Mangerteni Dhodhok Selehe Takdir Miturut Syar’I (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 29 kali

(Ananging mugi ngupadasa Akhirat kalayan kamulyan (kebahagiaan) ingkang sampun kaparingaken dening Allah dhumateng sampeyan. Ewa semanten sampun nilar ing bageyan sampeyan ing donya ……” (Q.S. Qashash (28):77).

1. PANGERTEN:

Ngrembug babagan takdir, miturut gotekingakeh, utawa umyeg kang dima­ngerteni dening awam, takdir mono mu­judake ketetepan saka ngarsaning Allah. Manungsa kari nglakoni bae, narima ing pandum. Upamane bab jodho,rejeki, pati, sugih utawa miskin lan liya-liyane. Nanging jaman saiki, ngrembakane ilmu pengetahuan lan teknologi, ndarbeni pe­ngaruh utawa njurung marang masya­ra­kat luwih cerdhas utawa luwih kritis, ma­nawa ngadhepi samubarang (masa­lah) kang dumadi ana ing satengahing ma­syarakat.

Nuli tuwuh pitakon samadya. Lha hiya, lha nek takdir iku wus ditetepake de­ning Allah sadurunge manungsa cinip­ta, rak ora ana paedahe utawa ora ana gunane manungsa mbudi daya, kerja walik watu paribasane sikil kanggo sirah lan sirah kanggo sikil (kerja keras) supa­ya bisa dadi wong sugih sing brewu (mble­gedhu), kareben kepenak uripe. Iki ateges lha mbok nyambuta gawe nyeng­kut, yen wus ditakdirake miskin, hiya arepa kaya ngapa bae, hiya tetep dadi wong miskin.

Dak kira pemahaman lan pangerten sing kaya mangkono, amarga wong-wong awam durung ngerti dhodhok se­lehe takdir iku sabenere miturut syar’i. Mula saka iku, ing kalodhangan iki bakal diaturake  pangerten takdir, kareben ma­sya­rakat ora salah kaprah mangarteni babagan takdir kasebut.

 

2. TAKDIR LAN NASIB:

Awit jaman semana  (jaman ja mbe­ju­ja), pemahaman masyarakat marang takdir, sing ana gandheng cenenge karo, jodho, rejeki lan pati sarta liya-liyane, iki kerep nuwuhake pangerten sing mbi­ngungake marang umat Islam karo apa sing karan nasib. Miturut gotekingakeh pemahaman nasib, bab jodho, rejeki, pa­ti lan liya-liyane, iku mujudakeh kete­tepane Allah sadurunge manungsa di­lair­ake. Lha yen takdir sawijining ma­nung­sa iku wus katetepake dening Allah, manungsa ora bisa ngowahi. Kaya nga­pa bae kiprahe manungsa ngupadi re­jeki, lha yen Allah wus nakdirake mis­kin sadurunge kita lair ing donya, hiya tetep miskin.

Semono uga suwalike, manawa Allah wus kepareng nakdirake kita sugih mblegedhu, sanajan ta kita iki kesed nyam­but gawe, hiya bakal tetep sugih. Pemahaman takdir kang kaya mangkono mau, cetha ora bisa kita  mangerteni. Allah ora ngeparengake, ora rena kita iki dadi wong sing kesed. Trep karo dha­wuhe Allah, mangkene maksude:

(a). Lan saupama wong-wong mau pa­dha gelem narima apa kang diparing­ake dening Allah lan UtusaNe, sarta pa­dha ngucap :”Allah wus nyukupi ing kita”. Allah bakal paring ing kita KanugrahaNe lan uga UtusaNe. Kita kabeh dhemen ngajab-ajab marang PanjenengaNe. (Sa­najan mangkono iku luwih becik tum­rap dheweke)” (Q.S. At-Taubah (9):59).

(b). Dene manawa wus rampung nin­dakake shalat Jum’at, sira padha su­mebara ana ing bumi, padha ngupayoa kanugrahaning Allah, lan padha ngeke-ekehna eling (dzikir) marang Allah, ing pamrih supaya sira pikoleh kabegjan jati,” (Q.S. Jum’at (62):10).

Nyimak makna kang kinandhut ing ayat ndhuwur, bisa dipahami lan dima­ngerteni, manawa Allah wus kepareng nju­rung marang para kawulaNe supaya mbudi daya (makarya) kanthi temen-te­men (maksimal). Ora kok mung mandhu (njejaluk) sarta ndonga liwat shalat lan wirid-wirid. Nanging Allah dhawuh: “Su­mebara ana ing (lumahing) bumi ngupa­yoa kanugrahaning Allah.”

Kajaba saka iku Allah uga wus ke­pareng paring dhawuh, supaya kita ngu­padi ing kanikmatan lan kamulyan donya lan akhirat. Krana kekarone iku, yaiku do­nya lan akhirat iku mujudake keseim­bangan (panguripan) kang maton (har­mo­nis). Priksanana maksud dhawuhe Allah kang katur ing  ndhuwur. (Q.S. Qashash (28):77).

Tumraping sedulur-sedulur kang pi­taya marang nasib, ndarbeni anggep (pang­anggep), manawa rejeki, jodho lan pati iku wus katetepake dening Allah wiwit manungsa sadurunge lair, lha yen mangkono ateges kita mbudi daya (usa­ha) iku cetha ora ana pigunane. Ka­mang­ka kasunyatan kang dumadi ana ing tengahing masyarakat, akeh-akehe utawa gedhe cilike rejeking pawongan iku gumantung marang usaha (ikhtiyar) kang ditindakake. Sanajan ta usaha (upaya) iku durung mesthi pikoleh asil kaya sing dikarepake. Sebabe sing  nem­tokake asil iku krana iradat (kehendak) Allah kang Maha Murah.

Nanging sing cetha, nasib sawijining pawongan iku ora mutlak ditetepake sa­durunge manungsa lair. Conto sing sa­madya:”Tumrap wong sing nyambut gawe lan wong sing ora nyambut gawe (kesed). Cetha rejekine ora padha. Iku ka­beh (asile rejeki) gumantung marang upaya (budi daya sarta ketrampilan) sa­ben-saben pawongan.

Gemblenge, ora ana pawongan sing nyengkuyung lan ngyakinake, manawa rejeki sing kita tampa iku ditemtokake sa­durunge kita lair. Semono uga cetha ora tinemu ing nalar utawa ora bener, ma­nawa kita ora perlu ngupadi, ora per­lu nyambut gawe (usaha), krana rejeki bakal teka dhewe, amarga wus ditetep­ake dening Allah Dzat kang Maha Hanyip­ta. Sawatara ayat-ayat kang bakal dia­tur­ake ana ing ngisor iki nuduhake, ma­nawa  Allah iku nunggu upaya (usaha) kita, ing pangangkah kanggo netepake asile (takdir). Allah dhawuh bakal netep­ake takdir kita, supaya kita nindakake ikhtiyar (usaha). Mangkene maksud dha­wuhe Allah:

(a). “Sok sapa wonge sing kekarep­ane mung ngudi kadonyan, yekti Ingsun enggal maringi miturut karsaIngsun marang wong kang dadi kepareng Ing­sun. Ingsun banjur nyiapake Neraka Ja­ha­nam tumrap dheweke. Lan dheweke bakal mlebu ing kono kalawan diasorake lan di dohake saka Rahmating Allah.” (Q.S. Al-Isra (17):18).

(b). “Lan sok sapa wonge sing ndar­beni kekarepan (kehendak) nggayuh ing panguripan Akhirat, lan dheweke iku nglakoni temen-temen pegawean kang tu­muju mrono tur iman marang ngarsa­ning Allah, mangka dheweke kalebu wong kang lakune ( tumindake) kepareng kinabulake (ditrima, diganjar) dening Allah.” (Q.S. Al-Isra (17):19).

(c). “Kabeh golongan loro mau pa­dha bae, Ingsun maringi bantuan  kemu­rahan rejeki saka Peparinging Pangeran­i­ra lan Kamurahaning Allah iku ora bisa di­alang-alangi.” (Q.S. Al-Isra (17):16).

(d). “Kanggo nggayuh kabegjan agung mangkono iku, mula tumraping wong kang bisa tummandang, supaya padha tumandanga”amal”  (Q.S. Shaffah (37):61. (Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)