Panguripan ing Masyarakat Jin (8)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 29 kali

(Lan satemene ing antarane aku (jin) ana sing shaleh lan ana sing ora mangkono kahanane. Aku padha napaki dalan kang beda-beda) (Q.S. Jin (72) : 19)

Mangerteni lan mahami ayat iki, ora kok ateges pengawalan dalah penjagaan iku sing njalari Allah priksa. Nanging ngandhut makna kaggo nuduhake  kasu­nyatan apa kang wus  cinathet (direkam) ing ilmune Allah wiwit azali. Jlentrehe; Ilmune Allah iku dudu akibat, nanging mujudake sebab saka samubarang  (fe­no­mena utawa peritiwa) kang dumadi, malah saka sing maujud. Utawa bisa di­aturake apa sing dipriksani dening Allah  iku, ora mung sing ana ing pribadine  Nabi lan Rasul, ing panguripane, sarta ing we­wengkone, nanging sekabehing aktifitas (pakaryan) sing diwilang kanthi rinci.

 Ora ana  samubarang sing uwal saka ilmune Allah. (Subhanallah, Allahu Akbar).

Wusana, sawuse kita nyimak ketera­ngan-keterangan kang wus katur ing ndhu­wur mau, kang sinengkuyung de­ning dalil-dalil syar’i, ngrembug swasa­na panguripa­ning makhluk Allah kang karan jin, kanthi gamblang cinathet ana ing Al-Qur’an, 28 ayat (Q.S. Jin (72):1-28), bisa dimanger­teni sarta dipahami manawa:

1. Jin iku mujudake makhluk Allah kang gaib (bangsa alus). Kang cinipta sa­ka geni  kang panas (Q.S. Hijr (15):27), lan saka urubing geni (Q.S. Ar-Rahman (55):15). Geni mono ngandhut zat eter, saengga entheng banget. Mula saka iku ora winates tumraping jin, mapan ana ing ngendi bae ing jagad raya iki.

2. Jin minangka makhluk ghaib ndar­beni panguripan kadi dene manungsa, ing bab kapitayan (keyakinan). Jin ana sing Mukmin lan ana uga sing kafir. Jin kang Mukmin, yaiku jin kang wus nate ngrungokake kanthi khidmat ayat-ayat  Al-Qur’anul Karim, sing diakoni dening para jin,  mujudake sawijining ayat kang  ba­nget nakjubake (ngagumake) sarta endah yen dirungu, Jin nuli iman marang  Allah. Dene jin-jin sing kafir, sing duraka lan nalisir, sasar (nyimpang) saka dalane Allah sing bener. Jin kang nalisir saka da­lan sing lempeng (lurus, shirathal mus­taqim) sarta nyimpang saka bebener, uga duraka marang Allah, mbesuk ing akhirat bakal dadi urub-urub (bahan ba­kar) geni ing neraka jahnnam.

3. Jin kag cinipta dening Allah iku, ana jin sing ndarbeni akal lan ana jin sing bo­dho (degil lan bebal), ora gelem nampa be­bener sing diwulangake Nabi Muham­mad s a w. Paraga (jin sing bodho iku) kaya sing ditindakake dening iblis, nalika semana kadhawuhan dening Allah, asung pakurmatan (sujud) marang Adam. Iblis mbalela, congkah, kumalungkung, ma­rang perintahe Allah. Dheweke rumangsa luwih mulya, krana dheweke cinipta saka geni. Dene Adam cinipta saka lemah. Hiya aki­bat kesombongane iku dheweke ditun­dhung (diusir) saka Suwarga.

4. Manungsa ana sing ngudi pangayo­man marang jin nalika jaman jahiliyah. Ing wektu iku Agama Islam durung tuma­pak, wong-wong padha ngudi pangayo­man marang jin. Wus ora dadi  wewadi maneh, ora sethithik para manungsa becik rakyat biasa utawa ing kalangan elite pa­dha ngudi pangayoman marang jin, supa­ya uwal saka bebaya. Jin-jin mau ora kok asung keselametan marang wong-wong kang padha ngupadi pangayoman, nanging malah nambah dosa sarta masalah.

5. Pepenginane jin ngaweruhi wewa­di ing langit, iku karepe kanggo mbantu, nyengkuyung pengetahuane jin, minang­ka pangayoman marang manungsa.

6. Pepenginane jin shalat ana ing Masjid, golongan jin sing iman marang Allah lan Rasullah, mula nuli tumurun (nuzul) wahyu sing ngandhut pituduh apa-apa sing dikeparengake ditindaka­ke ana ing Masjid lan apa-apa kang ora kepareng (diharamake). Kaidah iku sipa­te umum, becik kanggo para jin, uga kang kanggo para manungsa.

7. Ilmu babagan sing ghaib iku, mung Allah Kang Maha Nguningani. Nanging manawa Allah  kepareng trep karo sipat kudrat dalah iradatE, ilmu babagan ghaib iku bisa  binuka marang kawulanE, kang dikersakakE. Kaya ta para Nabi, Rasul sarta Wali-wali Allah (Auliullah) dalah para ulama, sing dadi pewarise para Nabi lan Rasul (waratsatul anbiyaa wal mursaliin). Lha satemene kanggo njaga sipat murnine ilmu ghaib iku, Allah kepa­reng paring jejibahan marang para Ma­lai­kat, kadhawuhan ngawal lan njaga be­cik saka ngarep utawa mburi sarta saka arah ngendi bae. Hiya iku njaga marang para kawulanE kang pinaringan (linube­ran) ilmu babagan kang ghaib. Nuwun

(Maneka werna sumber/Tafsir)

              

Tambahan pamrayoga lan donga:

a). Pamrayoga supaya kita tinebihna saka karakter kumalungkung (riya): “Dhuh Gusti Allah, sesembahan para ka­wula, ilmu babagan ingkang ghaib punika wonten gegeman (kuwaos) Paduka. Kan­thi ridla Paduka babagan ingkang ghaib punika Paduka bikak (binuka). Manawi mangertos babagan ingkang ghaib pu­nika mujudake kasaenan, mugi Paduka kepareng mbikak. Nanging manawi ma­ngertosi ingkang ghaib punika ndadosake madlarat tum­raping kawula, mugi Padu­ka kepareng nutup kanthi kudrat Paduka. Mugi kawula tinebihna saking karakter arogan, adigang, adigung saha adiguna, kados-kados ka­wula mangertosi ing ghaib punika. Ka­mangka mboten wonten sekedhik-seke­dhika ilmu ingkang baba­gan ghaib punika.” (Astaghfillah al-Adzim).

b). Kinanthen donga  sayyidul istighfar

Sing maksude mangkene: “Dhuh Gusti Allah, sesembahan para kawula. mboten won­ten ingkang pantes sinem­bah kajawi na­mung Paduka. Paduka ing­kang sampun kepareng nyipta kawula. Kawula sampun janji dhumateng Paduka lan badhe netepi janji Paduka.

Trep kaliyan sasaged-saged kawula. Kawula mangayom dhumateng Paduka sa­king piala (maksiyat) ingkang kula tin­dak­aken. Kawula ngakeni sedaya kanik­matan ingkang sampun Paduka paringa­ken dhu­mateng kawula. Saha kawula nga­keni dhu­mateng sedaya dosa kawu­la. Ya Allah, mugi Paduka kepareng paring pa­nga­pun­ten dhumateng sedaya do­sa  ka­wula. Saes­tunipun mboten won­ten Pange­ran ingkang saged paring pa­ngapunten, kajawi na­mung Paduka. Dhuh Gusti Allah, Dzat ing­kang Maha We­las saha Maha Asih. Aamiin.

(Mugi Paduka keparengaken do­nga kawu­la) (tarjamah donga sayyidul is­tighfar).

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)