Nggoleki Balung Iga
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 484 kali

Yen ngerti ana wong kang isih jomblo biyasane banjur dadi ba­han gojlogan. Ya pancen nye­nengake banget kanggo wong sing nggojlog, nanging bisa ndadekake aku mindher lan salah tingkah. Silaturah­mi apa ketemu karo sapa wae sing ditakokake ajeg, “Piye wis oleh apa durung?” Ana uga sing ngomong nge­ne, “Gek suwe-suwe ki apa lho sing kok dienteni? Ndo­nya­ne selak kiyamat. Nek wis ana sing nyocogi ati ndang nikah wae!”

Sing nglarakake atiku yen ana kanca sing cluluk, “Lek kakehan pilih-pilih, engko malah oleh sing boleng!”

Bab jodho pancen nge­wuh­ake banget. Umurku  wis 33 taun. Yen dakwaspa­dak­ake ana ing kaca pengi­lon, sak jane praupanku ora ala nemen-nemen senajan ya ora nggantheng banget. Nanging aku ora ngerti geneya kok kurang kendel nye­dhaki wanita. Apa iku mau ana gandheng cenenge karo babagan psikologi, aku ora ngerti. Nanging sing genah, nalika ma­ha­siswa biyen, rumangsaku wis kendel srawung karo kanca-kanca mahasiswi. Senajan ora nganti pacaran  nanging aku biyasa yen mung ngajak kanca kuliyah nonton film  utawa nglencer.

Saiki aku manggon ana ing Jakarta, melu salah sijine partai gedhe sing lagi kuncara. Ing partai mau arang banget ana pengurus wanita kang isih legan mer­ga racake wis padha nikah tur urip ma­pan. Saka sesrawungan ing partai politik mau, senajan ing Jakarta, nanging aku arang banget ketemu karo wong asli Jakarta (Betawi). Sing akeh-akeh malah wong saka Jawa, ngono biyasane wong Jakarta yen nyebut wong neneka saka Jawa Tengah lan Jawa Timur. Aku uga akrab karo wong-wong saka Batak, Aceh, Banjarmasin, Makassar, Ambon, Bali, NTB  lan liya-liyane.

Saya suwe umurku tansaya mun­dhak. Kamangka aku isih durung ketemu karo gantilane ati. Dumadakan aku keli­ngan karo kembang desa kang ora adoh saka omahku ing  Tulungagung. Sawulan kepungkur aku pancen sambang wong tuwaku ing desa. Nalika semana aku mam­pir ing warung pecele Dwi Puspita sing dikemonah dening simbahe. Nalika kuwi Dwi Puspita dhewe kang ngladek­ake pecel marang aku. Karo mesem ngu­jiwat dheweke nyapa, “Kok piyambakan mawon, Mas? Pundi calonipun?”

Ditakoni ngono aku dadi salah tingkah. Taksawang dheweke mesem sumringah. Senajan umure kira-kira 10 taun sangi­sorku, nanging aku kober mikir: piye yen Dwi Puspita iki wae? Pancen sasuwene iki aku ora pati nggatekake marang dhe­weke senajan wis tepung suwe. 

Liya dina aku ketemu maneh karo Dwi ing dalan. Dheweke numpak sepedha motor. Aku mandheg karo takon, “Iki sik tas mulih kerja apa piye? Saiki sampeyan kerja neng endi ta Dhik?”

“Wonten perusahaan makanan, Mas. Kula nyepeng administrasi,” ujare karo nyri­takake manawa anggone kerja isih anyaran.

Ndilalah cedhak kono ana warung bak­so, aku banjur………..

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure