Watu Gilang lan Misteri Wong Eropa Teka ing Mataram
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 121 kali

CRITA tutur kang didongengake sacara turun temurun, watu gilang kang saiki kasimpen ing sawijining wewangu­nan ing sakwetane Pasareyan Sentana Keraton Ngayogyakarta iku mbiyen-mbiyene minangka dhampar Ratu Ma­taram nalika jaman Panembahan Se­nopati (Taun 1558-1603 Masehi). Dham­par kang saka watu andesit iku dipercaya kang nuwuhake Ki Ageng Mangir, Wo­noboyo, mungsuh nanging uga mantu dalem nemahi tiwas. Nalika minangka putra mantu merga krama karo Putri Pembayun iki ngabekti kanthi nyembah marang ampeyane Panembahan Seno­pati, nanging dening raja  Mataram, mus­takane Ki Ageng Manggir malah dijebleske ana ing ndhampar. Ingga  Ki Ageng Mangir nemahi pralaya.

Ana ing wewangunan iku saliyane watu gilang, uga kasimpen watu bunder maneka ukuran kang dijenengake watu gatheng. Miturut critane abdi dalem kang jaga, watu gatheng iku minangka watu kang asring dimanfaatake Raden Rangga kanggo dolanan gatheng. Arepa sumber liya mratelakake menawa watu iku mbiyen-mbiyen minangka peluru meriem kuno kagungane Keraton Mataram.

Isih ana crita liya ngenani Watu Gi­lang tinggalan Kraton Mataram. Sawi­jining penulis kang asmane Mbah Kjogja ngripta buku ngenani asal usule watu gilang iku.Miturut crita Mbah Kjogja ana ing bukune kang asesirah Jogja Hidden: Misteri Yang Tak Kasat Mata, watu gilang iku asale saka Gunung Merapi nalika erupsi sadurunge Keraton Mataram ing Kotagede dibangun.Watu iku banjur Ki Bangun Martopo, sawijining pendherek Ki Ageng Mataram. Watu saka Gunung Merapi iku terus dipisungsunke marang Panembahan Senopati, minangka dham­par keraton.

Penulis kang nduwe asma singlon Mbah Kjogja iku uga nulis crita watu gilang versi liya. Menawa ana rombo­ngan saka Portugis kang diundang  Pa­nembahan Senopati ing Mataram kang asmane Cornelis de la Vonte. Cornelis sakanca mampir menyang Mataram, mer­ga prau kang ditumpangi kandhas ana ing Pesisir Kidul Keraton Mataram. Nalika iku Cornelis arep lelayaran me­nyang Afrika. Cornelis sakanca meng­kone mapan ing Mataram suwene pitung taun. Lan ngowahi jeneng kanthi asma Kyai Abdul Segaran. Tulisan inskripsi ana ing watu gilang iku ditulis sakanca sa­du­runge bali menyang Portugis. “Eman penulis buku iku ora nyebut kanthi cethasumber tulisan kalebu sumbere, dadi validitas kurang ngyakinake,” ujare Dr.Sri Marghana, ahli sejarah saka UGM Yog­yakarta ana tulisane ing Majalah Budaya lan Cagarbudaya, Mayangkara Yogya­karta.

Sumber liya kanggo nalusur Watu Gi­lang saka laporane penulis kang asmane William Barinton D’Almaida wong ketu­runan Inggris lan Spanyol. William kang tau nekani watu gilang kang ana ing kampung Ndalem Kotagede, Yogyakarta ing taun 1864 iku banjur nulis buku nge­nani riwayat watu gilang.Kang miturut critane minangka papan lenggah utawa dhampar Panembahan Senopati. Ana ing buku kang asesirah Live in Java iku uga dicritakake menawa ana rombongan pelaut saka Portugis kang kandas ing Pesisir Kidul.

 

Kapal Kerem ing Perairan Mataram

Uga ana crita pelaut saka Portugis digawa menyang Mataram. Lan didadek­ake minangka tawanan. Dening Panem­bahan Senopati, para tawanan saka Portugis diprentah kanggo gawe mriyem kanggo angkatan perang Mataram. Nanging para pelaut ora gelem, engga wekasane diukum kanthi dirante ana ing sawijining watu. Ya tulisan kang ana ing watu gilang iku minangka gambaran perasaan para pelaut.

Tulisan ana ing inskripsi ing watu iku  unine Ad aaternam memoriam sortis infelicis kanthi jarwan minangka pangenget-enget abadi, ngenani nasib kang ora nyenengake. Ana tulisan liya kang unine  Ainsi Va le monde.Cosi va il mondo. Zoo gaat de weered. Ita movetur mundus kang kabeh nduweni makna kurang luwih, ya iku urip. Lan maneka tulisan kang isine mangenani rasa keranta-ranta minangka tawanan. “Apa tulisan iku bener-bener ditulis tawanan Portugis kang keranta-ranta, pancen isih perlu dibuktekake,” panambahe Dr. Sri Margana.

Kanggo nguji apa keterangan William Barrington bener pancen kudu ngadani panaliten, apa bener ing abad 16 ana ka­pal saka Portugis kang kandhas ana ing Pesisir Kidul Samudera Hindia.Apa  ana sumber kang bisa kanggo rujukan. Kaya ta asil panaliten Tonny Wel. Kang senenge mburu harta karun ana ing laut. Miturut Tonny Well ing abad 16, ya sak jaman karo anane kerajaan Mataram ing Kotagede, ana udakara 450 kapal kang kerem ana ing laiut sadawane laut ing Asia Tenggara. Salah siji kang dikenal yaiku kapal Flor do Mar. Mung wae kapal iku anggone kerem ana ing perairan Sumatera.

Richardson, sawijining ahli sejarah ing babagan maritim. Ana ing bukune kang asesirah Boxer II, dicritakake sawi­jining  kapal Portugis kang jenenge Sao Paolo kandas ing taun 1561 Masehi. Mena­wa kapal kang kandas iku jenenge Sao Paolo, artine nalika para awak kapal pada ditawan panguwasa Mataram. Sang raja Mataram, ya Panembahan Senopati wektu iku umure lagi ngancik umur 27 taun merga Panembahan Seno­pati, kang nalika mudhane kanthi asma Danang Sutawijaya iku lair ing taun 1534 Masehi.

S. Marghana ana ing artikele uga mra­telaake menawa data-data saka Mataram kang tinulis ing babad luwih mujudake legenda. Kaya legenda Baron Sekeber kang ditemoake ana ing ma­neka babad, kaya Serat Sekeber, Serat Baron Sekender lan Babad Pati. Iku dadi pituduh, menawa ing jaman Mataram kanthi panguwasa Panembahan Seno­pati wis ana hibungan ing antarane masyarakat Jawa lan Barat.

Uga crita Ki Juru Taman, minangka sakabat Panembahan Senopati kang miturut H.J. Gde Graff minangka wong dagang saka Eropa kang tau manggon ing Keraton Mataram. Arepa ana kalo­dhangan  liya uga digambarake minang­ka laweyan putih utawa jim. Ana ing crita iku digambarake nalika perang ing antarane Pajang-Mataram, Juru Taman sowan Panembahan Senopati mratela­ake menawa arep mateni Sultan Hadi­wijaya. Lan ana ing crita iku, Panem­bahan Senopati ora mangestoni nanging uga ora nyandhet Juru Taman.

Ana ing tulisane kang asesirah, Awal Kejayaan Mataram, H.J. De Graff mratelaake menawa Ki Juru Taman iku sawijining warga negara keturunan Italia. Juru Taman uga tau minangka utu­san Keraton Mataram kanggo nemoni Gubernur VOC ing Maluku Petert Both. Fakta iki kacathet ana ing Daghgeister, sawijining cathetan ngenani surat-surat kang mlebu ing sekretariat pejabat VOC.

De Graf uga nyathet, Panembahan Krapyak utawa Sunan Hanyakrawati uga nduweni sawijining pembantu kang nduweni kebangsaan Italia, yaiku Juan Pedro Italiano,  kang wus ngrasuk agama Islam. Wong Italia iku uga dadi utusan Mataram nalika ngadhep Gubernur VOC ing Maluku. Kanthi panyuwun supaya VOC gelem bukak kantor ing Mataram. Raden Ngabehi Purbatjaraka uga mra­telaake, menawa kawit jaman mbiyen juru taman ing Keraton Mataram asring dipasrahake menyang wong manca saka Eropa. Mangkono.

(Hamid Nuri)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane