Seri Patilasan Majapahit Ing Gunungkidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 81 kali

Pasareyane Kyai Kidang Kencana Semanu Ora Gelem Dicungkup

Sanajan rada kalimputan pedhut  pu­tih memplak, swasana dalan gedhe Wono­sari Semanu esuk iku katon wiwit rame. Ing pinggir dalan gedhe cedhak gapura Dusun Nitikan Barat, Mbah Suti (74) isih ajeg dodolan gudheg ana ing warunge. Saliyane sega, nyedhiyake uga bubur sarta cap jay cara wong dhusun.

Kanthi trengginas, mbungkusi sega gudheg pesenan saweneh wanodya sing pa­dinane dodolan sega bungkus ana ing Pasar Semanu. Sinambi mbungkusi, Mbah Suti sing pidalem ana ing dhusun Nitikan Barat ndedongeng saweneh piyayi luhur sing sumare ana ing pasareyan dhusun Ni­ti­kan Barat. Dununge pasareyan kaper­nah kidul wetan dhusun.

“Asmanipun ingkang sumare Kyai kali­yan Nyai Kidang Kencana, Mas,” mangkono pratelane Mbah Suti.

Mbah Suti sing wis sawatara wektu di­tinggal mati bojone ngandhake menawa Kyai Kidang Kencana yaiku saweneh piyayi asal saka wetanan. Keplayu saka krajan Ma­japahit, ora suwe sakwise kedhaton ketekan wadyabala jurit saka Demak.

Kyai Kidang Kencana bebarengan karo para putra sentana Sinuhun Brawijaya ke­playu arahe ngulon. Miturut cathethan sing ana, putra sentana kakung sarta putri sing keplayu ngulon gunggunge 15. Ing anta­rane ana sing nganggo jeneng kewan kadi­dene Kyai Kidang Kencana.

Upamane putra no 43 Radyan Harya Lembumisani sumare ana ing Karangturi Wi­yara Yogyakarta. Putra no 48 Radyan Ba­nyak wulan sumare ing Sleman. Putra no 49 Rdyan Banyak Modhang sumare ana ing Nglipar Gunungkidul. Putra no 53 Ra­dyan Harya Kuda tepas sumare ing Brosot Kulonprogo.

Dene Kyai Kidang Kencana yaiku putra Sinuhun Brawijaya no 35. Asma Kidang Ken­cana mujudake asma sesinglon sajrone  lelana. Tujuwane amrih aman saka pa­ngo­­yake prajurit Demak. Jaman isih leng­gah neng Majapahit, ngagem asma Radyan Harya Kidangsoka. Dena jaman isih timur ngagem asma Raden Jaka Balod.

Sawise lelana ngancik telung kapurna­man, ing tengah dalan, kapernah ing Ma­nyaran Wonogiri saikine, padha pepisahan golek dalan slamet dhewe-dhewe. Kyai Kidang Kencana milih mlaku arahe ngidul saka Manyaran. Sakwise mlaku sawatara dina tekan ana ing tengah wana. Jaman sa­ikine katelah Semanu.

Mandheg ana ing ngisor uwit randu alas gedhe. Jaman semana nuju anjrah jro­ning sekar. Werna abang semu kuning. Ora mung nenarik ati tumrap tawon sing dhemen ngisep madu. Nanging uga tum­rap Radyan Harya Kidangsoka sakalyan gar­wa sarta sawatara abdi dalem sing ndhereke laku.

Radyan Harya Kidangsoka banjur paring dhawuh babad alas marang abdi dalem kalang. Sawise resik, lemah sakiwa te­ngene uwit randhu sing mendhukul dira­tak­­ake. Sing legok kaurug. Sawatara uwit wana karajang minangka bebalung omah sing bakal didegake siring kulon uwit randhu alas.

Pomahan kabangun cakrik wewangu­nan joglo. Nanging ukurane ora pati gedhe. Watara 6x9 meter pesagi. Rerenggan lung-lungan sarta kembang ceplok terate katatah ana ing bageyan gamblok. Landhe­san cagak panyangga wuwungan. Rereng­gan kembang ceplok terate tumrap budaya Majapahit minangka lambang kalairan.

Kanthi anane rerenggan iku, kaajap sa­jro­ne dedunung ana ing kono bisa tan­sah kalimputan widdada slamet adoh saka sakehe rubeda kadidene jabang bayi sing mentas wae lairan. Lire bisa nglakoni urip dadi manungsa anyar ing papan dedunung sing anyar kanthi ayem tentrem.

Nanging ing kanyatahan, kahanane ati Radyan Harya Kidangsoka isih kalimputan rasa kuwatir sarta was sumelang. Aja-aja dheweke dikonangi dening prajurit De­mak sing terus nggoleki papan pandhelikan para putra Sinuhun Brawijaya sing lolos saka kedhaton sarta mlakune ngulon.

Mula amrih amane, banjur ngagem asma sesilih Kidang Kencana. Tumrap sing ora ngerti, nalika ngrungu kidang kencana iku masthi bakal ngira menawa wujude kewan kanthi ules kuning kadidene ku­ninge emas. Ora bakal ngira menawa sing duwe jeneng tibake manungsa kalumrah.

Amrih kahanane ati luwih tentrem, Kidang Kencana paring dhawuh marang abdi dalem. Wose gawe jugangan sarupa luweng minangka sarana pandhelikan amrih slamet sarta sarana nindakake sa­ma­di. Ambane kurang luwih 2,5x2,5 meter pe­sagi. Dene jerone watara 2 meter. Dhu­wure tinutupan balabak.

Dadi omah sing didegake mligi dieng­goni Kidang Kencana sakalyan garwa ing titi­wanci parak esuk nganti sore. Dene wanci suruping bagaskara nganti tekan pa­rak esuk, manggon ana ing jugangan. Karo maneh titiwanci bengi mligi kanggo ma­nguntapa.

Sanajan sawatara taun anggone ngla­koni urip wis kanthi cara mangkono, na­nging meksa kahananing ati Kidang Kenca­na durung krasa ayem tentrem. Mula ban­jur manguntapa sawatara wektu. Ora ma­ngan ngombe, ora metu saka luweng sarta ora weruh ubenge srengenge. Istilahe wong Jawa ngebleng.

“Ingkang unik, kangge pratandha won­ten ing papan kangge tutup diparingi bolo­ngan, lajeng kasukanan benang,” Mbah Suti nerangake kanthi mantep.

Upama benang katarik saka njaba, ban­jur kawales ditarik saka njero, iku tan­dhane Kidang Kencana sakalyan garwa isih widodo slamet. Dene suwalike menawa ora kawales ditarik saka njero jugangan, iku pratandha menawa Kidang Kencana saklyan garwa musna utawa murca.

“Niku tegese anggenipun Kidang Kenca­na manguntapa ketrima,” imbuhe Mbah Suti.

Abdi dalem sing kajibah nunggoni gon­ta ganti saben seminggu sepisan. Ngancik dina kaping sewu, nalika abdi dalem sing kajibah nunggoni narik benang kadidene adat sa­bene, pranyata ora kawales ditarik saka nje­ron luweng. Bareng balabak tutup kabuka, pranyata Kidang Kencana sekalyan garwa ora ana ing njeron luweng. Tegese musna.

“Sareng balabak kabukan sarta pinang­gih kosong, papan sakiwa tengen lajeng ka­tut musna, ingkang kantun namung lu­weng” Mbah Suti nerangake kanthi man­tep.

Luweng iku banjur ing wuri dening masyarakat banjur kaurug sarta diwenehi  maesan minangka tetenger papan musna­ne Kidang Kencana saklayan garwa. Mi­nangka wujud pakurmatan, asmane ka­jang­kepi kanthi katambahan asma gelar Kyai sarta Nyai.

Bab iku dibenerke dening Pak Warno juru kunci makam Nitikan. Esuk iku kabe­neran nembe ana ing pasareyan. Nembe ngapikake pasareyan warga ngadhepi jangkep sewu dinane kapundhut bali ing ngarsa Gusti Kang Akarya Jagat.

“Sebelah mrika mas sareyane eyang Kidang Kencana,” jlentrehe Pak Warno kan­thi nudingi maesan cacah telu kalangse mori putih ing pojokan sisih lor wetan.

Maesan tetelu, sing tengah maesane Kyai Kidang Kencana, dene sing ngapit yaiku maesane garwa leloro. Winates pa­ger mubeng. Dhuwure kurang luwih 80 cen­timeter. Ora kaparingan payon utawa kacungkup pisan.

“Jaman rumiyin nate wonten ingkang maringi payon, nanging ngertos-ngertos am­bruk, eyang boten ngersakaken kapa­ringan cungkup,” Pak Warno nerangake.

Sanajan katon prasaja, nanging dadi paran jujugan tumrap para kadang sing isih klebu trah Brawijaya V Majapahit. Uta­wa para pandhemen laku pasujarahan uta­mane sing dhemen nalusur para putra Sinuhun Brawijaya sing keplayu ana ing wewengkon Gunung Kidul.

“Ngengingi kapan badhe sowan, sarta tata caranipun, sumangga kersa ingkang so­wan, ingkang baken saenipun kangge panu­wunan drajat pangkat” imbuhe Pak War­no.

Nanging tetep wae ana sing atur pan­do­nga panuwunan kanggo kaperluwan liya. Upamane amrih anggone ujian seko­lah bijine apik utawa anggone dodolan ke­payon. Malahan ing jaman biyen ana wae sing njaluk nomer buntut.

“Ingkang baken, eyang tansah kapun­dhi masyarakat mriki” pungkase Pak War­no. *

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Nalika kita kesel lan gela, mula satemene nalika kuwi kita lagi sinau bab “kesabaran...”.

Klik

JAGO MOGE IBU WAWALI

Martha Catur Wurihandini, sisihane Wakil Wali Kota Depok Pradi Supriatna iki pranyata nduweni hobi kang cukup ekstrem. Yakuwi nin¬dakake freestyle nganggo motor gede Harley-Davidson. Aksi kang ngundang gawok ibu pejabat siji iki katon ing perayaan HUT Polwan ka 69, ing lapangan Polda Metro Jaya, mentas iki. Ya, saliyane minangka sisihane Wakil Wali Kota Depok, Martha pranyata sawijining perwira Polri kanthi pangkat Inspektur Satu. (d/ist)***

Pethilan

Rencana-rencana anggaran ASEAN Games kaco

Atlete ditarget oleh emas akeh!

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Kabukten warung Padhang ana ing ngendi-endi …

Halimah Yacob, wanita lan mulsim pisanan dadi presiden Singgapur

Mangka ing Singgapur ora ana partai Islam