Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 31 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

Nyimak dhawuhe Allah kang wus katur ing ndhuwur iku, cetha banget Allah iku tansah njurung marang kita, supaya ikhtiyar (usaha) lan makarya (nyambut kardi), becik sing gegandhe­ngan karo urusan donya utawa urusan akhirat, ora ana sing tanpa ikhtiyar (gra­tis). Ana pocapan sing nylethuk, mana­wa Allah iku rak Dzat kang Maha Murah, Maha Rahman sarta Maha Iradat (ber­kehendak). Mula yen PanjenengaNe iku ngersakake kita pikoleh rejeki, tamtu pikoleh rejeki. sanajan kita tanpa budi­daya (usaha). Kang mangkono iku cetha lelawanan karo hukum Sunnatulah. Allah iku tansah paring piwulang supaya kita mbudidaya utawa usaha, nembe Allah kepareng paring bantuwan, krana Allah iku Dzat kang Maha Murah. Yen kita mbudi daya urusan donya, Allah bakal kepareng paring Rahmat (rejeki). Lha yen kita kepengin mbudi daya urusan akhirat, Allah uga bakal kepareng paring Rahmat. Lha yen kita mbudi daya kekarone, Allah uga bakal kepareng paring kekarone.

Ing ndhuwur wus diaturake babagan rejeki, sabanjure ing babagan jodho kok kaya ora ana bedane. Allah ora nemtok­ake sadurunge manungsa cinipta, trep karo budi dayane (usahane) sing ditin­dak­ake. Ana pocapan, manawa wus dadi jodhone ora perlu dioya-oyak, ora perlu diupayakake. Kasunyatan kang dumadi ana ing tengahing masyarakat ora mangkono iku. Lha yen kita ora mbu­didaya bisa uga kita bakal ketemu jodho sing kurang cocog. Wusanane banjur padha pegatan. Mangkono sapiturute, saengga statistik perceraian (pegatan) ing Pangadilan Agama saya dhuwur.

Gegandhengan karo kasunyatan kaya kang wus katur ing ndhuwur, bisa dima­ngerteni, manawa jodho (jejedhowan) iku  dudu nasib, sing ditemtokake saduru­nge manungsa cinipta (lair). Allah kepa­reng paring pituduh, supaya kita tansah mbudi daya (berusaha) kalebu ngupadi jodho (pasangane urip). Pati (kematian):

Babagan kang kaping telu, yaiku babagan pati (kematian). Sasuwene iki kita uga ndarbeni panduga (pangira), manawa pati utawa kematian iku uga wus ditemtokske dening Allah sadurunge kita lair. Becik sing ana gandheng cenenge karo waktu utawa cara tume­keng pati. Kasunyatan sing kita  ngerteni, yaiku tumraping negara negara sing wus maju, usia (harapan hidup) luwih dawa, yen ditimbang karo negara negara sing miskin. Hiya gene ing negara negara miskin tingkat utawa tataran kematian bayine luwih dhuwur? Usia rata-rata utawa umume ana ing sangisore 50 taun. Dene tumraping negara sing wus maju bisa tumapak nganti 70-80 taun. Lha hiya, apa kasunyatan kang mangkono mau disebabake dening nasib utawa krana budi daya (penanganan) kesehtan luwih becik. Hiya gene Jepang kok beda karo Indonesia. Rata-rata umure  wong Jepang luwih dawa katimbang wong Indonesia! Swasana kang mngkono iku, ora krana nasib, nanging antara liya kra­na sistem penangan kesehtan sing beda. Lha yen kita pitaya marang nasib, iku ateges pemahaman kita marang takdir kurang trep. Takdir iku dudu nasib. Takdir hiya takdir sing ditetepake dening Allah binarung (lelandhesan) karo budi daya (usaha) kita.

Allah kepareng paring pangalembana marang kawulaNe sing mbudi daya kan­thi temen-temen (berusaha keras) ngudi tataraning urip kang luwih dhuwur. Sarta ora dadi kepareng karsaNe marang kawu­laNe sing kesed, apa maneh sing semangate nglokro (pupus ing panga­rep-arep). Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude :

 

(a). “Pangeranira kang kepareng ngla­kokake perahu ing segara, supaya sira ngupayoa (mbudi daya) Kanugra­haNe. Satemene PanjenengaNe iku kang Maha Asih marang sira kabeh.” (Q.S. l-Isra (17): 66).

(b). “Lan wong-wong kang temen-temen ngrungkepi AgamanIngsun, yekti ing dheweke bakal Ingsun tuduhake ma­rang dalan Ingsun. Lan sanyata Allah iku ngantheni marang sira, bebarengan karo wong-wong kang padha tumindak becik.” (Q.S. Al-Ankabut (29): 69).

(c). “Ibrahim ngucap, pancen mboten wonten tiyang ingkang nglokro medhot saking sih Rahmating Allah, kajawi tum­rap tiyang-tiyang ingkang sami kesasar (sasar).” (Q.S. Ibrahim (15):56).

 

Kajaba saka iku, Allah uga ora nge­parengake sawijining wong kang nindak­ake lampus diri (bunuh diri). Iki ateges, manawa pati utawa kematian iku bisa diupadi (diusahake) dening sawijining pwongan. Kadi dene kesehatan uga bisa diupadi (diusahakan). Bisa dimangerteni, manawa Allah wus kepareng netepake  patine sawijning pawongan secara lam­pus dhiri. Iku lumrah. Mesthine arepa kaya ngapa bae nindakake lampus diri (bunuh diri), dheweke ora bakal mati. Hiya mula saka iku Allah ora ngepareng­ake  kawulaNe  nindakake lampus dhiri. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

He para wong Mukmin, sira aja mangan bandha-bandha ing antarane kalawan cara sing batal (antara liya, ne­kad nganyut tuwuh, nyogok, nampa so­gok (beselan) lan liya-liyane. (Tafsir al Huda hl. 140, QS. An-Nisaa (4) 29). “Kajaba manawa bandha mau arupa daganagn kang wus krana lega lila (‘an taraa-dlinminkum). Lan sira aja padha mateni awake dhewe, jalaran sanyata Allah iku Maha Asih marang sira kabeh.”

Nyimak maksud  kang kinandhut ing ayat kasebut, bisa dimangerteni, yen pati iku bisa diudi, krana didhisiki dening usaha. Gemblenge, takdir mono ora padha karo nasib.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)