Akhlaqul Karimah Sarta Mukjizat Rasulullah (9)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Agama Islam - Dibaca: 55 kali

(Lan Ingsun ora ngutus marang sira (Muhammad), kajaba dadi rahmat marang Jagad Raya). (Q.S. Al-Anbiyaa (21) : 107)

5. PIKUKUH KENABIAN, SING GEGAYUTAN KARO KEWAN.

a). Riwayat Imam Ahmad saka Anas bin Malik nerangake, ana sawijining kula­warga saka kaum Anshor sing ndarbeni unta, sing digunakake ngangkut banyu kanggo nyirami kurma ing kebon. Unta iku angel banget dikendhaleni lan ora gelem ditumpaki. Pawongan Anshor mau banjur sowan ing ngarsane Njeng Nabi sarta ma­tur kanthi prasaja, manawa unta sing di­darbeni kanggo nyirami kebon kurmane iku angel banget dikendhaleni, ora kaya adat padinane. Kamangka wit kurma iku katon arep garing. Rasulullah banjur dha­wuh, supaya wong-wong padha ngadeg. Rasulullah banjur mlebu menyang kebon kurma. Pawongan sing darbe kurma mau matur, manawa unta mau dadi galak, pin­dha galake asu ajag. Pawongan mau ku­watir manawa unta mau nyurung Njeng Nabi. Nalika unta kasebut mangerteni Njeng Nabi nyedhak, banjur nungkul, njengku sujud ing ngarsane Njeng Nabi. Njeng Nabi nuli ngelus-elus mbun-mbun­ane unta mau, dadi manut. Para sahabat padha matur marang Njeng Nabi, manawa unta iku ora nduweni akal, nanging lha kok unta mau sujud ana ing ngarsane Rasulullah.

Dene para sahabat iku manungsa kang ndarbeni akal, mesthine luwih ndarbeni hak sujud marang panjenengan. Rasulullah nuli dhawuh marang para sahabat, mang­kene maksude:

Ora kena manungsa sujud marang ma­nungsa liyane. Saupama manungsa iku kepareng sujud marang manungsa liyane, tamtu aku bakal paring prentah marang pawongan wadon supaya sujud marang rabine (suaminya). Iku krana gedhene hak rabine (suaminya) marang bojone. Sau­pa­ma rabine duwe  tatu saka sikil nganti tumekeng sirahe, mili nanah lan getih, nuli bojone (istrinya) ngarasi lan ndilati, kaha­nan (peri laku) kang mangkono iku durung nyukupi sekabehing hak rabine (suami­nya).” (Sanade hadits iki bagus. Mangkono Nasai ngriwayatake).

Imam Ahmad ngriwayatake, manawa sawijining wektu ana asu ajag sing nyolong wedhuse wong  Baduwi. Pawongan mau nggoleki wedhuse lan ketemu, nuli ngrebut wedhuse mau saka cengkeremane asu ajag. Asu ajag mau nglungguhi buntute karo kopat-kapit, nuli celathu marang Ba­duwi mau ujare:

He Baduwi, kowe apa ora wedi marang Allah, krana kowe wus ngrebut rejeki sing wus diparingake marang aku. Baduwi (peng­gembala) sing darbe wedhus mau ngucap: Lha kok aneh ana kewan (asu ajag) sing nglungguhi buntute iku kok bisa wicara marang aku, kaya dene manungsa umume. Asu ajag mau ngucap maneh: Apa gelem kowe dak wenehi weruh ing sa­mubarang sing luwih ajaib (ngedab-edabi) katimbang iku mau? Satemene Njeng Nabi Muhammad saiki ana ing Yasrib lagi sesorah, ngendikakake samubarang kang dumadi sadurunge (dahulu). Abu Said Al’Hudri nerusake. Wusana Baduwi mau enggal-enggal nggiring wedhuse bali menyang Madinah, nuli sowan marang ngarsane Rasulullah lan ngaturake samu­barang kang dumadi, sing dialami dening Baduwi mau.

Rasulullah nuli paring dhawuh marang para sahabat, supaya wong-wong dikum­pulake shalat jama’ah. Bareng wong-wong mau wus ngumpul, Rasulullah nuli paring dhawuh marang Baduwi mau nyritakake apa sing dialami. Sawuse Baduwi mau nyritakake kedadeyan sing wus dialami mau, Rasulullah banjur paring dhawuh, mangkene maksude:

“Dheweke (Baduwi) mau  bener (apa sing dialami iku bener). Demi jiwa Nabi Muhammad ana ing genggemane astanE (kekuasaanE), Qiyamat ora bakal dumadi (tumapak), saengga kewan galak bisa wi­cara marang manungsa. Tali pecut sarta tali sandhal sawijining pawongan bisa wicara marang sing nduweni (pemiliknya), sarta pupune (manungsa) bisa aweh we­ruh marang apa sing ditindakake dening sisihane (istrinya), nalika dheweke ora ana ing omah.” (Hadits shaheh, perawine uta­wa sanade tsiqah, bisa dipercaya lan adil).

Hadits kasebut kagolong shaheh mitu­rut Turmudzy). Kajaba saka iku Hadits Abu Hurairan lan Anas bi Malik uga ngriwaya­take fenomena kasebut mawa matan (re­daksi) kang beda, nanging maksude pa­dha.

 

6. MUKJIZAT RASULULLAH.

Sing dimaksud Mukjizat, yaiku kahanan kang agung (luar biasa) sing wus diparing­ake dening Allah marang  para Nabi, mi­nangka pikukuh utawa pawadan (motivasi) keimanan tumrap wong kang ndarbeni pi­kiran sing wening sarta Magerteni (pema­haman sing maton). Dene Mukjizat sing dikhususake tumraping Para Nabi, sing ora didarbeni dening sadurunge Nabi Muham­mad, yaiku Al-Qur’anul Karim, diturunake (nuzul Qur’an) saka ngarsaning Allah kang Maha Wicaksana lan Maha Pinuji, krana Al-Qur’an iku mujudake Mukjizat kang langgeng (abadi). Bangsa jin lan manung­sa ditantang, nekakake samubarang sing bisa madhani (serupa) Al-Qur’an, sepuluh Surat utawa sak Surat sing madhani karo Al-Qur’anul Karim. Manungsa lan jin ora bakal bisa. Abu Hurairah ngriwayatake saka Rasulullah, mangkene maksude: Ora ana sawijining Nabi kajaba dheweke pi­naringan mukjizat, sing ora bisa dipadhani dening sapa bae, saengga makhluq sing karan manungsa padha iman marang Allah Dzat Kang Maha Kuwasa lan Maha Wicaksana sarta Maha Pinuji. Nanging sing diparingake marang Njeng Nabi Muham­mad, yaiku wahyu, Allah kepareng paring wahyu marang  Njeng Nabi (Rasulullah), saengga Njeng Nabi kagungan penggalih paling akeh umate antarane para Nabi ing dina Qiyamat mengko. (HR. Mutafgaq ‘alaihi).

Makna Hadits kang katur ana ing ndhu­wur nerangake, manawa saben utusan (Na­bi) pinaringan mukjizat, bisa asung mo­tivasi keimanan tumrap pawongan kang ndulu, ing dalem swasana ndarbeni pikiran kang wening sarta ngerti lan mahami kan­thi maton. 

Mukjizate Njeng Nabi Muhammad iku awujud Al-Qur’anul Karim, minangka wah­yu sing diturunake marang Njeng Nabi Mu­hammad. Al-Qur’an iku ora bakal sirna, kadi dene mukjizat-mukjizate para Nabi iku sirna lan bakal  mungkasi krana pung­kasaning wektu kenaibane para Nabi iku dhewe, saengga ora bisa disekseni maneh, kejaba mung bisa dibiwarakake mawa kabar kang mutawatir. Beda karo kitab Suci Al-Qur’anul Karim sing kaparingake wahyu marang Njeng Nabi Muhammad. Qur’an iku mujudake mukjizate Njeng Nabi Mu­hammad (paringaning Allah) sarta tetep lang­geng, sapungkure panjenengane, sar­ta bisa dirungu tumraping wong kang ge­lem ngrungokake sarta nyekseni.

Diriwayatake dening Bukhari lan Muslim saka Jabir bin Abdullah, manawa Njeng Nabi Muhammad ngendika, mangkene mak­sude: “Aku pinaringan limang perkara sing ora diparingake marang sawijining Nabi sadurungku, yaiku :

(a). Aku pinaringan pitulungan karo rasa wedi (sing ana ing atine musuh) sa­suwene lumaku sesasi. (b). Bumi didadek­ake Masjid lan piranti kanggo wudlu (se­suci) tumrapku, saengga pawongan saka umatku ana ing papan ngendi bae dhe­weke bisa nindakake shalat (nalika wus manjing wektu shalat). (c). Bandha (harta) rampasan halal tumrapku lan ora dihalal­ake tumraping wong-wong sak durungku. (d). Aku pinaringaan syafa’at. (e). Sawi­jining Nabi diutus marang umate. Dene aku diutus marang maungsa sekabehane. 

(Ana Candhake)

 

Berita Terkait

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Wong kang akeh ngucapake kabecikan iku “luwih becik” katimbang wong kang seneng mbisu.

Klik

BALAPAN WEDHUS

Sawijining bocah cilik lagi melu tandhing ing sawijining lomba balapan nunggang wedhus utawa mutton busting. Acara kaya ngene iki cukup populer jroning pawai Fourth of July parade ing kutha Vale, Oregon, AS. (d/ist)***

Pethilan

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Mendikbud ngajab, bayare guru honorer ndang diwenehke

Iki sing jenenge menteri zaman now!

Panglima TNI ditulak mlebu AS

Mengko gek merga, titttt…. (sensor!)