Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (10-Tamat)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 62 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

Ing babagan iki (kenabiane Muham­mad), Allah kepareng paring dhawuh, mangkene maksude: “Lan elinga nalika Allah mundhut perjanjian kalawan para Nabi, sanyata apa wae kang Ingsun pari­ngake marang sira awujud Kitab lan Hik­mah. Banjur nekani marang sira Utusan kang mbenerake (marang) kitab ceceke­lanira, mesthi sira bakal iman temenan marang dheweke lan mitulungi. Dhawuhe Allah: “Apa sira wus padha nyanggemi lan wus padha nampa (marang) perjanjian Ingsun tumrap kang mangkono mau? Dhe­weke nuli munjuk atur: Kita sampun sami nyanggemi . Allah tumuli dhawuh maneh: Sira padha nyeksenana, He para Nabi . Ingsun kalawan sira dadi seksi.” (Q.S. Ali Imran (3):81). Ewa dene (tumraping) sapa sing padha mlengos sawuse mangkono iku, hiya iku wong kang padha duraka.” (Q.S. Ali Imran (3):82).

Gegandhengan karo makna kang ki­nan­dhut  ing ayat kasebut, Al’Bukhari sarta Ulama liyane saka Ibnu Abbas nerangake, manawa Gusti Allah ora ngutus sawijining Nabi, kajaba Allah netepake perjanjen saka Panjenengane, manawa Muhammad diutus ing dalem swasana isih sugeng, mula wong-wong mau kudu iman marang Njeng Nabi, ta’at sarta nyengkuyung ma­rang panjenengane. Kajaba saka iku, para Ulama mbiwarakake, manawa karamahe para Wali iku, uga mujudake mukjizat tum­rap­ing para Nabi. Karamahe para Wali kasebut, amarga para Wali tansah ta’at lan nindakake pituduh-pituduhe  Nabi, sarta karamah iku mujudake piwales krana para Wali padha iman marang Njeng  Nabi.

 

7. MUKJIZAT NABI NUH A.S.

Nalika semana sak durunge wong kafir Makkah, kaum Nabi Nuh wus tau maido, nggorohake marang  Nabi kawulanIngsun. Pangucape, Nuh iku wong kang owah. “Kaum Nabi Nuh mau nundhung lan ngan­cam kawulanIngsun. Nabi Nuh banjur  munjukake donga marang ngarsaning Pa­ngerane, kawula punika tansah dipun ka­wonaken. Mugi Paduka kepareng paring pitulungan, Ya Allah. Ingsun banjur mbu­kakake lawanging Langit, nggrujugake ba­nyu sok-sokan. Lan akeh sumber-sumber ing bumi padha Ingsun bedhah. Ing wusana sekarone banyu saka langit lan bumi, tem­puh dadi siji. Nganakake siksaning Allah kang wus pinesthi. Nuh Ingsun tunggang­ake ing perahu kang saka blabag kang kan­thi dipantek. Sekabehing perahu tansah ana ing pengawasanIngsun, lan siksa kang kaya mangkono iku dadi piwalese wong-wong kafir. Lan perahu mau Ingsun temtok­ake dadi tandha piwulang, sapa bae kang gelem nurut, becik padha ngalapa pitu­duh.” (Q.S. Al-Qomar (54):9-15).

Lelandhesan karo ayat kang katur ing ndhuwur bisa dimangerteni, manawa Nabi Nuh nyuwun marang  ngarsaning Allah, Pa­ngerane (munjukake donga), ing pang­angkah supaya umate dadi sirna (binasa). Allah banjur (kepareng) paring keslametan (nylametake) bebarengan wong-wong Mukimin, sing tansah ta’at lan ngestokake pituduh-pituduh saka  Nabi Musa, saengga ora ana sawijia ing antarane wong-wong Mukmin sing sirna. Allah kepareng mble­dhesake (ngeremake) wong-wong kafir sing padha nduwa (ingkar), saengga ora ana siji-sijia tumraping wong-wong kafir mau (sing slamet), kalebu Kan’am (putra­ne) Nabi Nuh.

Mukjizat-mukjizat uga kaparingake ma­rang para Nabi lan utusaning Allah, yaiku marang Nabi HUd, Nabi Shaleh, Nabi Ibrahim Kalilillah, Nabi Musa, Nabi Sulai­man, Nabi Idris, Nabi Daud, lan Nabi Isa putra Mariyam. Kabeh mukjizat mau mi­nang­ka dadi pikukuh Kenabian lan Rasul (utu­san) Allah.

Wusanane, sawuse kita nyimak ketera­ngan-keterangan kang katur ing ndhuwur, sing gegayudan karo karakter lan mukjizate Rasulullah dalah para Nabi lan Utusan Allah, bisa dimangerteni lan dipahami, ma­nawa para Nabi lan Utusan Allah iku ndar­beni jejibahan nuntun umat manungsa, manembah marang ngarsaning Allah Zat Kang Maha Esa, ora mangro tingal/syirik. (Q.S. Al-Ikhlas (112):1-4).

Rasululah saw. diutus dening Allah iku minangka dadi rahmating Alam Semesta. (Q.S. Al-Anbiyaa (21): 107), sarta nuntun kanggo nyampurnakake akhlak kang mul­ya (Akhlaqul kariamah), (Al Hadits shaleh). Gegandhengan karo babagan kasebut, kita wajib nuladhani akhlak (karaker) Njeng Nabi Muhammad saw. (Innii bu’itstu li utam­mima makaarimal akhlaaqi). Mang­ke­ne jlentrehe: Hadist sing diriwayatake dening Turmudzy antara liya nerangake, manawa Rasulullah paring dhawuh sing mak­sude mangkene: Apa sira kabeh padha gelem dak paringi kabar, manawa geni Ne­raka ora bakal tumama marang pawongan kang nindakake patang  perkara. Para Sa­habat munjuk atur sendika dhawuh. Per­kara papat mau, yaiku:

a). Hayyin (tenang lan wibawa), lahir lan batine. Ora grusa-grusu lamun arep nin­dakake samubarang, kebak tetimba­ngan sarta nyadhong ridlaning Allah.

b). Layyin (alus ing bebuden).  Makna­ne, budi pekertine alus (lemah lembut), nalika paring pangandikan. Apa kang ditin­dakake tansah tinuntun dening Allah, dadi paugeran (hukum) tumraping umate. Apa sing didhawuhake tansah diestokake. Dene samubarang kang dilarang, dicegah, ora bakal ditindakake.

c). Qarib (gati). Gati, akrab banget yen diajak ngendikan, nyenengake tumrap pa­wo­ngan kang ngajak ngendikan. Ulat kang sumeh manawa ketemu karo wong sarta pasuryane sumringah (berseri-seri). Ngresepake yen dinulu ing pandulu.

d). Sahl (gampang). Ora nate agawe  susahing liyan. Ora agawe perkara sing gam­pang dadi angel. Paring pituduh  ma­rang pawongan kang nyuwun priksa, yen  ngadhepi samubarang kang ruwet.

e). Romantis, sikepe marang garwa. Manawa nimbali garwane ora nyebut as­ma­ne, nanging mawa ungkapan kang ro­mantis. Upamane yen nimbali garwane “Ya humaira”! (wahai sayangku!) Utawa yen wong Jawa” He Dhi ajeng garwane pun kakang sing manis!).

f). Sugih ing pangapura (jembar dha­dhane). Sawijining riwayat nerangake, nali­ka semana Njeng Nabi lagi istirahat ana ing sangisore wit. Dumadakan Daktsur, pen­dekar musyrik teka nggawa pedhang lan sesumbar marang Njeng Nabi. He Muham­mad, sapa sing bisa nylametake awakmu. Nuli Njeng Nabi ngendika, yen panjeneng­ane ora bisa nylametake sarirane, nanging sing bisa nylametake yaiku Allah Dzat Kang Maha Kuwasa. Sak kala Daktsur sing se­sumbare kumawani, dadi ciyut kekende­la­ne, gregeli lan pedhange tumiba. Njeng nabi banjur enggal nyaut pedhange Dak­tsur, sarta ngendika: He Daktsur, saiki sapa sing bisa nylamtetake awakmu? Daktsur banjur matur yen sing bisa nylametake awake yai­ku Njeng Nabi Muhamad. Njeng Nabi ke­pareng paring pangapura kanthi dongane: “Dhuh Gusti Allah sesembahan­ing para ka­wula, mugi Paduka paring pa­ngapura, kra­na piyambakipun mboten ma­ngertosi”. Wu­sana Daktsur banjur nggilut gama Islam.

g). Amanah. Rasulullah paring amanah (tausiyah) marang umate, sing maksude; manawa panjenegane paring amanah ma­rang umate, yaiku ninggalake rong perka­ra. Lamun umate bisa kukuh gegebengan marang perkara loro iki, insya Allah, bakal slamet donya trusing akhirat, yaiku Al-Qur’anul Karim lan Hadits Rasulullah.

Mangkono tuladha lan akhlaqul karimah (karakter) Njeng Nabi sing perlu kita tuladhani kanggo nggayuh kamulya­ning urip ing donya lan ing akhirat.

Mawer­na sumber (rujukan).

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)