Panguripan ing Masyarakat Jin (7)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 34 kali

(Lan satemene ing antarane aku (jin) ana sing shaleh lan ana sing ora mangkono kahanane. Aku padha napaki dalan kang beda-beda) (Q.S. Jin (72) : 19)

(10). Ilmu babagan sing ghaib.

Sadurunge ngrembug makna kang kinandhut ana ing Q.S. Jin (72):25-26) sing gegayutan karo ilmu ghaib, prayoga diaturake ing kene bab dosa sarta ancaman paukumane. Lha saupama dosa iku sak nalika pungkasane (berakibat) adzab pindha kesetrum listrik, dak kira bakal akeh manungsa sing ninggalake tumindak dosa. Nanging dosa ora kok mangkono iku. Malah ora sethithik  dosa sing ditindakake dening sawijining pawongan, ora dimangerteni (tidak diketahui) dening liyan. Sing mangerteni mung Allah Sawiji, Malaikat lan wong kang tumindak dosa. Akibat tumindak dosa iku uga sinandi (tersamar).

Malah piwalese arupa adzab iku, manawa wus tumapak dina Qiyamat. Hiya krana mangkono iku, tumraping pawongan kang arogan, sombong  (riya’) kumalungkung, adigang, adigung lan adiguna pitakon, kapan sih adzab akibat dosa iku dipatrapake? Genahe,  mungguhing pawongan kang kendel durakane, dheweke terang-terangan nindakake maksiyat kanthi pangucap kang nantang (pongah lan congkak), asung pitakonan, kapan tekane adzab (siksa) akibat dosa iku tumapak. Suwalike mungguhing pawongan kang isin, ora ngucap kanthi  terang-terangan, kapan tumapaking  adzab iku, naging tumindake cetha nuduhake kanthi nyata  maksiyat iku. Hiya krana swasana kang mangkono mau, Allah nuli kepareng paring dhawuh marang Nabi Muhammad s a w. maksude (kurang luwih) mangkene:

“Ngendikakna he Muhammad! Aku dhewe minangka Rasul Allah ora mangerti (mangerteni) sethithik bae, apa adzab iku ditindakake (utawa diancamake) marang awakmu iku wus cedhak wektune utawa Allah Kang Maha Prakosa bakal matrapake adzab iku marang awakmu iku, ditangguhake isih suwe.” (Q.S. Jin (72): 25).

Pancen bener, wus ana bangsa-bangsa kang wus kapatrapan adzab iku, saengga sirna saka lumahing planet bumi. Kahanan kang kaya mangkono mau lagi diweruhi sawuse fenomena (siksa) iku dumadi. Lha sadurunge siksa iku dumadi, iku mujudake perkara ghaib. Mangkono adzab kang bakal tumapak (tumeka)), kapatrapake marang wong-wong kang duraka marang Allah. Gemblenge masalah, ghaib iku mapan ana ing ranah (wewengkone) Allah. Nabi lan Rasul bae ora mangerteni. Hiya mangkono mau sing didhawuhake dening Allah marang Njeng  Nabi Muhammad, supaya njlentrehake marang maungsa, semono uga marang golongan jin. Wusanane, samubarang kang ghaib iku, sing priksa mung Allah  Sawiji (Pribadi). Nabi lan Rasul Allah ora ndarbeni ilmu mangerteni barang ghaib. Lha yen ana manungsa utawa jin sing ngaku utawa ngaku-aku mangerteni barang ghaib, cetha banget manawa patrap kang kaya mangkono iku, lelawanan utawa nalisir saka dhawuhe Allah Kang Hamurbeng Dumadi. Kajaba Allah kepareng paring ridla utawa izin (palilah) marang para ulama pewaris Nabi. Genahe, kajaba marang para Nabi, para Rasul, para Wali Allah (waliyullah) sarta para ulama pewarise para Nabi lan Rasul. Mangkono iku trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude:

“Panjenengane Allah iku kang ngawuningani (nguningani) samubarang kang ghaib. Mula saka iku Allah, Panjenengane ora mitontonake marang sapa bae, babagan kang ghaib iku”. (Q.S. Jin (72):26).

Buya Hamka (almarhum), mantan Ketua  Majelis Ulama Indonesia ana ing Tafsir Al-Azhar, nafsirake ayat kasebut ing ndhuwur, manawa ayat iku nuduhake ora ana sawiji-wijia wong sing mangerteni kahanan kang ghaib. Nabi dalah Rasul, jin sarta Malaikat uga ora bisa mangerteni, kajaba Allah kepareng paring Idin (palilah). Rahasia (wewadi) barang ghaib iku mapan ana ing ranah utawa gegemane (kekuasaan) Allah. Mula saka iku, cetha banget ora bisa dipercaya manawa ana sawijining manungsa sing awake ngaku, utawa ngaku-aku mangerteni barang gahib, sing bakal dumadi ing tembe buri. (Mangkono Buya Hamka ing Tafsir Al-Azhar).

Lelandhesan karo apa kang wus katur ing ndhuwur, ajaran Islam nglarang (mengharamkan) pakarti  utawa aktifitas ngramal nasibe manungsa, sarta ahli nujum, lan liya-liyane (sing nalisir saka pituduhe Al-Qur’an) iku mujudake pakarti sing ndhisiki karsa (pepesthen) saka ngarsaning Allah.

 

(11). Lumebering ilmu ghaib.

Lumebering (pelimpahan) ilmu ghaib marang sawijining pawongan kang pikoleh ridlaning Allah. Ing babagan iki Allah wus kepareng paring dhawuh, mangkene maksude:

a) “Kajaba Rasul Allah kang pinaringan ridlanE (idine). Satemene Gusti Allah, Panjenengane, mapanake (mengadakan) piket-piket (sing njaga) ing mburi lan ing sangarepe. Supaya (saka keparenge) Allah, Panjenengane, priksa (ngawuningani) manawa satemene Rasul-Rasul iku wus nindakake dhakwah (menyampaikan) Risalah Pangeran (Allah) sesembahane. Dene (satemene) ilmu Allah iku nglimputi apa sing ana marang wong-wong, sarta Allah iku nindakake hisab (ngetung) ing samubarang iku siji mbaka siji.” (Q.S. Jin (72):27,28).

Makna kang kinandhut ana ing ayat kasebut ndhuwur nerangake, manawa ilmu babagan samubarang  ghaib (ilmu ghaib) iku bisa binuka dening Allah, marang sapa bae kang dikeparengakE, sing pikoleh ridla saka PanjenenganE. Iku antara liya, yaiku para Nabi, para Rasul sarta Wali-wali Allah dalah para (Malaikat) kang njaga hakekat (kemurnian) babagan ilmu ghaib iku, Allah kepareng dhawuh (nugasake njaga) marang  para Malaikat. Banjur sapa bae sing kepareng diridlani dening Allah iku? Ing kene Ibnu Abbas naf­sir­ake ayat kasebut, pawongan kang diridlani iku, yaiku para Rasul. Dene ustadz Qureaish Shihab (mufassir), kajaba para Rasul utawa utusane Allah kang awujud Malaikat utawa manungsa lan uga para Wali Allah sarta pawongan kang cedhak marag Allah. Kajaba saka iku Tafsir Dja­lalain nafsirake, sing kepareng diridlani de­ning Allah, yaiku para Rasul, minangka muk­jizat, para Malaikat sing kepareng pi­na­ringan jejibahan njaga iku, yaiku nga­yomi marang wong sing kepareng diridlani saka reridhune (gangguane) syetan, sarta  bisikan sing ala. Uga marang ulama  pe­wa­ris Nabi lan Rasul (waratsatul anbiyaa wal Mursaliin).

b). Kasebut ana ing Q.S. Jin (72):27), ing ndhuwur, Allah wus kepareng paring ilmu ghaib marang para Nabi  lan Rasul sarta Wali-wali Allah kang kepareng pinaringan ridlanE. Lha para Nabi  lan Rasul kang tansah jinaga dening para malaikat iku, ndarbeni makna, manawa para Nabi lan Rasul iku wus bener-bener netepi nin­dakake jejibahane, yaiku nindakake (nyiar­ake) wahyu Allah kang wus karsa kapari­ngake marang Nabi lan Rasul, liwat Malai­kat Jibril. Ana pitakonan, lha apa ta werdi­ne (keistimewaane) pengawalan lan pen­ja­gaan (kinawal lan jinaga)?

Ora liya, supaya Allah, Dzat Kang Maha Ngawuningani iku priksa, manawa para Nabi sarta para Rasul iku wus nindakake (nyiarake) risalah mau. Dene ilmune Allah iku satemene (hakekate), nglimputi (wus nyakup) apa kang dumunung ana ing awake para Nabi lan Rasul iku. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)