Shalat Iku Mujudake Mikraj Tumraping Wong Mukmin
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 185 kali

Sabanjure Njeng Nabi  bisa mriksani Allah mawa fuade. Krana kang mriksani iku fuade, dudu pandulu wantah, mula ora ana pepalang (alangan) kanggo mriksani Panjenengane, Allah. Fuad iku ora padha karo qalbu. Fuad iku dumunung ana ing sajeroning qalbu. Yen qalbu sawijining pa­wongan iku resik, fuad bisa ndulu samu­barang sing uwal saka ruwang lan wektu. Contone, kaya sing dialami dening Njeng Nabi Musa a.s. Allah paring dhawuh mang­kene maksude. Nalika Allah tajalli awujud, (minangka) geni:

“Ing nalika iku Allah ngawuningaNi, manawa Nabi Musa lagi golek geni kanggo kaperluwane (menghangat­kan) kulawargane. Musa ora manem­bah marang geni, krana dheweke nyekseni kanthi satemene (jujur), manawa geni iku dudu maqam se­sem­bahan. Musa nyekseni, ndulu geni, nanging (hakekate) fuad-e  nyekseni Dzat Kang Maha Agung.” (Q.S. Tha-Ha  (20):11).

Njeng Nabi Muhammad uga mriksani ana ing cedhake (disisi) wit Sidratul Mun­taha, yaiku wates kang paling adoh, sing bisa ginayuh dening spirituale  manungsa. Pangerten simbolise wit Sidrah iku, mujud­ake simbul pengetahuan manungsa kang wus pantog ing dalem mangerteni lan me­mahami Dzat Kang Maaha Agung. Tuma­pak ing kahanan kang kaya mangkono mau, kaya sing dialami Nabi Muhammad s.a.w. ngrasakake kahanan kang tentrem, jenjem, ayem sarta pantoging kamulyan (kebahagiaan puncak). Iku, mujudake pengalaman spiritual (pindha mapan ing Jannah al-Ma’wa), manggon ana ing Su­warga. Pengalaman kang kaya mangkono mau mujudake pengalaman mistik. Iku ka­beh awujud asile Mikraj. Kaya sing dialami dening Njeng Nabi nganti tumapak ing wit Sidrah. Pengalaman kang mangkono mau ora bisa digambarake mawa lisan, trep karo dhawuhe Allah ana ing Al-Qur’an, Surat An’Najm (53):17, wus katur ing ndhu­wur. Emane akeh para penganut sufi lan ulama sing durung utawa ora ndarbeni kemapuan (ora bisa) napaki pengalaman kang kaya mangkono mau. Sebabe krana wong-wong mau isih kejiret (berkutat) bab bandha bandu, kadonyan kalebu keblinger ing babagan politik, korupsi lan liya-liyane. Umume wong-wong padha lali pituduh Njeng Nabi Muhammad, manawa shalat iku mujudake metodhe (cara) Mikraj  tum­raping wong-wong Mukmin. (Ash-shalaatu Mikrajul Mukminin).

Sing perlu dadi kawigaten kita yaiku, manawa Mikraj iku dudu asil penafsiran, nanging mujudake pengalaman. Pengala­man (perjalanan) Mikraj iku ora  dituntun dening pawongan liya, ning kudu dialami dhewe  dening pawongan iku.(Q.S. Isra’ (17):72. Wusana, supaya  kita bisa nindak­ake Mikraj, sing njalari sawijining pawo­ngan dadi jembar dhadhane (pemaaf), Allah wus kepareng paring dhawuh mang­kene maksude:

He Muhammad ! Sira sing gedhe pangapuranira, lembah manah (mu­rah ati) sarta dhawuha sira marang penggawe becik lan ngungkurna marang wong-wong kang bodho-bodho.” (Q.S. Al-A’raf (7): 199).

Maksud ayat kasebut, Allah wus ke­pareng paring dhawuh, manawa wong-wong Islam (Muslimin), iku padha ndar­beni sipat pangapura (pema’af), lembah manah marang liyan, yen pawongan liya mau tumindak samubarang kang ala ma­rang dheweke, pawongan kang tumindak salah mau dingapura. Kanthi mangkono ora ana sing ngganjel marang atine pawo­ngan sing nglarakake atine. Aweh panga­pura iku mujudake pakarti kang nyedhak­ake (taqarrub) marang laku taqwa. Trep karo dhawuhe Allah mangkene maksude:

“Lan manawa sira megat (men­ce­rai­kan) wong wadon kang sira du­rung cumbana (bercampur), nanging sira wus nemtokake maskawin tum­rap dheweke, sira wajib mbayar se­parone mahar (maskawin) kang wus ditemtokake. Kajaba manawa rabini­ra utawa wong lanang kang nguwa­sani  bundhelane nikah gelem aweh ke­murahan. Dene yen gelem aweh kemurahan, iku  ateges nyedhakake marang sipat  taqwa mring Allah. Lan sira aja nglalekake  kebecikan anta­rane sira kabeh, manawa Allah iku Maha Wikan, ing sekabehing barang kang (padha) sira tindakake.” (Q.S. Al-Baqarah (2):237).

Dadine pawongan kang jembar dha­dhane (sugih pangapura) iku, kalebu ma­rang ewonning wong kang taqwa marang Allah. Pakartine pawongan iki, insya Allah mbesuk ing akhirat kaparingan kanugrahan Suwarga, sing  jembare padha karo jem­bare langit lan bumi .Coba kita simak dha­wuhe Allah, kang makna/maksude mang­kene:

Lan sira padha  enggal-enggala (ngudi) ngupayoa pangapura saka Pa­ngeran Sesembahanira. Lan ngu­pa­yoa Jannah (Suwarga) kang jem­bare madhani jembare langit lan bumi, kang dicawisake tumrap wong kang padha wedi mring Allah.” (Q.S. Ali-Imran (3) 133). 

Wusana, sateruse diterangake, mana­wa Suwarga iku bisa diupaya, tumraping pawongan kang nafkahake bandhane, ing marga kang bener lan pener, ing kahanan sing kepriye bae, becik ing swasana long­gar (akeh rejekine) utawa ing swasana re­jekine mung sethithik, meper nepsune sarta asung pangapura marang pawongan liya sing nindakake kesalahan marang dhe­weke.” (Q.S. Ali-Imran (3):134). Kajaba saka iku, tumraping pawongan kang tu­mindak ala (maksiyat), aniaya marang awake dhewe, banjur enggal-enggal eling marang Allah, tumuli nyuwun pangapura dosane. Ora ana kang bisa ngapura dosa­ne, kajaba Allah. Sarta ora padha ngles­tarekake tumindak kang wus dilakoni, ka­mangka dheweke iku padha ngerti dosa­ne.” (Q.S. Ali-Imran (3):135). Ing babagan  iki, coba kita mangerteni,apa sing ditin­dakake dening Njeng Nabi Muhammad s.a.w. sakdurunge ngalami peristiwa (per­ja­la­nan) Isra’ Mikraj! Dakwahe Njeng Nabi ana ing Thoif tansah dialang-alangi, dimungsuhi dening wong-wong utawa masyarakat Thoif. Antara liya Njeng Nabi disawati watu. Ing kahanan iki Njeng Nabi paring pangapura marang tumindake wong-wong /masyarakat Thoaif sing ora patut kasebut. Malah Njeng Nabi munjuk donga marang ngarsaning Allah, muga-muga Allah kepareng paring pangapura sarta paring hidayah utawa pituduh ma­rang dalan kang bener lan pener.

Hiya ing kono iku Njeng Nabi paring pa­ngapura, sanajan wong-wong mau aga­we gerah penggalihe Njeng Nabi. Ing kene iki Njeng Nabi ancang-ancang arep Mikraj. Penggalihe (atine) diresiki saka sipat-sipat ala (tercela), banjur linambaran mawa sipat-sipat pinuji.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)