Panguripan ing Masyarakat Jin (4)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 45 kali

(Lan satemene ing antarane aku (jin) ana sing shaleh lan ana sing ora mangkono kahanane. Aku padha napaki dalan kang beda-beda) (Q.S. Jin (72) : 19)

Miturut aqidah Islam, manungsa mono mujudake makhluk kang cinipta pa­ling mulya (ahsanul  khaliqin), katimbanag makhluk liyane. Malah jejering manungsa iku luwih mulya katimbang Malaikat. Dene jin cinipta deningg Allah tanpa kamulyan. Cetha ora trep lan ora pantes manawa ma­nungsa makhluk kang mulya iku ngudi pangayoman marang jin, makhluk kang ora mulya. Dening Allah sing katetepake dadi khalifah ing planet Bumi (ing ngarca pada) iku, yaiku manungsa. Gegayudan karo babagan iku, ana pitakonan, banjur kepriye genahe (hukume), yen sing dijaluki pangayoman iku dudu jin  kafir, nanging jin Islam?

Ing babagan iki Buya Hamka (almar­hum), asung pituduhh kanthi lelandhesan Hadits loro, mangkene keterangane :

Kapisan. Riwayat Ibnu Abbas nerang­ake, manawa jin Islam iku ketemu karo ma­nungsa, jin Islam  mau mlayu nggen­dring (ngenipret). Lha yen lagi nindakake shalat, sing dadi imam shalat dudu jin, nanging manungsa. Dene sing dadi mak­mume, yaiku jin. Jin iku rumangsa sungkan marang manungsa, becik jin kafir semono uga jin Islam (mukmin).

Kapindho. Riwayat saka Qatadah, Abu al’Aliyyah, Rabi lan Ibnu Zaid,wong mau napsirake Q.S. Jin (72):6, nerangake, kra­na manungsa mau wus padha ngudi pang­ayoman marang jin, dheweke (manungsa) mau dibujuki (ditipu) dening jin iku, saeng­ga pikirane saya suwe saya runyem (ka­cau), malah saya suwe pikiran lan pera­saane wedi marang jin iku. Kanthi nyimak makna Hadits sing katur ing ndhuwur, jeje­ring manungsa makhluk kang cinipta mulya katimbang jin, malah manungsa iku luwih mulya  katimbang Malaikat, mula manawa manungsa ngudi pitulungan marang sapa bae, menyang jin kafir utawa jin Islam iku ora pantes lan nistha banget. Nyuwun  pitu­lungan lan pangayoman mung marang Allah Dzat kang Maha Kuwasa lan Maha Welas lan Asih mrang para kawulanE.

(b). Kapitayan (keyakinan) jin kafir: Ing antarane jin-jin kafir, ndarbeni kapitayan (keyakinan) sing lelawanan karo aqidah Islam. Satemene jin-jin sing kafir iku ndar­beni panduga su’udzdzan (berprasangka tidak baik), iku mau kadi dene pandugane utawa keyakinane masyarakat Makkah, sing nulak bebenere Al-Qur’anul Karim, ma­nawa Allah iku ora pisan-pisan bakal nangekake sawijining pawongann sawuse tilar donya.Utawa ora ngutus sawijining utusan Nabi, Rasul.

Saperangan manungsa ana sing ora pitaya marang bakal tumpaking dina Qiya­mat. Ora mung ing kalangan manungsa wae, ana ing kalangane jin uga ana  sing ora pitaya (mendustakan) marang bakal tumapaking dina Qiyamat. Para jin mau nduga, manawa kabar bakal tumapake dina Qiyamat iku, mung mujudake kabar sing ora bener utawa kabar ngayawara (bo­hong). Ora ana jin sing ditangekake ana ing dina Qiyamat. Aja maneh kok dita­ngekake, lha wong dina Qiyamat iku bae ora ana kok. Hiya keyakinan kang kaya mangkono iku sing diyakini  dening wong-wong kafir Makkah. Sanajan ta wong-wong mau pitaya marang Allah (keyakinan anane Allah), nanging kajaba sesembah­ane wong-wong mau marang  Allah, uga ana sesembahan liyane, kaya ta Latta, Laza lan Manat. Wong-wong mau ora pita­ya marang bakal tumpaking dina Qiyamat.

Para Mufassirin nerangake Q.S. Jin (72):7): “Satemene  wong-wong iku (jin-jin) ndabeni panduga (panyana)  kadi dene pandugane kaum ( wong-wong) kafir Makkah), manawa Allah ora pisan-pisan ba­kal nangekake (membangkitkan) sawiji­ning pawongan.” Q.S Jin (72):7). Mang­kene keterangane:

Nangekake (membangkitkan) sawiji­ning pawongan kang wus tilar donya mbe­suk, mengko ing dina Qiyamat, yaiku sa­wuse dumadi kahanan (fenomena) dina Qi­yamat. Sekabehing makhluk  urip bakal ditangekake maneh, kanggo dhadha han­dhadha (mempertanggung jawabkan) se­kabehing amal tumindake sasuwene  urip ana ing donya.  Dene ana ing kasus sing ge­gayudan karo jin iki, ana sawijining pita­konan mangkene: Lha banjur kepriye na­ngekake jin sing cetha (pancen) wus cinip­ta dening Allah minangka makhluk gaib (bangsa alus), ora ndarbeni jasad/jas­mani?

Lelandhesan (analog) karo manungsa kang wus cinipta saka lemah, dene jin kang wus cinipta dening Allah saka geni kang panas, uga bakal padha ngalami kahanan kang sababag. Sing cetha ora kok ateges jin iku ditangekake jasmanine kadi dene manungsa. Jin bakal ditangekake trep karo kwalitas ciniptane saka geni. Kabeh kang dumadi iku miturut garis utawa kuwasa­ning Allah. Genahe miturut garis utawa  ke­temtuan ilmune Allah. Lha Allah yen wus kepareng bakal ngersakakE tumraping sa­mu­barang sing muskil (yang tidak mung­kin) tamtu bakal dumadi krana Kudrat lan  Iradat Allah (kun fa yakun...). Subhanallah.

 

(5). Langit jinaga dening Malaikat.

Pangucape jin, manawa  dheweke iku ma­ngerteni samubarang sing ora dima­nger­teni dening manungsa. Carane, jin mau kulak warta adol prungon (ngupadi  pa­­warta) kang sinimpen ana langit. Pe­penginane jin mangerteni wewadi ing la­ngit iku, ana gandheng cenenge karo an­tarane jin-jin mau ana sing dadi panga­yom marang manungsa. Mula, jin-jin mau nekani alam Malakut, supaya pikoleh pa­warta kag sinimpen ana ing langit. Iku du­madi jaman semana. Lha saiki, sawuse Njeng Nabi Muhammad diutus, minangka Rasul Allah, wus ora bisa maneh jin-jin mau ngupadi pawarta (wewadi) saka la­ngit, krana langit mau wus jinaga dening Malaikat-malaikat, Jin-jin sing nyoba nye­dhak alam Malakut mau, bakal diudani pa­nah geni kang panas (meteor). Swasana kang mangkono mau trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “ Lan sateme­ne jin-jin mau wus nyoba mangerteni (we­wadi) langit, jin mau mergoki (mendapa­tinya) sing njaga (Malaikat-Malaikat) sing kuat sarta panah geni. Lan satemene jin-jin ndhisik (nalika semana) bisa mapan ana ing langit iku, ngudi ngrungokake ( pa­warta-pawarta). Nanging saiki, sok sapa bae sing nyoba ngudi keprungu (kang mangkono iku) tamtu bakal ngadhepi pa­nah geni tumrap  jin-jin sing nginceng, bakal ngobong jin-jin mau. Lan satemene jin-jin iku mangerteni (krana langit tansah jinaga), apa piala (keburukan) sing dikeparengake tumrap wong-wong ing bumi, utawa Allah kepareng ngersakake kabecikan (kebagusan) tumraping wong-wong ing bumi.” (Q.S. (72):8,9,10). 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)