Bakuning Nalar Aksara Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 38 kali

Pambuka

Aturku  ing tulisan iki mung sadêrma asung bakuning panalaran aksara Carakan murih ora agawé tidha-tidhaning panulissé. Pancèn ing babagan basa iku akèh tinêmu wêwaton kang awujud prajanjèn, kang akèh-akèhé ora anjlèntrèhaké bakuning nalar kang kudu di-ênut déning kang padha nyarujuki. Dadi prajanjèn mono ya kudu diapallaké, kaya déné Wêwaton Sri Wêdari tahun 1926, lan sapanunggallanné.

Aksara ing donya iki ana warna têlu, yaiku: aksara pictography, phonemic lan syllabary.

1.) Aksara pictography iku awujud gambar,kaya déné aksara Mesir kuna, aksara Cina utawa Jêpang.

2.) Aksara phonemic, yaiku aksara-aksara kang awujud phonem, durung anduwèni makna utawa durung awujud wanda (suku kata), kaya déné aksara Latin lan sapanung gallanné.

3.)  Aksara syllabary (syllabic), yaiku aksara-aksara kang  wus ngêmu (inherent) swara vokal-a kaya déné aksara Carakan Jawa, Bali lan sapanunggalanné.

 

Aksara Carakan Jawa

Mangga padha dipriksani bédané aksara Jawa lan Latin ing ngisor iki.

Latin : h, n, c, r, k—aksara-aksara iki isih awujud phonem. Yèn phonem-phonem iku dikanthèni aksara vokal-a, lagi bisa dadi wanda(syllable) : ha, na, ca, ra, ka.

Jawa  : ha, na, ca, ra, ka iku aksara Jawa yèn katulis nganggo aksara Latin,dadi awujud phonem + vokal “a”, kang ditulis nganggo 1 simbul (script) aksara Carakan.

Aksara Latin, sing umum kita kawruhi,  anduwèni vokal-murni: a, é, i, o, u.

Aksara Jawa, sing arang kita sumurupi, anduwèni vokal-murni : a, é, i, o, u, lê, rê.

Semi-vokal : Sing ora naté kita kawruhi, aksara Jawa, sêmono uga Latin, iku andu-wèni akasara semi-vokal (manda-swara) yaiku : ha (-soft/monda), ya, ra, la, wa.

Ya  ing vokal-semivokal iki kang asring gawé  bingung panulissé carakan Jawa, amarga maabad-abad ora naté di-oncèki (yèn o-né katulis semi-vokal “ho”— dihon­cèki !).

Ikì  magêpokan karo ilmu Hayati lan ilmu Alam (Fisika), dumadiné  gêtêrring swara saka péranganning tutuk lan tekanan hawa saka padharan utawa jaja. Dadi ya dhasarré fisiologis—ilmiah, nalar lan maton.

Aksara semi-vokal mau anduwèni jodho (pasanganné) vokallé dhéwé-dhéwé, yaiku:

ha <—> a ; ya <—> i ,  é ; ra <—> rê ; la <—>  lê ; wa <—> u , o. 

 

Bakuning  panulis

Sing dak aturraké ing kéné mung sa­huntara pokok-pokoké dhisik, yaiku :

1.) Sandi, yèn ukara kang wanda pung­kasanné vokal “a” (wanda mênga) lan ukara samburiné kawiwitan vokal “ i “— karo-karoné banjur mawujud dadi “ é “.

Mangkono sabanjuré kanggoné : a + é = è ; a + u = o. Contoné Raka Éndah ka­ring­kês dadi Ka-én = Kèn — Kèn Dhèdhès. Bêk-a-unang — Bêkonang.

2.) Sajroning sahukara ora ana vokal-murni loro kang bisa urut-urutan  (fisiologis), kayata g i - a ,vokal sing buri kudu diganti dhisik sarana semi-vokal ngarêppé — dadi gi-ya. Mula panulissé Ngayogiakarta dadi Ngayogi-yakarta, utawa Ngayogyakarta. Ujaring kandha, ”ya” iku panglancar! Samono uga kêrso-a dadi kêrso-wa, turu-a dadi turu-wa, réné-a dadi réné-ya, lunga-a dadi lungo-wa,amarga “lunga”—anganggo “a-jêjêg”.

3.)  Aksara kang wus ora kapanjingan vokal “a”, dadi aksara mati (phonem). Ca­rané ngilangi swara vokal “a” sarana di-pangku, utawa disigêg nganggo aksara pasangan ing sangisorré utawa buriné.

4.)  Gugus-konsonan, iki uga bisa gawé bingung. Jênêngé baé konsonan, dadi ya kudu konsonan kabèh unsur-unsurré! Contoné, klêbus — lê (nga-lêlêt) iku vokal-murni,dadi ora bisa dadi unsur gugus-konsonan, bisané yèn diganti dhisik nganggo semi-vokallé yaiku la-pêpêt! (kanggo ngé­ling-éling : semi-vokal ~ semi-konsonan !).

Samono uga krambil, bédané anduwèni tandha khusus yaiku cakra.

Yèn krêmi, iki uga ora bisa amarga rê (pa-cêrêk) iku vokal murni,kudu diganti nganggo semivokallé,yaiku ra-pêpêt. Dadi kuduné bisa diganti nganggo pasangan ra-pêpêt, ananging diganti tandha panjingan khusus cakra-kêrêt, supaya ora kisruh karo panyigêg (pamaèh)/pasangan - ra.

5.)  Aksara panjingan lan pasangan iku pancènné rada ambingungaké. Upama bisa disarujuki yèn sing bisa dadi panjingan iku mung mligi kang awujud aksara semi-vokal ya-ra-la-wa, dak kira ya dadi gampang, amarga aksara Jawa duwé pêpêt kang ora didarbèni aksara Sanskrta. Ksatriya bisa ditulis kêsatriya, Sanskrta katulis Sansêkêrta utawa Sansêkrêta.

Panjinganné ya—pèngkal, ra—cakra, rê—kêrêt, la — la-lêgêna, wa — pasangan-wa.

Pasangan-wa  iki dadi nylênèh, mêsthiné ya wa-lêgêna, supaya béda karo panji­nganné. Dak kira pancèn tahu ana owah-owahan sadurungé kaidah carakan sing saiki iki,amarga sajatiné basa Jawa ora mrêlok- aké aksara panjingan(gugus konsonan) amarga duwé pêpêt, prêlu ya bisa ditulis pêrlu, kajaba mung amrih ngirit papan panulisan.

6.) Sandhangan wulu, suku, layar, taling, taling-tarung, pêpêt lan  wignyan iku sabênêrré kanggo nyandhangi vokal-a kang manjing ing sabên aksara konsonan,mula aksara-mati (phonem) ora bisa diwènèhi sandhangan. Sajatiné aksara vokal iku bisa kanggo aksara pasangan (kanggo ambu­wang vokal “a”) uga — mung amarga pra­janjèn banjur ora tahu dianggo pasangan ! Béda yèn aksara vokal sing dipasangi — iku ora bisa, harak musna vokallé...?  

Kaya cukup saméné dhisik aturku, mugi sagêd katampiya. Nuwun. n

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)