Celengane Dini
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Wacan Bocah - Dibaca: 180 kali

Saben esuk menawa mangkat sekolah dini mesthi diparingi sangu dening ibune. Nanging amarga Dini bocahe gemi setiti lan ngati-ati, sangune iku ora tau dinggo jajan, nanging dicelengi ana celengan lemah bentuke jago, kang dituku nalika nonton sekaten karo bapak lan ibune kepungkur. Menawa menyang sekatenan Dini pancen ora lali mesthi tuku celengan ngono kuwi. Dheweke seneng banget nyelengi, mulane uga kerep tuku celengan.

Anggone nyelengi, si Dini uga cepet kebak amarga saben dina dini ora tau njajan. Saben dina Dini nyuwun digawani sangu maem dening ibune, sega karo jangan uga lawuh sak anane ora bakal ditulak. Merga masakane ibune mesthi enak kaya ngono kuwi Dini olehe nggraita. Kanca-kancane uga ngrasakake menawa masakane ibune Dini pancen enak, mula saka iku Dini seneng nggawa sangu maem menawa mangkat sekolah.

Saben mangkat sekolah, sak durunge ngetokake sepedhahe, Dini ora lali ngleboni dhuwit menyang celengan kesenengane. Mula saka iku, Dini uga ora kuwatir menawa perlu dhuwit sawayah-wayah kari njupuk saka celengan ngomah. Celengane Dini menawa wis kebak uga dipindhah menyang Bank, sejene aman uga bisa entuk bunga, mengkono anggitane Dini. Saploke didhawuhi bu guru seneng nabung bakale duwe untung, kepara nyata Dini celengane uga akeh.

Kebiasaane Dini becik banget menawa ditiru sapa wae, utamane para siswa amrih seneng nyelengi, ora seneng njajan ing saben nggon ing pinggir dalan. Luwih becik nyuwun disangoni maem ibu, bisa roti, pohung, sega, lan sapanunggalane. Yen wis digawa ana sekolah mesthi rasane enak tur luwih maregi. Yen wis wareg, ora perlu njajan maneh. Mengkono kuwi kang dadi kebiasaane Dini amrih para siswa liyane gelem niru saengga bisa ngenthengake sanggane wong tuwane.

Sejene Dini seneng nyelengi lan sangu maem yen menyang sekolah, Dini uga ora seneng mewah-mewahan. Kancane padha duwe hp, Dini ora ngoyak-oyak bapak ibune supaya nukokake, senajan wong tuwane uga kagolong kang cukup. Sejene iku Dini uga bisa njupuk dhuwite ing celengane. Nanging Dini ora kaya ngono, Dini ora gelem melu-melu ombyaking jaman kayadene kanca-kancane.

Nanging sawijining dina bapake Dini kena musibah, yaiku kena PHK saka panggonane nyambut gawe. Kamangka ibune durung siap nemoni kahanan kaya ngono kuwi. Dini banjur aweh sumbang saran marang ibune supaya dodolan sembako wae ana ngomah, amarga sembako kuwi akeh dibutuhake dening masyarakat, uga kanggo keluargane dhewe, mula saka iku dodolan sembako ana ngomah pas banget kanggo nanggulangi PHK-ne bapake.

“Menawa ibu ora kagungan modal, aku duwe celengan mbok menawa bisa kanggo tambah-tambah anggone kulakan, mengko aku bisa nyelengi maneh,” mengkono kandhane Dini marang ibune.

“Ya apike pancen dodolan sembako wae, sesuk awake dhewe kulakan yo Din, bapak ben nggarap panggonane sing arep dienggo dodolan. Bapak uga entuk pesangon kok saka kantore, dadi bisa kanggo usaha liyane, angger kita kabeh gelem urip sederhana mula ora bakal kapiran,” mengkono ngendikane ibu.

“Inggih ibu kula saget nyelengi malih kok….”

(Kiriman; Aris Irianti)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…