Desa Abad Anyar (11)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Sambung - Dibaca: 26 kali

Slamet mbantu Sukesi ngladekake wedang teh lan panganan sing wis ditata dening Bu Jaya lan Bibi Setyaningsih. Lan sawise padha ngom­be lan mangan sawatara, Mursid miwiti guneman.

“Kanca-kanca kabeh, assalamu’alai­kum.”

“Ngalaikum salam,” saure kabeh sing ana kono.

“Sadurunge ngrambah program ker­ja, aku kepengin nglairake pangaji-ajiku, dene kowe kabeh tetep jenak ana ndesa ora melu rame-rame bara menyang ku­tha. Lekasmu iku wis bener. Ngertenana, nyawane bangsa lan negara iki sangang puluh persen manggon ana desa. Etu­ngen dhewe, 90 persen pendhudhuk mang­gon ana desa. Universitas ing ku­tha-kutha kae sebagiyan gedhe mahasis­wa­ne saka desa. Meh kabeh bahan pa­ngan lan sandhange wong sak negara iki sumbere saka ndesa. Dadi yen ana pemimpin, cendhekiawan, budayan sing sithik-sithik ngucapake tembung ndesa, ndesani, wong ndesa, kanthi lagak sinis sajak ngremehake, iku satemene nuduh­ake pikiran ora waras. Bener ora kan­dhaku iki?”

Kabeh padha meneng wae ora wani cemuwit, nadyan batine mbenerake. Ma­lah ing batin padha alok: Mas Mursid ki kok kendel tenan ngunekake pemimpin, cendhekiawan lan budayawan ora waras pikirane. Nek nganti krungu apa ora dadi masalah.

Mursid nerusake guneme, “Perkara lagak sinise para pinter mangsa borong kono sing padha ngawaki. Sing perlu kok pikir: coba gagasen yen desamu kom­plang ora ana wong enom, tegal-sawah sing jembar ngilak-ilak kae sapa sing arep nggarap. Yen ora digarap, ora nga­silake pangan, njur kepriye nasibe wong sak negara? Apa ora kaliren kabeh? Na­nging yen arep digarap ragade akeh ba­nget merga tenaga la­rang tur angel, petani pa­dha rugi. Akibate bo­cah enom-enom ora ketarik dadi petani, pilih nyang kutha dadi buruh pabrik. Desa saya kom­plang kurang tenaga, pe­tani saya dheyek-dhe­yek. Iki mujudake lingka­ran setan sing kudu eng­gal diudhari dadi garis lurus. Kudu ana dalan, ke­priye carane supaya pe­tani bisa nggarap sa­wahe kanthi luwih gam­pang, ora kangelan golek tenaga lan wragade lu­wih murah. Luwih cepet, asile luwih apik, sate­mah bisa luwih akeh ba­thine. Kowe ngerti ora piye carane?”

Sanalika ana sing mang­suli, “Mekanisasi Mas, nggunakake mesin.”

Mursid ngacungake jempole karo alok, “Be­ner. Iku siji-sijine dalan sing menga wektu iki lan yaiku sing arep dirembug bengi iki. Wong desa jaman saiki kudu bisa ngalap ilmu lan teknologi modern, supaya ora dadi bahan pepoyokan ma­neh. Satemene iki wis dadi pangajape para sepuh jaman wingi. Coba rungakna tembang iki, tembang sing ngajap wu­jude desa ing abad anyar, dirumpaka sesepuh sing wis suwargi.”

Mursid nyesep wedange kanggo ne­lesi gurunge, banjur wiwit………

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba