Makna Filosofi Wayang Kulit (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 65 kali

Beda karo watak ala Bambang ka­sebut. Gegayuhane iya sundhul ngawi­yat. Pepalange iya mesthi mbuta Cakil sabalane. Bareng ditrejang wae, pepa­lang kanggedhe kuwi malah ambyar.

Watak lan tekon gerak anggegayuh ala Bambang kuwi, dhasare ing Kitabul Muqaddas Al Quran apadene Al Hadits antara liya mangkene : ’       “Wa iszaa azam­ta fa-tawakkal al Allah”, = lan yen sira wis karep anggayuh, kuwi nuli tandangana kanthi tawakal marang Gusti allah.

“Wa man yataakkal ‘Al Allahi wahuwa hasbuh = Lan sing sapa tawakal marang Gustui Allah, iya Gusti Allah sing bakal nyukupi (kepen­tingan) dheweke.

“La-in jaahaduu fiimaa la-nahdiyannakum subuula­naa = Lamun yekti perjuwa­ngane ing wong kuwi ing tekad murih karilan Ingsun, yekti Ingsun iya paring pi­tuduh dedalan Ingsun ma­koleh kuwi.- sing saka Ha­dist Nabi mangkene :

“Man jadda wa jad” = Sing sapa ngluru, mesthi ketemu. Komentar : Tem­bung “ngluru” kuwi “an sich”, jan uwis ngemu pangerten sing kawogan ing mental  tu­win moral mesthi uwis siaga ngadhepi lan ngatasi sadhe­ngah pepalang ing deda­lane, mula ing pungkasaning lakon, iya mesthi ketemu apa sing diluru/disedya.

 

Gamelan laras pelog

Gamelan peranganing pakeliran Wa­yang Kulit mono ana rong werna, slendro lan pelog. Ujaring para winasis kang lebda, gamelan sing laras slendro kuwi yasane pribadi Prabu Syeilendra, Ratu Mataram Hindhu ing (saikine) Jawa te­ngah. Dene sing laras Pelog yasane para Wali Janget Tinelon ing jamanDemak.

Miturut anggepe pihak Jawatan Kebudayaan Indonesia ing Yogyakarta dhek jaman revolusi lan ibukota RI lenggah ing kono, tembung Pelog aran­ing laras kuwi mau asale saka tembung “pelo”, tegese yakuwi suwara guneman­e…sing nglindhur, utawa gunamane wong  karo mamah sega panas. Ora ce­tha trawaca kaya suwara gunemane wong mulang, cetha, genah, las-lasan tetembungane. Cekak gampange, racikan suwarane gamelan laras pelog kuwi ora cetha trawaca kaya racikan ngrangining suara sing laras slendro.

Anggone mangkono kuwi cetha ba­nget mung adhedhasar kasupen tenan bilih sing laras pelog karo sing laras slen­dro kuwi pancen prinsipe beda tang­ga nadane. Sing laras slendro mung 4, sing laras pelog 7, - do, re, mi, fa, sol, la, si. Yakuwi, tangga nada universal, sing kanggo dening saben bangsa, uwis modern banget apa isih suwalike, saja­gad kiyi. Rehdene  gamelan laras Pelog kuwi  yasane Wali, mula tangga nadhane sing asipat universal kuwi uga jelas ngemu…tujuwan tertamtu sing elok, yakuwi kagem nyurupake insan sa-Nuswantara bilih Islam kuwi…Agama sing babarpisan ora khas mung kanggo bangsa Arab, nanging malah sing uni­versal kanggo kabeh bangsa saindenging jagad raya. Lah pangajake Agama Islam marang kabeh bangsa, jiwa demi jiwa kuwi, ora liya kaya sing ka­mot ing tembung pelog asli­ne kuwi.

“Pelog”, asline kuwi saka tembung Arab: “falaah”. Na­nging kanggo ngawekani le­san Jawa banjur owah dadi kaya ngono kuwi. Padha karo nasibe tembung Arab :” khai­raat” (= pirang pirang kebecikan) sing owah blejed dadi “kerot” (= mbuwang telek nganggo sepet). Utawa nasibe tembung Arab : “Ak­bar” (= Kang Maha agung) nganthi owah blejed dadi “akbaar” (=kendhang bun­tung.

Pelog, “fallah”, Jawane : menang, bahagya, sejah­tera. Kuwi diajakake, di Adzan-nake, mawa suara dahat serune lagu galik-galik ngasih-asih saka Masjid marang kabeh manungsa sa­ben bangsa, sadina sa­wengi apese kaping 15, tem­bunge:” Hayya Alal Falaaah” = Suwawi urip adhedhasar kamenangan,dipadha bahagya, dipadha sejahtera, dipadha samungkem marang Gusti Allah.

Cinanthel njeron sejarah, gamelan laras pelog kuwi ngoregake masyarakat Jawa-Hindhu ing Kasultanan Demak, jalaran tangga nadane luwih maneh racikan suwarane saben gendhing, kok sarwa aneh nanging kok iya sarwa en­dah. Nganyut anyut mikat kalbu, nganti sok gawe sumaputing batin. Kala samana wis pirang-pirang atus taun wong Jawa-Hindhu ginulawenthah memuja marang Dewata lan setya marang Agama malah nganggep, seni budaya a.l kayadene ga­melan kuwi kalebu rerangkening Agama, sing…kaindahane uga saka karunaning racikan suwaraning saben gendhing gamelan laras pelog kasebut. Babar­pisan ora padha dianggep minangka ke­cuali. Mula masyarakat sadhengah kala­wang­sa Jawa-Hindhu kabeh sangsaya ngang­seg rahabe marang gamelan laras pelog, diarani baku Dakwah Islam sing uga ngemu Piwulang Islam saben gen­dhinge, nganti wusanane padha man­jing Islam saka kersane dhewe dhewe.

Ana sawenehing penganggep nge­nani prastawa sejarah kuwi, mangkene : Manjinge para wong Jawa-Hindu kase­but ing Agama Islam kuwi mau, sing baku rak mung katitik dening aneh lan endahing racikan suwara saben gendhing gamelan laras pelog kasebut, sing pa­prangan, barpisan ora kok dening pi­wulang piwulanging Agama Islam,sing jare sarwa linuwih metu lan nilai kase­jatene.

Anggep mangkono kuwi jane remeh banget, nanging iya  ana segine sing per­lu dibahas mendalam. Remehe, jalaran tatananing Dakwah para Wali ngagem media gamelan mono, saben sasuwuk­ing gendhing ditabuh “dengan sendiri­nya” mesthi diwulangake carakaning piwulang Islam sinandi lungit ing “neng, ning, nong, nung” unine gamelane. Dadi para pamirsane iya uwis kontan antuk piwulang sing maremake lan nenarik dirine manjing Islam.

Dene segine sing perlu dibahas men­dalam, iki. Lah pambahase iki, luwih dhi­sik perlu padhu ngaweruhi, apa sejatine sing “an sich” karan “aneh: iku lan uga saka ngendi dangkane.

“Endah” iku ana rong werna sajatine Endah Hakiki (sajati) lan Endah majazi (figurik). Endah Hakiki kuwi sifate  Gusti Allah, kayadene sing dituduhake Pangan­dikane : “Allahum jamiilun, yahibbul janaadi:, Jawane : Gusti Allah iku Endah. Dadi lan cethane, sing “an sich” karan Endah iku iya sifate Gusti Allah, jer sing kara sifat iku, ora liya iya katranganing Dzat.

Saben manungsa lan Agama apa wae, jan wis nate weruh nyataning Endah. Yakuwi dhuk nalika rohe kala Jaman Azali isih manggon ing Alam Arwah. Paweruhe roh sarana mripat roh marang nyatane Allah kuwi katrem ba­nget, nganti nabet jero tepake ing sa­wutuhing roh kuwi dhewe. Lah kala roh-roh manungsa kuwi isih dumunung ing Alam Arwah kasebut, padha leladi karo Gusti Allah, mangkene ayate ing Al Quran :” Alastu bi-Robbikum ? Qaaluu balaa stahidnaa! = Gusti Allah ndangu L Apa ta dudu Ingsung kiyi Pangeranira ? Para roh monjuk: Kulanuwun inggih makaten satemenipun, adalem sedaya anekseni !.

Sisipan : Sakawit inggih saking ngri­ku asalipun Kalimah Syahadat kawiwitan mawi tembung : Asyhadu = Kula nek­seni. Malah asalipun Thawaf (rukunipun ibadah Haji)  ngiteri Kabaullah, inggih saking : nglestantunaken: tingkah ing para roh manungsa dhuk ing Alam Arwah sami leladi pengandikan kalian Gusti Allah wau, sami ngulengi Dzatiun Gusti Allah.

Pangandikane soal-jawab kuwi ngasilake Perjanjen antarane Gusti Allah karo manungsa. Perjanjen kuwi sinebut ing Al Quran karan “AhdAllaah”. Ing ilmu filsafat basa Prancis, karan “Contrat Divin”.  Cara Jawane : “Perjanjen Ketu­han­an”. Isi bakune prajanjen kuwi (a) Gusti alah janji “menTuhan-imanusa, ganep karo nyukupi kabeh kebutuhane”, (b) manungsa janji L “ber Tuhan mligi marang Gusti Allah sajuga, ganep karo nampa panyukupan kabeh keperluane, kanthi setya marang kabeh dhawuhe lan sirik marang kabeh awisa-Ne’.

Lah papan pelaksanaane Perjanjian kuwi ana ing Alam Donya,- alam mate­ria. Supaya rohing manungsa sing jan “imaterial” kuwi kongang nuhoni janji kasebut, mula banjur dipindhah saka Alam Arwahmarang Alam Rahmi kan­dhunganing biyung, perlu nampa jasad rangkepane sing sarwa material, banjur sawuse rampung udakara 9 sasi 10 dina terus dipindhah marang alam Donya. La, iya  ana ing Alam Donya kono kuwi “roh-jasad: apa “jasad-roh” mahu, gawan saka alam Rahmi. Orane sarana “pan­caindra” anggone “meruhi”  kuwi, apese iya mung sarana “dwi indriya”, pang­rungu lan pandheleng.

Kongange roh-jasading manugsa ing Alam donya meruhi “Endah majari” kuwi, jalaran “dimotori” dening tabet jroning roh kala sarana mripat ing roh meruhi nyataning Endah hakiki ing Alam Arwah Jamane azali. Kocap, anggone roh-jasading manungsa  meruhi “endah majazi” kuwi, nadyan iya mesthi dimotori dening tabet jeroning roh kala sarana mripating roh meruhi nyataning Endah Hakiki, nanging yen “bahan bakare” motor kasebut oramurni, malah cam­puran ubaling nafsu negatif sing tinemu roh jasading manuingsa kawogan iya mung bangsane “endah majazi” sing sara negatif, malah nganti nenarik marang maneka warna  laku sing sarwa negatif. Tinemune rasa nikmat ing kono iya pancen adhakan tinemu tenan, malah mungkin nikmat kaliwat-jiwat. Jer Endah Hakiki kuwi jan pancen sumbering kabeh kanikmatan.

Lah yen “bahan bakare” motor peng­gerak roh-jasad kalane meruhi sadhe­ngah “indah majazi” kasebut sarwa murni, resik gesik saka pepinginan sing dudu-dudu, paweruhe “indah majzi” kuwi mesthiu ngelingake marang nyataning Endah Hakiki nganthi marang Perjanjian Ketuhanan lan apa kawajibaning diri pribadi ing kono.

Nah, para kadang Jawa-Hindu ing nguni, sing dasar wus mataun-taun ginulawentah nganthi awataj setya marang Dewatam siung hakekate uga marnai Endah Sejati, bareng wus ma­wantu wan­tu meruhi sarana mripat rohe ma­rang aneh lan endahing racikan su­wara maneka werna gendhing gamelan laras pelog, aneh lan “endah majzi” layangan­ing Endah Hakiki sing wis nate padha diweruhi ing Alam arwah jamane Azali, psikologis banjur gremet gremet sarwa gaib roh-jasading para kadhang Jawa-Hindu kuwi “sendirinya” padha cepet cepet kelingan marang ganeping En­dah hakiki mau, yakuwi Prejanjian Ke­tuhanan lan apa kewajibane dhewe-dhewe ing kono. Nganthi wusanane mala saka insyafe pribadi padha manjing Islam.

Mangkono kuwi analisis filsafating lelakon para kadang Jawa-Hindu ing nhguni nganthi gampang padha manjing Islam. Lah saiki nyusu soal “aneh”.

Aneh, kuwi pangerten (begrib) kasatening apa sing durung nate dialami dening pancadriya, utawa apese dening dwi indriya, pangrungu lan pandheleng. Watak konsepsional gawaning Aneh kuwi: nenarik. Sing baku ditarik yakuwi, sawenehing rangken tertamtu konsep­sional gaib dhirining manungsa, sing karan: rasa pingin weruh, (nieuws­gienrigheid”.

Bandha kayaning alam samesta iya jagad raya kiyi kabeh jane rak sarwa aneh. Lah manungsa saben wong dirine padha dipaesi “Rahmaniyahe Gusti Allah nganggo rasa kasebut. Maksud konsep­sionale, supaya padha ketarik sing sarwa aneh kuwi, janjane, wewadine,dimen ka­um santri luwih akeh maneh sing pa­dha dadi Prof. Acxhamd Baikuni, Pro. Habibie, lsp,aja mung utgek liyane.  Dhawuh Dalem Gusti Allah ing Al Quran “ “Undzkuruu man dzat fissamawaatu wil ardhi” = Padga jerokna panalitining akal pamikiranira ing isen isenig langit lan bhumi.

Aneh, sifating tacikan suwara sade­ngah gendhing gamelan laras pelog ing prungon, sdakawit mung narik kawigaten lugu, sing banjur mundhak dadi gawok, terus tuwuh dadu kepareng mirengake mat-matan saben ana thuthukan ga­melan laras Pelog, malah nganthi du­nung­ing wewadine gamelan laras Aneh sing “nganyelake” kuwi. Saking katreme ing panaliti, adhakane ora mung bab “neng, ning, ning, nang”-e thok, maka mesthi ganep karo bab Piwulang Islam sing siningidake lungit ing “nang, nang, ning, nung kuwi nganthi para kadhang Jwa Hindu  panaliti kawogan kasebut padha katrem marang ayem manjing Agam Islam.

Dhawuh dalem Gusti Allah ing Al Quran ngenani prastawa sabangsane kwi, mangkene : Idzaa jaa-a masirul lahi wal fa-hu wa ra0aitannaasa yadkhuluuna fii diinilaahi afwajaa” =  Samaangsa wis teka pitulunge Gusti Allah lan kame­nangane, sira padha nonton tingkahing para manungsa padha rebut ngarep manjing Agama islam.

“Man yuridillahu an yahdiyahuu yash rah shad-rahuu lil Islam =  Sing sapa wonge dikersakake Gusti Allah antuk pituduh, dhadhane didadekake jembar demi kanggo lenggahing Islam, “wa man yurid an yudhlhillahu yaj’al shad rahuu dlhayyiqab harahaa, = lah sing sapa wonge dikersakake sasar, dhadhane didadekake rupeg asumpeg. Wallahu a’lamu bisshawaab. (Cunthel)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane