Tradhisi Arak-Arakan Khitan Jidhor Sentulan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 122 kali

Provinsi Jawa Timur dudu sawijining wilayah kang nduweni budaya tunggal kaya telung provinsi tangga pepete, yaiku Provinsi Jawa Tengah, Provinsi DIY, lan provinsi Bali. Amarga provinsi kang nduweni budaya majemuk. Ing provinsi kang nduweni luwih saka 38 yuta warga iki ana kelompok etnik Jawa, Madura, Samin, Tengger lan Using. Ing antarane kelompok-kelompok etnik kasebut isih ana etnik Cina lan Arab.

Gandheng karo keragaman budaya, Provinsi Jawa Timur banjur kaperang dumadi 10 wilayah kebu­dayaan, lan kebudayaan penyerta kang isih urip ing tengah-tengahe wilayah. Wilayah Kebudayaan se­puluh kang dimaksud yaiku wilayah kebudayaan Jawa Mataraman, Jawa Ponora­gan, Arek, Samin (Sedulur Sikep), Tengger, Osing (Using), Pandalungan, Ma­dura Pulo, Madura Ba­wean, lan Madura Kange­an. Kabeh padha nyengku­yung wilayah kebudayaan iki.

Salah siji warisan bu­daya kang sumebar ing Provinsi Jawa Timur yaiku upacara adat utawa tradhisi kang ngusung simbol-simbol spiritual. Masyarakat petani lan nelayan ing Indonesia dikenal minangka masyarakat kang banget nresnani lan njunjung dhuwur budaya spiritual. Mangkono uga masyarakat petani lan nelayan ing Provinsi Jawa Timur, kewedene marang bencana, walat, bendu, kutukan, lan bab-bab liya kang ngancam panguripan njalari laire maneka tradhisi kang nganti saiki isih lestari. Salah siji ing antarane tradhisi kasebut yaiku Arak-arakan Khitan Jidhor Sentulan ing Kabupaten Jombang.

Tradhisi Arak-arakan Khitan Jidhur Sentulan minangka tradhisi kang dileksanakake ing sawetara desa ing Kabupaten Jombang kanggo ngrayakake khitanan. Tradhisi iki nduweni nuansa Islam, nadyan unsur lokale uga kenthel banget. Bocah sing dikhitan lungguh ing dhuwur tandhu, lan banjur diarak ngubengi desa kanthi rute sing wis ditemtokake kanthi diiringi sanak kadang lan bocah-bocah.

Ing basane wong Jombang, bocah sing wis dikhitan kasebut dikandhakake minangka bocah sing wis di “Selam” utawa diislamake (didadakake Islam). Tetabuhan pengiring ing tradhisi iki dumadi saka rebana, gendhang lan jidhor. Mula saka iku, iring-iringan tradhisi kang digelar minangka wujud bungah lan rasa syukur krana putrane kang wis dikhitan utawa diislamake kasebut dijenengake Arak-Arakan Khitan Jidhor Sentulan. Tradhisi iki kalebu unik krana dienta-enta kanthi unsur-unsur lokal. Tampile macam dadi-dadian kang sinebut Kyai Kumbang Semendhung, penari topeng kang sunebut pentul, arak-arakan lan upacara slametan minangka daya tarik dhewe.

Ing arak-arakan iki kang dadi cucuk lampah penari topeng (pentul), banjur disusul bocah sing dikhitan kang sinebut penganten khitan kang digotong nganggo tandhu dening wong papat. Macan dadi-dadian kang dipercaya minangka panjelmane Kyai Kumbang Sumendhung dipercaya minangka dhanyang dhusun (roh alus kang njaga dhusun) mlaku ing samburine penganten khitan. Pengiring penganten khitan uga melu ing arak-arakan prosesi kasebut, barisan paling mburi dhewe yaiku kelompok tetabuhan kang ngiringi arak-arakan.

Para peserta upacara ngleksanakake sawetara kegiatan kang minangka rerangken lumakune upacara. Nalika prosesi teka ing ngarep omahe kang duwe kajad (wong tuwane penganten khitan) ubarampe upacara utawa sesajian kang sinebut sandhingan lan cok bakal dipasrahke marang bapake penganten khitan. Sabanjure, Kyai Kumbang Sumendhunga mapag sesepuh “pawongan sing dianggep tuwa” kang ndu­weni tugas minangka pe­mimpin upacara kanggo maca donga lan mantra sinambi ngobong dupa. Wong tuwa (sesepuh) iki minangka dukun kang di­percaya nduweni kemam­puan kanggo ngusir roh jahat. Yen ora diusir, roh jahat kasebut bakal nggang­gu gawe warga dhusun. Kegiatan sabanjure yaiku slametan, ngucap donga syukur marang Gusti Kang Akarya Jagat kanthi nyenyu­wun pangayoman-E. puncak saka kegiatan iki yaiku pelaksanaan khitan dening juru khitan.

Piranti upacara ngemu maneka mak­na, tuladhane, angka 2 (loro) ngusung makna kang ana gan­dheng cenenge karo panguripan ma­nungsa antarane pa­sangan awan lan bengi, priya lan wanita, gedhe lan cilik, peteng lan padhang. Angka 1 (siji) ngusung makna ke-eka-an (kang siji) kaya bumi kang mung siji, lan Sang Pencipta/Al Khalik utawa Gusti Allah kang uga mung siji. Wondene angka 5 (lima) kang condhong marang keyakinan (keper­cayaan) tradhisional Jawa, yaiku keblat papat (4) lima (5) pancer. Garing ling­karan mung setengah lingkaran puteran abadi, tanpa uwal lan tanpa akhir (Alfa lan Omega) kang condhong menyang Sang Hyang Tunggal utawa Gusti Kang Maha Kuwasa.

(*)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Lumakune wektu luwih cepet katimbang mlakune mega. Sing sapa kang wektune mung kanggo ngabekti lan ngibadah mring Gusti Allah, mula iku wektu lan umure kang satemene …

Klik

LUKISAN ING WULU

Wulu pranyata bisa dadi salah sijine media lukis kang eksotik banget. Nanging mung wong-wong tinamtu wae kang bisa nindakake, yakuwi wong kang telaten lan sabar jalaran lukisan edipeni iki ora gampang ditindakake sarta butuh ketelitian kang dhuwur banget. (d/ist)

Pethilan

Kanggo Asian Games, Indonesia kekurangan jaran level internasional

Sing akeh pancen kambing hi­tam…

Setya Novanto dianggep nuduhake tumindak kurang becik

Paribasan ngandhakake; tinggal glanggang colong playu!

Setya Novanto wusanane mlebu tahanan KPK

Ngenteni lelakon sabanjure