Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 30 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

3. LELAWANAN :

Sing njalari beda panemu (pemaha­man babagan takdir), sing dumadi ana ing satengahing masyarakat, antara liya krana madhakake takdir karo nasib. Utawa bisa diaturake, manawa manungsa iku ora ndar­beni kebebasan ing bab takdir. Lha supaya luwih gamblang, mangkene kete­rangane:

(a). Saperangan masyarakat ana sing pitaya, manawa nasib wus ditemtokake  de­ning Allah sadurunge manungsa lair. Hiya amarga bab iku manungsa ora perlu nindakake upaya (usaha) kanggo nggayuh kabegjan. Golongan iki pitaya banget, manawa rejeki, jodho lan pati iku wus ke­pareng ditetepake dening Allah sadurunge manungsa lair. Upamane tumraping wong Jawa, kita kerep nemoni pocapan-poca­pan: “sing ndarbeni makna nglokro (pesi­mis), kaya ta narima ing pandum, alon-alon ugere kelakon, gremet-gremet ugere slamet, pulung sugih (nasib sugih), pulung miskin (nasib miskin) lan liya-liyane. Pa­ngerten (konsep) takdir mono njurung ma­rang samubarang kang bagus. Dene nasib iku ateges darbe makna marang samuba­rang kang kurang bagus (negatif). Supaya luwih cetha, mangkene contone: “Ana ing donyane kedokteran jiwa, wus kawong sa­wijining pribadi mawa tipe A lan tipe B.:

(a). Pribadi tipe A, nerangake sawiji­ning pawongan kepengin kang anja (ung­gul). Dheweke kalebu ewoning pawongan kang ambisius (gila hormat) ing dalem uripe. Kepengin dadi pawongan sing no­mor wahid. Semangate nyambut gawe peng-pengan (menggebu), supaya bisa nggayuh asil kang luwih sampurna. Na­nging emane, tipe A iku ora bisa ngen­dhaleni kondisi (kahanan) jiwane kanhi becik. Dheweke gampamg stress yen sing dikarepake iku ora bisa kelakon sarta gampang kuciwa. Mula saka iku dheweke gampang diserang penyakit kajiwan.

(b). Suwalike pawongan pribaditipe B. Pawongan kang mangkene iki, kalebu ewoning wong kang sabar. Narima kaha­nan kang dumadi. Upamane ndarbeni ke­ka­repan kang durung bisa digayuh, dhe­weke tetep sabar, ora gampang stress. Tipologi kang mangkene iki kalebu ewoning wong kang ora ndarbeni  semangat maju. Ateges sumarah, pasrah ing pandum. Da­dine dheweke kalebu pawongan sing pita­ya marang nasib, yaiku pawongan kang na­rima ing pandum. Dene tipe A sing ndar­beni semangat sing luwih-luwih, sing kepe­ngin urip lan panguripan sing mubra-mu­bru (mewah).

Nyimak kekarone tipe A lan tipe B kaya kang wus katur ing ndhuwur, bisa dima­ngerteni (dipahami), prayogane mungguh­ing pawongan kang iman marang takdir, yaiku tipe madya, antara tipe A lan tipe B. Yaiku pribadi sing ndarbeni semangat ing dalem makarya, ndarbeni kepenginan maju, nggayuh asil kang mirunggan (luwih becik). Kajaba saka iku, ora nglokro (patah semangat) manawa ngadhepi masalah urip lan panguripan, ora gampang nglokro lan kuciwa, tur tetep sabar. ing dalem nggayuh keseimbangan urip lan pangu­ripan, donya lan akhirat. Trep karo maksud dhawuhe Allah, mangkene:

(a). “Lan sapa ta kang luwih becik Aga­mane, katimbang karo wong kang padha masrahake awake marang Allah? Dhe­weke banjur tansah tumindak becik, sarta ta’at marang Agamane Nabi Ibrahim (kha­lilullah) kang bener. Lan Allah wus kepa­reng mundhut marang Nabi Ibrahim dadi KekasiHe.” (Q.S. An-Nisaa (4):125).

(b). “Apa sira padha ajak-ajak kebeci­kan marang para manungsa, nanging sira malah padha nglirwakake awake dhewe, ing mangka sira padha narima Kitabing Allah. Geneya sira ora padha nindakake akal (nalar) budiman.” (Q.S. Al Baqarah (2):44).

(c) “He tedak turune Bani Isra’il, sira dipadha eling, ing kanikmatan Ingsun kang wus Ingsun paringake marang sira kabeh, ngungkuli wong ing Sajagat Rat.” (Q.S. Al-Baqarah (2): 122).

 

4. IMAN MARANG TAKDIR:

Maknane iman (pitaya) marang takdir, yaiku ngeyakini sarta paham bener apa ta sing karan takdir. Hiya ora tinemu ing nalar (lucu), manawa kita iman ing samubarang sing kita ora mangerteni. Ing babagan iki Allah ora ngeparengake  tumrap kita nggi­lut Agama (Islam), ora ngerti babar pisan babagan Agama. Iki ateges kita nganut Agama krana mung melu-melu, mung ubyak-ubyuk. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene makssude:

(a).”Lan sira aja pisan-pisan, manut apa bae sing durung sira sumurupi (ilmu­ne). Jalaran satemene, pangrungu, pani­ngal  lan ati (qalbu), iku kabeh bakal diprik­sa tanggung jawabe (dhadha handhadha) kahanane.” (Q.S. Al-Isra (17);36).

(b).Lan ora ana sawijining awak kang gelem iman, kajaba sarana idining Allah. Lan PanjenenaNe bakal paring bebendu (sik­sa) marang wong-wong kang ora ge­lem padha ngecakake  akal pikirane.” (Q.S. Yunus (10):100). 

Makna kang kinandhut ana ing ayat ka­sebut nerangake, manawa wong-wong ba­kal iman kanthi becik, manawa Allah wus kepareng paring palilah (idin). Sarta ora dadi keparenge, manawa wong-wong mau ora gelem migunakake akal pikirane, ing dalem nggayuh keimanan. Jlentrehe, tumraping wong kang ora gelem migunak­ake akal pikirane, ing dalem nggayuh iman, cetha dheweke ora bakal bisa nemokake keimanan sing sampurna (satemene).”

(c). “Allah wus kepareng nyawisi siksa abot marang wong-wong iku. Sira padha taqwa-a ing ngarsaning Allah, He wong-wong Mukmin kabeh! Allah wus kepareng nurunake pepeling Al-Qur’an, mula sira kabeh padha ngestokna.” (QS.’Thalaq (65);10).

(d). “Lan akeh-akehe, wong-wong musyrik iku ora padha mbangun turut, ka­ja­ba mung pangira bae. Mangka sanya­tane pangira (kira-kira) iku, sethithik bae ora bisa ngalahake bebener. Satemene Allah iku Maha Ngawuningani, ing barang kang padha ditindakake.” (QS. Yunus (10):36).

Gemblenge, iman iku mujudake sawiji­ning proses (dumadine) keyakinan secara akli (akal). Tegese, migunakake pikirane, kecerdhasane, ora mung sak drema  me­lu-melu, mung ngira-ira kang ora binarung (bebarengan) karo akal lan pikirane. Pa­ngira-ira iku cetha ora piguna kanggo nggayuh bebener. Dielingake, aja pisan-pisan kita  iman kanthi cara kaya mang­kono, kalebu iman marang takdir. Dadine kita kudu paham marang takdir, banjur kita ngeyakini marang prosese takdir. Utawa bisa diaturake luwih cetha maneh, iman mono mujudake keyakinan sing kita gayuh krana kita migunakake akal pikiran kita. Trep karo dawuhe Allah, mangkene mak­sude:

(a). “Ibrahim ngendika: Satemene Pa­nge­ran iku Pangerane Langit lan Bumi kang wus nitahake aku kabeh, lan aku golongane wong kang nyekseni. Aku bisa aweh (menehi) bukti kang mangkono iku.” (Q.S. Al-Anbiyaa (21):56).

(b). “Punika kaum kula ingkang sam­pun sami nyembah Pangeran sanesipun Allah. Kenging punapa tiyang-tiyang kala­wau anggenipun sami nyembah brahala kok mboten saged ndhatengaken hujjah (wewaton) ingkang pertela? Sinten ta tiyang ingkang langkung aniaya ngungkuli tiyang ingkang damel gegorohan dhuma­teng Allah!”  (Q.S. Al- Kahfi (18):15).

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)