Panguripan ing Masyarakat Jin (3)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 65 kali

(Lan satemene ing antarane aku (jin) ana sing shaleh lan ana sing ora mangkono kahanane. Aku padha napaki dalan kang beda-beda) (Q.S. Jin (72) : 19)

(3). Jin iku ana sing bodho.

(a). Ayat kang  wus katur ana ing ndhuwur, yaiku Q.S.Jin (72):1,2,3 iku nerangake, manawa golongan jin kag wus padha iman marang Allah, sarta ora bakal nyekuthokake Allah karo sesembahan liyane, padha bae karo manungsa. Ing kalangan jin uga ana jin sing bodho sarta ndableg. Hiya sipat kang kaya mangkono iku, jin-jin mau  ora pitaya lan ora narima pituduh-pituduh bebener saka Njeng Nabi Muhammad. Sipat-sipat angkuh lan sombong kaya sing ditindakake dening iblis, krana iblis rumangsa luwih mulya katimbang Adam. Amarga iblis cinipta saka geni kang  banget panase. Dene Adam cinipta saka lemah. Hiya amarga kesombongan iku iblis nuli diusir saka Suwarga. Hiya golongan jin karan iblis iku sing nduwa  (ingkar, mbangkang) dhawuhe Allah. Jin-jin mau ngucap kang ora lumrah, ngluwihi  wates. Contone, dheweke nduga manawa Allah iku kagungan garwa lan putra.

(b). Apa sing diucapake dening jin kaya kang katur ana ing ndhuwur iku mujudake (sebab-sebab turune) ayat kasebut. Dhawuhe Allah ing ayat kasebut mangkene maksude: “Satemene ana sawatara pawongan lanang ing antarane manungsa ngresaya (njaluk tulung) pangayoman marang sawatara jin lanang ing antarane jin. Kamangka jin-jin iku malah nambah dosa sarta kesalahan.” (Q.S. Jin (72) : 6). Asbabun nuzul ayat kang wus kasebut ing ndhuwur, miturut riwayate Ibnu Sa’ad, wus  nerangake tumindak kang duraka, mbangkang lan nduwa (ingkar) marang dhawuhe Allah. Dene jin kang wus iman (mukmin) lan nampa  bebener, bebenere pituduh-pituduh Al-Qur’anul Karim, jin jin mau husnudzdzan marang Allah saka sekabehing sekuthon (nyekuthokake marang Allah), marang liyane sesembahan. Jin Mukmin mau  ora bakal duraka lan lancang marang Allah. Jin Mukimin mau bakal  tansah tasbih (maha nucekake) marang Allah). Trep karo dhawuhe Allah, mangkene maksude: “Lan satemene aku nduga (ngira), manawa manungsa lan jin iku, pisan-pisan ora bakal ngucap tembung kang duraka  (mengingkari) marang Allah.” (Q.S. Jin (72):5).

 

(4). Pangayoman marang jin.

(a). Ana prayogane, sadurunge ngrembuk Q.S.Jin (72):6, sing magepokan karo ngresaya utawa njaluk pangayoman marang jin. Diaturake asbabun nuzul sawijining Hadits liwat Abu  Raja’ saka kalagan Bani Tamim, mangkene  critane: Aku dadi pangon (penggembala) domba sing didarbeni dening keluargane. Lha nalika Njeng Nabi Muhammad s a w wus diutus dening Allah, aku banjur misah (metu) saka lingkungan keluarga. Aku terus hingkang (melarikan diri). Sawuse aku tumapak ing tengahing segara wedhi (padang pasir), bareng wus wektu bengi, kaya padatan sing ditindakake dening pemimpin golonganku, pemimpin iku padha ngucap mangkene: Satemene aku ngresaya, njaluk tulung  supaya aku pikoleh pangayoman marang Dhanyang sing nunggu (baureksa) papan ing kene (lembah) saka reridhune (gangguan) jin wektu bengi iki. Pangon (gembala ) mau uga ngucapake sing kaya mangkono mau. Ora dinyana-nyana, dumadakan ana suwara sing diarahake (tumuju) marang pangon mau. Antara liya mangkene unine swara (gaib) mau: “Satemene sing kudu ditindakake (jalan keluar) pangon mau, yaiku ngucapake paseksen, manawa ora ana sesembahan kajaba mung Allah, Dzat Kang Maha Kuwasa, sarta satemene Nabi Muhammad iku Utusane Allah. Paseksen iku, sapa bae kang ngucapake jiwa lan raja branane slamet. Nuli pangon mau terus bali lan nggilut agama Islam. Miturut Abu Raja’, Ayat kasebut ing ndhuwur diturunake (asbabun nuzul), gegayutan karo swasana (fenomena) apa sing dialami dening pangon (penggembala) iku sarta kanca-kancane. Ayat mau yaiku Q.S. Jin (72) : 6 kasebut ing ndhuwur.

(b). Lha ing jaman modern  saiki, kok hiya isih ana bae pawongan kang ndarbeni  keyakinan kadi dene kapitayan jaman jahiliyah. Kapitayan mangkono iku antara  liya, yaiku manawa ana jin sing bisa njaga sawijining pawongan saka sekabehing kacilakan lan kapan bae, dheweke iku bisa teka. Jin dianggep  dadi khadame (pembantu) sing bakal ngabdi marang pawongan kang dieloni, tuwane Wis ora nggumunake maneh,  yen ana wong-wong sing ndarbeni kapitayan manawa dheweke jinaga dening jin, uripe bakal slamet. Goteking wong akeh, ana jin sing dadi aset, yaiku barang dagangan, dol tinuku.

Wus samesthine, kudu  dipahami lan dimangerteni, manawa tumindak kang mangkono iku, mujudake pakarti kang sasar sarta nalisir saka bebener. Miturut Al-Qur’anul Karim, pakarti ngudi pangayoman (perlindungan) marang jin iku ora kok bakal pikoleh pangayoman, nanging malah mung njalari dosa, kesusahan. Lha pangayoman kang haqiqi, iku ana ing gegemane (kuwasaning) Allah, Dzat Kang Maha Kuwasa. Hiya mung Allah  kang kepareng paring pangayoman sarta keslametan lan kabegjan, ora kok kuwasane jin. Kanthi mangkono, cetha banget yen miturut Al-Qur’an (Q.S. Jin (72) 6, kita dilarang (haram hukume) ngudi rasa ngupadi pangayoman marang jin.

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)