Panguripan ing Masyarakat Jin (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 57 kali

(Lan satemene ing antarane aku (jin) ana sing shaleh lan ana sing ora mangkono kahanane. Aku padha napaki dalan kang beda-beda) (Q.S. Jin (72) : 19)

1. PAMGERTEN :

Hakekat makhluk Allah kang karan jin miturut Al-Qur’an lan Hadits. Gotekingakeh ana ing tengahing masyarakat werna-werna. Antara liya ana jin sing dikendhaleni dening manungsa, bisa dikongkon apa bae, bisa dikongkon nindakake apa bae, sing dadi pepenginane manungsa sing aweh parintah. Upamane majikane iku ke­pengin marang sawijining wong iku supaya cilaka, bisa nindakake apa kang dikarep­ake dening majikane. Lha yen diperintah nja­ga sawijining pawongan supaya aman, jin mau bakal ngudi supaya pawongan sing dijaga mau aman. Jin uga ndarbeni pawes­tri (istri) saka golongane (bangsa) ma­nung­sa. Krana kekancan karo jin bisa dadi wong sing sugih mblegedhu.

Ana crita sig kondhang (ing seribu satu malam), yaiku critane jin ifrit. Jin mau wus  dikunjara ana  ing sajeroning guci maewu-ewu taun. Ing sawijining wektu, guci mau ditemokake dening nelayan miskin. Lha na­likane nelayan mau mbukak guci sing dite­mokake, jin mau metu. Banjur  pitakon ma­rang nelayan mau arep njaluk apa bae bakal dituruti penjaluke. Nelayan miskin kasebut kepengin dadi wong sing sugih mblegedhu. Wusana nelayan miskin iki be­ner-bener dadi wong sing sugih banget. Crita kang kaya mangkono mau akeh su­mebar ana ing tengahing masyarakat. Ka­beh crita kaya kang katur ana ing dhuwur iku ora ana dhasare (ora ana dalile). Lha yen kita nganti pitaya, manawa jin iku bias nekakake kacilakan utawa  keslametan, kapitayan kang kaya mangkono mau hu­kume syirik. Ora ana daya lan upaya, kaja­ba kabeh mau ana ing gegemaning (ke­kuasaning) Allah.

Kanthi mangkono, jin iku bangsane makhluk apa? Jin  mujudake makhluk alus sing cinipta dening Allah saka geni sing panas. Jin iku kalebu makhluk gaib kang cinipta sarta pinaringan kanugrahan de­ning Allah, akal sarta nafsu kaya dene ma­nungsa. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude:

(a). Lan Ingsun wus nyipta jin sadu­runge (Adam) saka geni kang panas ba­nget (QS.Al-Hijr (15):27); b).”Lan Ingsun wus kepareng nyipta jin iku saka ubaling (nyala) geni”. (Q S.Ar-Rahman (55)15).

Kekarone ayat kang  katur ana ing ndhu­wur, iku bisa dimangerteni lan dipahami, manawa jin  cinipta dening Allah saka geni kang panas banget, kang sinebut ana ing Al-Qur’anul  Karim kanthi istilah: “min nar as’samun lan min marijin  min nar”. Geni  mo­no mujudake materi ngandhut eter, sa­engga bisa entheng banget. Mula saka iku, tumraping jin ora winates dumunung ana ing ngendi bae. Kanthi mangkono  setan (jin kang kufur) iku ora kalebu ana ing tata­ran (konsep) ruwang lan  wektu. Kaya de­ne sing didarbeni dening makhluk materi. Ana sawijing hadits sing diriwayake dening Imam Muslim, saka Aisyah r.a. Njeng Nabi Muhammad s a w paring dhawuh, sing mak­sude mangkene:

Malaikat cinipta dening Allah saka cah­ya, Iblis cinipta saka geni kang panas ba­nget. Dene manungsa cinipta saka apa kang wus sinebutake marang sira iku (saka lemah). Ana ing panci (wadhah) kang umob, saengga isine mbludag ,nuli tuwuh (muncul) sipate sing khianat” (HR/Muslim).

Hadits kang katur ing ndhuwur ne­rang­ake, manawa iblis, yaiku jin kang wus tu­mindak duraka marang Allah, bisa dima­ngerteni, manawa iblis iku hakekate, jin sing ora ta’at, ora gelem manut narang dha­wuhe Allah. Utawa jin kang wus kafir. Trep karo dhawuhe Allah, mangkene mak­sude: “Lan elinga nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat. Sira kabeh padha su­juda (asung pakurmatan) marang Adam. Nuli kabeh Malaikat padha sujud, kajaba iblis. Iblis iku saka golongane jin, dheweke duraka marag dhawuhe Allah, Pa­ngerane. Apa hiya pantes sira kabeh nganggep dheweke (iblis iku) sarta anak turune minangka pemimpin saliyaning Ing­sun? Dene iblis iku satemene dadi mungsuh sira kabeh. Cetha ala banget iblis iku mi­nangka gantine (saka Allah) tumrap wong-wong kang dzalim.” (Q.S. Al Kahfi (18):50).

Iblis kinaran (peparap) setan. Setan iku hakekate uga saka golongan jin sing duraka marang Allah. Minangka makhluk kang gaib, jin iku ora bisa dinulu (dideleng) marang wangun asline. Uga padha karo ma­nungsa, ora wujud lemah maneh. Se­-mo­no uga jin kang cinipta saka geni kang panas iku, ora awujud geni maneh. Dene wujud asline mung Allah Kang Maha Uninga. Mula saka iku jin ora bisa dideleng (dinulu) dening manungsa. Suwalike, ma­nawa jin bisa ndulu (ndeleng) marang ma­nungsa. Trep karo dhawuhe Allah, mang­kene maksude :

He Anak Adam! Aja pisan-pisan sira bisa dibujuk (diapusi) dening setan, kaya dene dheweke wus ngetokake kekarone wong tuwanira loro saka Suwarga. Iku dhe­weke njalari nglukari sandhangan keka­rone, kanggo ngatonake aurat kekarone. Satemene setan dalah anak keturunane, ndulu marang sira saka ing sawijining pa­pan, sing sira ora bisa ndulu marag setan (jin kang duraka) iku. Satemene Ingsun wus ndadekake setan-setan iku pemimpin tumraping wong-wong kang ora iman.” (Q.S. Al-A’raf (7):27).

Ayat kang katur ing ndhuwur iku, para ahli tafsir (mufassir) rada beda anggone ma­ngerteni. Hakekate jin iku pancen ora bisa dinulu. Nanging, manawa Allah ke­pareng ngatonake  awake jin iku, saengga bisa dinulu. Babagan iki mung bisa dumadi nalika jaman Njeng  Nabi Muhammad saw. Iki mujudake bukti saka kenabian pan­jenengane.

Imam Ibnu al-Jauzi nerangake sawiji­ning Hadits sarta nyritakake: “Sawijining wektu dheweke ana ning tlatah (kawasan) kaum Ad. Dumadakan dheweke ndulu sa­wijining kutha, sing ginawe saka watu kang diukir (dibolongi) Ing tengahe ana ge­dhong sing dipanggoni dening jin. Nuli dheweke ketemu karo sawijining jin sing wus tuwa, katon awake gedhe. Jin mau lagi shalat ngadhep qiblat. Jin mau ma­nganggo jubah (ghamis) saka wulu kang endahing werna. Nuli dheweke uluk salam marang jin mau. Uga diwales salame. Nuli jin kasebut ngucap, he Sahal! Jasad iki ora bisa ngrusak jubah iki. Lha sing bisa ngrusak, yaiku ambu-ambu dosa lan pa­nga­nan sing haram. Jubah iki wus dak enggo watara 700 taunan kepungkur. Kanthi jubah iki, jin mau bisa ketemu karo Nabi Musa  sarta  Njeng Nabi  Muhammad saw. Sahal nuli pitakon marang jin iki. Sapa  ta satemene awakmu iku? Jin iki wangsu­lan, manawa dheweke iku kalebu ewoning jin sing ana ing ayat iki. Rong ayat sing migunakake tembung jin, yaiku Q.S. An-Naml (27):10. Lan QS Al-Qashash (28) : 31), sing nyebut tekane nabi Musa a.s.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)