Makna Filosofi Wayang Kulit (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kebatinan - Dibaca: 92 kali

Ing udyana Panjebar Semangat No 49 lan No. 51 Desember 2013 kepungkur   pangripta wis nate nulis serial rerantenan kanthi sesirah “Miyak Sejarah Tumang­kare Wayang Purwa ing Pulo Jawa.” Lan isih katambah  tulisane pangripta ing PS No 21 lan No. 22 sasi Mei 2016 kang  ma­wa irah irahan “Asal Usul lan Filosofi Wa­yang Panakawan”. Lah gagasan filsafat sing pangripta aturake ing kene saiki  ga­jege uga uwis kamot ana ing tulisan ka­sebut. Ewadene ing tulisan sing saiki kiyi cetha mesthi luwih pepak  isine, turta luwih ‘jero” (mendalam) gagasan filsa­fate, lan luwih oleh kawigaten saka fihak baku sing dituju, yaiku para juru dakwah Islam kita, jer wayang kulit kuwi pancen mujudake Media Dakwah warisan dalem para Wali Jawa ing jaman Demak sing uwis kabukten ampuh banget, nganthi kondhang yen nyaranani dadi nyata benere tenan ing Jaman Jawa-Hindu kala semana. Ungele ayat Al Quran “Idzaa jaa-a nasruhlaahi wal fit-hu wa raitannaaaa fii diinillaahi afwaja” sing jarwane Sa­mangsa wis teka pitulung lan pambukane Allah Azza wa Jalla, yekti kawistara para manungsa (Jawa-Hindu) padha rebut ngarep manjing ing agamaning Gusti Allah yaiku Islam.

Gusti Allah ing Al Quran, kanthi ter­waca ndhawuhake menawa Dakwah Islam iku kudu ditindhakake bill hikmati (kanthi cara hikmah) lan kanthi Mau’i­dhatil Hassanah sarta tanggapana sapa sing ngeyel kanthi Allati Hiya Ahsan. Apa nalare kok kudu mangkono kuwi ?. Na­lare, tetelune “Hikmah” apadene Mau’i­dhatil Hassanah lan Allati Hiya Ahsan. Iki sing marakake sukses Dakwah Islam, kayadene sing wis pikantuk dening para Wali kasebut. Kamangka “Hikmah” apadene Mau’idhatil Hassanah lan Allati Hiya Ahsan. Iki, katelune pisan malah mung wujud pangerten “abstracta”, pa­ngerten “ma”nawi thok, dudu pangerten “eksakta”, kayadene pangerten 4 X 4 = 16, dadi iya ora gampang sing “abstrakta”

Lah iya Wayang Kulit karo maneka werna lakone kuwi sing “ngeksakake” pa­ngerten “hikmah”, apadene Mau’idhatil Hassanah lan Allati Hiya Ahsan. Kuwi. Mula mendhah kaya ngapa begjane Dak­wah Islam ing negara kita iki, yen para juru Dakwah kita padha wani necep ilmu dakwah wejangane para Wali sing se­mim­pen ing Seni Budaya Wayang Kulit kita, riptane para Wali dhuk rikala semana.

Muktamar Muhammadiyah ing taun taun kawitan laire Republik Indonesia  tau migunakake pakeliran Wayang Kulit ing Sasana Hinggi Dwi Abad Ngayogyakarta, nadyan tanpa pesindhen. Gajege, dimen ora ana Muktamirin sing isih lemah imane banjur padha laku lekoh.

 

Dhalang

Tembung “pagelaran” kanggo tonto­nan Wayang Kulit kuwi janjane ora ma­thuk babar blas. Mung dhapur ngelingake wae, menawa asale Wayang Kulit iku yektine besutan saka Wayang beber. Wu­jude Wayang beber iku gulungan-gulu­ngan mori putih (lawon) kandel, isi gam­bar gambar klompok sing ngisahakake adegan adegan tertamtu. Adegan je­jeran, apa adegan pirembugan (dialog), utawa adegan perang, adegan pepasi­han, adegan banyolan lan sapiturute. Saben sagulung kasebut, isi sak adegan tertamtu saka Lakon sing lagi dimainake tur tiba gili­rane ditampilake, yaiku gulungan sing dijupuk lan gelar ing sangarepe pe­nonton lan ginancarakake apa teges lan karepe gambar klompok ing gulungan ka­sebut. Lah iya saka kono kuwi asal mu­labukane jeneng Wayang Beber, wayang gulungan digelar utawa dibeberake.

Wayang kulit jelas ora butuhake di­gelar ngono kuwi, hawong pancen dudu wayang gulungan morigulungan. Mula tembung “pagelaran” kanggo tontonan Wayang Kulit kuwi pancen kurang trep lan babar pisan ora mathuk. Mathuke yakuwi kanthi tembung “pakeliran”. Mi­turut pangandhikane para pinisepuh, Ki Dhalang panjang Mas, dhalang Kraton jaman Sultan Agung Hanyakrakusuma ngastha peprintahan ing praja Mataram islam iya ora ngagem istilah “pagelaran”, nanging “pakeliran”. Malah pengageme kuwi ora mung wewaton rehdene tonto­nan Wayang Kulit kuwi pancen mesthi mi­gunakake barang piranti baku sing karan “kelir”, nanging malah rehdene tembung “kelir” kuwi nyingidake wejangan Ilmu Adiluhung saka pangriptane, yakuwiWali janget Tinelon )Kangjeng Sunan Bonang, Sunan Giri lan kangjeng Sunan Kalijaga). Ilmu adiluhung piridan saka Al Quran lan As Sunah, kaya sing bakal kasebut ing anharan iki mengko.

Bali marang soal piranti baku pakeliran Wayang Kulit kang karan Dhalang. Miturut katrangan katrangan ing antarane saka Ida Padanda Made Kamenuh kang dhuk rikala semana ngasta minangka Sesepuh Paruman Para Pedhanda seluruh Bali lan Lombok), Ida Pedhande Gde ngejung (Se­sepuh Agama Hindu bali ing Singaraja) lan Anak Agung Ayu candra Watri (putri raja Karangasem) rikala taun 1954-an ing Denpasar, sing mainake Wayang Beber kuwi ing kunane karan Mpu. Tegese, wong sing winasis lan suci budi pakertine. Nanging ing jaman saiki, uwi katut owah sajake dadi sebutan “Dhalang” uga. Lah Anak Agung Ayu candra Wati ngajap “muga muga owahe sebutan Mpu dadi dhalang kuwi, ora ngowahi nilai kebatinan sejatine kan karan Mpu, yakuwi para wi­nasis lan suci, kanthi owah dadi kosok­balen.

Dhalang, tembung sbutan iki, miturut panemune pihak Jawatan Kebudayaan Indonesia ing Yogyakarta, kang rikala semana Ibukota republik Indonesia ka­lenggahane ana ing kana, iku asale saka tembung “weDal wuLANG”, dadi keplok karo kanyatane Wayang Purwa iku dadi sarana mulangake isining Weda, isi sawutuhe.

“Purwa”, jenenge Wayang kasebut, iku asale saka tembung ‘purwa: araning bageyan bageyan utawa peprincen isining Weda. Lan kayadene sing usih pada ka­wuningan, pawujudane Wayang Purwa iku,uwis wiwit dhek jaman Demak ana rong werna : yaiku Wayang Beber lan Wa­yang Kulit. Anggepe pihak jawatan Kebudayaan Indonesia kaya sing kasebut kuwi, mbok menawa bener, mung yen Wayange Purwa kuwi Wayang Beber sing pancen seni budaya Jawa-Hindu. Pigu­nane Wayang beber sing pancen mi­nangka piranti kanggo mulangake isining Weda. Nanging kaya kang uwis kasebut ing ngarep mau, sebutan asal kunane oknum sing mainake Wayang Beber kuwi sekawit rak Mpu utawa apa liyane. Dene banjur kasebutan Dhalang, kuwi rak mung saka ombyaking donyaning pe­nonton, sing sajak karep modernisasek­ake Wayang Beber, yakuwi supaya oknum sing mainake Wayang Beber leren ka­sebutan Mpu, perlu salin Dhalang se­butane.

Lah yen Dhalang Wayang Kulit tem­bung sebutan Dhalang kuwi asale dudu saka tembung jarwadhosok saka  “kaDHAL – lan waLANG” ning asale  saka basa Arab : “dalla” sing tegese nuduhake, asung pituduh tuduh tuduh. Tembung “dalla” kuwi asale saka  Hadish Nabi SAW sing shahih :” Man dalla’a alal khoir kaq-faa Illahi” sing tehese “Sapa wae sing nuduh­ake (asung pituduh, tuduh tuduh) laku kebecikan, ganjarane padha kao wong sing nglakoni kabecikan iku.

Perkara owahe “dalla” dadi “dhallang”, kuwi mung saka pakulinan gawane lesan Jawa yen ngucapake basa manca. Arane wong Landa (Storenbeker- sawenehing penggedhe ing Yogyakarta biyen) dening ucapan lesane priyanyi Jawa dadi Setro­beko. yen “Van Bevervoorde” owah dadi Kang Bimokurda. Ana ing sawijining ka­rang padesan wewengkon Tuban, ukara basa Arab “Kullu binafsih” owah dadi “kunthul baris”. Ukara makrifat:”Laa khaulla wa laa quw wata illaa billah” ana ing Tanah Jawa salin dadi “Wala wala kuwata”. Dadi cekak cukupe “dalla” owah dadi “dhalang”, kuwi bisa dimaklumi.

Fungsi konsepsional bakune Dhalang Wayang Kulit kuwi pancen dadi : juru Nu­duhake, Juru Asung Pituduh, Juru Tuduh Tuduh, yakuwi : (1) marang benere Piwu­lang Agama islam, (2) Mrang benere isi Al Quran, (3) marang benere piwulang ta­ta­ krama, tata susila, tata ekonomi, tata negara, tata unggah ungguh, tata­brata lsp, piwulang Agama Islam kabeh ajaraning Al Quran lan Al Haditz apadene Aqwaalul Ulama (pengendikane para ulama) sing ing kono kabeh kuwi Wayang Kulit kanggo dadi mediane,pirantine. Piranti ngiprahake wayang wayange ing pakeliran miturut lakon-lakone sing sarwa keplok karo hamacarakaning Pakeme dhewe-dhewe. Lan sing “conditio sine qua non” mesthi ngemu piwulang islam, ima’awami (tataran umum), apa “wasa­thi” (tataran tengah), utawa “aalii” (tata­ran luhur). Dadi cetha banget, babar pi­san ora entheng tanggungjawabe Dha­lang ing karya profesine.

Saben makarya, sikile sing siji prasasat mancik jejakaning kori swarga, nanging sing sijine mancik ing lambene naraka. Yen nganti salah apa klire pandhalange, dadi iya salah apa kliru pituduhe marang kabecikan, ego marang benere piwulang agama Islam lsp sikile sing mancik jejakaning kori Swarga kon­tan pindah mancik marang lambene naraka., banjur sakarone bareng ceblok ing sajroning naraka Jahanam.

Awid saka kuwi Wali Janget Tinelon maringi Dhalang Aji Tulak Balak saing kudu rinasuk lestari nadyan sajroning nendra apadene perlu ing mburi (toilet). Aji tulak balak kuwi, yaiku sing awujud Gelar sebuytane “Qi”, cara Jawane “Ki:. Tembung saeka wanda iki dudu gempilan saka tembung “kiyahi”, apa “kyahi”, na­nging pancen jan tembung mung sawan­da kuwi.

Tembung :kiyahi” apa “Kyahi” kuwi asale saka basa China-Hokyan. Fa Hin sawenenhing “saa-ih” (Arab, Jawane plan­cong) ingh jaman peralihan Majapahit-Demak, yeen nyebut Wiku, apa Biksu, apa wali kui padha wae nganggo tembung “Kyahi”, Jawane :Plancong mrana mrene (prelune, mulangake aja­ran agamane) ana ing kana kene dikur­mati masyarakat setempat. Malah keda­luwarsa nganti sepren, sapawonge sing nyandhang gelar sebutan Kiyahi, ing ka­nakanane adhakan dikurmati masyarakat, mala ora kurang sing nyucup astane yen padha sesalaman.

Soale apa, “Kiyahi”, tembung Gelaring Ulama islam, kuwi apa sale saka “kyahi” tembunge Fa Hin ing jaman peralihan Majapahit-Demak biyen banget kae, Wallahu a’lamu bisshawaab. Miturut sawenehe pakar budaya, mratelakake menawa tembung gelar “Kiyahi” ageming para Ulama kitakuwi, asale saka ukara donga basa Arab :”Qi yaa Hu, sing jarwane Kula mugi kareksa-a Duh Gusti Allah,”.

“Q” sing Jawane “Ki” kuwi asal basa Arabe kalebu jinis “du’a-iyyaton”, bang­sane donga, Jawane “nyuwun kareksa dening Gusti Allah saka apa wae sing sar­wa ngrusak,” kaya ta : siksa naraka, mak­siat gedhen, lsp sing mesthi pituduh ma­rang kabecikan, marang benere piwulang Agama Islam lsp, sing mesthi mahanani silakane para sing antuk pituduh salah kuwi. “Q”kuwilarase kuwi donga ing Al Quran ing antarane mangkene :”wa qi-naa ‘adzaaban naar” . Jawane : “Lan mugi kula kareksa saking siksa naraka”,.

Mula cetha banget dadine, Wali Janget Tinelon maringi Dhalang Wayang Kulit : mligi Gelar sebutan Qi sing Jawane kuwi Ki iku maksude ora liya murih “Dhalang Wayang Kulit karo sawutuh dirine sing banjur wenang asesebutan               Ki Dha­lang, awan pantara ratri tan kendhat nde­donga marang Gusti Allah, mugi kina- lisna pandhalange saka ca-cad mung­guhing Gustui Allah apadene masya­rakat”.

(Ana Candhake)

 

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)