Mesjid Pangeran Terboyo Isih Kramat
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 21 kali

Ana saweneh mesjid “kramat” jenenge mesjid Pangeran Terboyo. Tinggalane saweneh Bu­pa­ti Semarang, Kanjeng Bupati Sema­rang kang kasil yasa mesjid mau, asma­ne Pangeran Surohadi Menggala. Dhuk semono pusat peprentahan mapan ana ing tlatah Terboyo, mula banjur kapara­ban Pangeran Terboyo. Engga saiki tla­tah Terboyo isih ana statuse Kelurahan, klebu wilayah Kodya/Kota Semarang. Dene mesjide karan Mesjid Besar Terbo­yo, dibangun dening Bupati Semarang Kanjeng Pangeran Surohadi Menggala,k dhek taun 1830-an kapungkur. Nalika se­mono mujudake siji-sijine mesjid gedhe sak-Kota Semarang.

Jaman biyen Mesjid Besar Terboyo iki dumunung ana pinggir dalan gedhe, utawa dalan Daendels sing saiki umume dielih Jl. Jend. Sudirman. Emane dalan Daendels kang ujure ngetan-ngulon ngli­wati mesjid Terboyo ora lempeng, mleng­kung ngalor dadi kendharaan ge­dhe jurusan Jakarta-Surabaya sing liwat dalan iku rada ewuh. Bareng kutha Se­marang butuh njembarke wilayah, dalan Daendels liwat Terboyo disuwak digawe lempeng dadi Jl. Raya Kaligawe Sema­rang. Suwalike dalan melengkung kang liwat Mesjid Pangeran Terboyo malih dadi dalan kampung, sepi lan samun. Di­jenengi Jl. Mesjid Terboyo.

Ewasemono pamor Mesjid Pangeran Terboyo Semarang durung luntur, bukti­ne kajaba isih aktif kanggo jama’ah sho­lat, ing wanci Ramadhan papan ibadah tilarane Bupati Semarang Surohadi Menggala iku katon regeng. Akeh umat Islam padha Jama’ah Tarawih, ngaji ki­tab kuning kanggo syi’ar agama. Sali­yane kuwi asring dianggo jama’ah sholat para penjabat, sing kajibah dadi Wali­kota Semarang.

Dhek biyen mesjid tinggalan Pange­ran Terboyo klebu wewengkon Kelurah­an Terboyo, Kec. Genuk Semarang. Ning saiki pindhah klebu wilayah Kel. Tambak­rejo, Kec. Gayamsari. Nalika sapatemon karo wartawan PS bapak HM. Ngadiyono pengurus/takmir Mesjid Terboyo aweh katrangan. Yen mesjid kang dikelola mau isih klebu “kramat”, ora kena dianggo sembranan. “Sapa wani sembrana gawe kuceme mesjid bakal kuwalat”, piwelinge HM. Ngadiyono.

“Upamine wonten tiyang yen pipis ora cawik, banjur nekad bara tilem ing mes­jid. Utawi tiyang mboten badhe sha­lat jigaran teng mesjid, yen dielikake ma­lah jengkel. Lajeng yen wonten tiyang ba­ra tilem ing mesjid mboten wudhu ri­yin, mangke bakal dielih dening Jim teng kolah utawi papan sing angker. Kedado­san niki mpun asring,” mangkono jlen­trehe Takmir Mesjid HM. Ngadiyono.

Mesjid Pangeran Terboyo kasawang satleraman katon prasaja, ning yen ditliti seni arsitekture klebu kuna mligine ba­geyan mustaka, ana pengaruh Hindu-Is­lam. Ing njerone mesjid Pangeran Terbo­yo ing bageyan pangimaman ana “Mim­bar” kayu, mawa undhak-undhakan/andha 3-trap katon nyeni banget. Latar mburine Mimbar ana wangunan ukuran saemper sketsel. Ing ukiran sketsel iku ana tulisan kaligrafi, mawa aksara Arab kang ora gampang dipahami. Mimbar ukir mau manut katrangan saweneh tak­mir mesjid kalebu barang “Antik”, tegese duwe karomah/kramat lan isih diupakara engga saiki.

“Aku sakrowang kene wis nate coba nggathuk-nggathukake, bab sarasa/te­gese tulisan kuna ing kaligrafi kasebut. Nanging engga wanci iki durung kasil ne­mokake artine tulisan kaligrafi,” pratelane pak Haji Ngadiyono marang PS.

 

Papan Angker

Mesjid Pangeran Terboyo kajaba di­ang­go papan ibadah/jama’ah sholat, biyen uga dianggo misi ngembangake aja­ran Islam dening Kanjeng Bupati Surohadi Menggala. Ya ing Mimbar antik mau saben Jum’at, Bupati Semarang Su­rohadi Menggala asring sesorah/kuthbah ana mesjid. Adhipati Surohadi Menggala dhek timure katelah Pangeran Terboyo, putrane Kyai Bustaman tokoh ulama de­les abad ka18 ing tlatah Semarang. Kyai Bustaman duwe putra 3 siji dadi Adhipati Lasem ing tlatah Rembang sijine dadi Adhipati Batang tlatah karesidenan Peka­longan, banjur sijine maneh Kanjeng Adhi­pati Surohadi Menggala alias Pa­ngeran Terboyo.

Ana crita satleraman kang magepo­kan karo Bupati Semarang, Kanjeng Pa­ngeran Surohadi Menggala sing sekti mandraguna. Dhuk semono tlatah Ter­boyo Semarang isih klebu papan angker, dadi papane bangsa lelembut kayadene Jim, Setan, Priprayangan, Bajobarat, lsp. Uga asring dianggo ndhelik bangsane bromocorah/penjahat dhugdheng kang wengis.

Alas Terboyo dhek semana isih dadi pa­pan wingit, bebasan “Jalma mara jal­ma mati”. Kang wani kluyuran yen ora mati ditekak bangsane Gendruwo, ya ti­was karudhapeksa bangsane bromoco­rah. Bareng dibabat dening Pangeran Su­rohadi Menggala kanggo pusat dak­wah, tlatah Terboyo malih bawera lan re­ja. Bangsane lelembut musna, lan golongan ireng kaya bromocorah padha tundhuk ngawula dadi santrine kanjeng Adhipati Terboyo. Bareng santrine sang­saya tambah akeh udakara taun 1830 Pa­ngeran Terboyo mbangun sawijine papan ngibadah, kaya sing saiki isih di­kramatake yaiku Mesjid Pangeran Ter­boyo Semarang.

Dhek jaman narayanane Pangeran Su­rohadi Menggala karemane mbebe­dhak, golek kewan buron ing ngalas Ter­boyo. Ndilalah dina kuwi akeh kewan kang dadi klangenane, saengga olehe kondur nganti tekan wayah surup. Nalika ngliwati saweneh grumbul dicegat de­ning saweneh pawongan saemper buta ing wayang. Rambute gimbal ilate melet kaya Banaspati, sang Pangeran tanggap yen makhluk iku dudu manungsa sa­wantah, ning golongane lelembut.

Nalika ngajak gelut dening Pangeran disembadani. Anehe saben nedya dita­mani keris pusakane sang buta menter ora tedhas, tanggap ing sasmita sang Pangeran banjur matekaji ngrapal mantra Kumbalageni donga kanggo nulak bangsa kajiman. Suwe suwe hawa alas dadi panas kesetrum aji Kumbalageni, ban­jur keprungu panjlerite bangsa setan Brekasakan sambate colopita bebare­ngan karo ilange sang buta, sing sakawit nyegat Pangeran ngajak bandayuda.

Ana maneh kedadeyan, sawijine dina sang Pangeran lagi cangkrama, bareng andhahane ing Alas Terboyo. Nalika isih gayeng-gayenge dumadakan teka sa­rom­bongan bromocorah wong 8 arep ngrampog. Anehe Pangeran Terboyo ka­ton ayem wae, olehe nanduki wong kang diadhepi. “Hehh menus ngendi kowe wani dlajigan ana tlatah kekuwasaanku kene? Njaluk urip apa pengin sorohpati. Endhi bandhamu ndang wenehke aku?” ngono panggertake kepala rampog.

“Lho lha wong aku iki wong pidak pe­darakan, ora duwe bandha. Banjur sing arep mbok jaluk apa?” wangsulane sang Pangeran api-api mbodho.

“O lha dalah wong ora kena disanak iki, njaluk dak ajar pa?” kandha meng­ko­no kepala rampog karo mbabitake kepele.

Ngerti menawa arep dijotos Pangeran Terboyo endha, saengga si rampog tiba kajlungup merga ngantem barang ko­song.

Wekasane sang Pangeran klawan ram­pog dadi gelut uleng-ulengan. Di­kroyok wong 8 nanging sang Pangeran katon santai wae olehe nandhingi. Ing sa­wijine kalodhangan kepala rampog ka­sil dicengkerem gulune, banjur diuncal­ake mandhuwur dening Pangeran Terbo­yo. Temangsang ana wit gedhe geyong-geyong arep tiba. Wusanane rombongan rampog padha tobat, banjur nyuwun urip lan ndherek Pangeran Terboyo dadi san­trine nggegulang ngelmu agama.

Mesjid Terboyo yasane Bupati Sema­rang taun 1830 Kanjeng Pangeran Suro­hadi Menggala, engga wanci saiki kaha­nane isih pengkuh. Nunggaksemi karo misine Pangeran Terboyo, saliyane di­anggo jama’ah sholat uga dadi komplek lembaga pendhidhikan Islam wiwit TK, SD, SMP tekan SMA. Gunggung siswane kabeh ana 2500san murid, kang dikelola dening Yayasan Al-Falah Semarang pim­pinane Bapak Haji Mochammad Nga­diyono.

Dene kanggo kegiatane ing sasi Ra­madhan wiwit bakda sholat Asar, saka mesjid wis keprungu suwarane bocah-bocah cilik maca Al Qur’an utawa tada­rus. Bakda Isya’ akeh jama’ah padha melu sholat tarawih, terus nyambung ta­darus macam Al Qur’an. Padatan nganti jam 11.00 bengi nembe rampung. Uda­kara jam 02.00 dini hari/esuk wis kepru­ngu suwara opyak-opyak nggugahi wong sahur saka Mesjid kasebut. Let sedhela kasambung wong maca Tarhim lan Qi­rok, tunggu tekane sangat imsyak.

Bareng keprungu suwarane adzan Subuh warga desa Terboyo, gedhe-cilik tuwa-enom lanang-wedon katon sema­ngat padha mangkat nyang mesjid Pa­nge­ran Terboyo. Pratandha yen ing tlatah Pantura tilas sarang bromocorah aran Terboyo mau, wis kasinungan hidayah Allah wargane wis dadi wong alim lan sregep ngibadah. Nganti sewulan net wa­yah tekane dina Idul Fitri, Mesjid Pangeran Terboyo warisane Kanjeng Adi­pati Surohadi Menggala Bupati Sema­rang rina wengi tansah dadi pusate syi’ar Islam. Petilasan makame Pangeran Terboyo tekan saiki isih dadi kawigatene para peziarah, papane ora adoh saka Mesjid Besar Terboyo Semarang. Yen arep ziarah mrana nitih bis mudhun Terminal Terboyo, banjur genti numpak ang­kota werna kuning kadha medhun Mesjid Terboyo ora bakal kesasar. Su­mangga. (Eman Soewarto)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saben wong nduweni kalodhangan kang padha kanggo ganti dadi luwih apik.

Klik

HAMAORI ALIAS LARUNG SESAJI

Kayadene ing tanah air, ing Jepang pranyata uga ana upacara larung sesaji yakuwi kang diarani Hamaori ing segara kidul Chigasaki, sakulone Tokyo. Upacara iki ajeg dianakake saben taun. (d/ist)***

Pethilan

Setya Novanto dadi ‘tersangka’

Sapinter-pintere ‘papa’ mlumpat….

Blangko e-KTP wis ana maneh

Gek-gek dikorupsi maneh??

PPP padha PPP-ne rebutan kantor

Eling jaman orba