Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 22 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Nyimak makna kang kinandhut ing ayat-ayat kasebut ndhuwur, bisa dima­nger­teni, manawa iman marang Allah itu, kita kudu yakin manawa Allah iku ana. Allah iku Maha Kuwasa, Allah iku Maha Wicak­sana, kanthi Qudrat lan Iradate (KehendakNya). Luwih saka iku kita bisa asung bukti (argumentasi) kang tinrmu nalar (ilmiyah). Lha yen ora mangkono, ate­ges iman kita iku mung sak drema pi­taya, durung yakin bener. Dene tumraping wong kang iman, kanthi keyakinan kang nujem ana ing telenging atine (qalbune) mangerteni, manawa iman iku bakal nun­tun marang kamulyan donya trusing akhi­rat. Semono uga iman  marang  Malaikat, marang Rasul lan Nabi, marang Kitab Su­ci, dina Qiyamat lan marang takdir. Kabeh mau kudu binarung  (bertumpu) marang pemahaman sing rasional, sing temu na­lar lan pikiran (empiris lan ilmiyah). Ora mung sak drema pitaya utawa melu-melu (manut grubyug).

 

5. TAKDIR:

Kaya kang wus diaturake ana ing ndhu­wur kanthi samadya, babagan takdir mono mujudake aturan (norma, mekanis­me) Sunnatullah. Maksude njurung ma­rang kita napaki urip lan panguripan kang sampur­na. Panguripan mono pindha la­wan (per­mainan). Dene takdir iku adha­pur aturan permainan. Supaya mulya kita kudu ma­nger­teni marang aturane (meka­nisme). Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene mak­sude:

“Sanyata panguripan ing donya iku mung  (pindha) dedolanan sarta lelahanan (lahwun wa la’ibun). Manawa sira padha iman lan taqwa mring Allah, Allah bakal pa­ring ganjaran (pahala) marang sira ka­beh. Allah ora mundhut bandha-ban­dha sira kabeh.” (Q.S. Muhammad (47) : 36).

Mangkono mau Allah paring dhawuh, ma­nawa panguripan mujudake dedola­nan (lahwan). Mula banjur ana unen-unen (po­capan) menang lan kalah. Tumraping wong-wong kang begja bakal mulya uripe ing donya lan ing akhirat. Dene tumraping wong kang kalah (cilaka) bakal nampa pi­­wa­­les trep karo pakartine (maksiyat) sing ditin­dakake, bakal pinaringan adzab Neraka.

Kajaba saka iku, panguripan ing donya lan akhirat iku bisa ginayuh kanthi lelom­ban (berlomba-lomba), marang tumindak becik. Mungguhing pawongan kang akeh tumindak becike, iku kang bakal menang, pinaringan ganjaran Suwarga. Dene tum­raping pawongan kang tumindak kurang becike (tumindak ala) bakal pinaringan adzab Neraka. Trep karo maksud dha­wuhe Allah mangkene:

(a). Lan Ingsun wus nurunake marang sira Muhammad Kitab Suci Al-Qur’an kang ngemot bebener, lan mbenerake marang  barang kang luwih dhisik saka iku, ana ing Kitab Taurat lan dadi panjaga tumrap Kitab mau, jalaran saka iki sira padha nge­trepna hukum ana ing antarane wong-wong mau kalawan kautaman kang wus diturunake dening Allah, lan sira aja kong­si manut-miturut hawa nepsune wong wong mau kang bisa nyasarake bebener kang teka marang sira. Ingsun wus nda­dek­ake saben-saben, angger-angger syari’at lan dedalan. Sarta manawa dadi keparenging Allah, PanjenengaNe Kuwasa ndadkake umat sing manunggal kang ora ana  pasulayane. Nanging manawa Panje­nengaNe karsa paring coba ing sira, ana ing barang kang wus diparingake marang sira. Jalaran saka iku sira kabeh padha ba­lapana (lelomba) nindakake amal sha­leh. Ana ing ngarsaning Allah papan bali­nira kabeh. Nuli PanjenengaNe karsa njlen­trehake ing sira kalawan barang kang padha sira pasulayakake.” (Q.S. Al-Maidah (5):48).

(b).”He wong-wong kang padha iman! Sira kabeh padha rukuka, padha sujuda, lan padha nyembaha Pangeranira, sira padha nindakna kabecikan supaya sira pa­dha begja oleh kemenangan.” (Q.S. Al-Hajj 22):77).

(c). “Kanggo nggayuh kabegjan agung, mangkene iki, mula wong kang bi­sa tumandang, supaya padha tumanda­nga amal.” (Q.S. Shaffaat (37);61).

Nyimak makna kang kinandhut ing ayat kang katur ing ndhuwur, bisa dima­ngereni, manawa urip lan panguripan iku mujudake dedolanan. Sok sapa wonge sing sregep tumindak (usaha) sarta nin­dak­ake amal shaleh (kabecikan), hiya iku sing menang nggayuh kabegjan. Ora ana critane wong kang kesed utawa lu­muh bisa ketekan karepe. Uripe mung pa­srah bongkokan.  Allah  njurung kepa­reng paring pangalembana marang wong kang ikhtiyar (usaha) sarta makarya sing mempeng. Pawongan kang mangkono mau bakal antuk (pikoleh) hidayah utawa pituduh saka ngarsaing Allah. Dhawuhe Allah mangkene maksude:

(a). “Satemene wong-wong kang pa­dha iman lan nindakake laku becik. Allah kepareng pituduh supaya bisa mlebu ing Suwarga, amarga saka imane. Kang ing ngisore ana kaline sapirang-pirang padha mili ing Suwarga papaning kanikmatan.” (Q.S. Yunus (10):9). Yen kita simak ayat ka­sebut ing ndhuwur, cetha banget ne­rang­ake, manawa Allah bakal paring pitu­duh marang manungsa iku, manawa dhe­weke wus tumandang dhisik, arupa iman lan amal shaleh. Lha yen ora mangkono, bisa uga kita kalebu golonganing wong-wong kang fasiq (sing akeh nindakake do­sa), dzalim (aniaya) lan liya-liyane. Gem­blenge, sawuse kita nyimak makna ayat ka­sebut, bisa dimangerteni, manawa sing karan takdir, yaiku samubarang sing mu­judake keputusane Allah, tumrap apa kang wus diusahakake dening manungsa kang­go nggayuh kabegjan sing dikarep­ake. Mula saka iku Allah kepareng paring pitu­duh (aturan mainnya), supaya per­mai­nan iku dadi resik, jujur lan adil. Dene sok sapa sing sregep makarya (usaha) ba­kal methik asile. Dene mungguhing wong sing kesed, lumuh bakal kapitunan wekasane.

Ewa semono, aja lali, Allah iku Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih sarta Maha paring pangapura. Panjenengane ba­kal nampa dongane para kawulaNe kang nyuwun pitulungan, ugere padha sabar lan tawakkal. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude :

(b). “Sapa sing pikoleh pituduh, satemene mung nuduhake  tumrap awake dhewe. Dene sing sapa kesasar, sateme­ne hiya mung nyasarake awake dhewe. Lan ora ana  wong dosa nyangga dosa­ning liyan. Lan Ingsun ora bakal nyiksa, yen Ingsun durung ngutus Rasul marang dheweke.” (Q.S. Isra (17):15).

Gegayutan karo makna ayat ing ndhu­wur, bisa dimangerteni lan dipahami, ma­nawa Allah kepareng paring piwulang ma­rang manungsa ing babagan takdir, uger kita bisa paham utawa ngerti nyikepi marang tumindak kita. Ora bungah sing ngluwihi wates, manawa kita pinaringan Rahmating Allah. Lan ora ngloko sarta  pu­pus ing pangarep-arep, nalika kataman utawa pikoleh ujian (musibah) saka ngar­saning Allah. Trep karo dhawuhe Alah, mangkene maksude:

(a).”Lan manawa Ingsun paring Rah­mat marang manungsa, dheweke padha bungah-bungah kalawan Rahmat mau. Dene manawa kataman bebaya utawa bencana kang nyusahake kagawa saka barang kang ditindakake dening tangan tangane, dumadakan dheweke padha pe­dhot (pupus) ing pangarep-arepe saka Rahmating Allah.” (Q.S.Ar-Rum (30):36).

(b).Sadhengah bilahi sing ngenani maeangsira iku, saka uwohing pakartine tanganira dhewe. Lan PanjenengaNe Allah karsa paring pangapura akeh-akehe tindak dosa mau.” (Q.S.Asy-Syura (42):30).

(c). “Ora ana bilahi kang nempuh ing bu­mi, sarta nempuh ing sira, kajaba wus katulis ana ing Kitab (Lauhul Mahfudz) sa­durunge bilahi iku Ingsun lairake, sanyata kang mangkono mau gampang banget mung­guhing Allah.” (QS. Al-Hadid (57):22).

(d).”Supaya sira aja padha susah ingatase kelangan barang, lan aja padha bungah katekan barang anyar! Allah iku ora rena  marang sekabehing wong kang ambeg adigung tur kumaluhur.” (Q.S.Al-Hadid (57):23). (Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)