Makna Filosofi Wayang Kulit (2)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 87 kali

Dadi cethane, gelar sesebutan Ki kagem dhiri pribadine kuwi…..sirik mung kanggo “nggenderani” mung sering salira saparan-paran, malah ya nadyan sajro­ning ayem tentrem ing wisma pribadi. Jer pakerti kumlebet kumlebeting gendera mono adhakane mung ginawa dening da­ya­ning maruta sing tan sepi saka mi­diting nafsu: “dumeh” sing mamrih dudu.

“Qi, sing dadi Ki, laku tansah ndedonga konseptional a la Wali janget Tinelon kuwi, jan laras karo dhawuh dalem Gusti Allah ing Al Quran mangkene : “Ud uuni astajib lakum” sira padha nyuwuna ma­rang Ingsun, Ingsun bakal nyembadani.

Sing disuwun Ki Dhalang Wayang Kulit mono jelas, yakuwi (1) kasiling pandhalange saka sadhengah kesalahan lan kekeliruan, (2) laris lan kum­buling profesi pa­dha­lang­ane, lan donga sing : “bi lisaanil maqaal” utawa “met de taal van her woord”, yakuwi ngang­go tetembungan kedaling lesan, tur maneh dirangkepi sing :”bi lisaanil haal” utawa “met de taal van het Zijn”, yakuwi sing nganggo tetembungan kanyatan, kuwi jinamin me­tu kabule, kabule do­nga, yakuwi sing karan kenikmatan. Lan sing uwis antuk kenikmatan mono, wajibe iya sukur munjuk terima kasih marang sing maringi. Gusti Allah,  malah banjur ngebang ebang, mangkene :” La-instyakartum la azidannakum”,  Jawane “Lamun yekti paring imbuh kenikmatan maneh. “Wa in kafartum, inna adzabila-syadid,” Dene lamun sira ingkar, siksan ingsun yekti kliwat abot sanggane,”.

 

Kelir

Piranti baku pakeliraning wayang kulit kuwi cetha dudu gawan saka pambesute Wayang Beber. Nanging cetha yasan anyar, kreasine para Wali Janget tinelon pribadi kanggo ngganepi barang barang baku keperluwane Wayang Kulit sing dahat wigatine.

Wayang beber mono ing dhasar rak pancen ora butuh Kelir kanggo pagela­ra­ne. Jer gulungan-gulungane saben klom­pok gambar wayang wayange, iya saben gulungan kuwi kelire Wayang Beber. Sa­ben gulungan, kuwi saka bakal mori putih kandel. Isine klompok gambar Wayang, sarwa beda banget pawujudan lan corak apadene prejengane saben siji lan sijine katimbang karo Wayang Kulit. Mung je­neng jenenge siji lan sijine thok sing sar­wa padha.

Gambar klompok wayang ing saben gulungan wayang Beber kasebut, kuwi nggambarake  adegan tertamtu saka saben lakon. Embuh adegan pejeran, apa adegan perang, utawa adegan bedag pi­kat utawa malah adegan langen asmara (pacaran). Lan endi gulungan adegan sing lagi arep nuli kocap saka lakon sing tinanggap, iya gulungan kuwi sing dijupuk, ditampilake, nuli…digelar ngadhepake arahing penonton, banjur nuli digancar­ake, apa karepe gambar klompoke kuwi. Lagu, irama gancarane lan gendhing ga­melan pengiringe, kuwi kabeh mungguh­ing pangripta iki, nadyan  winungu rame banget, nanging rinasa sepi, malah “mati” kadya “gebyare”. Wayang Beber, “an sich:  ing pagelarane. Makhlum, dhasar dudu pakulinane.

Bali marang babagan kelir, kelire Wa­yang Kulit. Pamasange barang piranti kuwi, amba dawane miring jejeg ing arah sangarep lenggahe Ki Dhalang, “tegak lurus” memper iringaning Gunung Kelir ing dhaerah Jawa Timur sing “terjale” pan­cen kepati, ewadene arane Kelir Wa­yang Kulit kuwi, babarpisan dudu “jam­bretan” saka jenenge Gunung Kelir ka­sebut. Miturut pangandikane para sepuh, Kelir, arane barang piranti baku Wayang Kulit kuwi, lair ing jaman Demak saka riptane Wali Janget Tinelon.

Kelir, arane Gunung ka­sebut lagi wae sauwise. Kala Prabu Hayamwuruk, adoh sadurunge Jaman Demak,  turne dlajah liwat dhaerah pegunungan ka­sebut. Ing kono durung ana sing karan Gunung Kelir. Dadi mbok menawa aran Gunung Kelir kuwi “nga­lap berkah” saka kelir, barang piranti baku wa­yang kulit.

Kelir tembunge arane barang piranti baku kuwi asale saka basa Arab sing demi ucapan lisan Jawa owah dadi kaya ngono. Asli Arabe “haadlir”, sing Jawane “ana”. Tembung “haadlhir” kuwi jane tugelan saka ukara “mahallul haadlhir” sing Jawane “papane ana”. Kelir ing pakeliran Wayang Kulit iku ora liya rak iya….papan anane para manungsa wayang ing marcapada. Dadi, tembung Arabe apa sing karan Kelir kuwi mau jum­buh klawan karo pigunane (fungsine) kelir,

Pigunane kelir mono, jane rangkep, yakuwi : (1) dadi ajanging Ki dhalang ang­­go­ne mayang. (2) dadi geber pemi­sah antarane penonton sing saka arah mburi karo sing saka arah ngarep paleng­gahan Ki dhalang ing buri kelir. Miturut pangandikane para winasis, iya nonton wayang saka arah ngarep palenggahane Ki dhalang ing mburi kelir kuwi, padunu­ngan a, b, c ne  Ilmu Asraar wejangane Kangjeng Sunan Kalijaga. Kaya sing uwis padha ngawuningani, Wayang Kulit kuwi media Dakwah Islam, wiyasane Wali Janget, yakuwi Kangjeng Sunan Bonang, Sunan Giri karo Kangjeng Sunan Kalijaga. Sing paling baku minangka dhasar seja­tine sing di-Dhakwah-ake, yakuwi benere ayat Al Quran :”La-in jaa-al haqqu jazahaqal baathil, innal bathila kaana zahuuqa” = Lamun sing bener iku yekti teka, banjur sing batal iku yektine mesthi kalah, jer sabenere batal iku anane pancen kalahan. Wayang kulit sakothak, genep karo kabeh maneka werna lakone, cetha, ora liya mung, ndakwahake benere ayat Al Quran kasebut. Saben pihak ing lakon apa wae sing sakawit menang, nanging jalaran ngemban perkara sing batal, wusanane iya kalah satuntase de­ning pihak sing kadunungan bener.  Kuwi kanyatan antara liya, ing lelakone Kurawa Ngastina- Brata Padhawa, Ngalengka-Pancawati,  lsp. Malah ing lakon Dewas­rani, Sang Hyang Jagadnata, ratuning para dewa, iya sing nguwasani pati uripe kabeh titah,  ora wurung iya kalah dening Wisanggeni, putune, sing kadunungan bener.

Cekak cukupe, saben lakon Wayang Kulit, iya sing endi wae, kuwi mesthi nge­mu piwulang Islam ing babagan apa wae, ekonomi, sosial apadene politik.  Guman­tung mung marang lantiping pikir,  tajem­ing panggrahita, piye niyate nonton wa­yang, apa bisa apa ora saben penontone Wayang Kulit kuwi antuk piwulang Islam sinandi lungit kasebut. Nanging kanyatan ing sejarah, para leluhur Jawa-Hindhu sing karem banget padha mriksani pake­liran Wayang Kulit iya padha antuk piwu­lang Islam sing sinandi lungit ing saben lakon apa wae. Tandha buktine ? Leluhur, para leluhur Jawa-Hindhu kuwi mau pa­dha rebut ngarep manjing Islam, awit saka kainsafan lan karsane dhewe dhewe.

Di-isyaratake, supaya antuk Piwulang Islam sinandi lungit kasebut, penontone wayang kuwi kudu saka arah mburi kelir. Sing katon saka kene, dudu wayang wu­tuh kaya sa-anane, nanging mung laya­ngan (wewayangan), kalamangsane malah mung kaya  gambar karikatur. Mitu­rut pangandikane para winasis, iya laya­ngan kuwi sing minangka dadi ngibarat “wewayangane” piwulang sinandi lungit kuwi. Lah yen karep ngerti lan ngawekani kasejatene apa lan piye sing sinandi lungit kasebut, kacekele kudu liwat panggrahita tajem, laku sirik mundur, dhedhasar niyat muhung krana Allah blaka.

Ing pakeliran, jane ora amung saben Lakon sawutuhe thok sing mesthi ngemu piwulang Islam sinandi lungit, isen isen saka Para Wali, miturut Piagem Ampel­denta ing nguni. Nanging malah ora ku­rang anane adegan tertamtu saka saben Lakon, sing ngemu Piwulang Adiluhung ter­tamtu, nanging isen-isen saka Kang­jeng Sultan Agung Hanyakrakusuma, narendra Mataram antara liya adegan ing ngisor iki karo lakoning critane :

Saben sadhengah Lakon apa wae, adhakane mesthi ana adegan Perang Kem­bang. Kuwi metune ing pakeliran adhak­ane isih sore, adoh sadurunge te­ngah wengi (bab iki yakuwi wiwit piwu­lang sinandi lungit). Perang Kembang mono, peranging Bambangan (Permadi, Abimanyu, Irawan ls) mungsuh Buta Cakil (buta prepat). Bambang nedya ngluru bapa sing durung nate disumurupi pawu­judane lan ing ngendi papan padunu­ngane. Ing tengah dalan dicegat Buta cakil, dipurih bali wae, jalaran liwat dalan larangan. Bambangan suthik minangkani. Buta Cakil ndhesek, nedya ngrodhapaksa. Banjur padha perang, adu kadigdayan, katrampilan, kawaspadan. Buta Cakil malah main keris ligan. Bambang main tangan kosong (tegese ora nyekel gega­man),  nanging tandange cekatan, nganti kongang ngrebut kerise mungsuh sing langsung diwrangkakake ing wadhuke Buta cakil temahan tumekaning pati. Bam­bang banjur nerusake laku, nganti kasil tujuwane.

Soal baku pemahamane piwulang sinandi lungit ing adegan kuwi antara liya : Saka kreasine Kangjeng Sultan Agung, tembung “bambang” kuwi cuwilane basa Arab umum sing diucapake rangkep. Tembunge Arab “syubbaan”, jarwane “angkatan mudha”. Cuwilane tembung Arab kasebut “baan” diucapake rangkep dadi “baan baan”, sing demi lesan Jawa owah dadi “bambang”. Yen dudu cuwilan tembung Arab umum “syubbaan” kase­but, iya ucapane rangkep basa Arab dadi dialek Hadharmaut sing mung sawanda, yakuwi “baa”, Jarwane “banget”, rangk­epe sing asli dadi “baa baa”,sing demi lesan Jawa iya owah dadi “bambang”.

Jeneng gabilake Arab Hadramaut an­tara liya sing kawentar ing kene yakuwi Baasalamah. Jarwane, Banget slamete, Baafaqih = Banget pintere, Baafadhol  Banget kaluwihane,  Baa’alwi = Banget luhure, lsp.

Dadi piwulang  Islam sinandi lungit ing klono mau, Jawane: Anak muda (nom noman) kudu sing banget kuwate ing tekad, ing karep, ing mental, ing watak, ing ikhlas, ing niyat krana Gusti Allah berjuang anggayuh idhamaning uripe dinganti kasembadan sawutuhe.

Perang Kembang ing kono Jawane, Harum mangambar ambar gandaning gaib perjuangan cah nom noman sing mangkono kuwi.

Metune Perang kembang isih sore, adoh sadurunge tengah wengi, jawane,  cah nom noman, perjuwangane mang­kono kuwi wiwita kalane isih nom, aja ngendhe-endhe

 Yen ngibarat mangsa uwis nyedhaki “tengah wengi”, nedhenge badan lan semangat uwis wiwit loyo.

Ganti soal Buta cakil, tembung Cakil iku basa Arab murni sing owahe mang­kono, demi ucapan lesan Jawa. “Cakil”, Arab asline “thsaqiil”,  Jawane : “abot”. Abot kuwi sifating saben rintangan. Nadyan jane cilik tur entheng bobote rintangan kuwi, nanging bisa rinasa abot dening si pengecut. Wusanane cah nom noman kaya kuwi, malah wurung tuman­dang, iya tumandang gawe apa wae, waton dudu bangsane colong-jupuk, korupsi, demi njaga mulyaning kama­nungsane.

Miturut “Sunnat Allah” (Konsep Ke­tuhanan Asli, saben gerak gerik anggayuh apa lan ing babagan apa wae, kuwi tan kena ora uwis mesthi ana pepalange. Gedhe ciike pepalang mung miturut gedhe ciliking gegayuhan. Gegayuhane pegawai cilik, gaweyane iplik, bayare mung sethithik, kuwi saben esuk mung bisa ngantor tanpa rekasa. Ewadene iya mesthi ana pepalange. Kalamangsane malah kreasine dhewe :”Anu bune, sirahku kok ndadak slengat slenget mumet, je. Njur priye prayogane ya ?. “Wangsulane sing dijaluki “pengruwat rintangan” adhakane : “Iya mrehi sik wae no, ta mas maaasss.” Pegawe kuwi, yen sida mrehi, jane morale jatuh ter­planting, nanging merga saking cubluke malah dadi seneng”.

(Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang mbisu iku “luwih becik” katimbang wong kang guneman ala.

Klik

DOLANAN JAMAN KAWURI

Isih kelingan dolanan kaya ngene iki? Mesthine ing antarane para maos kang wis ‘yuswa’ isih padha kelingan ya. Balapan ban bekas mujudake dolanan jaman kawuri. Seru, murah lan nyenengake. Yuk nostalgia kanthi dolanan nyenengake ing jaman biyen iki yuk… (d/ist)***

Pethilan

E-dagang rame, ritel konvensional rontok

Blanja mung kari klik

Pelajar perlu diajak lunga menyang museum

Aja menyang mal wae…

Sumpah Pemuda dipengeti

Indonesia siji, dudu sing liyane