Endahe Sastra Jawa Sajrone Tembang Jawa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Macapatan - Dibaca: 359 kali

Saiki iki, wis arang keprungu kumandhange tembang Jawa. Klebu ing sekolahan-sekolahan tembang Jawa wis kaya kasilep dening budaya manca kang masyarakate wis kabius de­ning budaya manca, kang ora beda kaya virus mlebu rumesep ing anggane ma­nungsa. Angel dibrastha.

Mongka yen padha gelem ngrasakake kanthi menghayati kang temenanan, krasa banget yen sejatine tembang Jawa mono endah banget. Coba ta, yen kita lagi ngru­ngokake uyon-uyon kathik swarane kang nembang ulem, cengkoke mendat mentul, apa maneh yen tembang mau tembang kang romantis, tembang kasmaran, saya gawe kesengsem temenan.

Nanging, jarene wong saiki mligine bocah nom-noman yen ngrungokake tem­bang Jawa jarene ora tlaten, malah ngan­tuk, merga pancen ora mathuk.

 

Padha Jinise Seje Garapane

Kanggo mbuktekake kepriye mungguh sepira endahe Seni Sastra Jawa, sajrone tembang Jawa, kang diripta dening Pakar Seni jaman kawuri, karo pangripta jaman saiki. Golek conto kang adhakan bae, yaiku, antarane tembang Cocak Ra­wa, karo tembang Sinom Parijatha. Kang sejatine padha dene ngandhut unsur kas­maran, romantis, kepara malah klebu lekoh.

Ing sajrone tembang Cocak Rawa, ukara kang unine: “Cocak Rawa dawa buntute. Yen digoyang serr-serr adhuh enakeee…” ukara iki yen diresapi temanan, jelas klebu lekoh, malah kepara saru ba­nget. Wis umum, duweke wong lanang siji kuwi, disebut “manuk”. Ing kene di­sebut, “Manuke-manuke Cocak Rawa”, kang disebut Cocak Rawa mau ora liya yaiku wong lanang.

Dadi jelase, yen diramesi, wong lanang duwe manuk sing buntute (mangga dira­mesi dhewe, kang diarani manuke wong lanang kang pernah buntut mau sing endi) dawa. Banjur yen digoyang (goyang-goyang apa???) seerrr…seerrr…adhuh enakeee…” apa kang mangkene iki ora saru, lekoh banget???

Merga apa, garapane durung bisa nggunakake Seni Sastra kang endah, du­rung nganggo ukara kang sinamudana, ya apa anane bae. Bener pancen kena diarani klebu seni, nanging durung sejajar karo Seni Sastra Jawa. Kuwi mau yen ngenani ukarane/cakepane ing tembang Cocak Rawa mau. Nanging ngenani lagune, pan­cen penak banget, akeh sing cocog mula banjur dadi populer ing kalangan ma­syarakat. Nanging saka lumakune kaha­nan, saiki arang keprungu kumandhange tembang Cocak Rawa mau. Malah sing kerep keprungu dudu cakepane, nanging lagu Cocak Rawa dhewe mau, merga ukarane. Cakepane wis akeh sing diganti nganggo ukara utawa cakepan, nurut kabutuhane sing nembang. Merga lagune, di-iseni ukara utawa cakepan apa bae kepenak banget.

Saiki ngenani tembang sinom Parija­tha. Cakepan ing tembang Sinom Parijatha mau, ditandhing karo cakepane tembang Cocak Rawa, malah luwih dening porno, lekoh banget. Nanging merga garapane pancen mawa paugeran Seni Sastra, nganggo basa sanepa kang alus banget, babarpisan ora kawistara menawa sejatine cakepan ing tembang Sinom Parijatha mau, klebu saru, lekoh banget. Mula ban­jur keprungu endah, romantis banget.

 

Tembang Sinom Parijatha

 

Lamun mbenjang yen palastra

Ja mbok kirim mbang telasih

Kirimen layone kembang

Ja mbok kubur jroning bumi

Kubur neng kasur sari

Lurupana sutra wungu

Bantalane payudara

Maesana wentis kuning

Tangisana tembang Sinom Parijatha

 

Menawa ditegesi kira-kira mangkene: lamun mbesuk yen mati (iki kang dika­repake yaiku yen ana matine daya rang­sangan seskual) grengsenge kurang. Ja mbok kirim mbang telasih. Aja mbok kirim tembang sing seger. Kirimen layone kem­bang, kang kang wis garing, banjur dijur lembut jenenge ratus, yen dibong, nu­wuhake aroma khas, nduweni daya greng­seng. Dadi kembang kang wis layon, je­nenge ratus.

Ja mbok kubur jrone bumi, kuburen neng kasur sari. Wong wadon, gelem ora gelem, ibarate kasur tumrape kakunge (menawa lagi salulut, harak sing wadon ana ngisor, apa ora padha karo kasur ta??)). Nanging kasur kang mangkono mau, kena diarani kasur sari, merga bisa nuwuhake sarine rasa kang…banget. (rak inggih makaten ta??)

Njaluk dilurupi sutra wungu, yaiku iba­rate njaluk kang sarwa alus, warnane ungu, kang tegese, ora peteng nemen, ora pa­dhang nemen, mung remeng-remeng. Mula akeh warung remeng-remeng ngana kae, apa mung kanggo dodolan panganan, apa do­dolan liyane??? (mangga diramesi dhewe).

Pancen yen wong lagi pepasihan, nja­luke sikep kang alus manuhara, tur kanthi swasana kang gawe saya nambah seng­sem, nambah daya katresnan. Banjur njaluk dibantali payudara, iki ya wis cetha banget yen wong lagi salulut, kakunge bantalan apa hara. Banjur njaluk dimaesi pupu kuning. Iku saya wela-wela, yen lagi ngono kuwi, badan sakojur harak diapit pupune sapa hara??? Ya mesthi bae pu­pune kang karan kasur sari mau. Njaluk ditangisi tembang Sinom Parijatha. Iki ora kok banjur njaluk ditangisi gero-gero kang nembang ya genah ora. Nanging njaluke tangis kabungahan, tangis sengsem, ing sela-selane rengeng-rengeng alon banget, nganggo tembang Sinom Parijatha, kang endah banget menawa dirasakake.

Dadi jelase apa kang diripta dening para pakar kalasemana, senajan sejatine porno, lekoh, nanging rinasa romantis ba­nget. Jalaran digarapa mawa paugeran Seni Sastra kang endah banget. Isih akeh banget endahe Seni Sastra kang rinakit sajrone tembang Jawa, senajan ta cakep­ane sejatine saru, lekoh, nanging karasa endah romantis, jalaran digarap mawa paugeran ora nyimpang saka Seni Sastra mau dhewe. Mula, antarane Pakar Seni Sastra dhek jaman semana, karo Seniman jaman saiki, kena diarani “Serupa tapi tak sama” ngana kae.

Banjur saiki saupama Tembang Sinom mau, diramesi kanthi lawaran, apa anane bae, genah wong nduweni panjaluk mau, yaiku menawa yen wis mati kaya kang kabeber ing ndhuwur mau, apa ora aneh??? Mosok nganti mati, panjaluke isih kaya mangkono, apa wong mau (wong lanang) klebu wong kang (nuwun sewu) kliwat taker anggone seneng wong we­dok??? Utawa klebu kumalan?? Nganti mati kok isih mikirake ngono kuwi.

Nanging kabeh mau sumarah apa jarene kang ngothak-athik, utawa ngra­mesi apa kang kinandhut ing sajrone tembang Sinom Parijatha mau. Sumangga kersa. Nuwun. (Mbah Brintik)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)