Budi Pakarti (11 – Tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kawruh Sapala - Dibaca: 38 kali

H. Bab Tanggung Jawab

Jaman samangke raos tanggung jawab kados sampun kathah ingkang sami nglir­wakaken ing mangka, ing bebrayan gesang raos rumangsa gadhah tanggel jawab punika penting sanget, sabab ing babagan pakaryan, ingkang kadulu miwah ingkang kabiji punika, tiyang punika gadhah tang­gung jawab punapa mboten. Tebanipun tumindak tanggung jawab punika saged tanggung jawab anggenipun bebrayan, tang­gung jawab anggenipun kapasrahan brayat, tanggung jawab dados putra pam­bajeng, tanggung jawab dados siswa, tang­gung jawab punapa kemawon. Ka­wontenan sapunika, ingkang kathah na­mung “tanggung menjawab” mboten kok tanggung jawab. Kapitunanipun perusa­haan nagari, Kathah ingkang rugi tinim­bang bathinipun, kathah korupsi, dados nara praja keset, sedaya kala wau wujud kiranging tanggung jawab.

Tiyang ingkang gadhah tanggung ja­wab ingkang ageng, tartamtu remen dha­teng pakarti sae, mboten remen paben, mbo­ten remen congkrah, awit tanggung jawab punika wujud pribadi amargi ngreksa dhateng pakarya ingkang dipun pasrah­aken.

Mila tiyang boten kenging dados tiyang sombong, sabab tiyang sombong ingkang kathah gampil ndleya, gampil lena. Tur tiyang sombong punika ingkang kathah ugi kirang pikantuk pakormatan, ugi kerep boten kapitados dening tiyang sanes. Mila tiyang wajib mangertos tanggel jawab, gampil nyuwun pangapunten menawi pan­cen sampun tumindak ingkang boten nyon­dhongi bebrayan. Sabab tiyang ing­kang kirang tangung jawab saged kema­won tinuding dados tiyang ingkang boten sembada.

Ing jaman samangke kathah para ta­runa sampun supe dhateng kabudayaning bangsa, malah lajeng kalajeng-lajeng ang­genipun tresna budaya manca, mahanani para taruna punika kados nyingkur dhateng kabudayan bangsa, amargi kabudayan bang­sanipun dipun anggep kina. Sedaya punika amargi kita inggih ingkang enem, ingkang sepuh sami kirang tanggung ja­wab, kirang marisaken budayanipun piyam­bak, malah kados nguja, para putra wayah sami ngudi budaya manca.

Mila supados kita saged nuwuhaken malih tanggung jawab, kejawi kita kedah nuwuhaken gesang ingkang kebak keru­kunan. Inggih nuwuhaken raos ingkang se­puh paring pangayoman dhateng ing­kang enem, ingkang enem katuduhna pu­runa tansah hangajeni ingkang sepuh nut kelenggahanipun. Langkang mirunggan malih, wiwit taksih taruna tansaha kagladhi raos rumangsa ndarbeni budaya bangsa, lan puruna sami hangrungkebi budaya bangsanipun. Watak tanggung jawab pu­nika, langkung-langkung tanggung jawab dhateng kuncaraning bangsa lan negari kita tentu para putra bangsa kedah gadhah ajining dhiri, kapracayan dhiri lan jati dhiri. Punika wujud tanggung jawab minangka taruna Nuswantara.

 

I. Tumindak Kang Becik

Tiyang badhe tumindak sae punika gampil kaucapaken, ananging angel ka­tindakaken. Tumindak sae punika pambe­nganipun kathah, godha rencananipun ugi ageng, mila leres sindhiranipun Ki Rang­gawarsita ing Kalatidha, tiyang punika ajrih ora melu ngedan, sabab ajrih boten ka­duman.

Inggih awit saking punika, menawi kita kepengin tumindak sae, para nimpuna Jawi paring piwucal a. Kita kedah waspada, ju­jur, miwah setya ing sesanggeman. b. Re­men ibadah, sembahyang utawi memuji mring Allah. c. Tansah tumindak ingkang nyondhongi raosing bebrayan. d. Nuladha pakarti ingkang sae saking para leluhur.

Kejawi saking punika, supados kita tansah tumindak sae, kita kedah tansah:

a.       tansah enget drajat dan martabat­ipun

b.       tansah enget dhateng pranatan nagari             lan ukum

c.       ngudi gadhah watak sae

Punika wujud pinten-pinten pitedah, kados pundi kita badhe tumindak. Para su­jana lan para winasis sampun paring pitedah, kantun kita badhe nglampahi punapa mbo­ten. Yen mboten panjenengan utawi kita ba­dhe dhumawah ing laku ingkang mboten sae, lan ing wusana kita badhe nampi pin­ten-pinten panacat lan pinten-pinten pa­nya­ruwe. Kosok wangsulipun menawi kita nindakaken pitedah-pitedah sae ing nging­gil, kita badhe manggih cempaka mulya. Mugi Gusti hamberkahi.

 

BAB V

WASANA

A. Dudutan

Piwulang budi pakarti ingkang sampun rinumpaka punika namung satunggaling sarana kita hanggigah para mudha lan kita enget sedaya piwucal leluhur kita. Ing ja­man modern samangke piwulang punika namung wujud salah satunggal saking pin­ten-piten piwulang ingkang saged dados sarana miwah wahana kangge ngenget­aken para taruna ing jaman

Samangke, sabab ing jaman samangke ingkang sampun modern lan global. ter­tamtu kathah

Piwucal manca ingkang kaangep mi­runggan, kapandhet kangge muncal para taruna kita, mila boten maiben menawi ka­hanan samangke kawontenan para mudha kita kathah ingkang sami nyingkur piwulang para leluhur.

Kula pitados sanadyan namung sapala bebasanipun, piwulang budi pakarti ing­kang sampun kula aturaken tertamtu won­ten ginanipun. Sokur saged damel para taruna enget, menawi para leluhur kita se­jatosipun sampun kathah paring pange­nget, namung kantun kita purun migatos­aken punapa mboten.

Mugi Gusti Allah piyambak ingkang ba­dhe mbikak manah kita, gumregah ju­mangkah gagah purun nyinau mutiara Jawi ingkang sampun lama kapendhem amargi kita sami nglirwakaken.

 

B. Pangajeng-ajeng

Dhateng sinten malih kita gadhah pa­ngajeng-ajeng kejawi dhateng para mudha. para taruna Jawi ingkang samangke nembe kecalan kapribaden, kecalan jati dhiri, ke­calan kapracayan dhiri. Mila mugi pangajeng-ajeng punika boten muspra, mugi-mugi piwucal sapala punika dados sarana pang­gigah, miwah dados wahana pangenget-enget sok sintena ingkang mangke nyinau utawi maos piwucal budi pakarti punika.

 

C. Dadosa pangeling-eling

Kula sampun mbudi daya kados pundi damel piwucal budi pakarti. Kula rumaos, menawi piwucal sapala punika kirang sam­purna miwah kirang mranani penggalih kita amargi namung saking cupeting panalar kula. Awit saking punika ancasing piwu­lang punika dhapur namung pangenget-enget, Pangenget-enget dhateng sok sintena ing­kang purun maos saha purun nyinau.

Mugi Gusti Allah piyambak ingkang nuntun kita.

 

Atur Sapala

Buku Budi Pakarti punika karacik amargi kula kajibah paring kuliah wonten ing IKIP PGRI Semarang. Ancasing karacik buku punika ing pangangkah mugi da­dosa salah satunggaling sarana maha­siswa sinau malih bab Budi Pakarti lan basa Jawi.

Kula inggih rumaos menawi tebani­pun piwucal Budi Pakarti punika wiyar sanget, kadosta bab praktek sesambe­tan ing te­ngahing bebrayan, bab sra­wung sepuh –anem, jalu –estri, murid –guru lan sapa­nungilanipun. Inggih amar­gi jembar miwah wiyar tebanipun Budi Pakarti, mula bahan budi pakarti ingkang kula racik sapunika namung ing­kang kula anggep wigatos, mi­wah sa­geda dados sarana mahasiswa kreatif lan inovatif mucal budi pakarti kanthi adhe­dhadar racikan punika.

Kula inggih pitados, menawi racikan punika taksih kathah cewetipun, kirang sam­purna, kirang pepak, mboten dados punapa, sabab ing pangangkah buku alit punika sageda dados waosan mirunggan, saha dados waosan panjurung para ma­ha­­siswa ing tembe mucal budi pakarti dha­teng siswa-siswanipun

Kula inggih pitados, sanadyan amung sapala, bebasan menawi tiyang ngunjuk nem­be sacegukan, menawi nedha na­mung nembe sapulukan, buku Budi Pakarti punika tertamtu wonten ginani­pun, mirunggani­pun kangge nggigah sok sintena ingkang kepengin nggegulang siswa utawi para pu­tranipun.

Ing wasana sadeya panyaruwe ing­kang linandhesan katresnan murih sae­nipun buku punika, tansah kula tampi kangge ka­sampurnaning waosan punika.

Hayu-hayu rahayu, widada nir mala nir wikara mugi Gusti Allah piyambak ingkang sami nggigah manah kita se­daya. Amin. n

Pangracik

Prof. Dr. dr. Soetomo. WE, MPd.

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)