Prasetyane Sepasang Kekasih ing Grojogan Sewu (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 27 kali

Kondhisi alame kang nengsemake, ndadekake obyek wisata Grojogan Sewu Tawang mangu, digandrungi para wisata­wan. Secara geografis Grojogan Sewu kang mapan ing Kl. Tawamangu Kec. Ta­wang­mangu, Karanganyar dhuwure 1.100 meter saka banyu segara. Kanthi hawane kang adhem seger, rata-rata temperature 19,5 derajat Celcius lan kinupengan Hutan Lindung lan maneka warna tetuwuhan kang rinesep dinulu.

Disawang saka kadohan katon remeng-remeng ing parak esuk sing mbungkus areal Tawangmangu, saengga hawane anyep njengkut. Kaendahan alam Puncak Lawu, kadya prawan lagi turu angler kinemulan ampak-ampak, nambahi daya sengseme. Pancen wiwit ndhisik mula, obyek wisata alam Grojogan Sewu ngan­dhut daya tarik kang manjila. Kaya-kaya tansah ngawe-awe marang pengunjung kang kepengin ngresepi saka cedhakan. Para wisman lan domestik padha cuwa atine yen durung bisa nonton kaendahan Grojogan Sewu. Mula ora barang aneh yen ta Grojongan Sewu entuk sebutan “The Interesting Paecefull Object” utawa “Waterfall is very beautiful Love.”

Obyek Wisata Grojogan Sewu kang dumunung 24 Km saka kutha Karanganyar, pranyata papan mau digandrungi para kawula mudha. Kejaba iku para pengun­jung sing padha nekani, senajan banyune anyep “medium” sarta kinukung watu pa­dhas. Grojogan Sewu mau dhuwure uda­kara 81 meter, kang nduweni daya pikat sing gawe eram. “Manut cathetan sajro­ning setaun ora kurang saka 600.000 pe­ngunjung kang padha sesukan,” andharane S. Wijaya Putra, SH, Mhum, wektu dite­moni wartawan Panjebar Semangat.

Sabanjure Kasubdin Pariwisata nam­bah­ake katrangan, kanggo ngregengake swasana obyek sineling atraksi hiburan berkala kaya ta campursari, reog Pono­rogo, bamboo thek-thekan, gebyar kem­bang api lan liya-liyane. Ing wektu Lebaran nganti “Bakda Kupat” para pengunjung padha kepengin raup utawa ciblon, sing jarene banyune bisa ngalusake kulit. “Kanggone para kawula mudha padha rebutan kayu saka Grojogan Sewu, inga­rah bubar raup raine malih dadi kinclong,” Andharane S. Wijaya Putra marang war­tawan Panjebar Semangat, sinambi ngombe wedang the Ginasthel (Legi Panas lan Kenthel).

 

Crita Legenda

Pengamat Legenda Dra. Ayu Pra­bandari, Msn wektu bebarengan klayan wartawan PS ing Desa Blumbang, Kec. Tawangmangu nerangake, manut crita legedan mangkene. Rikala semana Gro­jogan Sewu iku uga diarani tangise kekasih utawa adon tresna. Ana sawijining prawan sulistya aran Kusumasari kang ayune dhatan pilih tandhing. Pakulitane kenya mau kuning nemu girig lan akeh para ka­noman kang kasmaran. Wangune pawarta mau keprungu tumeka tlatah Kraton Maja­pahit, dene rajane jenenge Prabu Brawi­jaya V. ana jaka bagus aran Setyoloka isih kapernah kepulunane Sang Prabu Brawi­jaya V. Jaka bagus mau kanthi sesidheman kepingin banget nyumurupi prawan sulistya mau, kanthi nyamar dadi wong desa. Kanthi menganggo sandhangan ireng-ireng lan nganggo cupil, Setyoloka marani pernahe kenya kasebut. Bareng wis ketemu kaya ngapa kagete kenya Kusumasari, amarga nyumurupi jaka bagus kok menganggo sarwa ireng. Wusanane tempuke netra satemah nembus jroning ati, mahanani getere rasa kang nuwuhake tresna. Suwe-suwe jaka bagus lan kenya sulistya mau wis sarujuk lan padha pra­setya arep urip bebarengan.

Bareng Setyaloka aweh pelapuran marang wong tuwane, kaya ngapa kagete bapa-biyunge wektu iku. Sanalika wektu iku wong tuwane sakloron raine dadi abang branang, nesune ora bisa diampet maneh. Kanthi nyuwara sora, “Yen kowe Setya­loka, ora gelem manut karo bapakmu, luwih becik minggata tinimbang nyepet-nyepeti mata. Kamangka kowe, wis janji marang bapak yen gelem tak jodhokake klayan kenya ayu Sawitiri, isih kapernah keponakane Prabu Brawijaya V,” pratelane bapake karo mripate mencereng.

Tanpa nyuwara, wektu iku uga Setyo­loka lunga klepat tumuju omahe Kusuma­sari, sing dadi geganthilane ati. Perlu kawuningan sejatine Setyoloka durung nyumurupi babar blas, rupane kenya ayu Sawitri mau. Bareng jaka bagus Setyoloka lan Kusumasari wis bisa ketemu, padha ngetogake rasa tresnane, neng perenge Grojogan Sewu. Ya ing papan kono Bagus Setyoloka lan Rara Kusumasari padha sumpah prasetya, senajan tumekaning pati tresnane ora bakal ilang. Rikala semana Banyu Grojogan Sewu sininggar dadi loro, bareng kanoman loro kang nindakake pepasihan nuli rerangkulan terus musna binarung suwara bledheg nyamber-nyamber. Kanthi ilange Setyoloka lan Kusumasari, ora let suwe Grojogan Sewu terus nyawiji (nglumpuk dadi siji). Nganti tekan seprene, “Belive it or not, kena percaya kena ora, iku mung dhapur crita legenda utawa crita rakyat”, andha­rane Dra. Ayu Prabandari, Msn karo me­sem ngguyu.

 

Crita Pewayangan

Obyek Wisata Grojogan Sewu, saiki saya dipersudi kanthi nambah fasilitas kayata Taman Satwa, Kolam Renang, Shelter, Homestay, Kios Woh-Wohan, Artshop, Mainan Anak-Anak lan segudhang liyane. Kanggo njaring pengunjung akeh cara sing ditindakake dening Dinas Pariwi­sata Karanganyar, manut program pe­ngembangan pariwisata. Kejaba kondhisi alame sing mencutake, uga Pemda Ka­rang­anyar menehi peluang marang para warga Balekambang Tawangmangu, padha golek rejeki liwat dodolan pethetan kembang, kerajinan, souvenir, numpak jaran lan liya-liyane,” imbuhe Kasubdin Pariwisata Karanganyar. Kanggone para pelancong utawa wisatawan nduweni tujuan kang luwih mapan. Senajan tekan sore bendhe kaya-kaya wegah bali. Luwih-luwih kanggone para kawula mudha, utawa adhik pramuka yen wis nindakake hiking, kaya-kaya wis wegah mingset.

Kasubdin Pariwisata uga nambah katrangan, manut crita pewayangan Prabu Baladewa rikala arep perang Baratayuda Jayabinangun, Bethara Kresna njaluk supaya Prabu Baladewa nindakake tapa ing Grojogan Sewu. Babagan iki kanggo ngendhani Baladewa aja ndhakake Bethara Kresna tansah dituruti. Ana ing sangarepe Grojogan Sewu, ana kreteg kang diarani “kreteg pegat” lan ora kena babar pisan wong jejodhohan liwat kreteg bebarengan utawa gandhengan tangan. Dipercaya sing nindakake mau, bakal kena sapudhene sing baureksa kreteg Kyai Baladewa, mulane akeh sing ora wani nerak. Uga ana crita pewayangan, wektu Gathutkaca entuk dhawuh saka Sang Hyang Narada, yen kepingin kepethuk jatu kramane (Pregiwa) kudu tapa ing perenge Grojokan Sewu.

Ing Tawamangu, uga ana grojogan cilik sing diarani Grojogan Pringgodani papane Prabu Anom Gatutkaca (anake Bima) lagi kumkum bareng karo Pregiwa. Semono uga ana alas Pringgodani, ing sawetane Grojogan Sewu ana papan kang kanggo golek jodho. Jroning alas Pringgodani mau, para pengunjung bisa nyawatake watu tumuju wit kang growing (bolong). Embuh iku priya utawa wanita, yen bisa nglebokake watu, dipercaya ora suwe maneh bakal nampa jatu kramane. Ka­mangka lete ora adoh, udakara 4 meter, kanggone pawongan sing isih legan padha kepingin nyoba. Sing luwih medeni maneh yen ana pawongan sing wis omah-omah, mengkone bakal dadi randha utawa dhudha.

(*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba