawa kelompok iki ma­lah ngakoni kebebasan kekarepan (kehen­dak) manungsa secara muthlak. Golongan iki nerangake, manawa Allah wus kepa­reng nyerahake kekarepan (kehekdak) sar­ta kekuasaan marang manungsa. Ma­nung­sa bisa ndarbeni kekarepan (kehen­dak) apa bae, bebas ngupaya (berusaha) bi­narung karo akibat-akibate. Ateges kasil utawa orane (gagal) iku dadi tanggung ja­wabe manungsa iku dhewe. Golongan iki ora ditrima dening masyarakat, umat Islam. Sababe paham kang mangkono iku ateges dianggep ngliwati wates, ing dalem ngugemi kebebasan  marang makhluk. Iki sapandurat Allah ora kagungan Kekuasaan lan Iradat ing dalem nemtokake sarta ne­tepake takdir (dengan IradatNya). Luwih saka iku, malah ana sing marabi kafir ma­rang golongan kasebut.

(c). Madhab Asy’Ariyah:

Madzhab iki madeg antara kekarone madz­hab kang katur ing ndhuwur, ndarbeni paham utawa nganut paham Mu’tazilah. Amarga rumangsa ora cocog karo paham kasebut. Golongan utawa kelompok iki nuli nggabungake kekarone, yaiku Jabariyah lan Mu’tazilah, yaiku antara kemutlakan  peran Allah sarta kemutlakan peran ma­nungsa. Genahe, bener manungsa iku ndar­beni kebebasan mutlak (kehendak). Nanging manungsa ora ndarbeni hak nem­tokake asile. Manungsa mung darbe seba­geyan bae, saka asile (kesuksesane), yaiku ing tataran  kekarepan (kehendak) lan usa­ha. Kanthi mangkono sing nemtokake asile, yaiku mutlak wenange Allah, Dzat kang Maha Kuwasa.

Uwal saka tetelune golongan (kelom­pok) kasebut, sing bisa ditampa dening ma­syarakat modern (maju), pangerten sar­ta pemahaman sing dirintis dening Ibnu Ra­syid. Ibnu Rasyid nggabungake paham kekarone paham Mu’tazilah lan paham Ja­bariyah secara rasional (temu ing nalar). Mak­nane, yaiku manungsa iku ndarbeni ke­bebasan tinamtu ing dalem nemtokake uripe dalah panguripane. Nanging Allah Dzat kang Maha Kuwasa kang nemtokake asile krana liwat hukum sebab-akibat.

 

7.  PEMAHAMAN MODERN (MAJU).

Tumraping masyarakat modern, utawa budaya kang lumaku ana ing tengahing ma­syarakat modern, ana sawijining pa­ham kang kawong kinaran paham deter­minisme lan paham indeterminisme. De­terminisme iku mujudake paham sarwa di­tem­tokake. Paham utawa aliran sing nga­nut paham, manawa sekabehing tumin­dak, utawa fenomena (peristiwa) kang ana ing satengahing umat (masyarakat), iku wus ditemtokake dening Allah, Dzat kang Maha Kuwasa. Contone mangkene: Sa­mu­barang kang dumadi, uwal saka nalar  lan pikiraning manungsa sing ora bisa di­ken­dhaleni dening kekarepan sarta budi dayane (usaha) manungsa, yaiku (upama­ne) bayi kang lair metu lanang utawa wa­don, lair ing dalem kahanan kang sampur­na utawa cacat lan liya- liyane. Luwih saka iku, laku (tumindak) becik utawa ala iku uga wus ditemtokake dening Allah, Dzat kang Maha Kuwasa. Yen dinulu, paham iki ciplek (sak emper) karo paham Jabariyah lan Asy’Ariyah, kang wus katur ing ndhu­wur. Aliran iki lelawanan karo paham uta­wa aliran Indeterminas (sarwa ora ditem­tokake). Miturut paham utawa aliran iki, manungsa mono ndarbeni kebebasan (ke­hendak) sarta tumindak apa bae, sarta  ndar­beni sikep dhadha handhadha (ber­tanggung jawab) marang samu barang kang wus ditindakake. Mula saka iku Allah kepareng nyawisi Suwarga lan Neraka mi­nangka pinwales marang tumindake ma­nungsa. Paham utawa aliran iki sak emper (ciplek) karo paham/aliran Qadariyah lan Mu’tazilah.

Lha hiya, sapandurat yen kita simak, becik ing tlatah (masyarakat) kulon (Eropa) lan wetan (Asia) ing babagan takdir durung maton trep karo takdir miturut syar’i. Kita lagi bisa mahami pangerten (konsep) tak­dir, manawa kita migunakake sistem uta­wa peso analisa (pendekatan) sing sipate holistic (nyakup) lan keseimbangan. Utawa bisa diaturake miturut wawasan Islam, ya­iku migunakake konsep kaaffah (nggayuh Rahmatan lil Alamiin).

Sepisan maneh diaturtake, manawa Allah kepareng paring piwulang utawa pituduh (hidayah) babagan takdir kinan­dhut makna, supaya manungsa bisa urip ing dalem swasana seimbang. Tegese, yen lagi kaparingan kanikamatan dening Allah ora gumbira (bungah-bungah) sing ngluwihi wates. Semono uga yen lagi kata­man musibah (pacoban) upamane kesusa­han, ora banget-banget sedhihe. Ora adi­gang, adigung lan adiguna, manawa bisa kasil usahane. Sarta ora asikep nglokro (pu­pus ing pangarep-arep) manawa du­rung ketekan sing digayuh.

Gemblenge, sregep nyambut gawe (anam­but kardi) kanthi tememen, ora kesed (lumuh) nggayuh cita-cita (kekare­pane), na­nging kudu tetep muji syukur ma­rang ngarsaning Allah sarta tawakkal na­lika nga-dhepi masalah urip (panguripan). Bisa dia-turake, manawa apa sing karan takdir iku mujudake Sunnatullah.  (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)