Kumara njaluk Ruwat
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Alaming Lelembut - Dibaca: 46 kali

Ngarepake sasi pasa taun kepungkur, Paguyuban Lestari Budaya sing dipandhegani dening Giyana Puspawara lan Ki Reksabudaya mentas­ake seni kethoprak kanthi lakon Srihuning Mustika Tu­ban. Acarane kelakon kanthi rancag sanadyan nalika se­mana ana kedadeyan nyala­wadi, yakuwi dirusuhi dhe­mit kang memba-memba dadi  Sarwendah sing kaji­bah dadi  paraga Srihuning. Salin rupa dadi Sarwendah merga nalika isih urip dhe­weke uga aran Sarwendah. Dhemit mau  kumara mra­yang awit ngundhuh wohing pakarti. Ujare kandha duk nalika uripe, wanita iku ngre­saya lan pasekuthon karo bangsaning lelembut brekasakan. Dhemite nya­wi­ji karo awake, njilma dadi susuk pelet sing ngedab-edabi. Daya pikate nggegirisi.

Sawise lelakon kuwi para kadang ku­lawarga Paguyuban Lestari Budaya pa­dha oleh hikmahe, yakuwi padha laris ang­gone ngayahi darmaning seniman. Order job tansah mbanyu mili.  Mbokme­nawa netesi karo ujaring kandha, jarene sing sapa bubar ketemu lelembut tan­dhane bakal antuk rejeki gedhe.

Kanggo mapag sasi pasa taun iki, para kadang paguyuban duwe ada-ada nggelar pentas wayang uwong. Sapera­ngan gedhe warga paguyuban sing diu­le­mi padha teka klumpukan neng Anju­ngan Yogyakarta Taman Mini Indonesia Indah Jakarta. Lakon wis ditetepake, ya­iku Wahyu Cakraningrat. Dhapukan wis dirancang, dijumbuhake karo watak lan kaprigelane sowang-sowang. Raden Sam­ba diayahi dening Gofur Sulistya, Raden Abimanyu didhapuk dening Indri, Raden Gathutkaca dening Edi Prakosa. Dene Giyana Puspawara kebageyan dha­pukan minangka Raden Werkudara, su­tra­dhara kaasta Ki Reksabudaya dhewe.

Rampung netepake dhapukan dite­rus­ake Macapatan sing dipandhegani de­ning Ki Reksabudaya. Maos Serat Kidung Rumeksa Ing Wengi kang sinebut uga Kidung Sarira Ayu yasan ndalem Kanjeng Sunan Kalijaga. Isine ngemot donga-do­nga karahayon, uga ana donga-donga pangruwatan. Jam rolas bengi lagi buba­ran. Lan sadurunge bubar parepatan, Ki Reksabudaya kaya padatan mesthi paring peweling migunakake tembung-tem­bung sanepa lan tembung-tembung sing ngemu filosofi, piwulang utama bebles marang panembah.

“Para kadang kabeh, rehne awake dhe­we iki wong Jawa, sanadyan urip aneng kutha Jakarta, poma dipoma aja nganti ninggal marang kabudayan Jawa. Ana unining sastra sing patut diugemi ya­iku: Jawa, Jawi lan Jiwi. Jawa iku te­ge­se prasaja watege, Jawi iku tegese tata kramane wong Jawa kudu diugemi, dene Jiwi iku tegese nyawiji marang Hyang Widhi,” mangkono ngendikane Ki Reksabudaya.

Giyana Puspaswara mulihe rada keri dhewe, awit mau ana…………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba